The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by chatarina.putri, 2023-08-24 22:22:03

E-Modul Jenis-jenis teks fase E

E-Modul Jenis-jenis teks fase E

1


Deskripsi kang adhedhasar pengamatan klebu rincian/gambaran kasunyatan. Gambaran kasunyatan iki mratelakake yen pawongan, panggonan, kewan, prastawa, barang, lan sapanunggalane. 1. Jinising Wacan Ing sawijining wacan basa Jawa bisa kaperang dadi lima yaiku kaya ing ngisor iki. a. Wacan narasi (Nyritakake) Wacan narasi yaiku wacan kang budidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kayakaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Ing pangerten liya, wacan narasi yaiku wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa kang winates ing sajroning wektu. Wacan narasi iku adate mentingake urutan lan ana paraga ing sajroning crita. Wacan naratip ana wema loro, yaiku kaya mangkene. 1) Naratip ekspositoris Naratip ekspositoris yaiku wacan kang mung menehi katrangan lugu utawa apa anane. Tuladhane: Siswa nyritakake kedadeyan ing njero kelas nalika piwulang basa Jawa. 2) Naratip sugestip Naratip sugestip yaiku wacan kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangenangene wong kang maca. Tuladhane: Dongeng (Abu Nawas), roman, novel, cerkak, lan sapanunggale. Bedane naratip ekspositoris lan naratip sugestip yaiku kaya mangkene. b. Wacan deskripsi (gambarake) Wacan deskripsi yaiku wacan kang gambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek), saengga objek mau kaya-kaya ana ngarepe wong kang maca. Titikane Teks Deskripsi: a. Nggambarake sawijing objek. b. Diandharake kanthi cetha. c. Ndadekake pamaca bisa ngrasakake apa kang digambarake ing sawijining wacan kasebut. d. Akeh-akehe ngunakake pancadriya kanggo nggambarake sawijing objek. c. Wacan eksposisi (nyeritakake proses) Sajroning wacan eksposisi dibeberake anane analisis proses nganggo cara narasi. Narasi kang mengkono mau diarani narasi ekspositoris/narasi teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancase wacan eksposisi yaiku maparake, jlentrehake, ngaturake informasi, lan nerangake sawijining bab tanpa didhasari supaya pamaca bisa nampa utawa narima. Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabarake wawasarn/ elmu, definisi, pangerten, trap-trapan sawijining kagiatan, metodhe, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab. Tuladhane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu, lan sapanunggalane. 2 1. Apa kang diarani teks deskripsi? 2. Ana pira jinise teks deskripsi? 3. Apa bae titikane teks deskripsi?


Titikane Teks Eksposisi: a. Njlentrehake sawijining bab/kawruh. b. Panulisane asipat informatif. c. Adhedhasar kasunyatan/fakta ategese lelandhesan kahanan sanyatane. d. Panulisane gamblang, ringkes, lan cetha e. Nggunakake basa kang baku. d. Wacan argumentasi (panemu) Wacan argumentasi yalku wacan kang budi daya kanggo ngowahi panemune wong liya, supaya pitaya lan wusanane tumindak Jumbuh karo kang dikarepake panulis/kang ngomong. Titikane Teks Argumentasi: a. Isine arupa panemu saka panulis babagan sawijine perkara. b. Isine arupa alesan kang kuwat. c. Nduweni data faktual supaya wong kang maca percaya. d. Njlentrehake perkara kanthi dianalisis. e. Dipungkasi kanthi dudutan arupa panemu kang luwih jembar. Jenis Teks Argumentasi: a. Pola analogi yaiku nuduhake nalar indhuktif kanthi mbandhingake rong bab kanggo nuduhake kasunyataan. b. Pola generalisasi yaiku nuduhake nalar indhuktif kanthi cara njupuk sakabehanae dudutan adhedhasar data lan kasunyatan. c. Pola hubungan sebab-akibat yaiku nuduhake kasunyataan khusus sing dadi sabab lan njupuk dudutan tartamtu kang bab akibate ing tembe mburi. e. Wacan persuasi (pangajak) Wacan persuasi iku sambungane saka kembangane saka wacan argumentasi. Persuasi sepisanan ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinake pamaca. Banjur dibarengi nganggo ajakan, bujukan, rayuan, imbauan utawa saran marang pamaca. 2. Jinising Paragrap Manut mapane ukara pokok, paragrap kaperang dadi lima yaiku paragrap deduktip, paragrap Induktip, paragrap deduktip-induktip, paragrap ineratip, lan paragrap deskripsi/naratip. Nanging kang dibahas ana ing pasinaon Iki mung loro bae yaiku paragrap deduktip lan paragrap induktip. a. Paragrap deduktip Paragrap deduktip yaiku paragrap kang ukara pokoke manggon ana ing ngarep paragrap, banjur kasusul ukara-ukara panjlentrehe. Pokoke ukara (kalimat utama) ora kudu manggon ana ing ukara pisanan, bisa manggon ana ing ukara kapindho jalaran ana paragrap kang ukara pisanan awujud ukara transisi (perekat). Tuladha paragrap deduktip yaiku kaya mangkene. b. Paragrap Induktip Paragrap induktip yaiku paragrap kang ukara utamane manggon ana ing sisih buri paragrap. Adate ukara utama ana paragrap induktip gunakake konjungsi penyimpul antar ukara kayadene dadi, mula, lan sapanunggalane, nanging iku ora mutlak, jalaran akeh uga ukara utama kang ora kudu diwiwiti ngganggo konjungsi kasebut. Tuladha paragrap induktip yaiku kaya mangkene. 3


