The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Dwi Taryanto, 2023-10-04 21:53:20

BAHAN AJAR CERITA RAKYAT RAWA PENING

BAHAN AJAR CERITA RAKYAT RAWA PENING

Kangge kelas VIII Semester Gasal Kurikulum Merdeka BAHAN AJAR CERITA RAKYAT DUMADINE RAWA PENING BAHASA JAWA SMP NURUL ISLAM SEMARANG 2023/2024 Dwi Taryanto, S.S


Cerita Rakyat Legenda Elemen CP : Membaca Peserta didik mampu membaca teks sastra (tembang macapat/parikan/dongeng/geguritan/cerita pendek/cerita rakyat/cerita wayang epos Ramayana/ lainnya) dari teks visual dan audio visual.. Tujuan Pembelajaran 1. Peserta didik dapat menganalisis dan mengartikan kata-kata sulit di dalam teks Cerita Rakyat. 2. Peserta didik dapat menganalisis unsur intrinsik teks Cerita Rakyat. 3. Siswa dapat menemukan pitutur luhur dalam teks Cerita Rakyat. 4. Peserta didik dapat menceritakan kembali isi Cerita Rakyat baik secara lisan maupun tulisan. Profil Pelajar Pancasila 1. Bernalar kritis: Memperoleh dan memproses informasi dan gagasan melalui isi cerita rakyat “Dumadine Rawa Pening.” 2. Bergotong royong: Kolaborasi melalui diskusi kelompok menganalisis isi cerita rakyat “Dumadine Rawa Pening.” 3. Berkebinekaan global: Mengenal dan menghargai budaya Jawa melalui apresiasi cerita rakyat “Dumadine Rawa Pening.”


Indikator Keterampilan Pembelajaran 1.Setelah menyimak materi cerita Cerita Rakyat melalui power point, membaca teks Cerita Rakyat dan videonya Cerita Rakyat (C), peserta didik(A) menganalisis dan mengartikan kata-kata sulit dalam Cerita Rakyat(B) dengan benar(D) secara gotong royong.(C4) 2.Setelah mencermati contoh cerita Cerita Rakyat baik di buku maupun video(C), peserta didik(A) dapat menganalisis unsur intrinsik(B) dengan benar(D) dan secara bernalar kritis.(C5) 3. Setelah mengetahui isi Cerita Rakyat(C), peserta didik(A) dapat menceritakan kembali isi teks Cerita Rakyat baik secara lisan maupun tulisan(B) dengan benar(D) dan kreatif.(P5 Pertanyaan Pemantik 1. Sapa sing ngerti Cerita Rakyat? 2. Sapa sing nate maca teks Cerita Rakyat? 3. Cerita Rakyat apa sing wis nate diwaca? 4. Sebutna 2 tuldhane Cerita Rakyat saking Jawa Tengah? 5. Sapa sing nate mireng cerita rakyat Dumadie Rawa Pening?


MATERI AJAR CERITA RAKYAT AWUJUD LEGENDA Pengertian Legenda Legenda inggih punika cariyos rakyat ingkang hangadhahi sesambetan kalian prastawa sejarah. Cariyos legenda punika, wosipun ngenani perkawis lelampahan dumadosipun papan panggenan utawi dumadosipun wewangunan. Dene nut dhawuhipun Pudentia, legendha inggih cariyos ingkang dipun pitayani dening saperangan warga masyarakat bilih cariyos menika estu-estu wontenipun, namung boten kaanggep suci utawi sakral tuladhanipun: Legnda Dumdine Banyuwangi, Sangkuriang, Dumadine Rawa Pening, lsp. Jinis Legenda Legenda Agama Legenda wong suci Kristen, wong mursid, wong suci sing nyebarake agama Islam. Salah satunggaling tuladha inggih mrnika cariyos babagan wali sanga ing tanah Jawi ingkang kathah ngrembaka ing masarakat. 2. Legenda Kegaibang Legenda gaib iki nyritakake marang alam gaib, Tuladhane legenda gaib yaiku crita Nyi Roro Kidul, panguwasa ing pesisir Kidul. 3. Legenda Perseorangan Legenda kang bakal nyritakake paraga-paraga tartamtu kang bakal dianggep dening kang nduweni crita iku pancen kedadeyan. Tuladhane legenda pawongan yaiku nyritakake kisahe Pangeran Dipenogoro, RA. Krtini,lsp.


