PURWAKA
Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun i
Gusti Allah Ingkang Maha Agung satemah Buku Bahan Ajar punika saged
kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur nembah nuwun kagem
Bapak/Ibu Dosen saha Guru Pamong ingkang sampun paring kawruh lan
seserepan satemah Bahan Ajar punika saged purna saha kasusun kanthi sae.
Bahan Ajar Basa Jawa punika minangka salah satunggaling tugas
Pendidikan Profesi Guru Dalam Jabatan Kategori II Taun 2022 inggih punika
damel Bahan Ajar. Bahan Ajar punika saged dipunginakaken minangka bahan
ajar Mata Pelajaran Bahasa Jawa ing Sekolah Menengah Pertama (SMP)
khususipun wonten SMP Negeri 3 Kebumen gegayutan kaliyan Unggah-Ungguh
Basa Jawa. Bahan Ajar punika minangka kangge nyekapi kabetahan pasinaon
basa Jawi nalika wonten ing Pasinaon basa Jawi ingkang saged damel siswa
nggadhahi sikap ingkang Percaya Diri, Jujur, berfikir kristis, kreatif,
bekerjasama saha komunikatif. Bahan ajar punika ugi saged dipunginakaken
wonten ing kulawarga utawa lingkungan sakiwa tengenipun siswa. Kangge
nyekapi ancasipun kasebat, pramila bahan ajar punika awujud penjelasan materi
ingkang sampun dipunjumbuhaken kaliyan pola pikir siswa inggih punika
gampil dipuntampi, awit saking tuladha soal saha anggenipun ngluwari satemah
saged nyengkuyung pemahaman materi ingkang badhe dipunkuwaosi dening
para siswa.
Penyerat rumaos bilih bahan ajar punika taksih kathah kekirangan
nalika damel sah ngronce bahan ajar punika. Kritik saha saran ingkang sae
saking sedaya pamaos bahan ajar punika estu dipunajeng-ajeng. Mugi-mugi
bahan ajar punika saged paring manfangat kangge sedaya pamaos saha mugi-
mugi saged mbiyantu proses belajar mengajar wonten ing Sekolah.
Kebumen, 17 September 2022
Penyusun
Bahan Ajar Basa Jawa
DAFTAR ISI
Judul .........................................................................................................
Peta Konsep ..............................................................................................
Purwaka ....................................................................................................i
Daftar Isi ...................................................................................................ii
Pacandan Pasinaon ...................................................................................iii
Capaian Kompetensi .................................................................................1
Kompetensi Dasar ....................................................................................1
Ancas Pasinaon .........................................................................................2
Materi Pasinaon ........................................................................................3
A. Dialog/ Pacelathon ...............................................................................3
B. Jinising Undha Usuk Basa ...................................................................4
C. Ngenani Unggah-Ungguh ....................................................................5
D. Tuladha Undha Usuk Basa ..................................................................6
E. Nulis Pacelathon ..................................................................................7
F. Nulis Mawa Undha Usuk .....................................................................7
G. Maca Teks Pacelathon .........................................................................10
H. Mangsuli Pitakon .................................................................................13
I. Nulis Teks Pacelathon ...........................................................................13
Dudutan ....................................................................................................16
Daftar Pustaka ..........................................................................................17
Bahan Ajar Basa Jawa ii
PACANDAN PASINAON
Saderengipun siswa ngginakaken bahan ajar punika, siswa kedah maos
bagian punika. ancasipun saprelu siswa saged pikantuk manfangat ingkang sae
saking bahan ajar punika.
Wonten pinten-pinten ingkang kedah digatekaken dening para siswa
saprelu kasil nyianaoni materi punika kanthi sae.
1. Wacanen kanthi premati bagian awal bahan ajar punika, supados saged
estu-estu mangertosi gegayutan materi ingkang dipunsinaoni saben
pasinaon wonten ing padintenan piyambak-piyambak.
2. Sinaoni sedaya materi kanthi premati saking bahan ajar punika saha
tembung-tembung utawi konsep ingkang dipunanggep wigati saged
dipunparingi tandha ngginakaken stabillo utawi spidol.
3. Wangsulana tuladha soal ingkang wonten ing salebeting bahan ajar punika
kanthi sae lan premati sapados siswa mangertosi dumugi pundi siswa
mangertosi materi kasebat.
