The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by chatarina.putri, 2023-08-28 00:32:16

E-Modul Tembang Kinanthi

Tembang Kinanthi

1


2 TEMBANG KINANTHI Semaken materi kang klebu ing Serat Wedhatama pupuh Kinanthi! Banjur pahami kanthi tumemen! 1. Tembung ing Serat Wedhatama Tembung serat Wedhatama dumadi saka telung wanda, yaiku kaya kang dijlentrehake ing ngisor iki. a. Serat, duweni teges tulisan utawa kasusastran. b. Wedha, tegese kawruh utawa piwulang. c. Tama, dumadi saka tembung utama kang tegese becik, dhuwur utawa luhur. Dadi serat Wedhatama duweni teges sawijining susastra kang ngemot kawruh piwulang kautaman uga kaluhuran uripe manungsa. 2. Pada ing Serat Wedhatama Serat Wedhatama klebu sawijining susastra Jawa kang banget misuwur lan unggul utamane ing babagan tata negara Ian 90 pada liyane panembah marang Gusti Allah Kang Maha Kuwaos. Satus pada ing serat Wedhatama awujud tembang macapat, yaiku kaya ing ngisor iki. a. Pangkur kang dumadi saka 14 pada. b. Sinom kang dumadi saka 18 pada. c. Pocung kang dumadi saka 15 pada. d. Gambuh kang dumadi saka 35 pada. e. Kinanthi kang dumadi saka 18 pada. 3. Piwulang ing Serat Wedhatama. Piwulang ing Serat Wedhatama bisa kaperang dadi papat yaiku kaya ing ngisor iki. a. Piwulang etika, watak kang becik lan watak ala kang kandhut ing pupuh Pangkur, b. Piwulang ukum, kang katulis ing pupuh Sinom. c. Piwulang ngelmu lan amal kang katulis ing pupuh Pocung. d. Piwulang panembah (ibadah marang Gusti Kang Maha Kuwaos) kang kakandhut ing pupuh Gambuh. Ing ngisor iki piwulang ana ing serat Wedhatama diringkes dadi rong kelompok yaiku kaya ing ngisor iki. a. Piwulang kanggo kanoman. 1) Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan subasita, sarta mangerteni sumber ngel:mu kang bener. 2) Supaya ora duweni sifat angkuh amarga duweni panguwasa: 3) Disuwun supaya bisa milah-milah ake kanthi cermat kabeh piwulang supaya bisa nggunakake ngelmu kasebut kanthi nyocoke papan lan ketrampilan kang diduweni. 4) Para muda taruna kasuwun purun budidaya kanggo trisarana urip yaiku wirya, arta, lan warsis. b. Piwulang kanggo wong tuwa Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake, Kepriye carane milah-milah babakan ngelmu kang bener. Kepriye carane nglakoni eling marang Gusti Kang Maha Agung.


