PURWAKA
Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti i
Allah Ingkang Maha Agung satemah Buku Bahan Ajar punika saged kasusun
kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur nembah nuwun kagem Bapak/Ibu
Dosen saha Guru Pamong ingkang sampun paring kawruh lan seserepan satemah
Bahan Ajar punika saged purna saha kasusun kanthi sae.
Bahan Ajar Basa Jawa punika minangka salah satunggaling tugas
Pendidikan Profesi Guru Dalam Jabatan Kategori II Taun 2022 inggih punika
damel Bahan Ajar. Bahan Ajar punika saged dipunginakaken minangka bahan
ajar Mata Pelajaran Bahasa Jawa ing Sekolah Menengah Pertama (SMP)
khususipun wonten SMP Negeri 3 Kebumen gegayutan kaliyan Aksara Jawa.
Bahan Ajar punika minangka kangge nyekapi kabetahan pasinaon basa Jawi
nalika wonten ing Pasinaon basa Jawi ingkang saged damel siswa nggadhahi
sikap ingkang Percaya Diri, Jujur, berfikir kristis, kreatif, bekerjasama saha
komunikatif. Bahan ajar punika ugi saged dipunginakaken wonten ing
kulawarga utawa lingkungan sakiwa tengenipun siswa. Kangge nyekapi
ancasipun kasebat, pramila bahan ajar punika awujud penjelasan materi ingkang
sampun dipunjumbuhaken kaliyan pola pikir siswa inggih punika gampil
dipuntampi, awit saking tuladha soal saha anggenipun ngluwari satemah saged
nyengkuyung pemahaman materi ingkang badhe dipunkuwaosi dening para
siswa.
Penyerat rumaos bilih bahan ajar punika taksih kathah kekirangan nalika
damel sah ngronce bahan ajar punika. Kritik saha saran ingkang sae saking
sedaya pamaos bahan ajar punika estu dipunajeng-ajeng. Mugi-mugi bahan ajar
punika saged paring manfangat kangge sedaya pamaos saha mugi-mugi saged
mbiyantu proses belajar mengajar wonten ing Sekolah.
Kebumen, 17 September 2022
Penyusun
Bahan Ajar Basa Jawa
DAFTAR ISI
Judul .........................................................................................................
Peta Konsep ..............................................................................................
Purwaka ....................................................................................................i
Daftar Isi ...................................................................................................ii
Pacandan Pasinaon ...................................................................................iii
Capaian Kompetensi .................................................................................1
Kompetensi Dasar ....................................................................................1
Ancas Pasinaon .........................................................................................2
Materi Pasinaon ........................................................................................3
A. Pranataning Nyerat Aksara Jawa Miturut Pakar ..................................3
a. Dentawyanjana ..............................................................................3
b. Pasangan ........................................................................................3
c. Sandhangan ....................................................................................4
B. Maca lan Nulis Aksara Jawa ................................................................5
a. Aksara Dentawyanjana/ Legena ....................................................5
b. Sandhangan ...................................................................................6
1) Sandhangan Swara ...................................................................6
2) Sandhangan Sigeg utawa Paten ................................................7
3) Pasangan lan Cara Nulise .........................................................7
C. Maca Teks Mawa Aksara Jawa ...........................................................8
D. Gladhen Nulis Aksara Jawa .................................................................9
E. Cathetan Wigati ....................................................................................10
Rangkuman ...............................................................................................11
Daftar Pustaka ..........................................................................................12
Bahan Ajar Basa Jawa ii
PACANDAN PASINAON
Saderengipun siswa ngginakaken bahan ajar punika, siswa kedah maos
bagian punika. ancasipun saprelu siswa saged pikantuk manfangat ingkang sae
saking bahan ajar punika.
Wonten pinten-pinten ingkang kedah digatekaken dening para siswa
saprelu kasil nyianaoni materi punika kanthi sae.
1. Wacanen kanthi premati bagian awal bahan ajar punika, supados saged
estu-estu mangertosi gegayutan materi ingkang dipunsinaoni saben
pasinaon wonten ing padintenan piyambak-piyambak.
