1
2 Gamelan minangka saperangan instrument/piranti kang kamot ing seni karawitan. Karawitan kawitan saka tembung rawit kang ateges tliti, alus, luwes, endah. Para pujangga kang ngrakit gamelan ora mung sakepenake anggone gawe nanging duwe karep kang luhur. Para pujangga kang luhur. Para leluhur ngrakit gamelan supaya kepenak dirasakake mula kanthi nggatekake laras. Imbanging laras ing gamelan nuduhake bisa ngatur imbanging rasa lan tumindak kang laras, runtut lan ora nuwuhake botsih. Bisa njaga cipta, rasa, karsa lan tumindak. Sakabehing karep kasebut bisa ditonton saka tetabuhan gamelan. Tuladhane nalika tetabuhan sanajan piranti kang ditabuh iku beda-beda nanging anggone nabuh ora sakepenake dhewe, manut kang ngatur irama, swasana gendhing, sarta nulad lan nggatekake piranti gamelan liyane. Iku nuduhake lamun gamelan nalika ditabuh ora suk-esukan, dhisik-dhisikan lan pengin menang dhewe. Kanthi mangkono, nulad saka tetabuhan gamelan bisa minangka dhasar mujudake karakter bangsa kang becik. Teks Eksposisi Gamelan Nulis teks eksposisi gamelan Menelaah teks eksposisi gamelan Nulis teks eksposisi gamelan Nyunting teks eksposisi sesuai struktur lan kaidah teks eksposisi Gawe lan mangsuli pitakonan sing jumbuh karo teks eksposisi gamelan Nemtokake pokokpokok isi teks eksposisi gamelan Ngidentifikasi nilai-nilai luhur sing ana ing teks eksposisi gamelan SIMAK VIDEO PASINAONAN / PEMBELAJARA ING NGANDHAP! https://www.youtube.com/watch?v=ofPbm7jMPNY
3 1. Teks Eksposisi yaiku wacana kang jlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang genep bab sawijining objek. Mula saka iku karangan eksposisi asipat menehi ngerti, aweh pamrayogi (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulise iki bisa ditindakake lumantar sadhengah cara penjelasan, ing antarane panjelasan proses lan panjelasan ilustrasi. Sumbering bisa saka asil pangamatan, panaliten, utawa pangalaman. 2. Bab kang dikabarake ing karangan eksposisi: a) Data faktual b) Sawijining analisis utawa penapsiran objektif marang saprangkat fakta c) Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan. 3. Perangan Teks Eksposisi: a) Jlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan b) Mrelokake fakta kang diakuratke utawa dicethakake nganggo angka, peta statistik, grafik, gambar lan sapiturute c) Mrelokakae analisis lan sintesis nalika ngonceki bahan lan fakta d) Nggoleki sumber idhe saka pengalaman, pengamatan, sikap, lan keyakinan 4. Ciri-ciri wacan eksposisi: a) Arupa wacan informasi b) Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan c) Wasananing wacan ana panjelasan d) Wangun tulisan sing nyedhiyani pangerten lan kawruh e) Jawab pitakonan bab apa, apa, yen lan carane f) Dikirim kanthi nggunakake standar basa 5. Ancase paragraf ekpsosisi: ancase paragraf eksposisi yaiku kanggo maparake, jlentrehake, ngaturake informasi, lan nerangake salah sawijining bab supaya pamaos bisa nampa utawa nrima. Wacana eksposisi adate digunakake kanggo babarake pangetehuan/ilmu, definisi, pangerten, langkah sawijining kegiatan, cara lan proses dumadine prastawa utawa bab.