3 4. Jinise Tembang Jawa Tembang Jawa hisa kaperang dadi telu yaiku kang kaya i ing ngisor iki. a. Tembang gedhe Jinising tembang gedhe namungana siji, yaiku girisa. Manawa ditonton saka angele, tembang gedhe kaya Kakawin ing jaman kuna, kang klebu tembang gedhe, yaiku kaya ing ngisor iki. 1) Citramengeng 2) Kusumastuti 3) Mintajiwa 4) Pamularsih 5) Jagaddhita: lan liya-liyane. b. Tembang tengahan Jinising tembang iki kaya dene kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit. Kang klebu tembang tengahan yaiku kang kaya ing ngisor iki. 1) Jurudemung 2) Wirangrong 3) Balabak 4) Girisa c. Tembang alit Kang klebu tembang alit yaku tembang macapat. Tembang macapat minangka salah siji wujude tembang Jawa ing kasusastran Jawa anyar. Manut riwayat timbule, tembang macapat iku karipta dening para wali. Tembang macapat minangka pralambang laku uriping manungsa. 1) Ciri-ciri tembang macapat Ciri-ciri tembang macapat yaiku kang kaya ing ngisor iki. a) Kaiket ing wewaton (guru): Guru gatra : cacahing gatra/larike/baris saben sapada/bait. Guru wilangan : cacahing wanda/suku kata saben sagatra. Guru lagu : tibaning swara ing saben pungkasane gatra. b) BasaneJawa anyar, diseseli basa Jawa kuna (Kawi). c) Isine bab pitutur, kasusilan, dongeng, kaprajan wayang, lan sapanunggalane. Macapat ditegesi maca papat-papat tegese macane papat-papat, saben pamunggele tembung kedadeyan saka patang wanda. Sawijining karya sastra macapat biyasane kaperang dadi pirang-pirang pupuh. Saben pupuh kaperang dadi pirang-pirang pada.Saben pupuh migunakake utawa struktur kang padha. Metrum iki gumantung saka watak isi teks kang dicaritakake. Gunggunge pada saben pupuh beda-beda, gumantung marang gunggunge naskah kang digunakake. Sabanjure saben pada kaperang dadi larik utawa gatra. 3 Sabanjure saben gatra kaperang wanda. Saben gatra duweni wanda kang tetep lan dipungkasi dening vokal kang padha. 2) Tepat macapat Supaya luwih gampang bedakake antaraning guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu saka tembang-tembang kuwi, saben metrum, ditata ana sajering tabel ing ngisor iki.


4 No Metrum Gatr a I II III IV V VI VII VIII IX X Tembang Cilik 1 Maskumambang 4 12i 6a 8i 8a 2 Mijil 6 10i 6o 10e 10i 6i 6u 3 Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i 4 Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a 5 Asmaradana 7 8a 8i 8e 8a 7a 8u 8a 6 Gambuh 5 7u 10 u 12i 8u 8o 7 Dhandhanggula 10 10i 10 a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a 8 Durma 7 12 a 7i 6a 7a 8i 5a 7i 9 Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12 u 8a 8i 10 Megatruh 5 12 u 8i 8u 8i 8o 11 Pocung 4 12 u 6a 8i 12a Tembang Tengahan 12 Jurudemung 7 8a 8u 8u 8a 8u 8a 8u 13 Wirangrong 6 8i 8o 10u 6i 7a 8a 14 Balabak 6 12 a 3e 12a 3e 12 u 3e 15 Girisa 8 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a 3) Wataking tembang a) Tembang Maskumambang: susah nelangsa, prihatin, lan merana. Gunane kanggo mratelakake rasa susah. b) Tembang Mjjil: gandrung-gandrung lan prihatin. Gunane kanggo pangudhar rsa prihatin. c) Tembang Kinanthi: gandrung asmara. Gunane: kanggo mratelakake rasa susah karana asmara. d) Tembang Sinom: lugu, susah, lan prasaja. Gunane kanggo menehi pitutur, kanggo babar rasa susah.


5 e) Tembang Asmaradana: sengsem lan nesu. Gunane mratelakake rasa susah karana asmara. f) Tembang Gambuh: nerangake lan beber kawruh. Gunane kanggo mulang muruk.. g) Tembang Dhandhanggula: luwes, manis, sarwa cocok. Gunane kanggo pitutur, babar rasa susah, lan kanggo pambuka gendhing. h) Tembang Durma: nesu lan muring. Gunane kanggo pengeten nalikaning perang, tantang-tantangan. i) Tembang Pangkur: gandrung lan tegang. Gunane kanggo menehi pepenget/ pitutur. j) Tembang Megatruh: susah Ian rasa cuwa/gela kang banget. Gunane kanggo babarake rasa susah. k) Tembang Pocung: kendho, saenake, sembranan, lan guyonan. Gunane kanggo guyonan, cangkriman lan pitutur. Gladhen 1 A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, d, utawa tumrap wangsulan kang bener! 1. Tembang cilik yaiku cacahe ana.... a. 10 b. 11 c. 12 d. 15 e. 16 2. Sawetara tembang tengahan yaiku… a. 7 b. 6 c. 5 d. 4 e. 3 3. Wewataking tembang kinanthi yaiku….. a. sedih b. gandrung c. luwes d. prihatin e. nesu 4. Guru gatra tembang kinanthi cacahe… . a. 4 b. 5 c. 6 d. 7 e. 3


