1
2 TEMBANG DHANDHANGGULA Perangan Serat Tripama Serat Tripama kang awujud tembang Dhandhanggula nduweni paugeran guru gatra, guru Wilangan lan guru lagu. Guru gatra yaiku cacahing gatra saben sapada, ing tembang Dhandhanggula dumadi saka 10 gatra. Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben sagatra Gene tibane swara pungkasan ing saben sagtra mujudake guru lagu. Guru wilangan lan guru lagune tembang Dhandhanggula yaiku 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a. Kanthi sistematis Serat Tripama kaperang dadi 4 yaiku kaya ing ngisor iki. a. Perangan kapisan Perangan kapisan (pada 1 lan 2) nyritakake babagan Bambang Sumantri (Patih Suwanda) kang ngabdi marang raja Arjunasasrabahu ing Maespati. Bambang Sumantri dadi patihe Arjunasasrabahu kanthi aran Patih Suwanda. Patih Suwanda kawentar amarga gagah lan wani, bisa nglaksanakake kabeh tugas saka Prabu Arjunasasrabahu kanthi tanggung jawab wusanane nganti gugur ing palagan amarga tandhing karo Dasamuka. Miturut crita pedhalangan, Bambang Sumantri iku putra Begawan Suwandageni ing Pratapan Adi Sekar. Bambang Sumantri mujudake satriya kang bagus, prigel nggunakake gegaman, lan sekti mandraguna. Bambang Sumantri duwe adhi siji kang ala rupane kang aran Bambang Sukasrana. Bambang Sumantri kepengin banget bakal suwita marang raja ing Maespati kang jejuluk Arjuna sasra bau lan pepenginan kuwi bisa kasembadan kanthi pitulungane adhine kang muter Taman Sriwedari menyang Maespati. Sawise kaleksanan kang dadi pepenginane canda Bambang Sumantri tansah ngugemi prakara mula pasuwitane bisa kasil. Prakara kuwi ing antarane kapisan, guna kang ateges sangu kepinteran wong labuh labet marang praja klebu ngelmu bab olah kridhane gegaman tansah diudi. Loro, kaya kang ateges bandha lan kasugihan liyane kang diduweni sasuwene wektu suwita kudu dipisungsungake marang rajane. Telu, purun kang ateges Bambang Sumantri kudu sangu kekendelan utawa kuwanen kang bela marang kang bener, becik kang kudu dilakoni tanpa wigah-wigih lan ewuh pakewuh. b. Perangan kapindho Perangan kapindho (pada 3 Ian 4) nyritakake babagan ksatriya . kang awujud raseksa aran Kumbakarna kang dadi pahlawan ing NagariNgalengka. Kumbakarna iku salah sawijining paraga ing crita Ramayana. Patuladhan saka Kumabakarna bisa dimangerteni saka crita ing ngisor iki. Kumbakarna iku putrane Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi sing nomer loro. Sedulure ana 3 yaiku sing pembarep Rahwana/Dasamuka, Kumbakarna, Sarpa Kenaka wujud buta wadon, sing ragil Gunawan Wibisana satriya sing bagus. Nalika lair Kumbakarna wujude nggegirisi, bayi sing wujude gedhe banget, kupinge gedhe amba kaya kwali (kumba), mula banjur di jenengi Kumbakarna sing tegese kuping kaya kwali. Amarga buta, Kumbakarna gelem mangan manungsa. Supaya bisa Gambar Kumbakama ngilangake pakulinan ala mangan manungsa, dening eyange Begawan Sumali. Kumbakarna didhawuhi tapa suwene 50 taun, pangane mung banyu lan embun. Sawise 50 taun tapa, Betnara Guru paring kanugrahan bakat ngabulake kabeh panyuwune Kumbakarna, sSarate panyuwun iku kudu sing becik, ora gawe cilakaning liyan. Kumbakarna duwe panyuwun supaya bisa nyuwara banter kaya gludhug, lan