4 Wacanen teks deskripsi babagan upacara adat Rasulan ing Gunung Kidul ing ngisor iki! Rasulan ing Gunung Kidul Rasulan yaiku salah sijining tradhisi sing digelar dening masarakat Gunung Kidul, Daerah Istimewa Yogyakarta. Tradhisi Rasulan digelar dening para tani sawise mangsa panen tumiba. Tradhisi iki uga diarani tradhisi resik dhusun. Tradhisi Rasulan digelar minangka wujud rasa sokur masarakat Gunung Kidul marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Nalika nenandur, para tani bisa panen kanthi asil kang nyukupi. Kanthi nggelar tradhisi Rasulan, para tani uga duwe pangajab supaya anggone padha tetanem tanduran ora dirusak ama lan uripe tansah tentrem, bagya, lan mulya. Masarakat Gunung Kidul gelar tradhisi Rasulan saben taun. Ananging, wektu kanggo nggelar tradhisi iki ora mesthi utawa wektune manut kasarujukan warga saben dhusun. Umume, tradhisi Rasulan digelar ing wulan Juni apa dene Juli. Acara iki uga wis dadi kagiatan taunan Dinas Pariwisata Ian Kebudayaan Gunung Kidul. Sejene kanggo sokuran dening masarakat, uga kanggo narik: Kawigaten para turis supaya gelem dharma wisata menyang Gunung Kidul. Tradhisi Rasulan digelar nganti pirang-pirang dina. Acara iki diwiwiti kanthi kagiatan resik-resik lingkungan sakupenge dhusun, ndandani dalan, nggawe utawa ngecet pager pekarangan, Ian resik-resik pasarean. Ing dina sabanjure ana kegiyatan kirab gunungan. Kirab gunungan yaiku arak-arakan ngubengi dhusun. Dene sing diarak yaiku gunungan. Gunungan iki digawe saka maneka warna asil tetanen, kayata asil tanen pari, pohung, jagung, gedhang, maneka warna sayuran, Ian liya-liyane. Ora amung resik-resik dhusun Ian kirab gunungan, ing acara Rasulan uga digelar kagiatan olahraga lan seni budaya. Kagiatan olahragane kayata jalan sehat, dene pagelaran seni budaya, kayata seni dhoger, jathilan, wayang kulit, lan reyog Ponorogo. Tradhisi Rasulan Gunung Kidul minangka aset budaya kang kudu diuri-uri supaya tetep lestari. Tradhisi iki uga dadi salah sijining cara kanggo njaga karukunane masarakat uga bangsa lan nagara. 1. Rasulan yaiku salah sijining tradhisi sing digelar dening masarakat .... a. Gunung Kidul b. Surakarta c. Yogyakarta d. Semarang e. Sleman 2. Wenehana tandha centhang (V) ing sangarepe pranyatan kang trep! Tradhisi Rasulan digelar dening para tani sawise mangsa rendheng. Tradhisi Rasulan uga diarani tradhisi resik dhusun. Tradhisi Rasulan minangka wujud rasa sokur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Tradhisi Rasulan digelar ing saben sasi. Kagiyatan Pasinaon 1


Gladhen Kelompok 1. Kepriye strukture wacan deskripsi? 2. Apa bae jinise wacan deskripsi? 3. Kepriye carane nulis wacan dekripsi kanthittep? 3. Umume tradhisi Rasulan digelar ing wulan .... 4. Tradhisi Rasulan digelar dening .... 5. Apa ancase digelar tradhisi Rasulan? Garapen gladhen iki kanthi kelompok! Bareng kanca kelompokmu, coba golekana wacan deskripsi prastawa budaya sing ana ing media apa wae! Banjur andharana ing ngarep kelas! Menehi tanggepan tumrap wacan deskripsi bisa katindakake kanthi cara mahami perangan pasinaon ing ngisor iki. 1. Paragrap Deskripsi Paragrap iku dumadi saka kumpulan ukara-ukara kang nduweni siji ukara pokok (kalimat utama) lan ditambah anane ukara-ukara panjlentreh (kalimat penegas). Sarat paragrap bisa diarani apik menawa kaya ing ngisor iki. a. Nduweni kohesi (nyambung babagan wujude) Paragrap kang apik kudu nduweni ukara-ukara kang nyawiji jumbuh saka wujude. Kanggo niteni anane kohesi bisa ditonton saka ukara-ukara kang migunakake perangan ing ngisor iki. 1) Tembung penunjuk kayata: Ikl, Iku, kuwi, kae, lan sapanunggalane. 2) Tembung sesulih (ing basa Indonesia diarani kata ganti orang). 3) Ngambali tembung kang dadi undering idhe pokok. b. Kohorensi Paragrap kang apik kudu nduweni koherensi, yaiku paragrap dianggep nyawiji menawa kabeh ukara kompak padha nyengkuyung topik. 2. Titikane Wacan Deskripsi Wacan deskripsi nduweni titikan/ciri-ciri, yaiku kaya mangkene. a. Gambarake samubarang, tuladhane kahanan, papan, utawa, manungsa. b. Gunakake pencadriya (pandeleng, pangrasa, pangrungu, pangganda, lan pangecap). c. Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa dheleng dhewe, deskripsi, pindal alamat ngrasa dhewe, krungu dhewe, ngambu/ngganda dhewe, Ian ngecap dhewe. 3. Jinis Wacan Deskripsi Wacan deskripsi kaperang dadi loro, yaiku kaya rmangkene. a. Deskripsi objektip Deskripsi objektip yaiku salah sawijining karangan deskripsi kang carane gambarake objek kang ora ditambahi n angen-angene pangripta. b. Deskripsi subjektip Deskripsi subjektip yaiku salah sawijining karangan deskripsi kang carane gambarake objek kang ditulis wis ditambahi pangreka-rekane pangripta. 5