6 5. Ing ngisor iki guru lagune tembang kinanthi yaiku… a. u,i,a,i,a,i b. i,o,e,i,i,u c. a,e,a,e,u,e d. i,o,u,i,a,a e. u,a,i,a,e,u B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! 1. Apa bae piwulang 'kang bisa kajupuk saka pupuh Kinanthi Serat Wedhatama? 2. Sebutna pada-pada kang nyengkuyung Serat Wedhatama! 3. Sebutna jinis-jinising tembang Jawa! 4. Sebutna ciri-cirine tembang macapat! 5. Apa bae wewatone tembang Kinanthi? Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi Serat Wedhatama iku sawijining serat yasan dalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipat Arya (KGPAA) Mangkunegara IV kang wujudipun tembang. Serat Wedhatama ngemot tembang macapat Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh Ian Kinanthi, cacah 5 pupuh. 1. Pangkur (14 pada) Ana ing serat Wedhatama pupuh Pangkur duweni piwulang ngelmu kang sempumy kang dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku babagan sopan santun. Syarat utam, kanggo duweni yaiku ati-ati utawa mawas dhiri. Manungsa kang kasil mawas dhiri utawa ati-ati anggone nglakoni urip ana ing alam donya bakal tentrem ana ing donya 2. Sinom (18 pada) Pupuh Sinom ana ing serat Wedhatama yaiku isine babagan pikolehe saka tumindak ngati-ati. Tuladhane yaiku Nata Mataram Senopati kang duweni gelar wong agung ing ngeksigandha, tegese salah sawijineng pemimpin teladan, sumeh lan tresna marang kawulane lan asring nglakoni pasa, ananging ora ngadohi marang kawulane. 3. Pocung (15 Pada) Isine pupuh Pocung ana ing serat Wedhatama yaiku kawicaksanan sejati. Kawicaksanan sejati ora ketara ana sawijining papan panggonan. Kawicaksanan kasebut kudu kelakon. Piwulang KGPAA Mangkunegara IV yaiku lila lan narima, legawa utawa lila atine lan pasrah, sabar tulus ikhlas lan sumarah marang Gusti Ingkang Maha Agung. 4. Gambuh (35 pada) Piwulang kang ana ing pupuh Gambuh yaiku rasa sukur marang Gusti Allah Kang Maha Agung kanthi suci ing batin, ngadohi watak angkara murka lan sipat ngendelngendelake, sarta tekun nglakoni sembahyang. 5. Kinanthi (18 pada) Piwulang kang ana ing pupuh Kinanthi kasebut yaiku piwulang kanggo wong tuwa lan kanoman kang wus kajlentrehake ana ringkesan materi ing dhuwur.


