Cerita Legendha
B a h a n A j a r B a s a J a w a
kelas VIII/Gasal
dening: Mifta Alfadlia
KOMPETENSI INTI
1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang
dianutnya.
2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur,
disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi, gotong
royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi
secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam
dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
3. Memahami dan menerapkan pengetahuan
(faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan
rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan,
teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan
kejadian nyata.
4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah
konkret ( menggunakan, mengurai, merangkai,
memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak
(menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan
mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah
dan sumber lain yang sama dalam sudut
pandang/teori.
A. Kompetensi Dasar
3.1 Memahami isi teks cerita legendha.
4.1 Menceritakan kembali cerita legendha
B. Indikator Pencapaian Kompetensi
Mendengarkan wacana dengaran cerita legendha
mengartikan kata-kata yang diaanggap sulit
menjawab pertanyaan dalam ragam krama
mendiskusikan isi legenda
mengungkapkan nilai-nilai luhur yang terdapat dalam
legenda secara tertulis
C. Ancasipun Pasinaon
Setelah mempelajari materi ini:
1.Siswa dapat mendeskripsikan pengertian cerita
legenda dengan tepat.
2. Siswa dapat menjelaskan titikan (ciri), jenis,
dan manfaat cerita legenda dengan tepat.
3. Siswa dapat mengartikan kata-kata yang
dianggap sulit dengan tepat.
4. Siswa dapat menjawab pertanyaan dalam
ragam krama dengan tepat.
5. Siswa dapat mendiskusikan isi legenda
dengan tepat.
6. Siswa dapat mengungkapkan nilai-nilai luhur
yang terdapat dalam legenda secara tertulis.
7. Siswa dapat menuliskan pokok-pokok isi
bacaan teks legenda dengan tepat.
8. Siswa dapat menceritakan kembali teks
legenda secara lisan dalam ragam krama dengan
tepat.
APA KUWI CRITA LEGENDHA?
Crita legendha yaiku crita kang isine ana
gegayutane karo asal-usul panggonan. crita
legendha kalebu crita rakyat, mula sumber
critane saka tuturan utawa lisan.
Legendha duweni tetenger (ciri) yaiku:
1. Anonim yaiku ora diweruhi sapa ingkang
ngarang.
2. Kolektif yaiku dianggep duweke rakyat
bareng.
3. Statis yaiku ora ana owah-owahan sing
penting saka biyen nganti saiki.
4. Imajiner yaiku nggambarake kedadeyan
mokal anane (ora masuk akal).
5. Ngemu tuladha yaiku nyritakake bab ala lan
bener kanggo tuladha.
JINISING LEGENDHA
1. Legendha keagamaan
Yaiku legendha kang ngandharake (jelaske) crita
para tokoh agama. tuladhanipun crita babagan
wali sanga ing tanah Jawi.
2. Legendha alam ghaib
yaiku awujud crita takhayul kanggo ngandharake
yen alam ghaib kuwi pancen ana. tuladhanipun
legendha candi prambanan, Nyi Roro Kidul, lan
sapanunggalanipun.
3. Legendha pawongan
yaiku legendha kang nyritakaken paraga tartamtu
kang dianggep pancen nyata kedadeyane.
tuladhanipun legendha Rara Mendhut.
4. Legendha Sawijining papan
Crita kang gegayutane karo panggonan, jeneng
panggonan utawa wujud topografi, yaiku ing endi
wujud sawijining dhaerah, apa perbukitan, jurang
utawa sapanunggalanipun.
UNSUR-UNSUR LEGENDHA
Unsur intrinsik ing salebeting crita legendha
yaiku:
1. Tema, gagasan dhasar kang nyengkuuyung
sawijining karakter sastra lan ana ing teks.
2. Paraga, paraga sajrone crita nduweni
kalungguha minangka pembawa lan
pengirim pesen, utawa samubarang kang
diwedharaken marang pamaos. paraga
kaperang saking paragatama (tokoh utama)
lan paraga wuwuhan (tokoh tambahan).
3. Alur utawa plot, kedadeyan-kedadeyan
sajrone crita amarga ana sebab lan akibat
ing crita.
4. Setting, dhasaring kedadosan prastawa
sajroning crita. kaperang dadi 3 yaitu setting
papan, wekdal, lan swasana.
5. Sudut pandang, posisi utawa cara
panganggit ngandharake paraga ana ing
crita.
6. Amanat,piwulang utawa ajaran kang
kinandhut ing crita.
UNSUR-UNSUR LEGENDHA
Unsur Ekstrinsik ing salebeting crita legendha.
unsur ekstrinsik yaiku unsur pambangun
sajabane crita kayata ngenani kondisi sosial,
budaya, ekonomi, lan nilai-nilai ana ing
masarakat. kang biyasane ana sajrone crita
yaiku unsur biografi, unsur sosial, lan unsur nilai.
LEGENDHA RORO JONGGRANG
Ing Jaman biyen ana kerajaan gedhe sing
Jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku
ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu
Baka.
Nanging kerajaan Prambanan diserang karo
kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane
kalah amarga kurang perslapane. Prabu Baka
lan pasukane mati amarga kena karo senjatane
Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan
pasukane seneng amarga isok naklukno
kerajaan Prambanan. Pada wektu Bandung
Bandowoso Ing kerajaan Prambanan, deweke
ndelok putri sing ayu banget. Putri Iku jenenge
Roro Jonggrang. putri Prabu Baka.
Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro
Jonggrang.
"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi
permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso. Roro
Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung
Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi
ana syarate."
LEGENDHA RORO JONGGRANG
Apa Iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.
"Gawekno aku 1000 candi tapi wektune
sakwengi! Jare Roro Jonggrang.
ngerungokno perintahe Bandung Ing bengl.
Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe
yalku Jin lan setan. Sawise Bandowoso, Jin lan
setan langsung nggarap sing diperintaake karo
Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndeleng
pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro
Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso Iso
nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang
langsung ngumpulno dayang dayange.
Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar
jerami. munikno lesung lan naburno bunga sing
wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno
wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline
candine iku wis ana 999, tapi kurang I.
Bandung Bandowoso mangkel nang Roro
Jonggrang amarga wis mbujuk deweke.
Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro
Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.
GLADHEN!
Saka teks crita Roro Jonggrang ing dhuwur,
wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Coba andharna kanthi ringkes crita
legendha "Roro Jonggrang"!
2. Sebutna nilai luhur kang bisa kapethik saka
crita legendha Roro Jonggrang, paling sithik
3!