2. Sinaoni sedaya materi kanthi premati saking bahan ajar punika saha
tembung-tembung utawi konsep ingkang dipunanggep wigati saged
dipunparingi tandha ngginakaken stabillo utawi spidol.
3. Wangsulana tuladha soal ingkang wonten ing salebeting bahan ajar punika
kanthi sae lan premati sapados siswa mangertosi dumugi pundi siswa
mangertosi materi kasebat.
4. Urut-urutaning pasinaon punika kedah dipuntindakaken dening siswa
supados cepet kasil nalika nyinaoni bahan ajar punika
Bahan Ajar Basa Jawa iii
CAPAIAN KOMPETENSI
A. Capaian Pembelajaran
➢ Peserta didik mampu membaca teks paragraf aksara Jawa untuk
menemukan makna yang tersurat dan tersirat.
➢ Peserta didik mampu menulis teks paragraf aksara Jawa sesuai
kaidah penulisan aksara Jawa.
B. Tujuan Pembelajaran
1. Siswa dapat mendiagnostik (C4) Aksara Jawa, sandhangan dan
pasangan sesuai dengan tatacara dan kaidah penulisan Aksara
Jawa yang baik dan benar.
2. Siswa dapat memproyeksikan (C5) 4 kalimat (satu paragraf)
berhuruf Jawa dengan penerapan sandhangan dan pasangan ke
dalam huruf latin.
3. Siswa dapat mengintegrasikan (P4) kalimat berhuruf latin ke
dalam huruf Jawa dengan penerapan sandhangan dan pasangan.
Bahan Ajar Basa Jawa 1
ANCAS PASINAON
Sasampunipun siswa nyinaoni bab pacelathon:
1. Siswa saged mangeertosi kanthi sae lan bener Aksaara Jawa,
pasangan lan sandhangan jumbuh kaliyan tatacara saha kaidah
panulisan Aksara Jawa kanthi bener.
2. Siswa saged maos 4 kalimat (1 paragraf) wacana Aksara Jawa
ingkang ngamot sandhangan lan pasangan.
3. Siswa saged mengalihaksarakan wacana ingkang ngginakaken huruf
latin dhateng Aksara Jawa ingkang ngamot sandhangan lan pasangan.
Bahan Ajar Basa Jawa 2
MATERI PASINAON
A. Pranataning Nyerat Aksara Jawa Miturut Pakar 3
Babagan pranataning nyerat Aksara Jawa, ing ngandhap punika badhe
kaandharaken pamanggihipun para pakar/ahli ingkang gegayutan kaliyan
nyerat Aksara Jawa. Pakar kasebat antawisipun: S. Padmosoekotjo (1986)
saha Darusuprapto (2002). Aksara Jawa miturut par pakar kasebat ingkag
wigatos karembag gegayutan kaliyan perkawis punika, ingkang magepokan
kaliyan Aksara Dentawyanjana, pasangan, saha sandhangan miturut S.
Padmosoekotjo (1986) saged kaandharaken ing ngandhap punika.
a. Dentawyanjana
Tembung dentawyanjana saking tembung denta lan wyanjana.
Denta mengku teges untu, wyanjana ateges aksara. Dados, tembung
dentawyanjana ateges aksara untu, nanging limrahipun kasebat carakan.
Aksara dentawyanjana kawiwitan kaliyan aksara ha lan kapungkasan
kanthi aksara nga ingkang cacahipun kalih dasa. Aksara kalih dasa kasebat
satunggal baka satunggalipun kawastanan aksara legena. Tembung legena
saking tembung Jawi kina lagna tegesipun aksara wuda utawi aksara tanpa
sandhangan.
