BAHAN AJAR BAHASA JAWA “Artikel Budaya Jwa” FASE F / KELAS XI DISUSUN OLEH : SEPTI WAHYUNI
MATERI Perangan Pangerten Artikel 01 Ancas Artikel 02 Titikan Artikel 03 04 05 06 Nulis Artikel Perangan Artikel Jinis Artikel 07 Warisan Budaya Jawa
Kaca 1 ARTIKEL BUDAYA JAWA Pangerten Artikel Artikel yaiku Karya tulis kang ngandharake salah sawijining bab utawa prekara kang diandharake awujud kanyatan (fakta) utawa panemu (opini) sing dikantheni dhata. Ancase yaiku supaya pamaca percaya, entuk informasi, lan uga bisa menehi panglipur sawise maca artikel kang disuguhake. Artikel disuguhake ing sawijining medhia kayata ariwarti, kalawarti utawa jurnal.
Umume, teks artikel ditulis sacara ringkes, padhet, lan cetha. Ditulis adhedhasar bukti awujud dhata lan fakta, dudu fiksi apa maneh mitos. Metodhe panulisane artikel kudu pener lan sistematis kareben bisa di mangerteni dening para pamaca. Artikel ditulis nggunakake basa baku lan resmi. Artikel iki bisa awujud opini, ananging kudu dhedhasar teori lan dhata kang valid satemah bisa dipercaya dening para pamaca. Credit Score and Credit Report Kaca 2 Titikan Artikel Ancas Artikel Sarana ngandharake gagasan kanggo nambah kawruh pamaca Sarana nulis kang sistematis Sarana publikasi asil pemikiran kanthi ilmiah Sarana jabarake pokok masalah kang ditemtokake Sarana jlentrehake sawijining perkara jumbuh bidang ilmu tinamtu
ARTIKEL ILMIAH ARTIKEL POPULER Basane baku formal Basane baku populer Kacithak ing jurnal Kacithak ing kalawarti, ariwarti Referensi/sumber cetha Referensi/sumber saka ngendi wae Topik ora kudu anyar Topik anyar lan trep Asil panaliten Asil pamikiran Jinis-Jinis Artikel Artikel Ilmiah Karya tulis kang disuguhake ilmiah, padatan kapacak utawa disuguhake ing jurnal. Basa kang digunakake formal. Kapustakan kang digunakake cetha lan wulangan kang diandharake kuwi asil saka panalitene panulis. Bedane Artikel Ilmiah lan Populer Kaca 3 Artikel Populer Karya tulis kang disuguhake kanthi cetha, padatan disuguhake lumantar ariwarti (koran) lan kalawarti (majalah). Prekara kang diandharake biyasane asil saka pamikirane panulis lan cara ngrampungake prekara kang ditulis mau. Isi saka artikel ilmiah populer kuwi luwih entheng menawa diwaca.
Kaca 4 Jinis Artikel Adhedasar Cara Panjlentrehan Artikel Praktis Artikel iki nduweni teges sawijining teks artikel kang nengenake kaprigelan tinimbang kawruh utawa analisis perkara. Sipate naratif, urut miturut wektu, prastawa lan tatarane. Tuladhane, yaiku teks artikel kang isine cara nggawe sawijining bab, ndadani, lan ngengaggo sawijining alat/sarana. Artikel Ringan Artikel Ringan panulisane dikemas informatif, entheng lan ora butuhake pemahaman luwih saengga pamaca ora perlu konsentrasi Pancen kabeh artikel iku bisa diarani artikel opini. Tuladha bisa ditemokake ana ing ariwarti utawa kalawarti ing bagean Tajuk Rencana, Pojok, Kolom, Suara Pembaca, lsp. kang dhuwur. Artikel Opini Artikel kang nduweni isi babagan perkara entheng, ora nengenake pangertenan kang bener lan luwih. Tulisane sipate informatif kang ora mbutuhake fokus luwih saka pamaca. Padatan bisa ditemokake ana ing kalawarti, lan ariwarti. Artikel Analisis Ahli Artikel analisis ahli luwih abot tinimbang opini. Artikel iki ditulis karo ahli kang jumbuh karo topik tulisane. Artikel iki bahas tuntas kanthi jeru sawijining perkara ing masyarakat. Artikel iki ditulis dening panulis kang jumbuh karo tema tulisane. Artikel iki dnuweni titikan padatan nggunakake basa kang ilmiah.
a. Artikel Kabudayan e. Artikel Ekonomi b. Artikel Pendhidhikan f. Artikel Kulawarga C. Artikel Olahraga g. Artikel Hukum lan keamanan d. Artikel Sosial Politik h. Artikel Agama Kaca 5 Perangan Artikel Jinis Artikel Adhedasar Isine 1.Pambuka Pambuka kuwi isine prekara wiwitan kang arep diandharake. Ukara-ukara kang dirantam sipate umum lan nuju babagan kang arep diandharake. 2. Isi / Andharan Andharan kuwi isine ukara-ukara kang isine ngandharake prekara/topik sawijining bab. 3. Panutup Panutup kuwi isine ukara-ukara kang ngrampungi saka andharan-andharan salah sawijining bab.
