1
2 Prastawa kang kadadeyan ing sekitare kita iku klebu pawarta. Pawarta yaiku lapuran ngenani kadadeyan kang mentas bae dumadi utawa wis suwe kadadeyan. Pawarta kang becik iku asipat anyar, aktual, fakta, wigati, lan narik kawigaten. Pawarta yaiku cathethan kedadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing media cetak, utawa lapuran ing media elektronik. Kedadeyan utawa prastawa kang diwedharake iku awujud kedadeyan saben wektu sing ana ing donya iki. Upamane bencana lindhu (gempa bumi), perang, banjir, lan liya-liyane. Pawarta kang diumumake maneka warna, mula saka iku pamaca pawarta becike nlesih kanthi patitis marang pawarta iku mau. Ora sethithik kabar kang luwih nengenake rumor utawa kabar kang durung karuwan benere. Akeh kabar kang isine promosi. Kosok baline ora sethithik uga pawarta wigati kang bisa katemokake ing media massa. Dadi, pamaca kudu prigel milih lan milah pawarta kang diperlokake. 1. Tegese Pawarta Saben dina ana bae pawarta kang bisa dirungokake saka tipi utawa radhio, lan uga akeh pawarta kang bisa diwaca saka media cetak yaiku koran utawa majalah, nanging nyatane isih akeh wong kang durung weruh ngenani satemene kang diarani pawarta (pawarta) iku. Satemene kang diarani pawarta/pawarta, yaiku kaya mangkene. a. Palapuran prastawa nyata (kejadian faktual) utawa panemu (pendapat/opini) kang asipat wigati (penting) ing sawijining wektu, sarta dadi kawigatene wong akeh. b. Apa bae kang durung nate dikrungu, utawa diwaca sarta diweruhi/disumurupi. c. Wedharan/uraian sawijining prastawa nyata (fakta) utawa panemu (pendapat/opini) kang dipacak media massa. d. Swasana anyar kang narik kawigaten, kang lumrah diarani lagi usume. 2. Sipate Pawarta a. Pawarta iku kudu nduwe watak sesipatan utawa ciri/tenger kaya mangkene, Pawarta Iku kudu adhedhasar kasunyatan (fakta). Bahan Ajar Kurikulum dan proses pembelajaran dirancang untuk mendorong peserta didik untuk aktif, kreatif, mandiri, percaya diri, dan menjadi generasi yang berbasis pada Profil Pelajar Pancasila dan Budaya Kerja.
3 b. Kasunyatan (fakta) mau, kudu nyata-nyata kedaden. c. Kasunyatan ing pawarta kudu kapisah karo panemu (opini). d. Pawarta kudu timbang (seimbang), ora kena mihak sapa bae. 3. Wujud Pawarta : Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawisake Ilwat pirangpirang wujud kaya mangkene. a. Wujud cetak Bisa awujud majalah/ koran tuladhane: majalah Djokolodang, majalah Panjembar Semangat, lan sanesipun. b.Wujud siaran Wujud slaran Iki padha sarnya kanthi liwat Ilsan ananging mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta kasebut. Tuladhane: pawarta basa Jawa TTV, pawarta basa Jawa JOGJA TV, pawarta basa Jawa RRI, pawarta basa Jawa TV Semarang, lan sak panunggalane, c. Liwat internet Wujud siji iki yaiku sawijining pawarta basa Jawa utawa pawarta basa Jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Tuladhane situs sing nyawisake pawarta basa Jawa yaiku pawarta basa Jawa, sesorah Jawa, kumpulan crita basa Jawa, crita wayang basa Jawa, lan sapanunggalane. d.Wujud lisan Wujud lisan iki bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta dhateng tiyang ingkang dipunparing pawarta. Tuladhane: anak marang bapak, utawa sewalike. 4. Jinis Pawarta Jinising pawarta yaiku kaya mangkene: a. Pawarta dadakan Pawarta dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadeyane ora kena dipesthikake. Tuladha: kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran, lan liyaliyane. b. Pawarta dinan Pawarta dinan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadeyane wis dimangerteni sadurunge. Tuladha: pembukaan sekolah anyar, kunjungan presiden ing Batang, lan liyaliyane. c. Pawarta crita Pawarta crita yaiku pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan, nggambarake objek kang nengsemake. Pawarta iki diwedharake mung kanggo