Wujuding aksara Jawi legena punika jejeg utawi ndhoyong. Aksara
jejeg limrahipun tumraping aksara cap-capan ndhoyong tumraping seratan
asta. Ungeling aksara Jawi salebeting carakan punika jejeg dene manaw
salebeting tembung wonten ingkang jejeg wonten ingkang miring.
b. Pasangan
Wujudipun pasangan punika wonten ingkang wetah panyeratipun,
wonten ingkang tugel panyeratipun. Ingkang wetah upaminipun aksara ra,
ya, ga, nga saha kaserat sangandhaping aksara ingkang dipunpasangi,
boten kagandheng. Aksara pasangan ingkang panyeratipun tugel kaperang
dados gangsal, inggih punika:
1) aksara tugelan ingkang sinerat wonten wingkingipun aksara ingkang
dipunpasangi, inggih punika pasangan ha, pa, sa;
Bahan Ajar Basa Jawa
2) aksara tugelan ingkang kaserat sangandhaping aksara ingkang
dipunpasangi, saged kagandheng, saged ug boten kagandheng
upaminipun pasangan ka, ta, la;
3) aksara tugelan ingkang sinerat sangandhapipun aksara ingkang
dipunpasangi, kagandheng utawi boten, upaminipun pasangan dha ba,
tha;
4) panyeratipun kagandheng kaliyan aksara ingkang dipunpasang, inggih
punika pasangan wa, na, lan nya;
5) panyeratipun kagandheng utawi boten kagandheng kalyan tembung
ingkang dipunpaangi, tuladhanipun pasangan ca, da, ja, ma.
c. Sandhangan
Sandhangan aksara inggih punika te tenger ingkang dipunginakaken
langge ngewahi utawi muwuhi ungeling aksara utawi pasangan
Padmosoekotjo, 1986:17). Sandhangan kaperang dados sandhangan wara,
sandhangan wyanjana, sandhangan panyigeging wanda, sandhangan
pangkon (paten).
Sandhangan swara wonten gangsal, inggih punika wulu, suku, taling.
aling tarung, lan pepet. Sandhangan wayanjana wonten tiga inggih punika
akra minangka gantosipun panjingan ra; keret minangka sesulihipun cakra
pepet; pengkal sesulihipun panjingan ya.
Sandhangan panyigeg wanda wonten tiga inggih punika wignyan
ulihipun sigeg ha; layar sesulihipun sigeg ra; cecak sesulihipun sigeg
Sandhangan pangkon (paten) ginanipun kangge mratelakaken manawi ara
ingkang dipunpangku punika dados sesigeging wanda ingkang Monten
sangajengipun. Kajawi punika, sandhangan pangkon ugi dados ulihipun
pada lingsa, manawi dipunwuwuhi pada satunggal (ingkang upi lingsa)
dados sesulihipun pada lungsi.
Bahan Ajar Basa Jawa 4
B. Maca lan Nulis Aksara Jawa.
Aksara Jawa, mujudake “pusaka” warisan leluhur kang prelu
dipepetri, digegulang, kanggo miyak sawernaning kawruh ing kitab-kitab
kuna. Serat piwulang seratane para pujangga Jawa racake ditulis
nggunakake aksara carik, aksara Jawa tulisan tangan kang banget endah.
Mbokmenawa para siswa ana kang durung ngerti carane maca
utawa unine teks mawa aksara Jawa kasebut. Ya, lumrah mangkono. Ing
piwulangan iki sejatine para siswa diajab bisa sinau dhewe ing sajabaning
pawulangan karo wong tuwa ing ngomah, takon kanca kang wis bisa
maca, utawa nyuwun diajari bapak/ibu Guru.
Wulangan aksara Jawa wis ora dibahas meneh kanthi ancas ora
ngentek-entekake waktu pamulangan. Mula yen durung ngerti enggal-
enggal golek cara amrih bisa. Yen wis bisa lan lancar anggone maca, mula
teks wacan iku tulisen ing bukumu amrih aksarane bisa luwih kokapali.
a. Aksara Dentawyanjana/ Legena
Dentawyanjana lumrahe ditegesi carakan. Dentawyanjana iku saka
tembung denta “untu” lan wyanjana “aksara”. Dadi dentawyanjana
salugune ateges aksara untu, nanging sabanjure dentawyanjana ditegesi
urut-urutane aksara Jawa wiwit saka ha ( ) nganti nga ( ) kang
cacahe kabeh ana 20, yaiku :
ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha nga
Bahan Ajar Basa Jawa 5
Aksara ing ndhuwur kang isih wutuh iku diarani aksara legena,
tegese aksara kang isih wuda, durung oleh sandhangan. Aksara kang katulis
ing jejere utawa sangisore iku sing diarani pasangan. Aksara kasebut wus
bisa kanggo nulis tetembungan utawa ukara senajan ora nggunakake
sandhangan lan pasangan. Upamane tembung kaca mata, lawa, mara rana,
lara mata, lsp.
b. Sandhangan
Sandhangan diperang dadi 2 yaiku sandhangan swara lan sandhangan
panyigeg. Coba jingglengi maneh wujude ing ngisor iki!