4. Urut-urutaning pasinaon punika kedah dipuntindakaken dening siswa
supados cepet kasil nalika nyinaoni bahan ajar punika
Bahan Ajar Basa Jawa iii
CAPAIAN KOMPETENSI
A. Capaian Pembelajaran
Peserta didik mampu menganalisis dan mengevaluasi informasi
berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang
akurat dari teks nonsastra (dialog/ gelar wicara/ lainnya).
B. Tujuan Pembelajaran
1. Siswa dapat menerapkan (C3) unggah-ungguh basa Jawi dalam
percakapan berdasarkan undha usuk basa.
2. Siswa dapat menganalisis (C4) undha usuk basa yang digunakan
pada dialog/percakapaan yang diberikan kepada Siswa.
3. Siswa dapat menelaah (C4) isi dialog/ percakapan berbahasa Jawa
yang dibaca.
4. Siswa dapat menciptakan/ menghasilkan karya (P5) dialog/
percakapan sederhana dengan menerapkan kaidah penulisan yang
baik dan benar sesuai dengan undha usuk basa.
Bahan Ajar Basa Jawa 1
ANCAS PASINAON
Sasampunipun siswa nyinaoni bab pacelathon:
1. Siswa saged nemtokaken undha usuk basa Jawi ingkang
dipunginakaken wonten ing dialog/ pacelathon ingkang sampun
dipunwaos dening siswa.
2. Siswa saged menelaah isi dialog/ pacelathon ingkang sampun
dipunwaos.
3. Siswa saged ngetrapaken unggah-ungguh basa Jawa wonten ing
wicantenan adhedhasar undha usuk basa ingkang leres
4. Siswa saged nyerat/ damel dialog/ pacelathon sederhana kanthi
ngetrapalen kaidah panulisan ingkang sae lan bener jumbuh kaliyan
undha usuk basa Jawi.
Bahan Ajar Basa Jawa 2
A. Dialog/ Pacelathon
Dialog utawa omong-omongan lumrah diarani pacelathon. Pacelathon iku
omong-omongan wong luwih saka siji kanthi underaning rembug kang wis cetha
lan piniji. Ing basa Jawa, omong-omongan iku kudu nggatekake sapa sing omong-
omongan, sapa sing dijak ngomong, tujuane omong-omongan, basa sing
digunakake, lan kahanan utawa swasana nalika pacelathon. Yen omong-omongan
mau ditulis kudu nggatekake tata tulis kang bener.
Pacelathon iku saka tembung celathu kang ateges omong utawa kandha.
Nindakake pacelathon tegese guneman utawa lagi kekandhan antarane siji lan
liyane. Wong guneman iku manut tatanan Jawa kudu ngerti empan papan. Sapa
sing diajak guneman, ana ngendi papane, lan perlune guneman iku apa. Bab iku
kanggo nemtokake rgam basa kang trep kanggo guneman. Jawa ngiket aturan tata
krama micara aran unggah-ungguh. Wong kang ngugemi unggah-ungguh basa
kabiji wong kang bisa ndunungake diri pribadi lan ngajeni liyan. Mangkono
suwalike.
Prilaku jujur, tanggung jawab, nengenake unggah-ungguh lan tata krama
prelu dadi polah tindak lan tutur, klebu memanis anggone ndhapuk iklan. Aja
nganti nggunakake watak waton, yaiku waton payu, waton dadi, lan waton bisa.
Nindakake pacelathon utawa wawan gunem bisa ngendi papan, bisa
langsung utawa nggunakake sarana gunem (telpon). Kabeh mau ora mbedakake tata
carane guneman. Unggah-ungguh basa tetep dadi pandom utama, sebab sapa sing
diajak guneman lan ing swasana apa bae kudu njaga rasa kurmat marang liyan. Aja
nganti salah tembung kang tunhone njlomprongake diri pribadi kabiji minangka
bocah/wong kang kurang tata wicara lan suba sita. Pramila ana unen-unen “Ajining
Dhiri Dumunung Ing Lathi, Ajining Raga Dumunung Ing Busana, lan Ajining
Awak Dumunung Ing Tumindak.
Bahan Ajar Basa Jawa 3
B. Jinising Undha Usuk Basa
Bahan Ajar Basa Jawa 4
1. Basa (Jawa) sing bener yaiku basa kang digunakake trep klawan
unggah-ungguh jumbuh klawan sapa sing diajak wawan gunem. Dadi
ora kudu abasa krama inggil utawa krama alus.