4 hiburan utawa selingan. Tuladha: crita objek wisata, crita bab kasenengan'hobi, lan liya-liyane. 5. Unsur-unsur pawarta 5W+ 1H: What (apa), Where (ing ngendi), When (kapan), Why (kenang apa), Who (sapa), How (kepriye) 6. Perangan Pawarta Perangan pawarta yaiku kaya mangkene: a. Sesirah Sesirah yaiku perangan pawarta kang dhisik dhewe, biyasane mung ditulis nganggo tembungtembung supaya nuwuhake minat supaya wong gelem maca isi pawartane. b. Angle/Ringkesan Angle yaiku ukara kang nggambarake ringkesane isi pawarta, biyasane ditulis kandel ing sangisore sesirah. c. Isi pawarta Isi pawarta yaiku ukara-ukara kang jlentrehake prastawa ngenani apa, ana ngendi lan kapan kedadeyan iku dumadi. d.Gambar Gambar yaiku perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kedadeyan prastawa kanthi kasat mata. Ing media cetak awujud foto, menawa ing media elektronik awujud video. e. Sumber yaiku mujudake pawongan kang menehi katrangan utawa komentar marang dumadine prastawa iku. Sumber bisa mujudake seksi tumrap kedadeyan, utawa pihak kang nduwenj kewajiban kanggo mungkasake kedadeyan iku. 7. Cara nyerat pawarta: a) Ngumpulna data (wawancara / ndeleng langsung kedadeyane kanthi sangu unsur 5w+1h) b) Gawe cengkorongan (ngolah data kang wis diolehna dadi cengkorongan/kerangka) c) Ngembangke cengkorongan (ngembangke dadi teks pawarta) d) Nulis teks pawarta (cengkorongan mau ditata lan dibenerna yen ana tetembungan utawa tandha wacane) e) Nemtokake irah-irahan/judul (isine ringkes, lan narik kawigaten)
5 Kagiyatan Pasinaon 1 Kagiyatan Pasinaon 2 ASSESMEN FORMATIF Wacanen teks ing ngisor Iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1-5! Kadho Natal kanggo Maria Londa Jroning pertandingan ing Wunna Theikdi Indoor Stadium, Rebo, 18 Desember 2022, colotane Maria kasil methik medhali emas kanthi jarak 6,39 meter. Maria ngalahake Thitma Muangjan saka Thailand kang adohe mung 6,24 meter, satemah oleh perak lan atlet Thi Thu Thao Bui saka Vietnam kang kabageyan perunggu kanthi colotan 6,14 meter. Iki dadi medhali emas kapindhone kang diolehake kanggo Indonesia ing Sea Games XXVII. Emas sepisan saka nomer lompat jangkit. Mula ora kaluwihen yen medhali kasebut mujudake kadho Natal kang paling endah. “Sing jelas sasuwene iki pancen kerep ninggalake kulawarga, saiki pengin ganti menehi sing paling apik kanggo kulawarga. Aja nganti wong-wong mau gela kerep daktinggal, nanging ora nggawa asil. Yen awake dhewe nggawa asil rak dadi pracaya yen temen-temen nglaksanake kewajiban,” ucape Maria. Asile medhali atlit umur 23 taun iki terus ningkat. SEA Games wiwitan ing Laos 2009, entuk medhali perunggu saka nomer lompat jangkit lan lompat jauh, banjur bisa ningkat dadi medhali perak ing SEA Games 2011 Palembang. Neng Myanmar 2013 saiki dheweke kasil medhali emas loro. Malah Maria mecahake rekor SEA Games nomer lompat jangkit kanthi cathethan 14,17 meter kang ngluwihi rekor kepungkur 14,8 meter duwene Thitma Maungjan taun 2009. Kunci sukses Maria ningkatake prestasi mau yaiku gelem nambah porsi latihane dhewe. Apa kang dikandhakake pelatih tansah diugemi lan coba didandani saka saben latihane. Yen diwenehi PR ing selane ngaso latihan ya dilakoni. Prestasi SIMAK TULADHA PAWARTA ING NGISOR IKI! https://drive.google.com/file/d/1nKIqa_4ye2svTSO9L8ENjWH8DkSv3T91/view?usp=sharing https://drive.google.com/file/d/1qsZbwlErE1wrXXoq-ylbImkfhjfzp2rd/view?usp=sharing https://drive.google.com/file/d/1qBd3MAOrVhtOrggKDw9g3rHhJiS0wZzT/view?usp=sharing https://www.youtube.com/watch?v=JlbB7uSsXg0 https://www.youtube.com/watch?v=8gHhUX1gytQ&t=31s https://www.youtube.com/watch?v=-MiceKc3VMI&t=28s Gaweya Teks Pawarta Miturut kedadeyan kang nembe wae mbok temoni ing sakiwa tengenmu (lingkunganmu)! Kagiyatan Mandiri!