3 netrane sumorot kaya cahyaning Surya. Panyuwune dikabulke dening Bethara Guru, Kumbakarna isih diparingi aji-aji werna 3 yaiku Aji Gelap Sakethi, dayane bisa nyuwara sing gawe giris atine Mungsuh Aji Gedhong Menga nyjalari kuwat mangan lan ngombe sing akeh banget. Saengga aWakg kuwat santosa. Aji Cirakalasupta, dayane bisa turu nganti 1000 tahun tanpa nglilir. Nalika ana perang antarane Dasamuka Raja Ngalengka Ian Rama, Kumbakarna tansah ngelingake supaya Sinta sing didhustha Dasamuka dibalekake marang garwan@ Yaiku Rama, Nanging Dasamuka malah nesu lan ngala-ala Kumbakarna. Sarehne gela atine, Kumbakarna banjur trima bali ing kasatriyane yaiku Pangleburgangsa, mateg Aji Cirakalasupta mula dagj turu kepati. Sawise perang suwe, akeh senapati Ngalengka kang gugur. Ngalengka kurang senapatj, Kumbakarna digugah supaya maju perang dadi senapati. Digugah ngang9O Swara ora bisa, ditumbak, dipedhang, dipanah, ora tedhas gaman apa bae. Bareng dicepaki pangan sing enak-enak sing isih kebul-kebul, ambune enak, Ian dijabut wulu cumbune (wulu ing jempoj sikil) Kumbakarna lagi gelem tangi. Senajan ora gelem maju perang nanging dipeksa dening Dasamuka lan dikdakwa dagj manungsa Sing ora ngerti males kabecikan. Jalaran wis kepenak urip ing Ngalengka, geneya Ngalengka dirusak mungsuh kok mung meneng bae. Sanalika Kumbakarna muntab atine, Banjur nganggo sandhangan sing sarwa putih maju perang. Ora bela Dasamuka nanging bela nuhoni anggone dadi satriya. Wekasane Kumbakarna gugur kataman Panah Gunawijaya senjatane Prabu Rama, tiwas ana ing peperangan nglungguhi kasatriyane, dadi Satriya sing tansah bela negara. c. Perangan katelu Perangan .katelu (pada 5 Ian 6) kang nyritakake babagan prajurit aran Karna, kang ngabdi ing Nagara Ngastina nganti gugur ing Perang Bratayuda. Adipati Karna iku paraga ing crita Mahabharata. Dheweke sia ora bela Pandhawa kang dadi sedulur tunggal ibu, nanging malah bela Na & Prabu Suyudana (Kurupati) raja Astina kanggo bales budi raja kang wis ngangkat drajate. Adipati Karna kang nalika dilairake dibuwang menyang kali banjur ditemokake lan diangkat dadi anak dening Kusir Adirata, banjur aa Aa Bedak didadekake adipati dening Prabu Suyudana. Mula ing Perang Bratayuda Adipati Karna ana ing mehak Kurawa sanadyan dheweke ngerti yen Kurawa iku pihak kang angkara murka. Sang Suryaputra (Adipati Karna) gugur ing perang tandhing ngelawan Arjuna, adhi tunggal ibu: Supaya P3 luwih paham, simaken crita ing ngisor iki. Adipati Karna utawa Basukarna iku ratu ing Ngawangga (Awangga), Karna nagara cilik sangisore Nagara Astina. Garwane asma Dewi Surtikanthi, putrine Prabu Salya ratu ing Mandaraka. Dewi Surtikanthi iku mbakyune Dewi Banowati (garwane Prabu Duryudana), mula ing padhalangan Prabu Duryudana yen ngaturi Prabu Karna, “Kaka Prabu Karna” utawa “Kaka Adipati Karna”. Adipati Karna iku sedulure Janaka kang tunggal ibu nanging seje rama. Ramane Adipati Karna iku aran Bathara Surya, dene yen ramane Janaka iku Pandhu Dewanata, ibune padhapadha Dewi Kunthi. Patuladhan saka Adipati Karna nalika ana Perang Baratayuda yaiku Adipati Karna iki ora mbela marang prajurit Pandhawa, nanging sabiyantu marang prajurit Ngastina, jalaran dheweke kepengin males budi kabecikan marang raja ing Ngastina iya Sang Prabu Duryudana. Duk rikala semana Adipati Karna lunga saka praja amarga disiya-siya dening ibune, malah kelakon dilarung ing Bengawan Swilu Gangga, sawuse ngancik diwasa
4 arep melu mupu sayembara panah bae ora oleh, dupeh dudu putrane raja, rikala iku banget lingseme lan lara atine Adipati Karna, ing wektu iku uga Duryudana banjur maringi tanah perdikan ing Angga lan ngiras pantes diepek dadi putra angkate raja ing Ngastina mau. Ing sajerone at Adipati Karna aprasetya, “Iya seksenana bumi langit saisine besuk kapan kelakone aku baka mbela marang wong kang bisa paring dalaning kamulyan uripku iki”. Karna pancen putrane Bathara Surya lan Dewi Kunthi, mula Karna iku klebu drajating Wasu. yakuwi manungsa setengah dewa. Mula ora mokal yen Karna kasinungan kadigdayan kang linuwih. Prigel ulah warastra (jemparing) prasasat timbang karo keprigelane Arjuna. Kejaba panah Kuntawijayadanu (Kunta Druwasa), pusakane