2. Dhialek : ragam basa padinan kang digunakake dening masarakat ing
wilayah-wilayah tinamtu.
3. Komunikatif : basa kang nggunake pilihan tembung antarane sing
wawan gunem padha-padha ngerti maknane/karepe ora kaiket
swasana resmi.
4. Basa pasaran : basa kang lumrah digunakake caturan padinan tanpa
diwatesi tatanan kagunan basa, saemper komunikatif, nanging luwih
ringkes lan padhet.
C.Ngenani Unggah-Ungguh
Manut panemune Endang Rahayu, (2011) Perangan unggah-ungguh iki kang
ora kena dilirwakake para siswa yaiku:
1. Mawas dhiri marang sapa sing ngajak/ diajak guneman, yaiku tuwa
enome, cendhek dhuwure drajat kalungguhane, lan ngerti sapa jati
dhirine.
2. Mawas ragam basane, bisa milah-milih tembung manut kagunane,
antarane ngoko, krama, lan krama inggil.
3. Mawas tembung, aja nganti kleru tembung nalika kepengin nuduhake
rasa kurmat, utawa ngajeni liyan.
4. Mawas tata krama/trapsila, kepriye sikep, solah bawane, tindak tanduke
nalika guneman.
Bahan Ajar Basa Jawa 5
D. Tuladha Undha Usuk Basa
Njingglengi Undha Usuk Basa
Kanggo nulis teks pacelathon, ora beda kaya nulis karangan umume,
yaiku mbutuhake cengkorongan senajan ora wutuh kaya gancaran biyasa.
Racake wong guneman mono ora ditulis, nanging ing bab iki kanggo
gladhen ngolah lan ngrakit ukara, mula prelu nggatekake bab-bab ing ngisor
iki kanggo gantine cengkorongan. Cengkorongan umum yaiku, sapa bae
sing guneman, apa prelune, ana ngendi papane, kapan wektune, lsp.
Ngoko Krama Tuladha
sapa sinten
sapa sing ora mlebu dina iki?
apa punapa sinten ingkang boten mlebet dinten niki?
sinten ingkang boten mlebet dinten punika?
kapan kapan apa bae kang digatekake nalika nulis pacelathon?
pira pinten napa mawon ingkang dipungatosaken nalika nyerat
ana wonten pacelathon?
ngendi pundi punapa kemawon ingkang dipungatosaken nalika
nyerta pacelathon?
kapan anggoonmu bali saka Jakarta?
kapan anggen sampeyan wangsul saking Jakarta?
Kapan anggenipun panjenengan kondur saking
Jakarta?
Pira sing melu lomba Macapat?
Pinten ingkang tumut lomba Macapat?
Pinten ingkang ndherek lomba Macapat?
Ana ngendi olehmu tuku sepatu bal?
Wonten pundi anggen sampeyan tumbas sepatu bal?
Wonten pundi anggen panjenengan mundhut sepatu
bal?
saka saking Saka ngendi, sedina dakgoleki ora ketemu?
ngendi pundi Saking pundi, sedinten kula padosi boten kepanggih?
Saking pundi, sedinten kula padosi boten kepanggih?
Bahan Ajar Basa Jawa 6
E. Nulis teks Pacelathon
Kanggo nulis teks pacelathon, dibutuhake data panyengkuyung
arupa wacan. Saka data kasebut bisa dikira-kira sapa sing bakal nindakake
wawan gunem. Isine wacan mujudake wangsulan, banjur kari dibutuhake
pitakonane. Ing ngisor iki diandharake wacan ngenani pegaweyane Irma
Suryani, kang sukses dadi pengrajin kesed. Piyambake nandhang kurang
sampurna badane nanging ethes lan prigel nyambut gawene. Saka wacan
kuwi gawenen teks pacelathon ngenani kegiayatan padinane.
Wekas, utawa nitip pesen marang liyan sarana lisan, mbutuhake kapitayan,
unggah-ungguh basa lan suba sita. Tatanan kasebut diudi amrih
sesrawungan ing bebrayan masarakat tuwuh rasa ajen ingajenan. Tatanan
masarakat bisa lumaku adil, kinurmat, lan perbawa. Mula tansah muji
syukur marang Gusti kang Ngreksa lan nitahake anane lan dadine bangsa
Jawa kang darbe kabudayan adi luhung. Pinunjul ing budi pekerti, tata
gunem, lan sesrawungan. Kalebu ngujarake tetembungan Jawa lan
tetembungan basa manca. Rasa mongkog iki prelu diipuk-ipuk,
dirembakakake, digegulang ing pamulangan, lan dadi watak wantu ing
srawung padinan.