6 ing SEA Games iki mecut ambisine kanggo naklukake Asia. Supaya sedyane bisa kawujud, dheweke kudu nudhuhake prestasi sing konsisten Ian ningkat marang Pengurus Besar Persatuan Athletik Seluruh Indonesia utawa kanthi cekakan PB PASI. (Kapethik saka Penjebar Semangat, kanthi owah-owahan) Soal Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! 1. Wenehana tandha centhang (v) ing sangarepe pranyatan kang trep! Jroning pertandingan ing Wunna Theikdi Indoor Stadium, Rebo, 18 Desember 2018, colotane Maria kasil methik medhali emas kanthi jarak 6,39 meter. Pertandingan iki dadi medhali emas kapisan kang diolehake kanggo Indonesia Ing Sea Games XXVII. Asile medhali atlit umur 23 taun iki terus ningkat. SEA Games wiwitan ing Laos 2009, entuk medhali perunggu saka nomer lompat jangkit lan lompat jauh. Kunci sukses Maria ningkatake prestasi mau yaiku seneng maca. 2. Saka pawarta ing nndhuwur, Maria ngalahake atlit saka .. a. Laos b. Thailand c. Cina d. Singapore e. Philipina 3. Maria Londa ngasilake medali ana ing gelaran .... 4. Rekor apa sing dipecahake Maria Londa lan ngalahake sapa? 5. Kepriye kunci suksese Maria Londa nganti bisa ngasilake prestasi kasebut? Kagiyatan Pasinaon 3 Gaweya Teks Pawarta Miturut kedadeyan kang nembe wae mbok temoni ing sakiwa tengenmu (lingkunganmu)! Kagiyatan Mandiri!
7 Kagiyatan Pasinaon 4 GAJAH-GAJAH PADHA NGAMUK Desa cacah 9 ing wewengkon kabupaten Organ komering ulu (OKU) selatan, Sumatra Selatandilapurake diserang gerombolan gajah, Selasa (2/11/2021). Gajah-gajah mau ora mung ngrusak pategalan duweke warga nanging uga mlebu desa lan ngobrak-ngabrik omahe pendhudhuk ing Desa Serupumpum, Sipin, Tanjung Sembilan, Danau Kuning Lan Buai PamananMiturut pejabat sementara BuApati OKU Selatan, Ruli Rawi, Gajah-gajah mau wis waninyerang manungsa lan nyebabke wong siji tiwas kepidak. Ruli ngaku pihake sarwa salahanggone nangani perkara gajah kuwi,arep dibedhili wedi nerak aturan amarga gajah kalebukewan kang diayomi dening pemerintah. nanging yen ora dipateni grombolan gajah kasebut wismbebayani tumrap warga padesan. kang bisa dilakoni dening rawi mung aweh pengumumanmarang masyarakat supaya waspada marang pangamuke gajah-gajah mau.Rawi nduga pangamuke gajah gajah mau disebabake enteke pasedhiyan mangan lan ngombemerga alas alas kang sasuwene iki minangka habitate kewan kesebut wis rusak bosah basehdening tumindake menungsa. Miturut Dinas Kehutanan Sumatra Selatan, saka total ambane alas 3,7 hektar, 60 % ing antarane jroning kahanan rusak amarga panembangan liar. kajaba kuwi alas produksi kang ambane 1,2 hektar saka total 2,4 hektar uga jroning kahanan gundhuling taun 90-an uga tau kadedean ana grombolabne gajah kang nyerbu perkampungan warga.nanging nalika iku gajah mau bisa digiring menyang Taman Nasional Way Kambas Lampung kanthi nggunakake helicopter duweke kodam Sriwijaya. Miturut Rawi bisa wae cara kang kaya ngono dibaleni meneh, nanging mbutuhake ragad kang gedhe. Negesi Tembung kang angel 1. Wewengkon : ............................................................................................... 2. Nerak : ............................................................................................... 3. Diayomi : ............................................................................................... 4. Ditumpes : ............................................................................................... 5. Mbebayani : ............................................................................................... 6. Tumrap : ............................................................................................... 7. Habitat : ............................................................................................... 8. Jroning : ...............................................................................................