4. Maca Wacan Deskripsi Miturut ahli basa Prof. Henry Guntur Tarigan, maca iku jinise ana loro yaiku maca nyuwara lan maca ing batin. Maca ing batin kaperang dadi loro yaiku maca ekstensip lan maca intensip. Maca ekstensip Ian intensip nduweni panekanan kang beda sanadyan dilakokake ing jero ati. a. Maca intensip Maca intensip luwih mentingake kuwalitas, utawa intensitas parriahaman kang jero, dadi ngerti sak njlimet-njlimete, Tuladhane maca intensip yaiku maca pamahaman. Maca pamahaman kaperang dadi telu, yaiku kaya mangkene. 1) Maca literal yaiku maca kang ancase nangkep isi wacan kang tinulis. 2) Maca kritis yaiku maca kang ancase nangkep wacan kang tinulis lan ora tinulis. 3) Maca kreatip yaiku maca kang ancase nangkep wacan tinulis lan ora tinulis banjur maragakake asli wacan mau. b. Maca ekstensip Maca ekstensip yaiku maca kanthi jembar. Tegese maca sak akeh-akehing wacan utawa gancaran kanthi wektu kang singkat. Maca iki luwih mentingake kwantitas, mula gladhen maca iki ora kaiket dening dhisiplin kawruh kang dipilih. Maca ekstensip tuladhane, maca survei lan maca saklebatan (maca sekilas). Maca ekstensip bisa dilaksanakake kanthi cara kaya mangkene. 1) Nggoleki topik kang padha saka maneka media cetak kang ana. 2) Ngumpulake artikel kang isine padha. 3) Maca sekilas irah-irahan artikel kang padha. 4) Maca paragrap kapisan lan pungkasan (biyasane paragrap iku njlentrehake gagasan panulis). 5) Niiti kanthi sekilas pituduh-pituduh liyane babagan bab kang wigati. 5. Bab-Bab kang Prelu Ditindakake supaya Bisa Nulis Karangan Deskripsi Nalika arep nulis paragrap deskripsi ora kena sakarepe dhewe ananging ana bab-bab kang prelu ditindakake supaya bisa nulis karangan deskripsi yaiku kaya mangkene. 1) Nemntokake tema/objek karangan 2) Nemtokake ancase karangan. 3) Ngempalake data kanthi ngamati objek kang didadekake objek karangan. 4) Nata rantamaning karangan (nyusun rancangan karangan). 5) Ngembangake kerangka karangan. 6. Cara Gawe Karangan Cara sing kudu digatekake nalika gawe karangan yaiku kaya mangkene. a. Nemtokake tema. b. Milih irah-irahan (irah-lrahan). Irah-irahan becike nganggo tembung sing becik, cekak aog, narik kawigaten sing maca. c. Basane sing becik. d. Ukarane runtut (urut trep takuning orita), yen ora runtut bisa gawe sing maca bingung, ora ngerti karepe apa isine karangan. e. Tulisan sing cetha, ora akeh orek-orekan. f. Watarane tema, irah-irahan lan isi tansah sesambungan utawa cocog (jumbuh). g. Sadurunge ngarang bisa kanthi gawe cekorongan (kerangka). 6


