The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by chatarina.putri, 2023-08-27 11:00:53

E-MODUL RASUKAN ADAT JAWA

RASUKAN ADAT JAWA

1


2 RASUKAN ADAT JAWA PRIYAYI KAKUNG 1. Blangkon 2. Klambi/ rasukan 3. Sabuk utawa stagen 4. Epek lan timang 5. Wangkingan utawa dhuwung 6. Nyamping utawa Jarik 7. Selop PRIYAYI PUTRI 1. Ungkel utawa sanggul 2. Kebayak 3. Kemben utawa semekan 4. Jarik utawa nyamping 5. Stagen 6. Cundhuk Mentu 7. Canelo utawa selop


3 A. Busana Adat Kakung 1. Blangkon Inggih menika tutup mustaka ingkang kadamel saking bathik saha dipuninakaken tiyang kakung minangka perangan saking busana tradisional Jawa. Saben dhaerah jinis blangkon boten sami. Menawi blangkon Jogja wonten mondholanipun ing wingking, bilih Solo wingkingipun trepes. 2. Klambi/ rasukan Rasukan tiyang kakung dipunwastani beskap, ingkang wujudipun jas, gulonipun tutup kanthi kancing ing sisih tengah. Dene kapernah jaja (dhadha) sak pangandhap katutup mawi tangkepan mangiwa, miring mangandhap. Kancingipun kiwa sak pangandhap wonten tiga. Dene sisih tengen jaja dipun pasangi kancing (benik) ugi cacah kalih mapanipun sami kaliyan kancing ing kiwa, minongka pasren. 3. Sabuk utawa stagen Setagen punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar. 4. Epek lan timang Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi rinengga ukiran. Malah kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten, barliyan, menapa dene selamaya. 5. Wangkingan utawa dhuwung


4 Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung amarji sak donya mboten wonten tandhingipun 6. Nyamping utawa Jarik Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun inggil “Nyamping’. Inggih punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing nginggil polok. 7. Selop Mujudake perangan busana kanggo suku. Canelo bisa digawe saka bahan kulit kewan utawa karet. Canelo diupakara kanggo nutupi driji, dene bageyan tungkak kabukak. B. Busana Adat Jawa Piyayi Putri 1. Ungkel utawa sanggul Ungkel/ Sanggul Yaiku rambut asli/palsu kang kapasang ana ing mburi sirah rada dhuwur., minangka rambut tambahan. Sanggul umume digunakake dening wanita dewasa. 2. Kebayak Kebaya minangka pralambang wanita Jawa kang alus tumindake uga manut marang dhawuh tiyang sepuh lan garwane. Kebaya saking tembung abaya kang tegese ageman. 3. Kemben utawa semekan Kemben yaiku perangan busana wanita kanggo nutupi wetheng tekan dhadha. Anane kemben agawe weteng rada singset lan nyetel manut sekengan saka kebaya. Prayogane menawa migunakake kemben wernane kudu dilarasake karo busana kebaya 4. Jarik utawa nyamping Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun inggil “Nyamping’. Inggih punika arupi kain bathik ingkang dipun agem. 5. Stagen Stagen punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar. Setagen bakalanipun kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi kaken 6. Cundhuk Mentul Sawijining aksesoris kang ana ing sandhuwure sanggul, utawa ngadheg ing dhuwur sirah wanita. Cacahe cundhuk mentul wontel ingkang setunggal, tiga, lima, utawa 9 7. Canelo utawa selop Mujudake perangan busana kanggo suku. Canelo bisa digawe saka bahan kulit kewan utawa karet. Canelo diupakara kanggo nutupi driji, dene bageyan tungkak kabukak.


