MODUL 1
STRUKTUR TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF
Oleh: Winarti, S.S.
PENDAHULUAN
Modul 1 ini adalah modul pertama yang akan kalian pelajari di semester ini. Modul 1
ini berisi materi tentang Struktur Teks Tanggapan Dheskriptif. Secara spesifik setelah
mempelajari modul 1 ini kalian diharapkan dapat :
1. Memahami jenis-jenis teks
2. Mengetahui ciri Teks Dheskriptif
3. Mengidentifikasi Struktur Teks Tanggapan Dheskriptif
4. Menjelaskan bagian-bagian dari Struktur Teks Tanggapan Dheskriptif.
KEGIATAN PEMBELAJARAN 1
Apa iku sing diarani Teks Tanggapan Dheskriptif?
Para siswa-siswi kelas VII, Ayo pitepungan/kenalan, iki Bu Winarti sing bakale
mulang para siswa-siswi kelas 7 ing pasinaon Basa Jawa. Minggu iki ayo sinau ngenani
materi Struktur Teks Tanggapan Dheskriptif . Muga-muga para siswa-siswi kabeh ing
kahanan bagya mulya. Bu Win percaya para murid tetep semangat sinau.
Teks Dheskriptif, yaiku teks sing isine nggambarake obyek kanthi gamblang lan rinci.
Tujuane paragraf ing teks tanggapan dheskriptif yaiku: kanggo njlentrehake/ nerangake
sawenehe obyek marang sing maca saengga wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake,
ngrungokake, ndeleng utawa ngalami tumrap apa sing wis didheskripsekake dening panulis.
Tanggapan dheskriptif yaiku : kesan tumrap apa sing wis dideleng, dirungu tumrap obyek
tartamtu, lan nalika maca kaya-kaya weruh lan ngrasakake obyek kang diwaca.
Titikan/cirine teks tanggapan dheskriptif, yaiku:
1. Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo panca driya (indera tubuh)
2. Tujuane supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa ndeleng dhewe
obyek sing dicritakake.
3. Ciri-cirine obyek dicritakake kanthi gamblang lan rinci
Struktur Teks Tanggapan Dheskriptif
Idhentifikasi
Struktur Teks Laporan Asil Observasi Klasifikasi
Deskripsi Bagean
Katrangan:
1. Idhentifikasi, yaiku perangan utawa bagean sing nerangake titikan/cirine obyek
2. Klasifikasi, yaiku perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa kelompoke
3. Deskripsi Bagean, yaiku perangan sing nerangake gegambaran obyek sing luwih rinci
GLADHEN
Supaya para siswa kabeh bisa mangerteni materi ing modul iki, ayo bebarengan nggarap
gladhen soal !
Wacanen teks tanggapan dheskriptif iki banjur wangsulana pitakone !
WISATA ALAM DESA JUGO
Wisata alam yaiku papan wisata kang nyuguhake kaendahane alam marang para
wisatawan/pengunjung. Desa Jugo Kec. Mojo, Kab. Kediri dumunung ing papan dhuwur
udakara 1200 meter saka lumahing segara. Saka alun-alun kutha Kediri kurang luwih 25
kilometer. Saurute dalan tumuju menyang desa Jugo, sesawangane banget nengsemake.
Wit-witan ijo royo-royo ing perenge gunung Wilis ndadekake para wisatawan sengsem.
Desa Jugo nduweni hawa kang adhem banget senajan ing mangsa ketiga. Krana Jugo
isih nduweni alas sing nyimpen akeh tetanduran gedhe, kayata: jati, pinus, cengkeh, lan
tanduran gedhe liyane.
Saliyane kaendahane sesawangan uga katentreman mligi swasana ing desa, Jugo uga
nyuguhake sumanake para wargane sing isih ngugemi gotong royong utawa sayan nalika
tangga teparo duwe gawe, njaga srawung karo kabeh wargane, uga njaga lingkungane.
Warga Jugo dikenal bisa tinarbuka tumrape para wisatawan sing mara. Amarga saka
potensine mau desa Jugo tau kasil dadi juwara 1 lomba Peduli Lingkungan se-Kabupaten
Kediri tahun 2025 lan juwara harapan III Lomba Pemanfaatan Pekarangan se-Kecamatan
Mojo.
Desa Jugo sing baku uga nyuguhake wisata alam yaiku grojogan Irenggolo, Dolo,
wisata methik strawberry, tracking menyang puncake Wilis utawa sepedha down hill.
Saliyane iku pamarintah desa Jugo bebarengan Perhutani lagi nyepakake wisata grojogan
Gayungan sing bakal direkmekake.
Grajogan Irenggala ana ing dusun Besuki, yen ana wong sing arep mlebu wisata
Irenggala kudu mbayar karcis Rp. 5.000,- (dewasa), lan Rp. 4.000,- (bocah cilik) iku nek
dina Senin nganti Jum’at, nanging yen ngepasi dina Sabtu/Minggu/dina prei karcise
mundhak Rp. 7.000 (dewasa), lan Rp. 5.000,- (bocah cilik).