Kagiyatan Pasinaon 2 Kagiyatan Pasinaon 3 7. Tata-cara Nulis Ringkesan kang Trep Sadurunge ngandharake surasane sawijining wacan bisa kanthi Cara gawe ringkesan. Nggawe ringkesan bisa kanthi cara mangerteni ukara baku, supaya ringkesan kang digawe tetep jumbuh surasa bakune karo wacan sadurunge. Tata-cara nulis ringkesan kang trep yaiku kaya mangkene. a. Maca wacan kang arep diringkes. b. Nulis ukara bakune. c. Jlentrehake ukara baku kanthi ringkes lan gampang dimangerteni. 8. Bab kang Kudu Digatekake Nalika Menehi Tanggepan. Bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggepan ing antarane kaya mangkene. a. Tanggapan asipat dukung utawa nolak adhedasar panemu utawa alesan kang logis. b. Tanggepanbisa dikantheni kanthi menehi bukti kang nyata lan tuladha kang ana gegayutane karo tanggepan. c. Anggone menehi tanggepan kudu migunakake basa kang jumbuh lan gampang dimangerteni. Para siswa wis sinau magepokake jenis-jenis karangan. Ayo saiki para siswa menehi tuladha karangan adhedhasar jinise. Sumber bisa saka buku, situs web lan uga liya-liyane. Jinis karangan Tuladha karangan Sumber/Kapustakan Argumentasi Dheskripsi Narasi Eksposisi Persuasi Wacanen teks ing ngisor Iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1-5! Tradisi Boyong Kentong Ing Desa Penggarit Pamilihan kepala desa ing Desa Penggarit, Kecamatan Taman jaman biyen, kebak adicara budaya lokal. Wiwit saka proses pendaptaran, wara-wara kang saiki nganggo istilah kampaye nganti temakne pancoblosan. Kanthi nganggo simbol-simbol utawa tandha-tandha tanduran palawija kayata . kacang, dele jagung utawa asil tetanen liyane kayata pari, tela, klapa lan sapanunggalane. Kanthi nganggo pralambang-pralambang mau diajab bisa nggawa berkah utawa apa kang dadisedyapara calon kepala desa utawa lurah bisa kasembadan.Kabeh calon “tarung” supaya bisa oleh suara sak akeh-akehe. Para calon Kades 7


Kagiyatan Pasinaon 4 (Kepala Desa) sing swara pamilihi paling akeh iku sing bakal dilantik dening Bupati, dadi Kepala Desa. Proses kirab calon kepala desa kanthi diiringi para pendukung dadi pista lan hiburan masarakat wektu semana. Boyong Kentong tahun 2021 dadi spesial amarga sineksenan perwakilan Forum Komunikasi Desa Wisata (FK Deswita Jateng) saka 35 kabupaten/kota. Diajab rawuhe para tamu saka FK Desa Wisata bisa nekake idhe kangg gawe acara kang padha kanthi ngangkat kabudayaan ingpanggonanne dhewe-dhewe. Kanthi mangkono kabeh masarakat Jawa Tengah bisa dadi wadah kanggo nglestarikake tradisl seni lan budaya daerah. 1. Tradhisi boyong kenthong yaiku pamilihan…. a. Bupati b. kepala desa c. carik d. camat e. RT 2. Wenehana tandha centhang (v) ing sangarepe pranyatan kang trep! Ing jaman saiki, wara-wara kasebut istilah kampanye. Kampanye pamilihan desa nganggo gambar calon sing bakal dipilih Proses kirab calon kepala desa kanthi diiringi para pendhukung dadi pista lan hiburan masarakat. Tradhisi Boyong Kenthong dilaksanakake saben tahun. 3. Para calon Kades (Kepala Desa) sing swara pamilihi paling akeh iku sing bakal dilantik dening …. 4. Boyong Kenthong tahun 2021 dadi spesial amarga sineksenan saka .... 5. Sebutna tanduran apa bae kang dadi pralambang nalika kampanye… Gunung Bromo Gunung Bromo yaiku sawijining objek wisata gunung ing Jawa Timur sing nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka mancanegara. Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan propinsi Jawa Timur kang dumadi saka patang wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Malang. Dhuwure Gunung Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahe segara. Gunung Bromo minangka objek wisata kang wis misuwur ing sandenging donya didadekake ikon wisata dening pamarentah propinsi Jawa Timur. Gunung Bromo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran nduwe pemandhangan kang ora tinemu ing panggonan liya. Gunung Bromo kinupengan segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi, misuwur anane sunrise sing saben-saben dienteni dening para wisatawan. Ing pucuke gunung Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan kukus, nduweni dhiameter kurang luwih 800 meter yen diukur saka arah lor nganti sisih kidul, lan 8


9 Kagiyatan Pasinaon 5 kurang luwih 600 meter saka arah wetan nganti pinggire kawah sisih kulon. Ana papan sing dianggep mbebayani tumrape pangunjung, yaiku (papan radhius 4 kilometer saka kawah. Objek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional Bromo Tengger Semeru. Tumuju menyang Gunung Bromo sing paling kepenak kawiwitan saka Penanjakan. Ing Penanjakan para Wisatawan bisa ndeleng sunrise utawa prastawa mletheke srengenge sing sesawangane endah Ian ,nengsemake. Sabanjure bisa nerusake laku menyang kawahe gunung, bisa miaku bisa uga nyewa jaran utawa jeep supaya ora kesel. Nalika ngliwati segara wedhi bisa ndeleng bangunan papan Ibadahe suku Tengger sing n-gilut agama Hindu. Bangunan kasebut diarani Pura Luhur Poten. 1. Miturut awakmu kepriye swasanane ana Ing Ilngkungan gunung Bromo? 2. Apakang kok lakokake nalika ana wong kang ngrusak lingkungan? 3. Kepriye caramu supaya pariwisata ing Indonesia bisa maju? 1. Wenehana tandha centhang (v) kang bener ing pranyatan kang kududigatekake nalika nulis wacan deskripsi! (Centhang jawaban lebih dari 1) Pranyatan Bener Nemtotake bab kang arep ditulis Wawancara marang sadhengah pawongan Gawe salam panutup Nliti lan benerake ukara supaya dadi karangan kang becik 2. (Centhang jawaban lebih dari 1) Kang diandharake ana ing wacan deskripsi yaiku ... (A) papan (B) informasi (C) Kahanan (D) proses (E) imanungsa 3. Wenehana tandha centhang (v) ing sangarepe pranyatan kang jlentrehake tegese kohesi nalika gawe wacan! (Centhang jawaban lebih dari 1) A Ukara pokoke kudu mapan ana ing ngarep B Nduweni ukara-ukra kang nyawiji jumbuh saka wujude C Kabeh ukara nyengkuyung topik D Ora nyambung siji lan sijine E Nyambung babagan wujude