Karna wujud keris aran Kyai Kaladete (yen ing padhalangan gagrag Sala sinebut Kyai Jalak). Aji-ajine Karna yaiku Aji Kalalupa (bisa ngetokake buta akeh banget), lan Naracabala (bisa ngetokak gegaman maneka warna). Tembung Karna sejatine nduweni teges kuping, amarga lair seka kuping. Critane mangkene: nalika Dewi Kunthi isih kenya nate meguru marang Resi Druwasa kang sekti. Karo Sang Resi Druwasa, Dewi Kunthi diparingi mantra panggendhaming dewa aran Adityahredaya iya Punta Wekasing Rasa Tunggal Sabda Tanpa Lawanan, kang dayane yen diwateg bakal NnNekakake dewa sing lagi sela. Welinge Sang Resi, Dewi Kunthi ora entuk ngrapal mantra kuwi Sembarangan, yen perlu temenan bae. Amarga pengen ngerti kasiate mantra kuwi sawijining dina Dewi Kunthi ngrapal mantra saka Sang Resi. Kabeneran Dewa sing lagi sela yaiku Bathara Surya kang nguwasani srengenge. Kocap kacarita Bathara Surya seneng karo Kunthi. Nalika ngerti yen Dewi Kunthi anggarbini banjur Bathara Surya mbudidaya supaya jabang bayi bisa lahir tanpa liwat guwa garba. Kanthi kasektenane Bathara Surya, si jabang bayi bisa dilairke saka kuping utawa karna. Mula banjur diparingi asma Karna. (Basukarna). Bayi Karna nuli diwadhahi kendhaga, banjur dikelekake ing Bengawan Gangga. Ing tembe bayi Karna ditemu dening Kusir Adhirata. Nanging miturut crita padhalangan jabang bayi Karna dadi putra angkate Prabu Radeya ratu ing Pethapralaya. Sawise diwasa Karna bisa jumeneng ratu ing Awangga, amarga bisa ngalahake Prabu Karnamangra (Kala Karna), ratu ing nagara iki. Patihe Karna asmane Patih Adimanggala (Surahadimanggala). Ing Perang Baratayuda, Karna mbelani Kurawa. Satria iki ngerti yen sejatine Kurawa kang salah. Nanging dheweke ngugemi jejer ing satriya kudu mbela sapa wong sing mbiyen mbela Gheweke. Ing perang kuwi, Karna bisa mateni Gathutkaca nganggo pusaka Kuntawijayandanu. Dheweke.uga meh mateni Arjuna. Nanging panahe luput amarga Prabu Salya nyendhal : jarane. Prabu Salya nalika iku dadi kusire Karna, kang sejatine mantune dhewe. Dene Arjuna dikusiri dening Kresna. Lakon iki kondhang kanthi irah-irahan Karna Tandhing amarga Arjuna uga macak kaya Karna. Ing kene, Karna mati kena panahe Arjuna, Kyai Pasopati. Adipati Karna iku salah sawjining paraga wayang sing klebu antagonis. Kaya dene Kumbakarna, Adipati Karna asring dadi panutan ing prakara nasionalisme. Karna nduweni dasanama Basukarna, Basusena, Bismanthaka, iya Suryatmaja utawa Suryaputra kang mengku teges putrane Bathara Surya. d. Perangan kapapat Perangan kapapat (pada 7) surasane dudutan saka perangan siji, loro, Ian telu kang ngandharake telung ksatria ing beda: jaman. Piwulang kang kandhut ing serat Tripama iku nduweni relevansi ing jaman saiki yaiku wujude rasa nasionalisme kang ana ing crita katelu prajurit kuwi beda karo rasa nasionalisme ing jaman saiki. Miturut
5 crita katelu prajurit kuwi rasa nasionalisme katuduhake kanthi melu njaga pertahanan bangsa lan negara. Ananging ing jaman , saiki, wujud nasionalisme diwujudake kanthi cara kayata seneng marang asil produk saka negarane dhewe. Sipat nasionalisme ing jaman globalisasi wis surut lan warga saka negara manca gampang anggone mlebu metu saka wewengkon Indonesia, mula saperangan uga katut iline globalisasi. SERAT TRIPAMA KGPAA Mangkunegara IV Bait 1 Yogyanira kang para prajurit; Lamun bisa sira anulada; Duk ing nguni caritane; Andelira Sang Prabu; Sasrabahu ing Maespati; Aran patih Suwanda; Lalabuhanipun; Kang ginelung triprakara; Guna kaya purun ingkang den antepi; Nuhoni trah utama Bait 2. Lire lalabuhan triprakawis; Guna bisa saniskareng karya; Binudi dadya unggule; Kaya sayektinipun; Duk bantu prang Manggadanagri; Amboyong putri dhomas; Katur