7 83.Mangka kanthining tumuwuh, Salami mung awas eling, Eling lukitaning alam, Dadi wiryaning dumadi, Supadi nir ing sangsaya, Yeku pangreksaning urip. 93. Kawruhe mung ana wuwus, Wuwuse gumaib-gaib, Kasliring thithik tan kena, Mancereng alise gathik, Apa pandita antiga, Kang mangkono iku kaki. 84. Marma den taberi kulup, Angulah lantiping ati, Rina wengi den aneda, Pandak-panduking pambudi, Bengkas kahadaning driya, Supaya dadya utami. 94. Mangka ta kang aran laku, Lakune ngelmu sejati, Tan dahwen pati openan, Tan panasten nora jail, Tan njurungi ing kahardan, Amung eneng mamrih ening. 85. Pangasahe sepi samun, Aywa esah ing salami, Samangsa wis kawistara, Landhepe mingis mingis, Pasah wukir reksamuka, Kekes srabedaning budi. 95. Kaunanging budi luhung, Bangkit ajer ajur kaki, Yen mangkono bakal cikal, Thukul wijining utami, Nadyan bener kawruhira, Yen ana kang nyulayani, 86. Dene awas tegesipu, Weruh warananing urip, Miwah wisesaning tunggal, Kang atunggil rina wengi, Kang mukitan ing sarkara, Gumelar ngalam sakalir. 96. Tur kang nyulayani iku, Wus wruh yen kawruhe nempil, Nanging laire angalah, Katingala angemori Mung ngenaki tyasing lisan, Aywa esak aywa serik. 87. Ayawa sembrana ing kalbu, Wawasen wuwus sireki, Ing kono yekti karasa, Dudu ucape pribadi, Marma den sembadeng sedya, Wewesen praptaning uwis. 97. Yeku ilapating wahyu, Yen yuwan ing salami, Marga wimbuh ing nugraha, Saking heb Kang Maha Suci, Cinancang pucuking cipta, Nora ucul-ucul kaki. 88. Sirnakna semanging kalbu, Den waspada ing pangeksi, Yeku dalaning dalaning kasidan, Sinuda saka sathithik, Pamotahing nafsu hawa, Linantih mamrih titih. 98. Mangkono ingkang tinamtu, Tanpa nugrahing widhi, Mamrih ta kulup den bisa, Mbusuki ujaring janmi, Pakoleh lair batinnya. Lir leluhur nguni uni, 89. Aywa mematuh nalutuh, Tanpa tuwas tanpa kasil, Kasalibuk ing srabeda, Marma dipun ngati ati, Urip keh rencananira, Sambekala den kaliling. 99. Pantes tinulad tinurut Laladane mrih utami, Utama kembanging mulya, Kamulyaning jiwa dhiri, Ora ta yen ngeplekana, Lir leluhur nguni uni. 90.Upamane wong lumaku, Marga gawat den liwati, Lamun kurang ing pangarah, Sayekti karendhet ing ri, Apese kasandhung padhas, Babak bundhas anemahi. 100. Ananging ta kudu-kudu, Sakadarira pribadi, Aywa tinggal tutuladhan, Lamun tan mangkono kaki, Yekti tuna ing tumitah, Poma kaestokna kaki. 91. Lumrah bae yen kadyaku, Atetamba yen wus becik, Duwey kawruh sabodhag, Yen tan nartani ing kapti, Dadi kawruhe kinarya, Ngupaya kasil lan melik.


8 92. Meloke yen arsa muluk, Muluk ujare lir wali, Wola wali nora nyata, Anggepe pandhita luwih, Kaluwihane tan ana, Kabeh tandha-tandha sepi, Tuladha Gladhen 2 Pada No Tembung Teges Isi 83 1 Mangka Minangka Minangka sangune urip, kabeh namung kudu awas lan emut/eling. Awas sajrone tumindak lan emut marang lakune urip, supaya ora nemu alangan, iya njaga uripe. 2 Kanthining Kekanthining/sangune 3 Tumuwuh Urip 4 Salami Sedaya 5 Lukita dumadi Lampahing urip 6 Supadi Supados/supaya 7 Nir Tanpa 8 Sangsaya Rubeda/alangan 9 Yeku Inggih/iya 10 Pangreksaning urip Njaga uripe Pada No Tembung Teges Isi 84 1 Marma Mula Mula sing padha sregep anggone ngasah lantipe ati. Awan wengi kudu diniyati. Kuwat nampa takdire Gusti, lan tansah ngupaya ngilangi rasa wegah becik. 2 Taberi Sregep/rajin 3 Kulub Ngger/anakku 4 Den anedya Di + niyat + i 5 Pandak panduking Kiyat/kuwat 6 Bengkas Ngilangi 7 Kahadaning Rasa wegah 8 Driya Ati Gladhen 2 Tembung-tembung kang durung kongerteni tegese, bisa kotulis ing tabel kayata ing ndhuwur bareng kanca sisih kiwa / tengenmu! Pada No Tembung Teges Isi 85 1 2 3 4