4. Wenehana tandha centhang (v) kang bener ing jlentrehake caragawe karangan! (Centhang jawaban lebih dari 1) Tuladha Bener Nemtotake tema A Milih irah-irahan B Basane basa padinan C Ukarane runtut D 5. Paragrap kang ukara pokoke manggon ana ing ngarep paragrap, banjur kasusul ukara-ukara panjlentreh diarani .... a. deduktip b. ineratip c. induktip d. persuasi e. deskripsi 6. Miturut ahli basa Prof. Henry Guntur Tarigan, maca iku jinise ana loro yaiku maca nyuwara lan maca..... a. sora b. cepet c. seru d. literal e. batin 7. Maca ing batin kaperang dadi toro yaiku maca intensip lan maca ... a. literal b. kritis c. ekstensip d. literal e. kreatif 8. (Centhang jawaban lebih dari 1) Jinising maca pamahaman yaiku .... (A) objektip (B) ekstensip (C) kreatip (D) kritis (E) cepet 9. Maca kang ancase rangkep isi wacan kang tinulis diarani maca…. a. literal b. ekstensip c. kreatip d. kritis e. batin 10. Maca kang ancase nangkep wacan kang tinulis lan ora tinulis diarani maca .... a. literal b. ekstensip c. kreatip d. kritis 10


e. batin 11. Wenehana tandha centhang (v) ing sangarepe pranyatan kang jlentrehake maca intensip! (Jawaban lebih dari 1) A Maca kanthi cepet B Maca kanthi tenanan saengga bisa paham tujuan C Maca sandiwara D Serat kangge paring pawarta 12. (Centhang jawaban lebih dari 1) Kang ora kalebu jinising karangan yaiku… (A) narasi (B) persuasi (C) ekstemporan (D) deskripsi (E) literasi 13. Cara kang sepisan ditindakake kanggo nulis karangan deskriptip yaiku …. a. gawe salam pambuka b. nemtokake bab kang arep ditulis c. wawancara marang sadhengah pawongan d. gawe salam panutup e. ngumpulake katrangan kanthi njinggteni bab kang arep ditulis 14. Cara kang kapindo ditindakake kanggo nulis karangan deskriptip yaiku ... , a. gawe salam pambuka b. nemtokake bab kang arep ditulis c. wawancara marang sadhengah pawongan d. nemtokake ancase karangan e. ngumpulake katrangan kanthi njinggleni bab kang arep ditulis. 15. Wacan kang digunakake pengarang kanggo nggancarake ancas-ancase karangan kang ditulis yaiku .. a. argumentasi b. deskripsi c. eksposisi d. narasi e. persuasi 16. Wacan kang bisa gawe wong kang maca kaya-kaya bisa (ngingeti, krungu, ngrasakake, lan ngambu) apa kang digambarake dening panulis yaiku wacan … a. argumentasi b. deskripsi c. eksposisi d. narasi e. persuasi 17. Wacan kang lumrahe karangan jinis persuasi iki ditindakake dening wong kang gawe pariwara, juru dakwah, juru kampanye, lan liya-liyane yaiku wacan .... a. Argumentasi b. Deskripsi 11


c. eksposisi d. Narasi e. Persuasi 18. Kabeh warga kerja bakti kanggo nyengkuyung dina kamardikan. Bapak-bapak kang padha reresik dalanan, ngecet gapura, ngresiki selokan, lan ana kang babat-babat suket ing lapangan. Menawi ibu-ibu masak nyiapake unjukan. Ukara Ing nduwur kagolong paragrap .... a. deduktif b. campuran c. induktip d. deskripsi e. eksposisi 19. Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa dheleng dhewe, ngrasa dhewe, krungu dhewe, ngambu/ngganda dhewe, lan ngecap dhewe, yaiku titikane wacan…. a. argumentasi b. deskripsi c. eksposisi d. narasi e. persuasi 20. Maca kang ancase nangkep wacan tinulis lan ora tinulis banjur maragakake asli wacan mau diarani maca…. a. literal b. kritis c. kreatip d. ekstensip e. cepet 21. Sadurunge ngarang kudu gawe.... 22. Watarane tema, Irah-irahan Ian isi kudu tansah ... 23. Sadurunge ngandharake surasane sawijining wacan deskripsi bisa kanthi cara gawe .... 24. Pesen kang ana ing sajroning tulisan kang digawe panulis-diarani .... 25. Gawe uwong pracaya menawa panemune kang nulis iku bener yaiku wacan .... 26. Jlentrehna bab kang kudu digatekake nalika nulis karangan deskripsi! 27. Jlentrehnatata-carane maca ekstensip! 28. Sebutna jinising maca ing batin! 29. Apa kang diarani maca scanning? 30. Sebutna tata-cara nulis ringkesan kang trep! 12