Saliyane grojogan Irenggala uga ana wisata pethik strawberry ing laladan wisata
Besuki, nangin para wisatawan mau wis or kudu mbayar karcis maneh. Panggonane pas
sisih kiwa dalan ing antarane kantor siaran TV, Berry Farm duweke Wawan minangka siji-
sijine kebun strawberry ing Kediri. Fasilitas sing disedhiyakake Berry Farm arupa warung
lesehan, sing dikupengi blumbang iwak. Ana uga paket wisata edukasi arupa pelatihan
nandur lan ngolah tanduran strawberry, nanging kudu mbayar Rp. 50.000,-
Anane desa wisata ing Kabupaten Kediri kaya sing ana desa Jugo mau pranyata wis
bisa ningkatake ekonomine para warga desa Jugo, uga bisa luwih ngenalake kaendahane
kutha Kediri marang para wisatawan domestik uga manca. Bisa dadi inspirasi kanggone
desa-desa liyane supaya gelem kreatif mbangun desane kanthi ngupaya ngangkat potensi
sing ana ing desane.
Pitakon :
1. Teks tanggapan dheskriptif mau nyritakake apa?
2. Nyapo kok teks kanthi irah-irahan “Wisata Alam Desa Jugo” mau diarani teks
dheskriptif?
3. Apa titikane yen teks mau kalebu jinis teks dheskriptif?
4. Struktur teks tanggapan dheskritif iku kaperang dadi pirang bageyan?
5. Struktur teks tanggapan dheskriptif bageyan idhentifikasi isine ngenani apa?
6. Struktur teks tanggapan dheskriptif bageyan klasifikasi isine ngenani apa?
7. Struktur teks tanggapan dheskriptif bageyan dheskripsi bageyan isine ngenani apa?
8. Idhentifikasinen struktur teks dheskriptif “ Wisata Alam Desa Jugo” !
Wangsulan gladhen:
1. Nyritakake ngenani papan wisata sing ana ing desa Jugo.
2. Amarga teks “wisata Alam Desa Jugo” mau isine nyritakake maneka papan wisata
sing ana ing desa Jugo kanthi gambang lan rinci.
3. Titikane :
1) Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo panca driya (indera
tubuh)
2) Tujuane supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa ndeleng
dhewe obyek sing dicritakake.
3) Ciri-cirine obyek dicritakake kanthi gamblang lan rinci
4. Struktur teks tanggapan dheskriptif kaperang dadi 3 bageyan
5. nerangake titikan/cirine obyek
6. sing mantha-mantha manut jinis utawa kelompoke (bab sing dicritakake)
7. sing nerangake gegambaran obyek sing luwih rinci
8. Idhentifikasi struktur teks tanggapan dheskriptif “Wisata Alam Desa Jugo” yaiku:
Struktur teks asil observasi Ukara kang mbuktekake
Idhentifikasi Wisata alam yaiku papan wisata kang nyuguhake
kaendahane alam marang para wisatawan/pengunjung
Klasifikasi Desa Jugo uga nyuguhake sumanake para wargane sing
isih ngugemi gotong royong
Desa Jugo sing baku uga nyuguhake wisata alam yaiku
Deskripsi bageyan grojogan Irenggolo, Dolo, wisata methik strawberry,
tracking menyang puncake Wilis utawa sepedha down hill
Grajogan Irenggala ana ing dusun Besuki ....
Saliyane grojogan Irenggala uga ana wisata pethik
strawberry....
Anane desa wisata ing Kabupaten Kediri kaya sing ana desa
Jugo mau pranyata wis bisa ningkatake ekonomine para
warga desa Jugo
RANGKUMAN
Modul 1 Pasinaon materi struktur teks tanggapan dheskriptif wis rampung. Dudutan
pasinaon ing modul 1 iki yaiku:
1. Teks Dheskriptif, yaiku teks sing isine nggambarake obyek kanthi gamblang lan
rinci
2. Tujuane paragraf ing teks tanggapan dheskriptif yaiku: kanggo njlentrehake/
nerangake sawenehe obyek marang sing maca saengga wong sing maca kaya-kaya
melu ngrasakake, ngrungokake, ndeleng utawa ngalami tumrap apa sing wis
didheskripsekake dening panulis
3. Titikan/cirine teks tanggapan dheskriptif, yaiku:
a. Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo panca driya
(indera tubuh)
b. Tujuane supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa ndeleng
dhewe obyek sing dicritakake.
c. Ciri-cirine obyek dicritakake kanthi gamblang lan rinci
4. Struktur teks laporan asil observasi:
a. Idhentifikasi, yaiku perangan utawa bagean sing nerangake titikan/cirine
obyek
b. Klasifikasi, yaiku perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa kelompoke
c. Deskripsi Bagean, yaiku perangan sing nerangake gegambaran obyek sing
luwih rinci
TUGAS
Garapen tugas 1 !