5 1. Perangane Karangan Sadurunge kita sadaya ngerteni apa kang diarani karangan deskriptif, kita kedhah mangertosi riyen apa bae kang klebu jenis-jenis ing karangan. Ana pirang-pirang jenis kang klebu ing tatarane karangan, ing antarane yaiku kaya ing ngisor iki. A. Narasi Narasi yaiku karangan utawa paragrap, utawa pada kang nyritakake kedadeyan kanthi wektu utawa kedaden kang runtut saka wiwitan nganti pungkasan. Sok sapa sing maca paragrap iki kaya-kaya nglakoni kaya dene kedadeyan kang ana jroning crita. B. Argumentasi Argumentasi yaiku karangan utawa paragrap kang isine ngenani panemu kanthi linambaran alesan-alesan kang mathuk. C. Deskripsi Deskripsi yaiku paragrap utawa karangan kang isine nggambarake sawijining objek (bisa panggonan utawa wewujudan liyane) kanthi trewaca. Sok sapa kang maca paragrap iki kaya-kaya ngerti dhewe objek kang digambarake ana ing jroning paragrap iki. D. Persuasi Persuasi yaiku paragrap utawa karangan kang isine ngajak para parnaca supaya nglakoni apa kang dikandhakake panulis. : E. Eksposisi Eksposisi yaiku paragrap utawa karangan kang isine jlentrehake nganti cetha terwaca. 2. Pangertene Karangan Deskripsi Tembung deskripsi asale saka basa Latin yaiku descripcere kang tegese nulis utawa jlentrehake sakwijining bab/perkara. Deskripsi uga duwe teges perincian utawa gambaran. Mrinci tegese gambarake perkara tertamtu. Carane nulis deskripsi, siswa ngamati (ngemati kanthi permati) objek kang didadekake sumber tulisan. Objek sing dirinci/digambarake bisa samubarang, prastawa, pawongan, kawanan, tanduran, lingkungan, alam, lan sakpiturute. Deskripsi kang adhedhasar pengamatan klebu rincian/gambaran kasunyatan. Gambaran kasunyatan iki mratelakake yen pawongan, panggonan, kewan, prastawa, barang, lan sakpiturute. Bisa digambarake/dirinci kanthi trep kaya kahanan sing saknyatane. Tuladha: a) Deskripsi barang upamane tas bisa dirinci/digambarake ngenani bahane, wernane, modele, lan sakpiturute. b) Deskripsi pawongan (manungsa) bisa dirindi/digambarake praupane, dedege, watake, kesenengane, gaweyane, lan sakpiturute, Wacan deskripsi tumrap barang bisa ditulis kanthi landhesan ngamati utawa ngrungokake. Saka ngrungokake siaran langsung pertandhingan bal-balan lewat


6 radhio siswa bisa nulis wacan deskripsi kang nggambarake kahanane pertandhingan. • Bab-bab kang perlu ditindakake supaya bisa nulis karangan deskripsi yaiku, kaya ing ngisor iki: a) Nemtokake bab kang arep ditulisNglumpukke katrangan kanthi jinggleni bab kang arep ditulis. b) Nyathet perangan-perangan bab kanthi tlesih. c) Nulis kasile jingglengi mau kanthi urut, cetha, urip, lan nggunakake tembung. tembung kang trep. d) Naliti lan benerake ukara supaya dadi karangan kang becik. • Titikanciri-ciri karangan deskripsi kang becik yaiku, kaya ing ngisor iki: a) Nggambarake samubarang upamane kahanan, papan, utawa manungsa. b) Nggunakake pancadriya (pandeleng, pangrasa, pangrungu, pangganda, lan pangecap). c) Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa ndeleng dhewe, ngrasa dhewe,krungu dhewe,ngambu/ngganda dhewe,lan ngecap dhewe. Tuladha: Omah iku manggon ing pucuk gunung. Saka panggonan iku sesawangan bisa katujokake marang kriwikan banyu kali kang endah, sakiwa tengene tinandur tetanduran kang ijo royo-royo sansaya nengsemake ati. Tuladha ing dhuwur nggambarake kahanan sawijining omah. • Urut-urutan nulis karangan deskripsi yaiku, kaya ing ngisor iki: 1. Netepake objek kang bakal katulis. 2. Nemtokake bates objek kajian. 3. Observasi kanthi cermat Ian tuntas. 4. Gawe gambaran kanthi cetha. 5. Gawe reng-rengan apa kang-arep dikembangke. 6. Milih ukara kang pener kanggo nggambarake objek kanthitrep. 7. Naliti panulisan supaya dadi tulisan kang trep. 3. Paragrap Deskripsi Paragrap deskripsi yaiku paragrap kang nggambarake objek kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dewe objek kang di gambarake. Tegese - pengalaman kang bisa ditonton, dirasa, dirungokake, dialami nggunakake pancaindra. Bab kang digambarake kayata/kaendahan alam, kahanan jasmani, watak lan sapiturute. Urut-urutan nulis paragrap deskripsi, kayaing ngisor iki: 1. Nemtokake tema/obyek karangan. 2. Nemtokake tujuan karangan. 3. Ngempalake data kanthi ngamati objek kang didadekake objek karangan. 4. Nata rantamaning karangan (nyusun rancangan karangan). 5. Ngembangake kerangka karangan. Ciri-ciri paragrap deskripsi, kaya ing ngisor iki:


7 1. Nggambarake samukawis (sesuatu). 2. Kanggo sing maca lan sing ngrungokake kaya-kaya ngrasakake kahanan kuwi dhewe. 3. Bisa dirasake panca indra. KAWRUH BASA 1. Paribasan Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tertamtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), Ian klebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa Ian karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe. Paribasan ana kang sinebut bebasan Ian saloka. Diarani bebasan manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka manawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake. 2. Isbat Kang diarani isbat iku unen-unen kang ajeg panganggone lan mawa surasa tertamtu, Isbat awujud raciking tembung kang dhapuk ukara kang ngemu teges entar lan ngemu pasemon, Tembung jsbat tegese katetepan, saemper paribasan. Tegese lumereg marang kawruh pilsapat lan pasemon. 3. Sanepa Sanepa iku unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa tetandhingan, lan duweni teges bangetake kanthi nyurasa kosokbaline. Tuladha: Yen arep ngandhakake tatu sing kerep banget, disanepakake: tatune arang kranjang. Tuladhane: a) Ambune arum jamban tegese Ambune banger banget b) Awake kuru semangka tegese Awake lemu banget c) Balunge atos debog tegese balunge empuk banget d) Barange aji godhong garing tegese Barange ora aji banget


8 Coba amati gambar kang ana ing ngisor iki! Wangsulana! 6. Apa bedane blangkon khas Yogyakarta lan Surakarta? 7. Sebutna apa wae bagean-bagean saka blangkon! 8. Sebutna apa wae bagean- bagean saka keris! 9. Piro cacahe wiron jarik piyayi kakung lan putri sarta apa filosofine? 10. Jlentrehna apa bedane paes putri Yogyakarta lan Surakarta! Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki! 1. Kang diarani wacana dheskripsi yaiku? Wangsulan : .............................................................. 2. Apa ciri-cirine wacana deskripsi? Wangsulan : ..................................................................... 3. Andharana jinise busana adat kakung! Wangsulan : ..................................................................... 4. Andharna jinise busana adat putri! Wangsulan : ..................................................................... 5. Jlentrehana wujude perangan-perangan busana adat! Wangsulan : ..................................................................... GLADHEN 1 Rasukan Adat Jawa 1 2 4 3 5 GLADHEN 2 Rasukan Adat Jawa


9 No Perangan Busana Adat Andharan 6 Blangkon 7 Beskap 8 Stagen 9 Jarik 10 Calena I. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d, utawa e, sing kok anggep bener! 1. Wujude mori dawa kanggo nutupi awak sadawane sikil. Duweni corak macemmacem, nanging akeh kang corak batik. Busana iki duwe surasa aja gampang serik, ateges aja gampang meri marang wong liya. Busana iki diarani…. a. Beskap d. Jarik b. Stagen e. Kebayak c. Semekan 2. Busana kang fungsine minangka sabuk antarane semekan lan jarik, yaiku…. a. Epek b. Selop c. Cundhuk mentul d. Konde e. Stagen 3. Gambar ing ngandhap kalebu perangan busana adat putri kang diarani…. a. Cundhuk mentu b. Cundhuk gunung c. Kalung sungsun d. Epek e. Kelat bahu 4. Kang ora kalebu jenis teks wacan yaiku…. a. eksposisi b. narasi GLADHEN 3 Rasukan Adat Jawa


10 c. deskripsi d. eksebisi e. argumentasi 5. Karangan kang isine njlentrehake nganti cetha terwaca arane teks…. a. narasi b. deskripsi c. eksposisi d. persuasi e. oposisi 6. Tembung deskripsi maune saka tembung descripcere kang asale saka basa…. a. Yunani b. Itali c. Ustrali d. Latin e. Inggris 7. Urut-urutan nulis katarangan deskripsi kang becik yaiku ana…. a. 7 b. 6 c. 5 d. 4 e. 8 8. Wacan kang isine nggambarake sawijining obyek (bisa panggonan utawa wewujudan liyane) kanthi trewaca yaiku…. a. narasi b. deskripsi c. eksposisi d. persuasi e. argumentasi 9. Ing ngisor iki kang kelabu perangan busana adat Jawa, kajaba…. a. udheng b. iket c. bebed d. canela e. pamor 10.Jarik kang dianggo dening wong lanang ing busana adat Jawa arane…. a. bebed b. stagen c. slendhang