F. Nulis Teks Pacelathon mawa undha usuk basa
Sadurunge nulis teks pacelathon, becik para siswa mangerteni babagan
unggah-ungguh basa. Bab iki gandhengane karo babagan tatakrama
mligine wong Jawa. Manut tatakramane kekandhan kanggone wong Jawa
iku kudu ngecakake unggah-ungguh basa. Coba digatekna ukara-ukara
kang dienggo ing teks pacelathon ndhuwur.
a. Apa, Aku ora dhong karo pitakonmu? (ragam ngoko)
➢ Tembung-tembung kang digunakake ngoko kabeh
➢ Kang nggunakake wong/bocah kang umure sapantaran,
➢ kulina srawung,
➢ akrab
Bahan Ajar Basa Jawa 7
b. Bocah-bocah apa kowe padha ngerti warna kulite wong Jawa?
(ragam ngoko)
➢ Tembung-tembung kang digunakake ngoko kabeh
➢ Kang nggunakake wong tuwa kang takon/mangsuli marang
bocah/umure luwih enom
➢ Upamane ; guru marang murid, bendara marang batur, pimpinan
marang andhahan
c. Bu Guru kuwi ndangu gayutane karo piwulangan. (ngoko alus)
➢ Ukara campuran tembung ngoko lan krama inggil. Tembung kang
digaris ngisor tembung krama inggil sebab gayutan karo wong kang
kudu diajeni.
➢ Kang nggunakake sapa bae sauger umure sapantar/sababag. Nanging
kudu ngajeni.
➢ Kulina srawung lan akrab. Mula digunakake tembung-tembung
ngoko, nanging perangan kang kudu ngajeni digunakake tembung
krama inggil.
➢ Perangan kang wajib nggunakake krama inggil yaiku tembung kriya
(dhahar, lenggah, sare, tindak, lsp), hak milik (putrane, daleme,
kagungane, lsp), tembung kang rumaket amarga kahanane wong
kang diajeni (gerah, luntah, cekoh, lsp)
➢ Tembung andhahan wujud panambang –e, -ake, ora prelu
dikramainggilake. (dhahare dudu dhaharipun, dilenggahake dudu
dipunlenggahaken)
➢ Senajan wong kang diajeni ora melu guneman, tetep bae diajeni
nggunakake tembung krama inggil. Contone : sing madhep ngidul
cet ijo pupus kae daleme Pak Lurah. Putrane Pak Camat sida
diwisuda minggu iki. Ngendikane Pak Guru, preine nganti tanggal 2
Januari.
Bahan Ajar Basa Jawa 8
d. Nggih boten Bu, bab menika boten dimangertosi. (ragam Krama)
➢ Tembung-tembung kang digunakake tembung Krama kabeh, bisa
uga dicampur tembung netral, yaiku tembung kang ora ana
tembung krama lan krama inggile.
➢ Tuladha tembung netral kang digaris ngisor ing ukara kasebut.
➢ Kang nggunakake bocah/wong enom marang kang luwih tuwa
umure utawa drajade.
➢ Tuladhane kang nggunakake; murid marang guru, andhahan
marang pimpinan.
d. Menapa para siswa sami karahayon dinten menika? (Ragam
Krama Alus)
➢ Tembung-tembung kang digunakake tembung Krama lan krama
inggil, bisa uga dicampur tembung netral, yaiku tembung kang
ora ana tembung krama lan krama inggile.
➢ Kang nggunakake sapa bae sauger pas karo kepreluane, utamane
digunakake dening wong enom marang wong tuwa. Kang
mbedakake karo ragam Krama yaiku wektu lan pasrawungane.
Ragam Krama Alus digunakake ing wektu resmi upamane nalika
pasamuan (rapat), sesorah (pidhato), matur ing kantor marang
pimpinan. Dene pasrawungane racake kulina nanging ana wates
kang dadi ora bisa akrab lumrahe kanca. Wates mau bisa
disebabake saka jabatan/kalungguhan utawa umur, lan ngelmu.
➢ Ukara kasebut tuladha ing wektu resmi yaiku dadi basa panglantar
pamulangan. Senajan guru marang murid, nanging asipat netral
krana dudu guneman pribadi
.