Wacanen kanthi premati wacan deskripsi Ing ngisor Iki kanggo mangsull pitakon nomer 1-5! Upacara Adat Mitoni Tingkeban/mttoni upacara iku salah sijl saka tradhisi Jawa, upacara Iki uga diarani mitoni asale saka tembung sing sawijining makna pitu, upacara iki dianakake ing pitung sasi kandhutan lan pisanan Kali, Upacara adat iki dianakake wektu calon ibu nggarbini utawa ngandhut 7 sasi, Ancase kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sipate tolak bala, Ing dhaerah tertamtu, upacara iki uga diarani tingkeban. Makna jabang bayi umur pitung sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur pitung sasi iki proses pangrptane manungsa iku wis nyata lan sampuma ing sasi kaping pilu. Reroncen adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupatl, Urut-urutane yalku siraman, nglebokake endhog pitik kampung neng njero kain calon Ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa Ilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa miton iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina senen awan nganfi mbengi utawa dina jemuah awan nganti mbengi. Upacara mitoni utawa wilujengan pitung wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe kang disedhiyani dening kulawarga wanita kang nembe ngandhut, Ubarampe siametan nglimputi sekul janganan, jenang abrit, jenang baro-baro, jajan pasar lan siyalan kang ginawe saka wijen, dhele, kacang kang kagangsa Ing gendhis. Saliyane iku uga cengkaruk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng dicemplungake ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, lan krupuk. Ubarampe liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, janganan lan sawetara jinis kembang-kembangan. Tumpeng janganan digawe cacah pitu dijangkepi pitung Iji apem conthong. Jroning upacara mitoni iku uga ana tata-cara gantos penganggen ngantos kaping pitu kang sabanjure disebut tingkeban. Ing Serat Tata-cara anggitane KI Padmasusasitra, upacara tingkeban iki dilaksanakake nalika tanggal ganjil tanpa ngliwati purnama (sadurunge tanggal 15, upamane tanggal 3, 5, 7, 8, 11, 13an 15). Tata-carane siraman, ing papan kang wus ditemtokake dicepakake jembangan wadhah banyu kang wus diwonehi kembang setaman. Banyu kang wus diwenehi kembang setaman kuwi dianggo siraman wanita kang lagi ngandhut. Upacara siraman dhewe dilaksanakake wanci jam 11.00 amarga dipracaya para hapsari uga tumurun saka kayangan saprelu arep adus. Dene kang nyiram wanita kang ngandhut yaiku para pinisepuh putri kang cacahe pitu utawa sangang wong. Cidhuk banyu kang dianggo kudu saka bathok utawa siwur. Papan kanggo lungguhe wanita kang lagi ngandhut Iku arupa dhingklik cilik kang dilambari godhong apa-apa, saliyane itu uga godhong kluwih, kara, maja, dhadhap serep, alang-alang, klasa mendhong, dhingklik uga dilambari kain warna-wama, tuladhane sindur, jarik kanthi kembangan motip yuyu sekandhang. Padusan dirobong utawa ditutup nganggo kain jarik motip rangrangan utawa cindhe. Padusan iki ana Ing latar sisih kiwa utawa tengen omah kanthi lawang ngadhep ngetan. Krobong dirias nganggo tuwuhan jangkep arupa pisang, tebu Ian cengkir gadhing. Ing Serat Tata-cara anggitane Ki Padmasusastra kasebutake, rampung siraman banjur ganti kain pasatan Ian diubedi letrek utawa kain jarit kang logro sarta dianggoni sabuk saka godhong tebu tulak. 13 Kagiyatan Pasinaon 6


14 Sumatif Tengah Semester Saka jero letrek kuwi pinisepuh nglebokake tropong ing jero jarik lan nyeblokake. Sabanjure sabuk mau dipotong nganggo keris. Sawuse pedhot, bojone wanita kang lagi ngandhut iku diakon lunga tanpa pamit. Bebarengan karo kuwi ibu maratuwa banting endhog pitik mentah lan bapake mecah cengkir gadhing kang wus digambari Kamajaya-Kamaratih, Janaka-Subadra, utawa Panji Ian Candra Kirana, banjur disigar dadi loro. Nalika mecah cengkir direwangi bapak kandhunge wanita kang lagi ngandhut kuwi. Wanita kang ngandhut banjur diiring mlebu omah Ian ngadeg ing ngarep petanen. Ing papan kuwi wus dicepakake sinjang lan kemben cacah pitu. Sateruse para pinisepuh nganggokake jarik iku baka siji. Rampung nganggo Siji banjur diuculi, banjur dianggokake maneh liyane. Ngono terus nganti kaping enem lan para pinisepuh mesthi ngomong durung patut. Kang pungkasan, para pinisepuh nganggokake jarik truntum kemben motip bangotulak. Bebarengan karo kuwi para pinisepuh padha ngomong wis patut. 1. Saka daerah ngendi upacara adat mitoni? 2. Kapan upacara adat mitoni dianakake? 3. Apa ancase upacara adat mitoni? 4. Sapa sing nyedhiyani ubarampe upacara adat mitoni? 5. Sebutna 3 bae ubarampe upacara adat mitoni! 1. Wacan kang budidaya manehi alesan kanggo nguwateke utawa nampik sawijining panemu gagasan, utawa kekarepan diarani wacan… a. argumentasi b. deskripsi c. eksposisi d. narasi e. persuasi 2. Wenehana tanda centhang (v) kang kagolong jinis paragrap! deduktip deskriptip induktip konduktip 3. Wenehana tandha centang (v) ing pranyatan kang njlentrehake bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggepan! Tanggapan asipat dukung Tanggapan bisa dikantheni kanthi menehi bukti kang nyata Anggone menehi tanggepan kudu migunakake basa padinan Tanggepan bisa dikantheni tuladha kang ana gegayutane karo tanggepan