ratunipun; Purune sampun tetela; Aprang tanding lan ditya Ngalengka nagri; Suwanda matingrana Bait 3. Wonten malih tuladan prayogi; Satriya gung nagri ing Ngalengka, Sang Kumbakarna arane, Tur iku warna diyu; Suprandene nggayuhutami; Duk wiwit prang Ngalengka, dennya darbe atur; Mring raka amrih raharja. Dasamuka tan keguh ing atur yekti; Dene mengsahwanara. Bait 4. Kumbakarna kinen mangsah jurit; Mring kang raka sira tan lenggana; Nglungguhi kasatriyane; Ing tekad datan purun; Amung cipta labuhnagari; Lan noleh yayah rena; Nyang leluhuripun; Wus mukti aneng Ngalengka mangke; Arsa rinusak ing bala kapi;
6 Punagi mati ngrana Bait 5. Wonten malih kinarya palupi; Suryaputra narpati Ngawangga; Lan Pandawa tur kadange; Len yayah tunggil ibu; Suwita mring SriKurupati; Aneng nagri Ngastina; Kinarya gul-agul; Manggala golonganing prang; Bratayuda ingadegken senopati; ngalaga ing Kurawa Bait 6. Den mungsuhken kadange pribadi; Aprang tanding lan Sang Dananjaya; Sri Karna suka manahe; Dene nggenira pikantuk; Marga denyaarsa males sih; Ira Sang Duryudana; Marmanta kalangkung; Bait 7 : Katri mangka sudarsaneng Jawi; Pantes lamun sagung pra prawira; Amirata sakadare; Ing lelabuhanipun; Awya kongsi buang palupi; manawa tibeng nista; Ing estinipun; Senadyan tekading budya; Tan prabeda budi panduming dumadi; Marsudi ing kotaman. Denya ngetok kasudiran; Aprang rame Karna mati jinemparing, Sumbagawiratama. Tegese tembung : yogyanira = becike, sebaiknya. prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara. kadya = lir, pindha, kaya, seperti. nguni = jaman biyen, dahulu kala. andelira = andel-andele , andalan. lelabuhanipun = jasane, jasa. ginelung = diringkes, dipadukan. guna = kapinteran, kepandaian. kaya = bandha donya, kekayaan. purun = wani, gelem, keberanian. nuhoni = netepi, menepati. trah = turun, tedhak, keturunan
7 utama = becik, apik, terbaik. lir = kaya, teges, makna, arti. saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang. karya = gawe, kardi, pekerjaan. binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan. sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya. duk = nalika, ketika. dhomas = 800. samas = 400. tetela = cetha, terang, jelas. aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu. ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa. ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang. suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian. darbe = duwe, mempunyai. raka = kakang, kakak. raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera. de mung = dene mung , jalaran mung, hanya karena. wanara = kethek, kapi, rewanda, kera. kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah. mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga. sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia. lenggana = nolak, mbantah, menolak. datan = tan, ora, tidak. labuh = berjuang. yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu. myang = lan, dan arsa = arep, ayun, apti, akan. punagi = sumpah. palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh. narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja. kadang = sedulur, saudara. suwita = ngabdi, menghamba. kinarya = karya + in = digawe, dipakai. agul-agul = andel-andel, andalan. manggala = panglima senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang. manahe = atine, hatinya. pikantuk = oleh, mendapat. marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya. kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian. jinemparing = jemparing + in = dipanah. sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal. wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat. katri = katelu, ketiga.