9 Gladhen 3 A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, d, utawa tumrap wangsulan kang bener! 1. Semaken tembang Kinanthi ing ngisor iki! Padha gulangen ing kalbu Ing sasmita amrih lantip Aja pijer mangan nendra Kaprawiran den kaesthi Pasunen sariranira Cegah dhahar lawan guling Surasane tembang Kinanthi ing dhuwur yaiku… a. Palakrama b. Tata krama c. Gladhi batin d. Unggah-ungguh e. Golek kawruh 2. Tembung guling ing gatra kaping enem mengku teges…. a. turu b. mangan c. jujur d. pinter e. bungah 3. Kanggo mratelakake rasa nesu utawa muring yaiku mathuk nganggo tembang…. a. Asmaradana b. Megatruh c. Durma d. Gambuh e. Pangkur 4. Serat Wedhatama kaanggit dening…. a. KGPAA Mangkunagara IV b. ISKS Pakubuwana IV c. Pangeran Dipanegara d. R. Ng. Ranggawarsita e. R. Ng. Yasadipura 5. Paugerane gawe tembang ana ing ngisor iki kajaba… a. guru gatra b. guru lagu c. guru wilangan d. guru saka e. basa Jawa Anyar / Kawi


10 6. Ana ing Serat Wedhatama yaiku kawicaksanaan sejati, kang dadi pathokan kanggo manungsa yaiku.... a. Kawicaksanaan sejati b. Lila legawa c. Tumindak ngati-ati d. Rasa sokur marang Gusti e. Sopan santun 7. Pupuh Kinanthi ing serat Wedhatama dumadi saka...pada a. 23 b. 18 c. 25 d. 33 e. 30 8. Mangka kantining tumuwuh Salami mung awas eling Eling lukitaning alam Wedi weryaning dumadi Supadi niringa sangsaya Yeku pangreksani urip Tembung lukitaning ing gatra katelu tegese yaiku.... a. Piwulang b. Pisungsung c. Piyandel d. Pisowan e. Pikukuh 9. Jagaddhita, Kusumastuti, Mintajiwa kelebu jinising tembang.... a. Gedhe b. Tengahan c. Alit d. Macapat e. Kakawin 10. Isine pupuh Kinanthi ana ing serat Wedhatama yaiku.... a. Eling lan waspada b. Pemimpin teladan c. Tumindak ngati-ati d. Rasa sokur marang Gusti Allah e. Sopan santun B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! 1. Sebutna piwulang-piwulang kang ana ing Serat Wedhatama! 2. Jlentrehna sasmita lan watake tembang Kinanthi! 3. Sebutna jeneng-jenenge tembang gedhe 4. Cacahna pada-pada kang ngrakit Serat Wedhatama!


11 5. Tulisna pada kasepuluh tembang Pocung Serat Wedhatama! C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! 1. Pupuh Gambuh ing serat Wedhatama dumadi saka .. . pada. 2. Jenenge tembang ing kasusatran Jawa gagrag anyar yaiku .... 3. Serat Wedhatama kedadeyan saka 5 Pupuh yaiku ... 4. Tembung wedha duweni teges ... 5. Tembung tama duweni teges ... 6. Manut riwayat timbule tembang macapat iku karipta dening.... 7. Tibaning swara ing saben pungkasane gatra yaiku ... 8. Sarkara klebu sasmita tembang .... 9. Dununge tan/adoh manawa kapedhot nuduhake angka .... 10. “Anoman malumpat sampun”, manawa ditulis guru wilangan lan guru lagune .... D. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! 1. Apa gunane gancarake tembang? 2. Tembang klebu kasusastran Jawa gagrag apa lan pira cacahe? 3. Kepriye watake tembang Dhandhanggula? 4. Serat Wedhatama ngandhut papat pitutur becik kang migunani, sebutna! , 5. Serat Wedhatama dumadi saka 5 pupuh, sebutnal 6. Tulisna pupuh Kinanthi pada kanenem! 7. Apa bae piwulang kanggo kanoman ing Serat Wedhatama? 8. Apa kang diarani dening sastra lampah? 9. Apa kang diarani dayasastra? 10. Sebutna wewatone tembang macapat Sinom!


Click to View FlipBook Version