Bahan Ajar Basa Jawa 9
G. Maca Teks Pacelathon
Apa para siswa wis ngerti ngenani pacelathon? Tembung pacelathon
asale saka tembung lingga celathu, sing tegese omong utawa kandha.
Pacelathon mengku karep wawan gunem, kekandhan, wawan rembug. Ing
kene sarate ana paraga luwih saka siji. Saiki ayo padha sinau bebarengan
babagan pacelathon kanthi tekun lan semangat!
Jam Pungkasan
(instrumen lagu Maju Tak Gentar ngumandhang, mratandhani wayah ngaso
wis rampung. Bocah-bocah age-age baris lan mlebu kelas. Kalebu kelase
Awal yaiku kelas 7H uga enggal baris lan mlebu kelas.)
Awal : “Wah, ngaso 15 menit kok rasane sedhela banget ya?”
Akbar : “Sedhela engkas, rak ya ngaso suwe Wal!”
Awal : “Ngaso piye, wong bar jam pelajaran iki mengko we mulih. Ya
ora ana ngaso meneh ta? Rak ngono ta, Zah?”
Izzah : “Apa? Aku ora dhong karo pitakonanmu!”
Awal : “Iki, jare Akbar, mengko lekase pelajaran basa Jawa bisa ngaso
suwe, mangka iki rak wis jam terakhir, mosok jarene bisa ngaso
Izzah suwe maneh.
: “Bener kandhane Akbar. Lekas pelajaran rak mulih, ing kono
awae dhewe ngaso, ora sinau maneh.”
Akbar : “Whe....! iya ora, dikandhani kok ngeyel. Mengko kowe bisa
Awal ngaso sasenengmu, ra perlu mikir sekolahan.”
: “Mbuh lah... omonganmu dha nglantur kabeh.”
Izzah : “Aja gampang nesu Wal. Wong sing gampang nesu umure ki ora
dawa kandhani...”
Awal : “Ssstt....!! (Awal menehi tandha amarga Bu Attin, guru basa Jawa
wis rawuh)
Bahan Ajar Basa Jawa 10
Bu Attin : “Assalaamu`alaikum wr wb.”
Sakelas : “Wa`alaikumsalaam wr. wb.”
Bu Attin : “Apa para siswa dina iki padha keslametan kabare?”
Sakelas : “Alhamdulillah, sedaya wilujeng, Bu.
Bu Attin : “Wah mongkog tenan ibu saiki, krungu wangsulane para siswa.
Kabeh ing kahanan slamet waras lan katon sumringah senajan wis
Sinta jam terakhir. apa kira-kira para siswa ngerti apa kang bakal
Lukito dirembug ing piwulangan saiki?”
: “Ngrembag bab kula Bu!”
: “Sin, Bu Guru kuwi ndangu gayutane karo piwulangan. Kok
kowe wangsulan ngrembug kowe? Kowe kuwi dirembug apane,
wong kabeh sasekolah kene wis ngerti yen kowe ireng, kemayu,
criwis ngono!”
Gerrrrr!!! (bocah sakelas ngguyu tanpa diabani)
Bu Attin : “Bocah-bocah, apa kowe padha ngerti warna kulite wong Jawa?”
Dwipa : “Coklat Bu!’
Bu Attin : “Bener, utawa sawo mateng Dwipa. Apa kowe nalika lair njaluk
lair dadi wong Jawa Gun?”
Guntoro : “Inggih boten Bu, bab menika boten mangertos.”
Bu Attin : “Ya, bener Guntoro ya para siswa. Awake dhewe iki kabeh
titahe Gusti Kang Akarya Jagad kang wenang ndadekake awake
dhewe akulit ireng utawa putih apadene kuning. Rambut kriting
Sinta utawa ngandhan-andhan, kabeh kuwi paringane Gusti Alloh kang
kudu disukuri, ora kena kanggo geguyon utawa ngece liyan.”
: “Lho, rungokna Luk, kaya omonganmu mau iku ora becik!”
Lukito (rasa gedhe atine)
Sinta : “lha Sinta menika panci kemayu kok Bu. Wong piwulangan
kok ngrembag Sinta.”
: “Karepku ki, ngrembug crita wayang dhek minggu kepungkur
Luk! Kae wingi paragane rak ya ana Sinta, Rama, Laksmana,
Dasamuka, Kala Marica, Sarpakenaka, iya ora? Kowe wae sing
ora ngerti piwulangan.”