4. Legenda Lokal Legenda Setempat Legendha utawa crita kang ana gegayutane karo panggonan, jeneng panggonan utawa wujud topografi, yaiku ing endi wujud lumahing sawijining dhaerah, apa perbukitan, jurangan utawa sapanunggalane. Tuladhane legenda asal-usul Rawa Pening, asal-usul Banyuwangi,lsp. Titikan Legenda


1. Dening sing nduweni crita dianggep minangka prastawa sing pancen kedadeyan. 2. Alam sekuler (dunia) dumadine ing jaman biyen lan kedadeyan ing donya kaya kita kenal saiki 3. Ngemu patuladhane 4. Sejarah, secara kolektif, tegase sejarah sing wis akeh kleru amarga bisa uga beda banget karo crita asline 5. Bersifat Migrasi, migrasi iku bisa mubeng-mubeng saengga dikenal ing macem-macem wilayah 6. Siklus ing alam, yaiku klompok crita sing ngubengi paraga utawa prastawa tartamtu UNSUR INTERINSIK


Unsur interinsik inggih menika, unsur ingkang mbangun cariyos saking salebetipun cariyos kasebat. Dene unsur ingkang wonten inggih punika: Tema Tema inggih punika idhe/ gagsan baken ingkang dados undheranipun cariyos, Tuladhanipun; kamanugsan, kasusilan, kabudayaan, sesrawungan, lsp. 2. Paraga Paraga inggih punika pelaku utawi tiyang ingkang dipundipun cariyosaken ugi ingkang mbangun cariyos. Paraga wonten salebetipun caariyos hanggadhahi watak piyambak-piyambak kangge mbentenaken satunggal lan satunggalipun. Paraga kaperang dados tiga, inggih punika: a. Paraga utama, ingkang ugi sinebat paraga protagonis b. Paraga mungsuh, ugi sinebat paraga antagonis c. Paraga tambahan, ugi sinebat paraga tritagonis 3. Watak Watak inggih punika tandha-tandha fisik tata lair (Inggil, lema, pesek, alit, ireng, putih, Isp) ugi tandha non fisik ingkang dipun gadhahi paraga (Galak, sumeh, grapyak, pinter, bodho, Isp). 4. Latar/ Setting Latar utawi setting punika nedahaken perkawis papan, wekdal ugi swasana ing salebetipun cariyos. Papan punika


saged wonten ing kraton, taman sari, Isp. Dene wektu punika saged nedahaken bengi, esuk, sore, awan, Isp. 5. Sudut Pandang Sudut pandang inggih punika posisinipun pangripta ing cariyos utawi caranipun pangripta nyariyosaken wosipun cariyos. Pangripta saged dados paraga ugi ing salebetipun cariyos ugi saged dados pengamat ke mawon ing sajawining cariyos. 6. Alur Alur inggih punika urut-urutanipun kadadeyan ing salabetipun cariyos. Bakenipun cariyos wiwit pambuka utawi wiwitan ngantos pungkasan (Pitepangan, dredah, cara ngrampungake dredah). Alur kaperang dados 3, inggih punika: a. Alur maju. Minangka alur ingkang nyariyosaken utawi nggambaraken kahanan samenika ngantos salajengipun. b. Alur mundur. Minangka alur ingkang nggambaraken kahanan samenika kalajengaken ngrembag perkawis ing jaman kapungkur. c. Alur campuran. Minangka alur ingkang nyariosaken lelampahan samenika, lajeng kepungkur, lajeng samenika malih, isp. 7. Amanat


Amanat inggih punika piweling ugi piwulang luhur ingkang kakandhut saha saged kapundhut, ingkang wonten ing salebetipun cariyos ingkang badhe dipun aturaken dhateng pamaos. UNSUR EKSTERINSIK Unsur Eksterinsik inggih punika, unsur ingkang mbangun cariyos saking njawining cariyos. Ingkang kalebet unsur eksterinsik inggih punika; Agama, Ekonomi, Sosial, Pendidikan, Budaya.