11 d. wiru e. sembagi 11.Jinis wacan teks kang isine kanggo ajak-ajak arane…. a. deskripsi b. eksposisi c. narasi d. persuasi e. argumentasi 12.Unen-unen kang ajeg pangganggone lan mawa surasa tertamtu yaiku…. a. isbat b. pepindhan c. saloka d. bebasan e. panyandra 13.Unen-unen kang ajeg panganggonae, ngemu surasa tetandhingan lan duweni teges bangetake kanthi nyurasa kosokbali arane…. a. saloka b. paribasan c. sanepa d. bebasan e. jarwa dhosok 14.Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomor 14-16! Pesisir Salaman ing Kutha Pekalongan kahanane seger, adhem, lan tentrem. Banyune katon biru bening lan wit klapa padha thukul ing pinggir laut. Kajaba endah. panggonane ora adoh saka kutha. Paribasan numpak motor mung sacleretan wis anjlok ing Pesisir Slamaran. Wacan ing dhuwur kalebu wacan…. a. narasi b. deskripsi c. argumentasi d. eksposisi e. persuasi 15.Tembung “endah” sinonime yaiku… a. edipeni b. gumregah c. makmur d. sumunar e. kumleyang


12 16.Wacan ing dhuwur nggambarake daerah kang ana ing…. a. Magelang b. Pekalongan c. Kendal d. Semarang e. Yogyakarta 17.Perangan kang wujude dawa lan kagunan kanggo ngencengake iket ing bangkekan diarani…. a. Sabuk b. Limang c. Epek timang d. Sinjang e. Stagen 18.Sing kalebu deskripsi saking gambar ing ngisor iki yaiku…. a. Wong wadon Jawa iku gegambarane nilai estetis mula saka rikma kudu tumata digawe ungkel. Wujud rikma uga bisa tambahan saka kumpulane rikma kang wis diupakara. Perangan iki utamane kanggo upacara adat, keagamaan, ambal warsa, lan wisudha b. Wong wafon kudu bisa nata raga. Ngupakara dhiri, ngupakara kulawargane. Wujud bekti mring wong tuwa lan garwane c. Perangan suweng minangka aksesoris tambahan ing busana Jawa. Perangan iki mapan ing talingan kiwa lan tengen. Ngandharake wanita kudu ati-ati d. Perangan bandhul kalung paling trep lan kudu ana. Bisa saka bahan inten, emas, perak, utawa monel. Nitik manungsa Jawa kayadene inten kang kudu dijaga supaya regane tetep dhuwur e. Kelat bahu perangan kang mapan ana ing lengen kiwa lan tengen. Perangan iki Anambah nilai wanita Jawa. 19.Busana penganten miturut gagrage busana ana loro, yaiku…. a. Surakarta b. Semarang c. Mediun d. Surabaya


13 e. Banyumas 20.Timang sawijining perangan busana adat priya Jawa ngemu pralambang…. a. Yen pengin duweni pagaweyan sing apik kudu epek, elmu kang migunani. Nalika luru elmu kudu tekun, tliti, supaya bisa kanggo sangu golek gaweyan sing kepenak b. Dadi tiyang Jawa kudu ngrasuk agama manembah dhateng Gusti kanthi tansah nindakake prentahe c. Aja gampang serik, meri lan drengki marang liyan d. Ilmu kang disinau mau dipahami nganti cetha, ora bakal duweni rasa samar e. Wujud nyembah saka lair tekan batin marang Gusti B. Uraian 1. Jelasna kang diarani karangan argumentasi! 2. Apa kang diarani karangan persuasi! 3. Keprite filosofine canela? 4. Apa kang diarani epek polos kuwi? 5. Sebutna jenise epek kuwi? 6. Apa wae karangan kang kalebu narasi sugestif? 7. Gawea tuladhane deskriptif subjektif saparagrap wae! 8. Gawea tuladha paragrap kang isine ajak-ajak (persuasif)! 9. Gawea tuladha basa sanepa loro wae! 10. Gawea tuladha paribasan loro wae! C. Uraian 1. Jlentrehana topik-topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi! 2. Gawea wacana deskripsi kang topike lingkungan sekolahmu! 3. Jlentehana busana adat kang ana ing dhaerahmu! 4. Sebutna paribasan kang surasane bekti marang wong tuwa! 5. Jlentrehna maknane pitutur luhur ing ngisor iki! a. Teteken tekun bakal tekan b. Jer basuki mawa beya c. Manungsa tan kuwawa mbedhah kodrating Gusti d. Aja kegedhen empyak kurang cagak e. Bathok bolu isi madu


Click to View FlipBook Version