Bahan Ajar Basa Jawa 11
Lukito : “Sing ora ngerti piwulangan ki kowe Sin. Minggu kepungkur
kuwi ulangan, dadi minggu iki, kaya ngendikane bu guru ing
minggu kepungkur, saiki bakal ngrembug pacelathon. Ngono,
ngerti ra kowe!”
Sinta : “O, iya ya, minggu kepungkur aku ora mlebu jalaran ngelu.
Pangapurane ya Luk, aku lali. Bu, kula dereng ndherek ulangan
menapa pareng samenika ulangan?”
Bu Attin : “Bisa wae Sin. Nanging apa kowe wis siap?”
Sinta : “Sampun Bu. Kula tesih eling piwulangan ngengingi Kidang
Kencana rumiyin.”
Bu Attin : “Yen mangkono mengko bubar sekolah kowe aja mulih dhisit.
Tetep ing kene kanggo ulangan susulan.”
Sinta : “Inggih Bu, kula ndherek.”
Bu Attin : “Ya wis ayo saiki padha nerusake piwulangane!”
Menawa isih ana tembung kang durung kapilih, nanging durung
dimangerteni tegese, tulisen ing buku cathetanmu, digagas maneh supaya
ngerti maknane. Prayoga yen ana kamus basa Jawa (Bausastra) dibukak,
sapa ngerti luwih cepet lan gampang nemokake maknane.
Bahan Ajar Basa Jawa 12
Sadurunge para siswa mangsuli pitakon ing ngisor iki, para siswa kudu 13
maca dhisik teks Pacelathon kang ana ing dhuwur mau kanthi patitis. Menawi
sampun maos Teks Pacelathon kanthi patitis lan premati, para siswa kudu duwe
cathetan cilik ana ing buku sadurunge mangsuli pitakonan ing ngisor iki!
H. Mangsuli Pitakon
Coba jlentrehna pitakonan ing ngisor iki!
1) Apa kang dadi undheraning rembug kang padha celathu?
2) Apa kang bakal dirembug ing piwulangan basa Jawa dina iku?
3) Geneya Lukito lan Sinta bisa beda panemu ngenani wulangan dina
iku?
4) Apa pamrayogane Bu Atin marang Guntoro ngenani beda-bedane titah
kang cinipta Gusti?
5) Apa kang ditindakake Bu Atin kanggo mbukak piwulangan?
Sawise para siswa cekap anggenipun mangsuli pitakonan, para siswa
kaajab bisa uga gawe teks pacelathon sederhana ingkang ngamot undha usuk
basa kang trep kaliyan kawontenan. Menawi para siswa kangelan, siswa bisa
takon marang kanca sakelompok utawa bisa takon marang guru ing njero kelas.
I. Gawe teks pacelathon
Coba gaweya teks pacelathon kanthi paugeran ing ngisor iki!
1) Paraga cacah 5
2) Bab sing dadi underan pirembugan ngenani Sekolah
3) Papan sing kanggo kekandhan ing Sekolah
4) Swasana nalikane kekandhan santai lan resmi
5) Unggah-ungguh basa sing dienggo ngoko, ngoko alus, krama lan
krama alus.
Bahan Ajar Basa Jawa
TULADHA MANGSULI PITAKONAN TEKS PACELATHON
Teks 1 : “Hallo, assalamu`alaikum.”
Sutarti : “Wa`alaikumsalam. Menika Bu Warsinah nggih?”
Bu Supari : “Sanes, kula Sutarti putranipun. Panjenengan sinten
Sutarti
Bu Supari nggih?”
Sutarti : “O, Nak Tarti ta. Iki aku bu Supari. Ibu ana ndalem
Bu Supari
Nak?”
Sutarti : “Ibu dereng kondur Bu. Malah menika HP-nipun kantun,
Bu Supari
Sutarti padatan ibu konduripun nyaketi wanci maghrib.”
: “Ya wis, yen ngono ibu nitip pesen wae kanggo ibumu
mengko supaya nilpun bu Supari kira-kira jam 8-nan, ana
bab wigati
kang kudu dakrembug karo ibumu.”
: “Inggih Bu, mangke kula aturaken menawi ibu kondur.
Menapa wonten dhawuh sanesipun, Bu?”
: “Ora, cukup ngono wae. Wis dhisik ya, maturnuwun.
Asssalamu`alaikum.”
