Bahan Ajar Teks Eksposisi Adat Tradisi Mantu
Gagrak Ngyogyakarta
Kelas XI Semester 1
Sumber : https://m5.gs/WTRoVW
Dedi Handoko,S.Pd
PPG Daljab 2022
Kompetensi Inti (KI)
KI.3 Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahian faktual, konseptual, prosedural
dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi,
seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan kenegaraan,
dan peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan
pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan
minatnya untuk memecahkan masalah
KI.4 Mengolah, menalar, menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait dengan
pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, bertindak secara
efektif dan kreatif, serta dan mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan.
Kompetensi Dasar dan Indikator
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
3.4 Memahami isi teks eksposisi 3.4.1 Menganalisis teks eksposisi tentang adat
tentang adat tradisi mantu tradisi mantu (C4)
3.4.2 Menyimpulkan pokok pokok isi bacaan
dalam teks eksposisi tentang adat tradisi
mantu (C5)
4.4 Menanggapi isi dan menulis 4.4.1 Membuat teks eksposisi tentang adat tradisi
teks eksposisi tentang adat mantu (P5)
tradisi mantu 4.4.2 Menyajikan tentang teks eksposisi adat
tradisi mantu (P3)
Fase 1 Identifikasi Masalah
❖ Materi faktual
Peserta didik menika dipun paring teks ngengingi adicara upacara adat mantu
salajengipun kadawuhan ningali video babagan Upacara Adat Mantu.
salajengipun Peserta didiksaged ngrantam pitakenan kangge mangretosi teks
eksposisi adat mantu kasebut.
Tuladha teks eksposisi adat mantu saged dipuntingali wonten ing:
Link : https://www.youtube.com/watch?v=-cF9vVd9H4A
Fase 2 :Mengorganisasi Peserta Didik
❖ Materi Konseptual
Para siswa sumangga materi ing ngandhap menika dipunpirsani sesarengan
kaliyan kelompokipun
Struktur Teks Eksposisi
Teks eksposisi nduweni struktur tartamtu. Pemahaman struktur penting supaya bisa
mbedake teks eksposisi karo jenis teks lain. Struktur teks eksposisi.
1. Tesis (pembuka) : ngenalake isu, masalah utawa pandangan penulis bab topik
kang arep dibahas.
2. Rangkaian Argumen (isi) : panemu utawa argumen penulis kanggo njelasake tesis
3. Penegasan Ulang (penutup) : dudutan
Fase 3 :Membimbing Penyelidikan
❖ Materi Prosedural
Sesampunipun para siswa sinau bab pangertosan upacara adat mantu, salajengipun
diskusi kanthi kelompok. Para siswa punika damel teks eksposisi upacara adat mantu.
Langkah- langkah nyerat teks eksposisi bab budaya mantu jawa
1. Sakderengipun nyerat teks eksposisi para siswa kedah sampun ningali video bab
tataupacara adat mantu wonten link menika: https://youtu.be/6d0Xn4VdRYg
2. Menawi sampun, para siswa nemtokaken underaning perkara ingkang badhe kaserat
ing teks eksposisi.
3. Para siswa nemtokaken ancasing panyeratan teks eksposisi
4. Sumangga para siswa ngumpulaken data saking maneka sumber, saged saking
internet, buku, lsp.sumber kedah dipunserat.
5.Saklajengipun para siswa nyusun cengkorongan jumbuh kaliyan underan ingkang
kapilih.
6. Ngrantam cengkorongan dados paragraf
Fase 4: Mengembangkan dan Menyajikan Karya
❖ Materi Kognitif
Sasampunipun para siswa mangertosi caranipun damel teks eksposisi, salajengipun
peserta didik saged menganalisis teks eksposisi babagan adat tradisi mantu Jawi-
Yogyakarta menika!
Tuladha Teks Eksposisi Adat Tradisi Mantu Jawi
PENGANTENAN ADAT JAWA
Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa sing nduwé
rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangaké
pepanggihan antarané pengantèn putri lan penganten priya neng kahanan sing kusus kadosdéné
raja lan ratu. Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri,
sing dadi pamangku gati yaiku wong tua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu
déning kaluwarga saking pengantèn kakung. Rantaman adicara pengantènan adat Jawa ing
saben dhaérah béda miturut ekonomi saben kaluwarga. Sarampunge acara ijab kabul (akad
nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan
didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuané yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sing baku
manten lanang teka ing ngarep tarub, manten wadon methukake. Kembar mayang sing diboyong
saka njero (ngetutake manten wadon) disamplukake manten lanang, banjur dibuwang ing
prapatan utawa pratelon sing cedhak. Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo
pengantèn kakung kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi (ngidhak tigan), Pupuk,
Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.
Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarané pengantèn
kakung lan putri. Suruh isi gambir lan injet dilinting ditaleni benang lawe putih kanggo baling-
balangan manten lanang lan wadon. Cacahe gantal ana 7, sing 4 dicekel sing wadon (gondhang
kasih), sing lanang kebagean 3 (gondhang tutur), banjur kanggo balang-balangan mbaka siji.
Werdine: baling-balang katresnan. Suruh lumah lan kurepe beda, nanging rasane padha, dadi
lanang lan wadon iku beda nanging padha tresnane. Sedhah utawa suruh dilinting, ditaleni lawe
wenang. Cacahe loro, kanggo balangan penganten sarimbit. Balanagane penganten puri
diarani gondhang kasih , balnagane penganten kakung diarani gondhang tulur. Suruh dipilih
sing gathuk rose. Balangan suruh iki mralambangi :
a. Suruh yen dideleng beda rupa lumah lan kurebe, nanging yen digeget pada rasane, senajan
sing siji kakung, sing liyane putri , ananging yen wis manungga tekade, bisa manunggal
cipta, rasa lan karsane, pinasthi jatu kramane.
b. Marga ditaleni lawe wenang warna putih, minagka pengarep-arep muga sawise ditaleni
ing akrami, dadiya paningset anggone mbangun bebrayan, ora nalisir saka angger-
anggering kautaman.
c. Dipilih suruh kan temu rose, mengku werdi supaya penganten sarimbit manungal lair
batine tansah ngudi nyawiji, nyirik tumindak kang marakake sulaya kasembadan sedyane
lestari kang tansah kaesthi.
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri misuhi/ngresiki
sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka prelambang
sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang kaluwargane. Antiga utawa endhog
pitik kampung sing isih mentah, dening ibu juru paes disenggolake bathuke manten lanang lan
manten wadon, banjur dibanting nganti pecah. Werdine: pecahing wiji priya lan wanita kang
bakal mbabarake turun.
Endhog ayam kapidak dening penganten kakung nganti pecah, tegese anggone mbangun
bebrayan bisa mecah (misah) saka tanggung jawabe wongtuwa , bisa urip mandhireng pribadi.
Sawise penganten kakung ngidakendhogayamnganti pecah, penganten putridenggal anjengu
(ndhodhok) nyembah pengantenkakung lan enggal mijikisamparane nganggo banyukembang
setaman sing ana ingbokor. Iku minangka pralambang ngilangake sesuker, muga anggone urip
mbangu bebrayan bisa dadi tuladha.Wanita wajib bekti marang sing kakung. Sing kakung
wajib ngregani bektine sing putri, mulanuntun ngajak sing putri ngadek jajar.
Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah
Para siswa sasampunipun nyerat teks eksposisi adat mantu , pramila
sumangga sami dipunanalisis saha dipunevaluasi proses anggenipun
nggarap sedaya kalawau!
➢ Bab menapa ingkang dipuntindakaken ing pamulangan
1. Para siswa menika Kedah saged mangertosi makna upacara adat mantu
2. Para siswa kedah saged milih tetembungan ingkang trep.
3. Anggenipun ndamel teks eksposisi kedah laras kaliyan tema-nipun.
Dudutan & Relevansi
➢ Dudutan
1. Wacan eksposisi yaiku wacan kang njlentrehake utawa medharake
sawijining bab kanggo wong liya arupa proses saha ilustrasi
/gambaran kanthi certha
2. Adat budaya mantu menika salah satunggaling budaya ingkang kedah
dipunlestamtukaken, ampu ngantos kawon kaliyan budaya manca.
3. Sedaya rerangkaian upacara panggih ngandhut pagajab utawa
panyuwunan kang katujokake marang Gusti ingkang Mahaluhur.
Kedahipun saben tumindhak kedah semende wonten kapracayan
marang Gusti.
Relevansi
Jaman samenika upacara adat mliginipun upacara adat mantu taksih
kathah ingkang diginakaken ananging wonten ingkang upacara adat
mantu menika urutanipun sampun sami dipunewahi wonten ing
pernikahan modern supados langkung simple.
Kapustakan
1. Widaryatmo, Gandung, dkk. 2014. Prigel Basa Jawa. Jakarta: Erlangga
2. Poerwadarminta, W.J.S., dkk. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters
Uitgevers.
3. https://www.youtube.com/watch?v=-cF9vVd9H4A
4. https://youtu.be/6d0Xn4VdRYg