1) Sandhangan swara
Cacahe ana 5 digunakake kanggo nemtokake swara a, i, u, e, o.
upamane aksara ha disandhangi wulu dadi hi, mangkono sateruse,
luwih cethane bisa disimak ing tuladha ngisor iki.
Arane Wujude Unine Tuladha Wacane
Wulu Siti ngaji
Suku ..... .... i
Pepet Tuku buku
Taling ........ u
Metu wengi
..... ... é Gawe sate
dhewe
........ ê Peyek
Taling ........ è Soto Sokaraja
tarung o
Bahan Ajar Basa Jawa 6
2) Sandhangan Sigeg utawa Paten
Sandhangan panyigeg cacahe ana 4, digunakake kanggo nyigeg
utawa nemtokake aksara kang mandheg utawa mati. Ing
sandhangan iki ana 3 aksara kang duwe sandhangan sigeg, yaiku ha
mati, nga mati, lan ra mati, dene aksara liyane nggunakake
pangkon utawa paten. Luwih cethane bisa disimak ing tabel ingisor
iki.
Jenenge Wujude Unine Tulada Wacane
Layar …. …r latar
Cecak/cecek …. …ng
Wigyan/wigyah ….. …h gawang
Pangkon/paten …. - layah
galak
Kanggo pepeling, para siswa anggone nulis cakepan kasebut wus
wujud ukara. Cetha jroning ukara mesthi campuh antarane aksara kang mati
lan urip, dadi kudu nggunakake sandhangan lan pasangan. Kepriye cak-
cakane nggunakake pasangan aksara Jawa, sepisan maneh dielingake,
pasangan aksara Jawa digunakake nalika ana aksara sing mati ing tengahing
tembung utawa ukara. Kang ditulis wujuda pasangan yaiku aksara kang ana
samburine aksara sing mati. Aja nganti kuwalik aksara mati ditulis
pasangan.
3) Pasangan Lan Cara Nulise
Pasangan digunakake kanggo ngganti pangkon( )ing tengah tembung
utawa ukara menawa ana aksara sing mati. Aksara kang ditulis
wujud pasangan yaiku aksara sawise aksara mati. Aksara mati
ditulis wutuh dudu ditulis dadi pasangan. Mungguh cethane coba
gatekna tuladha ing ngisor iki:
Bahan Ajar Basa Jawa 7
Akik tapak dara ; ing ukara iki sing diarani aksara mati yaiku aksara ka
(k) ing tembung akiklan ka (k) ing tembung tapak, mula ukara kasebut
mbutuhake pasangan ta saka tembung tapak lan da saka tembung dara.
Dene aksara. Wujud tulisan Jawane :
(bener) Aksara ka (aksara sing mati) ing tembung
akik, ditulis wutuh (dudu pasangan)
Pasangan ta (aksara sawise sing
mati) ing tembung tapak
(luput)
(luput)
C. Maca Teks Mawa Aksara Jawa
Maca Ukara Mawa Aksara Jawa
Coba bareng-bareng karo kanca sakelasmu, eling-elingen maneh wujud
aksara Jawa nglegena, pasangane, lan sandhangane! Banjur gatekna ukara-
ukara kang ditulis migunakake aksara Jawa ing ngisor iki!
a.
b.
c.
d.
e.
f.
g.
Bahan Ajar Basa Jawa 8
Sawise lancar maca ukara, mula wacanen teks mawa aksara Jawa ing ngisor
iki! Yen wis lancar banjur tulisen ukarane ing buku cathetanmu!
D. Gladhen nulis Aksara Jawa
1. Nulis Ukara Mawa Aksara Jawa
Sawise lancar maca ukara, mula saiki gladhen nulis mawa aksara.