8 9. Diambali : .............................................................................................. 10. Diragad : ................................................................................................ Kagiyatan Pasinaon 5 Gatekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1-5! Bis Nabrak Pereng, Wong 17 Tiwas Kacilakan maut kang niwasake wong 17 kadadeyan ing Jalan Raya Puncak Km 89 Kampung Ciloto, Desa Ciloto, Kecamatan Cipanas, Kabupaten Cianjur, Jawa Barat, wanci Rebo, 27 Februari 2013. Bis Pariwisata Mustika Mega Utama saka arah Bogor sing ngemot penumpang cacah 24 dumadakan oling banjur nabrak perengan. Miturut katrangaris seksi mata, bis sing dicarter dening para peziyarah iku ora bisa dikendhaleni nalika ngambah dalan njojrog. Sopir bis dinuga sengaja nabrakake kendharakane menyang perengan kanggo nyingkiri tubrukan karo kendharaan kendharaan saka arah ngarep. Ny. Awit, penumpang bis sing slamet nuturake, dheweke serombongan sejatine nedya ziyarah menyang Cikundul. Wiwit mlebu wewengkon Ciloto, imbuhe, awit lakune bis wis engkak-engkok merga nyingkiri jeglongan kang akeh tinemu ing sadawane ratan. Kapolres Cianjur AKBP Agus Tri Heryanto mratelakake, lokasi kacilakan mujudake jalur mbebayani awit wis akeh mangan kurban. Setu, 23 Februari 2013, tambahe Agus, uga dumadi kacilakan ing Desa Bambayang, Kecamatan Gekbrong. Trek kang rime blong nyrudug kurban Ian niwasake wong cacah 16. (Kapethik saka Penjebar Semangat, No 10, 2013, Kanthi owah-owahan) 1. Ana ngendi kedaden papan prastawa kuwi mau? 2. Ana kadadeyan apa ing papan kuwi? 3. Kepriye prastawa iku bisa kadadeyan miturut katrangane seksi mata? 4. Kepriye kahanan dalane nganti bisa nandang cilaka mengkono? 5. Kacilakan apa bae sing wis dumadi ana ing dalan kuwi?