4 TULADHA WACAN EKSPOSISI Gamelan Jawa Gamelan jawa iku salah jinis corak gamelan sing urip nang Jawa Tengah uga Yogyakarta lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka daerah liya. Musik gamelan Jawa lumrahe nduwe nada luwih lembut lan luwih alon. Beda karo musik gamelan Bali sing nduwe nada luwih cepet, uga gamelan Sundha sing rasa musike nglaras banget lan didhominasi swara suling. Gamelan Jawa iku nduwe gatra-gatra pentatonis lan nduweni 2 laras, yaiku laras slendro lan laras pelog. Laras slendro nduweni urutan gatra-gatra 1 2 3 5 6 (ji ro lu ma nem). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadi pathet nem, pathet sanga, lan pathet manyura. Urutan iki umume kanggo pagelaran wayang. Laras pelog nduweni gatra-gatra 1 2 3 4 5 6 7 (ji ro lu pat ma nem pi). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadi pahtet nem, pathet lima, lan pathet barang. Piranti gamelan Jawa bisa dikelompokake dadi 4 bageyan yaiku gongan, balungan, panerusan, lan kendhang. Gong, kempyang, kethuk, kempul lan kenong menika kalebu gongan. Balungan iku rangkeyan melodi ing gamelan. Dadi ing jinis musik gamelan iki inti melodine ana ing rangkeyan swara balungan iki. Sing kalebu balungan yaiku saron panerus, saron barung, demung lan slenthem. Saron demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron. Iki jinis saron paling gedhe ukurane, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung tembe demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda. Wilah saron demung iki paling gedhe ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan ambane 9 cm. Saron demung ndhuwe swara paling rendah ing kelompok saron. Panerusan yaiku bonang, gender, gambang, siter lan rebab. Bonang barung yaiku salah sawijine bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duweni bentuk pencu banjur diarani bentuk pencon. Laras slendro wilahe ana 12 cacahe, banjur kang Laras Pelog wilahe ana 14 cacahe. Bonang Barung manggone ing rancakan saka kayu kang bentuke kaya amben. Pencon kuwi mau ditata ing rancakan ditumpangake ing tali kang diarani pluntur. Bonang barung ditabuh nganggo kayu kang cacahe 2, kayu kuwi mau sing bageyan dhuwur diblebet nganggo kain lan pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akeh pola tabuhane, yaiku polatabuhan
5 gembyang, mipil, imbal, sekaran, klenangan, lan liya-liyane. Bonang barung gunane kanggo mbukani gendhing. Sakliyane kuwi, bonang barung uga bisa kanggo nuntun alur gendhing. Khusus ing pola mipil, bonang barung bisa kanggo nuntun Instrumen liyane. Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun, nanging kolaborasi karo bonang penerus gawe pola lagu lan ing aksen-aksen penting bonang gawe sekaran kang biasane ana ing akhir kalimat lagu. Yen kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhern, piranti iki digolongake piranti perkusi. Kendhang diselehake ing wadhah panyangga saka kayu sing wujude memper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsine kanggo mimpin lan ngarahake musik. Kendhang nduweni jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurane kendhang antarane 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuke kaya drum lan dimainake kanthi cara ditabuh. Masing-masing 4 kelompok iku nduweni fungsi dhewe-dhewe kanggo nggawe swara sing harmonis. Gamelan Jawa nduwe aturan-aturan sing wis pakem antarane katata saka pirang-pirang rambahan lan pathet utawa jero cetheking swara, uga ana aturan sampak utawa cepet-rendhete laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan melodine wis diatur ing bageyan-bageyan sing saben-saben ketata 4 gatra. Pandangan urip Jawa kang digambarake sajrone musik gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani lan rohani, kaselarasan sajrone omongan lan tumindak saengga mujudake toleransi ing sasama. Wujud nyata ing musik gamelan Jawa yaiku tarikan tali rebab kang sedengan, paduanseimbang swara kenong, srin, kendhang lan gambang lan swara gong kanggo nutup irama. Gamelan Jawa biasane dianggo ngiringi pagelaran wayang lan tari-tari. Saliyane musik, gamelan Jawa uga ana swara sindhen kang nembangake lancaran, ladrang, lan gendhing-gendhing Jawa. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki! 1. Sebutake titikane wacan eksposisi! 2. Sebutake jinis-jinise wacan eksposisi! 3. Wacan gamelan ing dhuwur kalebu jinis wacan eksposisi apa? Jlentrehake! 4. Larase gamelan iku ana pira? Jlentrehake! 5. Sebutake jinis gamelan miturut tlatah sumebaré!
6 Kagiyatan Pasinaon 1 Sadurunge ngancik ing kegiyatan pasinaon 1, coba amati gambar ing ngisor iki! Sawise ngamati ilustrasi gambar ing dhuwur coba gawenen kelompok masingmasing anggota 2 siswa. Rembugan bareng anggota kelompokmu: 1. Andharna jenenge gamelan ing nduwur? 2. Andharna perangane gamelan ing nduwur kanthi ganep! 3. Tulisen nilai-nilai kang kamot sajroning gamelan! 4. Sebutna jenising gamelan kang dereng kasebut ing gambar nduwur mau? 5. Saka asile pirembugan banjur gawenen dadi wacana eksposisi!