4. Maca kanthi tenanan marang pendapat ing wacan, urutan, retorise, utawa polan kanthi bisa paham tujuan kasebut…. a. Maca intensip b. Paragrap c. Maca cepet d. Kalimat e. ineratif Wacan kanggo mangsuli pitakon nomer 5—14! Aja Nganti Dikiwakake Dening: Generasi Mudha Basa nuduhake bangsa, Unen-unen iku kayane saiki wus ora diugemi maneh dening warga bebrayan Jawa. Warga bebrayan luwih seneng migunakake basa manca kaya basa Inggris, Spanyol, Mandarin, lan basa manca liyane tinimbang migunakake basane dhewe. Kasunyatan iku mesthi bakal ngrendhet-rendheti kalesterene basa Jawa. Apa maneh kawula mudha kayane ora pati seneng migunakake basa Jawa ing urip sesrawungan. “Tumrape kawula mudha, basa Jawa wus kaya asing sing ora dimangerteni dening wong-wong kuwi mau." Jarane Bandung Mawardi, sutresna budaya Jawa dina Selasa (9/3). Basa Jawa uga dikiwakake dening para kawula mudha dhewe. Kasunyatan iki. pancen gawe grantesing ati lan dadi ironi budaya. Jaman saiki akeh bocah kang elon utawa nambah kawasisan basane liwat kursus basa Inggris, Arab, lan Mandarin. Kosok baline, basa Jawa - ora pati digagas ing urip saben dinane. Nanging manawa ana kuwajiban sing ngudokake basa Jawa ing institusi pamarentah, jarene Bandung kuwi apa ora malah gawe repot nalika kudu ngomong aturan iki, kae, lan sapiturute. “Aja-aja kuwajiban basa Jawa malah marai wong dadi perdondi.” Tandhese Bandung. Maneka langkah kanggo nglestarekake basa Jawa luwih becik uga ora kanthi kebablasen, amarga malah bisa jalari kahanan kang ora apik. Disawang saka sisih siji, basa Jawa pancen ngamot piwulang kang adiluhung, junjung etika, lan wulangan moral kang ndhuwur. Nanging suwalike kuwi kabeh, manawa awake dhewe deleng sejarah klairane basa Jawa (Jawa modheren) sajane dudu basa kang agung kaya sing diangen-angen. Kaya sing dijlentrehake dening Mujanto (2004), basa Jawa (Jawa modern) ya kuwi basa sing lair ing jaman kolonial kanthi pangajab kanggo nylametake raine para birokrat tradhisional. Basa Jawa kang nganggo undha-usuk (stratifikasi) dadi salah siji sarana kanggo nglindhungi para pangarsa ing jaman klakone sing wus ilang perbawane amarga kabijakane mehak mring panjajah. Anane stratifikasi iki, diajab warga bebrayan utamane kelas:ngisor isih kurmat marang wong ndhuwuran (bangsawan). Basa Jawa kuna utawa basa Kawi minangka oyote basa Jawa modheren ora ngenal undha-usuk kaya ing basa Jawa ing basa Jawa modheren. Basa Jawa pancen kudu dilestarikake nanging aja nganti kaliwat watese norma-norma sing wus ana. Saengga ora ngowahi guna basa kuwi. Basa Jawa minangka basa dhaerah nduweni guna antarane identitas dhaerah, kebanggaan dhaerah, lan sumbar ngrembakane basa Indonesia, dudu minangka basa nasional. Amarga basa nasional kuwi basa Indonesia. Dene, cara supaya basa Jawa tetep ngrembaka lan urip apik ana saperangan cara sing bisa dilakoni, yaiku nglebokake basa Jawa ing pawiyatan awit saka SD nganti SMA, yen perlu nganti pawiyatan luhur. Saliyane kuwi, mratahanke basa Jawa ing urip saben dinane. Ing kulawarga lan urip bebrayan, papan pagaweyan, ana sesambungan sing apik antarane 15