9 Assemen Sumatif Wangsulaha pitakon-pitakon ngisor iki manut prentahe! 1. Wenehana tandha centhang ing sangarepe ukara kang dadi sipate pawarta kang becik! Anyar Aktual Wigati Subjektip 2. Kacilakan motor, kobongan, banjir, iku klebu pawarta ... A. Dadakan B. Dinan C. Katrangan. D. Nyata E. Crita 3. Pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan diarani pawarta …. A. Dadakan B. Dinan C. Crita D. Katrangan E. Nyata 4. Kang kalebu pawarta dinan yaiku … (....) pembukaan sekolah anyar. (....) kunjungan presiden. (....) crita objek wisata (....) kobongan 5. Wenehana tandha centhang (v) sing kalebu tuladha pawarta crita! Pembukaan sekolah anyar Kunjungan presiden Crita objek wisata Kebakaran Pengalaman pribadi
10 6. Gelem mangerteni apa kang lagi kelakon diarani …. A. Tanggap ing sasmita B. Nglumpuke data migunakake 5w+1h C. Nyusun data dadi pawarta D. Menehi irah-irahan 7. Prastawa kang arang tinemu utamane bisa dadi sumbering pawarta kang narik … A. Kawigaten B. Wos C. Irah-irahan D. Pawarta E. Ringkesan 8. Sawise dadi pawartane, banjur cara seteruse yaiku golek…. A. Kawigaten B. Wos C. Irah-irahan D. Pawarta E. Ringkesan 9. Pawarta iku kudu adhedhasar…. A. Kasunyatan B. Crita C. Maca D. Nyemak E. Ringkesan 10. Teras kang tulisan inti saka prastawa pawarta kasebut teras…. A. dekduktip B. induktif C. ringkasan D. kontras E. ringkesan
11 11.Wenehana tandha centhang (v) ing kolom B (Bener) utawa S (Salah) ing pranyataan kang kudu digatekake nalika nulis irah-irahan! Pranyatan Bener Salah Ngedohi salah tafsir Kudu nggambarake isine pawarta Nganggo tembung kang angel Nganggo ukara tanduk 12. Wenehana tandha centhang (v) ing kolom B (Bener) utawa S (Salah) ing pranyataan kang kudu digatekake nalika nulis irah-irahan! Pranyatan Bener Salah Adhedhasar kasunyataan Ora nyata kadedayane Migunakake basa kang gampang dimangeteni Katulis kanthi bener lan apa anane Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 13-16! Kasus Demam Berdarah Ndungkap mangsa rendheng, perlu maspadani serangan demam berdarah. Ing taun 2018 iki kasus DBD suda katimbang taun 2017. Gunggung kasus demam berdarah ing kutha Surakarta nganti sasi November, kacathet warga cacah 246, dene wong cacah 4 ing antarane tiwas. Sawijine korban mujudake warga Pucangsawit kang isih bocah. Sawetara, kasus tiwas cacah 3 liyane mapan ing wewengkon Kadipiro, Jebres lan Manahan, kang kabeh uga isih bocah. Ing taun 2013, gunggung kasus demam berdarah ana 263 kanthi gunggung wong tiwas cacah 7, tegese gunggung kasus demam berdarah suda. Samengka kelurahan cacah lima las isih dinyatakake nol kasus. Sakehing kelurahan kasebut ing antarane Kauman, Laweyan, Karangasem, Kerten, Serengan, Kratonan, Joyosuran, Gajahan, Kampungbaru, Purwodingratan, Gandekan, Sudiroprajan, Kepatihan Kulon, Kepatihan Wetan lan Keprabon. Kanggo ngawekani kedadeyan lan ngrembakane lelara kasebut, warga kudu tansah nindakake urip kanthi resik lan sehat. Salah
12 sijine nguras kolah. Kabeh omahe warga, klebu panggonan indekos ditlesih lan diwat-awati uget-ugete. 13. Warga kutha Surakarta kang tiwas amarga nandang DBD taun 2018 cacah .... 14. Warga kang tiwas kuwi kajaba mapan ing dhaerah .... 15. Dene kurban tiwas jalaran nandang DBD cacah 7 kadadeyan nalika taun .... 16. Warga kang nandang DBD ing taun 2017 cacah .... Gatekna pethikan pawarta TV ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 17-20! Sugeng dalu pamirsa, kula Zuly Aumiawati badhe ngaturaken pawartos babagan sosial lan kabudayan saking Ngayogyokarta lan sakiwa-tengenipun. Ing dalu punika badhe kapurwakakaken pawartos Merti Dhusun ing Ngestiharjo, Kasihan, Bantul. Minangka adicara ingkang ajeg dipuntindakaken saben kalih taun sepisan warga Ngestiharjo, Kasihan, Bantul ngadani adicara Merti Dhusun uga lomba Kirab Budaya kawiwitan tanggal 19-26 Oktober taun 2022. Adicara punika mapan ing dhusun Rejodadi ananging ugi karegengaken ing tigang dhusun sanesipun, inggih punika dhusun Ongkobayan, Ngepreh, sarta Tegal Ongkobayan. 