Coba tulisen ukara-ukara ing ngisor iki mawa aksara Jawa!
1) Rini tuku roti.
2) Golong giling gilig.
3) Wong jujur iku luhur.
4) Ajar maca Jawa
5) Arini menyang pasar
6) Kebo nusu gudel.
7) Payung ora bisa megar.
8) Bocah sekolah kudu sinau.
9) Wernane abang putih.
10) Aku sida ulang taun
Bahan Ajar Basa Jawa 9
2. Nulis 1 paragraf Aksara Jawa
Sapêngkêripun Bambang Sumantri, kadang enemipun sukrasana
ingkang wujud buta bajang, sowan kang rama nedya Angupadi ingkang
raka. Sanadyan dipunarih-arih, Bambang Sukrasana boten anggugu,
lajeng mesat Anggagana badhe angulataken dhateng pundi lampahipun
kang raka Bambang Sumantri.
E. Cathetan wigati
Kepriye rasane sawise nyinau bab ing piwulangan iki? Apa para
siswa wis duwe wawasan ngenani carane gawe crita pengalaman lan maca
nulis nganggo aksara Jawa? Piwulang apa kang bisa kajupuk saka crita
pengalaman kang ana, gegayutan karo urip ing bebrayan saben dinane?
Piwulangan ing bab iki minangka sarana kanggo kita kabeh kareben
tansaya lantip, trampil ing babagan basa Jawa. Saliyane iku uga lantip ing
panggrahita sajroning srawung ing bebrayan agung.
Bahan Ajar Basa Jawa 10
RANGKUMAN
Aksara Jawa, mujudake “pusaka” warisan leluhur kang prelu
dipepetri, digegulang, kanggo miyak sawernaning kawruh ing kitab-kitab
kuna. Serat piwulang seratane para pujangga Jawa racake ditulis nggunakake
aksara carik, aksara Jawa tulisan tangan kang banget endah
a. Aksara Dentawyanjana/ Legena
Dentawyanjana lumrahe ditegesi carakan. Dentawyanjana iku saka tembung
denta “untu” lan wyanjana “aksara”. Dadi dentawyanjana salugune ateges aksara
untu, nanging sabanjure dentawyanjana ditegesi urut-urutane aksara Jawa wiwit
saka ha ( ) nganti nga ( ) kang cacahe kabeh ana 20;
b. Sandhangan
Sandhangan diperang dadi 2 yaiku sandhangan swara lan sandhangan
panyigeg. Coba jingglengi maneh wujude ing ngisor iki!
1) Sandhangan swara
Cacahe ana 5 digunakake kanggo nemtokake swara a, i, u, e, o.
upamane aksara ha disandhangi wulu dadi hi, mangkono sateruse
2) Sandhangan Sigeg utawa Paten
Sandhangan panyigeg cacahe ana 4, digunakake kanggo nyigeg utawa
nemtokake aksara kang mandheg utawa mati. Ing sandhangan iki ana
3 aksara kang duwe sandhangan sigeg, yaiku ha mati, nga mati, lan ra
mati, dene aksara liyane nggunakake pangkon utawa paten.
c. Pasangan Lan Cara Nulise
Pasangan digunakake kanggo ngganti pangkon( )ing tengah tembung
utawa ukara menawa ana aksara sing mati. Aksara kang ditulis wujud
pasangan yaiku aksara sawise aksara mati. Aksara mati ditulis
wutuh dudu ditulis dadi pasangan
Bahan Ajar Basa Jawa 11
DAFTAR PUSTAKA
Parno, dkk. 2019. Pandhawa (Panuntun Wedharan Basa Jawa). Kebumen:
CV. Anugerah Utama
Priyantono, Sawukir. 2015. Marsudi Basa lan Sastra Jawa. Jakarta: Penerbit
Erlangga.
Priyantono, Sawukir. 2019. Mandiri (Mengasah Kemampuan Diri) Basa
Jawa. Jakarta: Penerbit Erlangga.
Wahyudi, Eko. Dkk. 2022. Pandhawa (Panuntun Wedharan Basa Jawa).
Kebumen: CV. Anugerah Utama
Bahan Ajar Basa Jawa 12