Kaca 6 Warisan Budaya Jawa Nulis Artikel Warisan budaya iku kaperang dadi loro, yaiku tangible (benda) lan intangible (tak benda). Para siswa sadurunge sinau babagan artikel kanggo nambah seserepan. Saiki para siswa gladhen kanggo nulis artikel. Langkah-langkah kang kudu ditindakake amrih bisa nulis artikel ing ngisor iki. Nggolek idhe Nemtokake topik Ngrumusake hipotesis Nulis irah-irahan Nggawe cengkorongan Nggoleki referensi Warisan budaya tangible Warisan budaya tangible (benda), yaiku sawijining asil pikiran/kabudayan kang ana wujud fisike. Wedharan iku uga nandhakake menawa warisan budaya awujud fisik (tangible) iki isih bisa digunakake dening uripe manungsa ing jaman saiki, ora mung kanggo sarana pariwisata nanging uga isih di junjung kasakralane.
Kaca 7 Settling into Your New Home Wayang Miturut G.A.J. Hazeu, wayang iku nduweni teges wewayangan (bayangan) utawa samar. Wayang ngrembaka saka crita Ramayana lan Mahabarata, ana ing mangsa modheren iki, wayang kulit wis katitik sampurna amarga nduweni makna gegambaraning sipate manungsa lan solah-bawane ana ing urip padinan Tuladha budaya tangible Candhi Candhi yaiku sawijining tinggalan saka mangsa kapungkur kang padatan digunakake minangka papan pangibadah umat kang ngrasuk Hindu lan Buddha. Keris Keris yaiku salah siji gaman awujud pedhang/sudukan kang nduweni plengkung ana ing sisih lincip kiwa tengene . Masyarakat Jawa nggunakake keris watara abad 9 Masehi.
Kaca 8 Prasasti Pangertene prasasti, yaiku sawijining tulisan/dhokumen kang ditulis ana ing barang kang atos lan awet suwi. Padatan prasasti kang ditemokake ing Indonesia iku ditulis ana ing sandhuwuring watu, lan nggunakake basa Sansekerta Tuladha budaya tangible Manuskrip Manuskrip yaiku sawijining tulisan/dhokumen kang ora dicetak maneh utawa diakehi nganggo cara liyane kang mapan ana ing manca negara lan mapan ana ing Indonesia kang umure paling cilik iku 50 taun. Tuladhane serat Wulangreh, Wedhatama, lsp. Gamelan Galeman yaiku seperangkat piranti musik sing terdiri saka : Rebab, Kendang, Peking (Gamelan),Bonang, Bonang panerus, Kenong lan Kethuk, Saron, Slenthem, Gender, Gong, Gambang, Siter,Demung,
Kaca 9 Negotiating the Purchase Price Warisan budaya intangible Warisan budaya intangible (tak benda) yaiku sawijining idhe, konsep, kang kasimpen ana jroning pikiraning manungsa lan sipate iku bisa ilang manut ngrembakaning jaman Negotiating the Purchase Price Tuladha budaya intangible Ana ing ngisor iki bakal di jlentrehake salah sawijining budaya intangible kang ngrembaka. Adat Istiadat Sawijining norma lan tata cara tumindak kang isih di gugu marang uripe manungsa ing saben dinane. Kayata crita Ramayana lan Mahabarata kang kerep digunakake nalika pentas seni tradhisi. Falsafah Sawijining kawruh urip miturut Jawa kang nggambarake lan digambarake saka pitutur, wewaler, lan unen-unen Jawa. Ritual Agama Upacara lumantar agama kang uga nggunakake donga, pisungsung, lan tumindak cara simbolis. Tuladhane Slametan, Kenduren, lsp. Minangka gambaran wujuding rasa syukur. Seni Sastra Jawa Maneka warnaning sastra lisan Jawa, kayata tembang tradisional lan kidung kang medharake tuladha babagan moral lan kawicaksanan. Wetonan Kapercayan miturut dina laire manungsa lan gandhengane karo sipat/karakter uga nasib lan takdire uripe manungsa.
Kaca 10 Negotiating the Purchase Price Negotiating the Purchase Price Negotiating the Purchase Price Tuladha Artikel Budaya Urip Iku Urup Kabudayan Jawa ana ing urip padinan wis ngrembaka lan nduweni gegandhengan karo uripe wong Jawa sacara sadhar lan ora sadhar. Ana maneka warna kang bisa kajupuk saka budaya Jawa. adate, sumber iku bisa kajupuk saka kitab, crita rakyat, pangarsaning praja utawa sesepuh, lan warisan kang wis tumurun saka ngaluhur. Salah sijine yaiku Urip Iku Urup.Urip Iku Urup yaiku sawijining bebasan asli saka Jawa. bebasan iki padatan bisa ditemoni nalika Panakawan Semar paring pitutur marang Pandawa nalika nandhang susah. Miturut kaidah basa, tembung “urip” nduweni tembung liya gesang, ya urip padinan. “Urup” nduweni teges murup, padhang, lsp. Mula saka iku, yen sacara ukara, kawruh “Urip Iku urup” nduweni teges kareben wong urip ing alam donya iki tansah menehi kagunan marang liyan, utawa tansah migunani tumraping liyan. Kayata senthir kang madhangi nalika wengi tumeka. Amarga akeh wong Jawa kang nggugu lan nglakoni tumindak saka kawruh Urip Iku Urup, mula bisa kasebut yen tak kawruh iki uga sawijining gaman uripe wong Jawa. Mangkono kang kasebut unen-unen Jawa kang kerep ditemoni ing urip padinan. Urip dadi wong Jawa kudu tansah bisa ngerti marang apa kang di warisake dening leluhur. Senadyan amung awujud pitutur kang ora tinulis, kerepe wong tuwa ing Jawa menehi kawruh kang gathuk karo uripe manungsa supayane bisa dadi piwulang kanggo urip padinan wong jawa.