7 Kagiyatan Pasinaon 2 1. Wacana kang ngupayake owahe panemune wong liya supaya percaya lan tumindak jumbuh karo panemune sing nulis utawa sing ngomong diarani wacana.... A. Argumentasi B. Narasi C. Deskripsi D. Eksposisi E. Persuasi 2. Wujud wacan eksposisi katah digunakake ing babagan ngisor iki, kejaba.... A. Nulis artikel B. Tulisan ilmiah populer C. Diklat perkuliahan D. Buku tulis E. Waosan ilmiah 3. Karangan/bentuk wacan kang ngusahakake nerangake, jelaske lan nguraikake kaya objek kaliyan tujuan utama menehi pangerten utawa menehi informasi ngenani objek kasebut supaya bisa wiyarake wawasan lan kawruh pamaos. Katrangan kasebut diarani.... A. Eksposisi B. Persuasi C. Narasi D. Deskripsi E. Argumentasi 4. Ciri-ciri wacan eksposisi ing ngisor iki, kajaba.... A. Jelaske fakta B. Proses kahanan C. Urun rembug D. Merlukake analisis E. Takon yen ora paham 5. Nyusun utawa nggawe karangan eksposisi kang kudu digawe sadurunge yaiku.... A. Kerangka tulisan B. Isi tulisan C. Tujuane tulisan D. Nentukake tema
8 E. Bahan tulisan 6. Wacana eksposisi yaiku wacana kang nyritakake.... A. Kedadeyan B. Kahanan C. Prastawa D. Pawarta E. Proses 7. Isine paragraf eksposisi yaiku.... A. Gambarake objek kanthi ancas supaya wong kang maca ngrasa kang nyawang dhewe obyek kang digambarake B. Kanggo njlentrhake bab marang pamaca lan ora meksa sing maca supaya percaya utawa ngikuti isi saka karangan mau C. Mratelake alesan, tuladha lan bukti kang kuat lan bisa gawe yakinke wong kang maca. D. Gawe yakinke wong kang maca E. Ngandharake gagasan kanggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos. 8. Ing ngisor iki kang kalebu ciri-ciri wacan eksposisi kajaba.... A. Nemtokake ancas B. Ana gambar, grafik karo tabel kang magepokan karo isi wacan C. Wasananing wacan ana ing panjelasan D. Wangun tulisan sing nyedhiyani pangertian lan kwruh E. Jawab pitakonan bab apa, apa, yen lan carane 9. Pola pengembangan lan jinising pengembangan eksposisi iku ana... A. Siji B. Loro C. Telu D. Papat E. Lima 10. Wacana eksposisi yaiku wacana kang nyritakake.... A. Kedadeyan B. Kahanan C. Prastawa D. Pawarta E. Proses
9 11. Paragraf eksposisi kang jlentrehake pambanding loro bab utawa luwih kalih nuduhake pamadane-pamadane lan pambedha-pambedha saka objek kang dibandingake, diarani eksposisi.... A. Proses B. Perbandingan C. Sebab akibat D. Ilustrasi E. Umum khusus 12. Kang ora kalebu ciri-ciri eksposisi yaiku.... A. Arupa wacan informasi B. Migunkake pola pengembangan umum tumuju kusus utawa sewalike C. Momot ukara topik D. Momot ukara rincian utawa panjelas E. Gambarake salah sawijining kahanan (objek) 13. Tetembungan utawa unen-unen kang duweni pathokan utawa paugeran kang ajeg ... A. Paribasan B. Bebasan C. Panyandra D. Saloka E. Parikan 14. Wangsalan kang ngemu pitutur becik diarani wangsalan.... A. Lamba B. Edipeni C. Rangkep D. Sinawung E. Pepak 15. Unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan.... A. Saloka B. Unen-unen C. Parikan D. Sanepa E. Pepindhan 16. Kepriye sipate karangan eksposisi? 17. Saka endi sumber karangan eksposisi?
10 18. Jlentrehana pangertene karangan eksposisi? 19. Tulisna ciri-ciri wacana eksposisi? 20. Kepriye urut-urutane nulis wacana ekpsosisi?