17. Tema pawarta ing nndhuwur iku babagan... 18. Tembung kapurwakan tegesipun sami kaliyan .... 19. Adicara punikamapan ing dhusun mapan Ing dhusun Rejodadi ananging ugi karegengakan Ing tigang dhusun sanesipun, inggih punika dhusun Ongkobayan, Ngepreh, sarta Tegal Ongkobayan. Unsur pawarta kang katon ana ing Ukara Iki yaiku .... 20. Adicara punika ugi karegengaken ing tigang dhusun sanesipun. Jeneng Iiyane karagengaken yaiku .... 21. Sumber pawarta kang ditampa awake dhewe Iku bisa saka maneka warna media, nanging sing baku pawartane kudu .... A. Durungdingerteni sapa wae B. Bisa dipracaya C. Pangangen-angene penyiar D. Kabar kang wigati E. Basane mentes
13 22. Bab-bab kang kudu dipatekake nalika maca pawarta yaiku.... A. Solah-bawa kang digawe-gawe B. Vokal trep karo artikulasi C. Swara saksero-serone D. Ora perlu nggatekake tandha itik lan koma E. Basane mentes 23. Pawarta asale saka tembung warta kang tegese .... A. Pawaria B. Layang C. Tulisan D. Kabar E. Pawiyatan Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 24 lan 25! Basa Dhaerah Meh Cures Basa dhaerah cacah 726 saka total 746 sing ana ing Indonesia baka sithik punah merga ditinggal dening panuture. Generasi mudha luwih seneng migunakake basa asing kanggo caturan saben dina katimbang nglestarekaken identitas kedaerahan mau. Bab iku dingendikakake dening Kepala Bidang Pembinaan Pusat Bahasa, yaiku Mustakim ing sela-selane acara Kongres Bahasa-Bahasa Daerah Wilayah Barat ing Bandar Lampung. Wondene basa daerah sing isih ana, kandhane Mustakim, racake penuture saya suda. Miturut Mustakim, dinane iki kari basa daerah cacah 13 sing penuture luwih saka sayuta, yaiku basa Jawa, basa Batak, basa Sunda, basa Bali, basa Bugis, basa Madura, basa Minang, basa Rejang Lebong, basa Lampung, basa Makassar, basa Banjar, basa Bima, lan basa Sasak. Wondene basa daerah sing panuture kari wong puluhan bae, yaiku basa Halmahera lan basa Maluku Utara. 24. Geneya basa dhaerah sing ana ing Indonesia baka sithik punah? 25. Basa daerah apa sing penuture kari wong puluhan?
14 Gatekna pawarta ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 26 lan 27! Sugeng Siyang Pamirsa Kula Indra Birawa badhe maosaken pawarta dinten punika wonten ing Warta Kilat. Embung Unnes sapunika sampun dados panggenan ingkang dipunengsemi tukang mancing saha mahasiswa Unnes. Embung ingkang wiyaripun setunggal lapangan bal-balan punika, menawi sonten kebak dening tiyang ingkang badhe mancing amargi sampun dipunuculaken kalih dasa ewu winih iwak mujaer dening pihak Unnes. Saengga embung kathah dening iwak sakaliyan tiyang ingkang badhe mancing wonten mrika. Humas Unnes, Sucipto Hadi Purnomo ngendikan, babagan embung sapunika pancen leres sampun dipundamel kagem panggenan rekreasi. Pandamelan embung sapunika inggih salah setunggaling program Unnes konservasi ingkang sampun nelasaken ragad nematus wolung dasa puluh juta sewidak ewu rupiah. Miturut pembantu pelaksaba proyek saking CV Duta Muda Indah, Slamet Widodo, embung dipundamel kanvve madahi toya wonten Unnes saengga boten banjir rikala mangsa udan. Proyekipun wonten seket dinten ingkang sapunika dipungarap gangsal welas tiyang dipunbiyantu eksavator buldoser kaliyan vibro. Wangsulana pitakon Ing ngisor iki kanthi trep! 26. Sapa kang dadi humase Unnes ing pawarta ing ndhuwur? 27. Apa jinise pawarta ing nduwur? 28. Tulisna perangan pawarta ing basa Jawa lan basa Inggris? 29. Apa bae perangan kang nemtokake bobot biji pawarta? 30. Jlentrehna pangerten pawarta lesan!