8 sudarsaneng = sudarsana + ing = conto. amirita = nirua, ikutilah. kongsi = nganti, sampai. dumadi = titah, makhluk. marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha. kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan Coba jlentrehana nganggo basamu dhewe 3 paraga (tokoh) kang ana ing serat Tripama dhandhanggula! Gathukna pitakonan ing sisih kiwa karo wangsulan ing sisih tengen! PITAKONAN WANGSULAN 1 Guru gatra tembang Dhandhanggula A ngupaya 2 Guru wilangan gatra kapinglima B jasane 3 Guru lagu gatra kapisan C 8a 4 Guru lagu gatra pungkasan D slamet 5 Guru guru wilangan lan guru lagu gatra kaping 8 E 10 6 Cacahe pada ing serat Tripama F kapinteran 7 Tegese yogyanira G ngabdi 8 Tegese lelabuhanipun H 9 9 Tegese guna I atine 10 Tegese lir J i 11 Tegese raharja K kaya 12 Tegese kondhang L a 13 Tegese suwita M becike 14 Tegese manahe N sedulur 15 Tegese marsudi O 7 16 Tegese sayekti P duwe/nduweni 17 Tegese sudarseneng Q temene 18 Tegese kadang R terkenal 19 Tegese raharja S tuladh/contoh 20 Tegese darbe T slamet Gladhen 1 Tembang Dhandhanggula Gladhen 2 Tembang Dhandhanggula
9 A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a,b,c,d,e utawae tumrap wangsulan kang bener! 1. Tripama asale saka tembung tri kang ateges telu lan pama kang tegese…. a. Upama b. Satriya c. Patuladhan d. Prajurit e. Paraga 2. Gatekna watak tembang ing ngisor iki! 1) Sedhih 2) Luwes 3) Patuladhan 4) Prajurit 5) Paraga Watak tembang Dhandhanggula katujokake nomer…. a. 1,2,3 b. 1,3,4 c. 2,3,4 d. 2,3,5 e. 2,3,4,5 3. Guna kaya purune kang denantepi” tembung guna ing cakepan tembang Dhandhanggula kasebut nduweni teges… a. Kapinteran b. Bandha c. Wani d. Migunani e. Becik 4. Adipati Karna kang nalika dilairake dibuang menyang kali banjur ditemokake lan diangkat dadi anak dening…. a. Prabu Suyudana b. Kurawa c. Dasamuka d. Kumbakarna e. Kusir Adirata 5. Patih Suwanda gugur ing palagan amarga tandhing karo…. a. Arjunasasrabahu b. Bambang Sumantri c. Patih Suwanda Gladhen 3 Tembang Dhandhanggula
10 d. Dasamuka e. Begawan Suwandageni 6. Serat Tripama dumadi saka…pupuh a. 1 b. 2 c. 3 d. 4 e. 5 7. Ngowahi tembang wujude pupuh dadi gancaran diarani…. a. ngringkes b. sinopsis c. maraprase d. dudutan e. cekak aos 8. Tembung sing dipilih nalika ngrakit macapat kudu ana sesambungane karo…. a. tema b. plot c. alur d. amanat e. paraga 9. Serat Tripama iku dumadi saka sapupuh yaiku pupuh…. a. Sinom b. Dhandhanggula c. Kinanthi d. Pangkur e. Gambuh 10. Bambang Sumantri iku patih ing Nagara… a. astina b. alengka c. maespati d. pringgadani e. madukara 11. Kumbakarna kuwi kesatria kang wujude arupa…. a. dewa b. manungsa c. kewan d. raseksa e. widadari 12. Prajurit kang dicritakake ana ing pada 5 lan 6 yaiku…. a. Patih Suwanda b. Kumbakarna