: “Inggih Bu, sami-sami. Wa`alaikumsalam wr.wb.”
1) Apa kang dadi undheraning rembug kang padha celathu?
Wangsulan: Ingkang dados undheraning rembug inggih punika Bu
Supari nitip pesen dhateng putranipun Bu Warsinah supados Bu
Warsinah antawisipun jam 8 tilpun Bu Supari.
2) Basa apa kang digunakake dening Sutarti?
Wangsulan: Basa ingkang dipunginakaken dening Sutari inggih punika
basa Jawa Krama Inggil.
Bahan Ajar Basa Jawa 14
Dialog utawa omong-omongan lumrah diarani pacelathon. Pacelathon
iku omong-omongan wong luwih saka siji kanthi underaning rembug kang wis
cetha lan piniji. Ing basa Jawa, omong-omongan iku kudu nggatekake sapa
sing omong-omongan, sapa sing dijak ngomong, tujuane omong-omongan,
basa sing digunakake, lan kahanan utawa swasana nalika pacelathon. Yen
omong-omongan mau ditulis kudu nggatekake tata tulis kang bener.
Prilaku jujur, tanggung jawab, nengenake unggah-ungguh lan tata krama
prelu dadi polah tindak lan tutur, klebu memanis anggone ndhapuk iklan. Aja
nganti nggunakake watak waton, yaiku waton payu, waton dadi, lan waton
bisa.
Aja nganti salah tembung kang tunhone njlomprongake diri pribadi kabiji
minangka bocah/wong kang kurang tata wicara lan suba sita. Pramila ana unen-
unen “Ajining Dhiri Dumunung Ing Lathi, Ajining Raga Dumunung Ing
Busana, lan Ajining Awak Dumunung Ing Tumindak.
Bahan Ajar Basa Jawa 15
DUDUTAN
Ing basa Jawa, omong-omongan iku kudu nggatekake sapa sing
omong-omongan, sapa sing dijak ngomong, tujuane omong-omongan, basa
sing digunakake, lan kahanan utawa swasana nalika pacelathon. Yen omong-
omongan mau ditulis kudu nggatekake tata tulis kang bener.
Nindakake pacelathon utawa wawan gunem bisa ngendi papan, bisa
langsung utawa nggunakake sarana gunem (telpon). Kabeh mau ora
mbedakake tata carane guneman. Unggah-ungguh basa tetep dadi pandom
utama, sebab sapa sing diajak guneman lan ing swasana apa bae kudu njaga
rasa kurmat marang liyan. Aja nganti salah tembung kang tunhone
njlomprongake diri pribadi kabiji minangka bocah/wong kang kurang tata
wicara lan suba sita. Pramila ana unen-unen “Ajining Dhiri Dumunung Ing
Lathi, Ajining Raga Dumunung Ing Busana, lan Ajining Awak Dumunung
Ing Tumindak.
Jinise Undha Usuk Basa diperang dadi:
1. Ngoko lugu : Basane ngoko kabeh. Akrab, mirunggan, kulina.
2. Ngoko alus : Basane ngoko kacampur krama inggil.Tetembungan kang
krama inggil menawa nggunakake ater-ater lan panambang ora prelu
dikramakake. Akrab, mirunggan nanging kudu ngajeni.
3. Krama lugu : Basane krama kabeh. Swasanane setengah resmi, tepung
utawa durung tepung.
4. Krama alus : Basa krama campur krama inggil. Anane ater-ater lan
panambang kudu dikramakake. Swasanane resmi, ngajeni lan kurmat.
Bahan Ajar Basa Jawa 16
DAFTAR PUSTAKA
Parno, dkk. 2019. Pandhawa (Panuntun Wedharan Basa Jawa). Kebumen:
CV. Anugerah Utama
Priyantono, Sawukir. 2015. Marsudi Basa lan Sastra Jawa. Jakarta: Penerbit
Erlangga.
Priyantono, Sawukir. 2019. Mandiri (Mengasah Kemampuan Diri) Basa
Jawa. Jakarta: Penerbit Erlangga.
Wahyudi, Eko. Dkk. 2022. Pandhawa (Panuntun Wedharan Basa Jawa).
Kebumen: CV. Anugerah Utama
http://staffnew.uny.ac.id/upload/132309076/pendidikan/MATERI+UNGGAH
-UNGGUH+BASA+JAWI.pdf
Bahan Ajar Basa Jawa 17