RAWA PENING Legendha Rawa Pening kawiwitan saka desa sing jenenge Desa Ngasem, kang manggon ing sikile Gunung Telomoyo. Desa kasebut dipimpin dening lurah sing luhur lan wicaksana kang pinaringan asma Ki Sela Gondang. Ki Sela Gondang kagungan putri kang ayu banget rupane. Putrine Ki Sela Gondang iku jenenge Endang Sawitri. Sawijining dina ing desa Ngasem bakal dianakake adicara merti desa. Adicara merti desa dhewe mujudake adicara taunan kang dianakake ing desa Ngasem. Ancas ditindakake adicara iki saliyane nyenyuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa amrih desa Ngasem tansah kalis saka sakabehe sambikala. Uga ditindakake kanggo ngaturake atur panuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi merga taun iki warga desa Ngasem diparingi asil panen kang mbruwah. Saben adicara merti desa kagelar tansah ana maneka ubarampe lan maneka sesajen kang mujudake pralambang saka rasa matur nuwune warga marang Gusti Kang Maha Wikan. Saliyane ana maneka jinis ubarampe lan sesajen. Supaya adicara bisa lumaku kanthi lancar biyasane dijangkepi klawan pusaka sekti duweke Ki hajar Salokantara. Adate kang nyilih pusaka sekti iki Ki Sela Gondang dhewe. nanging merga ing wektu iku Ki Sela Gondang lagi ana perlu. Piyambake meling marang Endang Sawitri supaya disilihake pusaka sekti kasebut menyang Ki Hajar Salokantara. Cekake, ing dina kang wis ditententokake


Endang Sawitri budhal menyang daleme Ki Hajar Salokantara saperlu nyilih pusaka sakti kaya kang diaturake bapake. Nalika kang teka ing daleme kanggo nyilih pusaka iku Endang Sawitri, ana semburat kaget ing pasuryane Ki Hajar Salokantara. Ing wektu kuwi Ki Hajar Salokantara takon marang Endang Sawitri kena ngapa sing njupuk pusaka Ki Sela Gondang. Endang Sawitri mangsuli yen bapake lagi ana kaperluan kang ora bisa ditinggalake. Mulane bapake ngutus dheweke kanggo njupukake pusaka kasebut. Nalika maringake pusakane amrih adicara merti desa ing desa Ngasem bisa kagelar kanthi lancar. Ki Hajar Salokantara pesen marang Endang Sawitri aja pisan-pisan mapanake pusaka kang disilihake iku mau ing pangkonane. Emane, nalika bali mulih menyang desane kanthi nggawa pusaka kasebut. Ing sadawane dalan akeh banget pacoban kang dialami Endang Sawitri. Akehe pacoban kang dialami Endang Sawitri ndadekake dheweke kesel. Kanggo nyuda rasa kesel lan mbalikake tenagane. Endang Sawitri leren ing sangisore wit ringin kang gedhe. Hawa silir-silir ing sangisore ringin ndadekake Endang Sawitri keturon. Apese, nalika keturon Endang Sawitri mapanake pusaka kang disilih saka Ki Hajar Salokantara ing pangkone. Anehe, pinuju Endang Sawitri tangi saka turune. Wetenge Endang Sawitri wis gedhe kaya wong kang lagi ngandhut. Ngalami kahanan kaya ngene mesthi wae ndadekake Endang Sawitri wedi banget atine. Dheweke banjur age-