pamarentah lan warga bebrayan Supaya nresnani lan melu handarbeni marang basa Jawa. Saengga rumangsa melu tanggung Jawab lan melu njaga lestarine basa Jawa iku. 5. Basa nuduhake bangsa nduweni teges .... 6. Basa kang luwih disenengi kawula mudha ing bebrayan, yaiku .... 7. Tema wacan ing ndhuwur yaiku .... 8. Basa Jawa wus dianggep kaya makluk asing, iku jarene .... 9. Basa sing lair ing jaman kolonial kanthi pangajab kanggo nylametake raine para birokrat tradisional yaiku basa .... 10. Jlentrehna fungsi basa dhaerah! 11. Apa piwulang kang kaamot ing basa Jawa? 12. Apa kang kudu dilakoni supaya basa Jawa tetep ngrembaka lan urip apik? 13. Tembung handarbeni tegese .... 14. Tembung pawiyatan tegese .... 15. Perangan pawarta kang dhisik dhewe, kang biyasane mung ditulis nganggo tembungtembung supaya nuwuhake minat supaya wong gelem maca isi pawartane, yaiku .... a. sesorah b. angle/ringkesan c. isi pawarta d. gambar e. panutup 16. Perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kadadeyan prastawa kanthi kasat mata. Ing media cetak awujud foto, lan ing media elektronik awujud video, yaiku.... a. Sesorah b. Angka/ringkesan c. Isi pawarta d. Gambar e. Panutup 17. Kedadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing media cetak, utawa lapuran ing media elektronik diarani.... a. Crita pengalaman b. Geguritan c. Pawarta d. Prosa e. Tembang 18. Sajroning wacan eksposisi dibeberake anane analisis proses nganggo cara..... 19. Kanggo babarake pengetahuan/ilmi, definisi, pengertian, langkah-langkah sawijining kagiatan yaiku gunanae wacan.... 20. Paragrap persuasi iku sesambungane saka kembangane saka paragraf.... 21. Maca intensip luwih mentingake.... 22. Maca sak akeh-akehing wacan utawa gancaran kanthi wektu kang singkat kasebut maca kanthi..... 16


17 Gatekna wacan ngisor iki katnhi permati kanggo mangsuli pitakon nomer 23-25! Gethuk Pohung (Singkong) Gethuk iku panganan sing gampang ditemoni ing Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Gethuk ana kang digawe saka tela. Rasane uga bisa werna-werna. Ana sing rasa keju, coklat, vanila, stroberi. Saliyane iki ana uga gethuk lapis, tegese gethuk kang rasane wernawerna lan didadekake siji. Upamane gethuk lapis rasa coklat, vanila, lan stroberi. Tela kang dipilih kudune tela kang empur Ian ora jarot, ora ketuwan lan ora bongkreken. Gethuk biyasane disajekake kanggo nyamikan karo ngombe teh. Salah sijining variasi gethuk iku carane karo digoreng. Uga ana kang luwih seneng mangan gethuk kang digawe saka Pacitan menawa lagi ana tamu. Gethuk goreng iku salah salah sijine jajanan sing digawe saka bahan ketela pohung lan dibumboni nganggo gula klapa. Gethuk goreng misuwur saka tlatah Sokaraja. Sejatine, jinis panganan iki ditemokake ora sengaja dening Pak Sanpirngad salah sijine bakul sega (ing warsa 1918) wonten tiatah Sokaraja. Rikala semana gethuk sing didol ora payu, dadi dheweke golek akal supaya isih bisa didol maneh. Banjur gethuk sing ora entek didol, digoreng lan didol maneh. Jebule panganan modhel anyar iki disenengi para tiyang sing tuku. Kala semana, gethuk goreng bisa ditemokake ing pinggir dalan Sokaraja. Gethuk sing wis digoreng dudu gethuk sing ora payu maneh, ananging pancen sengaja digawe kanggo digoreng. Rasane gethuk goreng Sokaraja iki legi lan gurih. 23. Apa bahan utamane panganan tradhisional gethuk?? 24. Geneya bisa diarani gethuk lapis?? 25. Misuwur ing ngendi asale gethuk goreng kasebut? 26. Carane maca cepet yaiku.... A. ( ..) ngumpulake artikel kang isine padha B. ( ..) niliti kanthi sekilas pituduh-pituduh liyane babagan bab kang wigati. C. ( ..) maca jroning batin, konsentrasi. D. ( ..)basane sing becik 27. Wenehana tandha centhang ing pranyatan kang njlentrehake cara maca ekstensip! Ngumpulake artikel kang isine padha Niliti kanthi sekilas pituduh-pituduh liyane babagan bab kang wigati. Maca jroning batin, konsentrasi. Basane sing becik 28. Wenehana tanda centhang B (Bener) lan S (Salah) pranyatan ing ngisor iki! Pranyatan Bener Salah Pawarta yaiku palapuran ngenani isining crita. Pawarta kang becik iku asipat anyar, aktuwal, fakta, wigati lan narik kawigaten. Pawarta among arupa lesan. Tulisan pawarta iku lumrahe kapacak ana ing kalawarti. 29. Wenehana tandha centhang (V) ing sangarepe pranyatan kang trep! 30. Pawarta iku nduweni sipat wigati. Tegese wigati yaiku....


Click to View FlipBook Version