11 c. Adipati Karna d. Arjunasasrabahu e. Janaka 13. Pupuh Dhandhanggula ing serat Tripama dumadi saka…pada a. 6 b. 7 c. 8 d. 9 e. 10 14. Kumbakarna nduweni aji-aji arane Aji Gelap Sakethi kang dayane…. a. netrane bisa sumorot kaya cahyaning surya b. bisa nyuwara kang gawe giris atine mungsuh c. bisa nyuwara banter kaya gludhug d. kuwat mangan lan ngombe akeh kang gawe kuwat santosa e. bisa turu nganti 1000 taun tanpa nglilir 15. Tembang dhandhanggula dumadi saka …. gatra a. 7 b. 8 c. 9 d. 10 e. 11 16. Ing ngisor iki mujudake sasmitane tembang Dhandhanggula, kajaba… a. madu b. sarkara c. manis d. taruna e. sampyuh 17. Pupuh Dhandhanggula kalebu ing kasusastraan gagrag…. a. lawas b. anyar c. alit d. ageng e. tradhisional 18. Serat Tripama kaanggit dening… a. Sri Susuhunan Pakubuwana IV b. Sri Susuhunan Pakubuwana V c. Mangkunegara IV d. Mangkunegara V e. Sri Susuhunan Pakubuwana IX
12 19. Gatekna gambar ing ngisor iki! a. Rama b. Dasamuka c. Patih SUwanda d. Karna e. Kumbakarna 20. Karna diangkat dadi adipati dening…. a. Suryaputra b. Prabu Suyudana c. Arjuna d. Adirata e. Arjunasasrabahu 21. Adipati Karna iku paragaa ing crita wayang…. a. Ramayana b. Mahabharata c. Pandhawa d. Punakawan e. Bratayuda 22. Ing Serat Tripama perangan kapisan nyritakake babagan…. a. Arjunasasrabahu b. Bambang Sumantri c. Patih Sengkuni d. Dasamuka e. Begawan Suwandageni 23. Arjunasasrabahu iku mujudake satriya ing… a. Astina b. Alengka c. Maespati d. Pringgadani e. Madukara
13 24. Surasane serat Tripama pada 3 lan 4 yaiku ngandharake babagan…. a. Patih Suwanda b. Kumbakarna c. Adipati Karna d. Dudutan saka perangan siji, loro, lan telu e. Crita Ramayana 25. Guru lagu lan guru wilangan tembang Dhandhanggula yaiku… a. 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a b. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i c. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i d. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a e. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! 1. Geneya Karna melu belani Kurawa? 2. Apa kang njalari Kumbakarna tapa suwene 50 taun? 3. Sebutna kang dadi panyuwune Kumbakarna marang Bathara Guru?! 4. Tulisna guru wilangan lan guru lagune tembung Dhandhanggula! 5. Apa wae sarata supaya Bathara Guru ngabulake panyuwune Kumbakarna? 6. Tembung “tri” ing serat Tripama nduweni teges…. 7. Gatra katelu ing tembang Dhandhanggula, guru wilangan lan guru lagune yaiku… 8. Prabu Harjuna Sastrabahu yaiku ratu ing… 9. Serat Tripama iku ngandhut isi babagan piwulang…. 10. Suryaputra, Basusena, lan Surtatmaja kalebu dasanamane…. 11. Paraga kang kena dituladhani ing serat Tripama yaiku Adipati Karna, Patih Suwanda, lan…. 12. Tembung kang ngemu teges samubarang kang legi yaiku… 13. Sarkara, manis, madu iku kalebu … tembang Dhandhanggula. 14. Tembang macapat kan dumadi saka 4 gatra yaiku … lan …. 15. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o iku paugerane tembang … C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! 1. Sebutna watake Patih Suwanda miturut serat Tripama! 2. Kepriye cara anggone gawe gancaran sawijining tembang? 3. Andharana kang dadi surasane serat Tripama! 4. Terangna surasane serat Tripama pada kapitu! 5. Terangna tata cara anggone ngrangkit tembang macapat!