age mulih lan ngandhakake apa anane marang bapake. Merga rumangsa ing babagan iki ora mung Endang Sawitri sing luput. Ki Sela Gondang banjur nemoni Ki Hajar Salokantara kanggo ngandhakake apa kang dialami dening Endang Sawitri. Untunge, Ki Hajar Salokantara bisa mangerteni lan gelem ndadekake Endang Sawitri dadi sisihane. Sawetara wulan bayi kang ana ing kandhutane Endang Sawitri lair. Anehe, bayi kang lair saka garbane Endang Sawitri iku dudu manungsa. Nanging, wujude cahya kang mung kanthi sakeplasane thathit. Cahya mau malih rupa dadi naga kang gedhe banget. Ula naga kuwi diparabi Baru Klinting. Kahanan iki mesthi wae ndadekake Ki Hajar Salokantara lan Endang Sawitri bingung banget. Ki Hajar Salokantara banjur nindakake semedi kanggo nyenyuwun supaya putrane bisa duwe wujud manungsa. Sajrone semedine Ki Hajar Salokantara pikantuk pituduh sing isine ngajab amrih anake semedi ing gunung Telamaya kanthi cara ngungkeri gunung Telamaya nganggo awake. Emane awake Baru Klinting kurang dawa. Amarga kepengin bisa nindakake prentahe Ki Hajar Salokantara. Anehe, pinuju Endang Sawitri tangi saka turune. Wetenge Endang Sawitri wis gedhe kaya wong kang lagi ngandhut. Ngalami kahanan kaya ngene mesthi wae ndadekake Endang Sawitri wedi banget atine. Dheweke banjur age-age mulih lan ngandhakake apa anane marang bapake. Merga rumangsa ing babagan iki ora mung


Endang Sawitri sing luput. Ki Sela Gondang banjur nemoni Ki Hajar Salokantara kanggo ngandhakake apa kang dialami dening Endang Sawitri. Untunge, Ki Hajar Salokantara bisa mangerteni lan gelem ndadekake Endang Sawitri dadi sisihane. Sawetara wulan bayi kang ana ing kandhutane Endang Sawitri lair. Anehe, bayi kang lair saka garbane Endang Sawitri iku dudu manungsa. Nanging, wujude cahya kang mung kanthi sakeplasane thathit. Cahya mau malih rupa dadi naga kang gedhe banget. Ula naga kuwi diparabi Baru Klinting. Kahanan iki mesthi wae ndadekake Ki Hajar Salokantara lan Endang Sawitri bingung banget. Ki Hajar Salokantara banjur nindakake semedi kanggo nyenyuwun supaya putrane bisa duwe wujud manungsa. Sajrone semedine Ki Hajar Salokantara pikantuk pituduh sing isine ngajab amrih anake semedi ing gunung Telamaya kanthi cara ngungkeri gunung Telamaya nganggo awake. Emane awake Baru Klinting kurang dawa. Amarga kepengin bisa nindakake prentahe Ki Hajar Salokantara. Apese, para warga ora gelem nggape lan ngina bocah kasebut. Merga wetenge luwe, si bocah banjur nerusake laku saperlu golek warga gelem sing gelem menehi dhweke panganan. Sawetara wektu candhake, bocah iku ketemu klawan randha tuwa kang jenenge Nyai Latung. Masia dudu wong sugih, nanging Nyai Latung gelem menehi bocah mau panganan. Sawise mangan lan ngombe saka pawenehane Nyai Latung. Si bocah pamit, sadurunge


ninggalake daleme Nyai Latung. Si Bocah pesen supaya Nyai Latung nyepakake lesung kanggo jaga-jaga menawa ana prahara gedhe sedhela maneh. Salungane saka daleme Nyai Latung, bocah mau menyang lapangan sing dikebaki atusan wong. Ing kono si bocah nancepake sada lan ngomong yen sapa wonge kang bisa njabel sada kang ditancepake bakal kaanggep wong kang sekti. Akeh banget pawongan kang nyoba njabel sada kasebut. Nanging sijisijia ora ana sing kasil. Sawise kabeh nyoba lan ora ana kang kasil. Banjur ana kang cluluk ngakon supaya bocah kasebut njabel sadane. Tanpa kakehen takon si bocah langsung njabel sadane. Anehe, tilase sada kang dijabel iku ngetokake sumber sing saya suwe tansaya gedhe. Saking gedhenge sumber ndadekake wong-wong ing lapangan iku bubar kanggo golek slamet. Wong-wong akeh sing nabuh kenthongan kanggo menehi ngerti liyane yen ana kedadeyan kang ndrawasi. Nalika krungu swara kenthongan kang ditabuh makaping-kaping kang mrantandhake ana banjir sing dumadi. Nyai Latung banjur munggah menyang lesunge. Nyai Latung babar ora ngira yen kanthi wektu kang sedhela desane bakal kelem lan wusanane dadi rawa. Amarga banyune bening banget, Nyai Latung banjur nengeri papan mau kanthi jeneng rawa pening.


Click to View FlipBook Version