SMP NEGERI 2 GUNUNGWUNGKAL PATI
BAHAN AJAR
MATA PELAJARAN BAHASA JAWA
MENULIS DAN MENYAJIKAN TEKS
DIALOG YANG MELIBATKAN
ORANG TUA
Kangge kelas VIII/ 2
Dening: PUDI WINARSIH
A. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi
Materi Pokok : Menulis teks dialog
Kelas/ Semester : VIII/ Genap
Kompetensi Dasar :
3.2 Memahami isi teks dialog
4.2 Menulis dan menyajikan teks dialog yang melibatkan tokoh orang tua
Indikator :
3.2.1. Siswa dapat menentukan unsur-unsur yang ada pada teks dialog.
3.2.2 Siswa dapat menganalisis ragam bahasa yang digunakan pada teks dialog.
3.2.3 Siswa dapat menyimpulkan isi teks dialog.
4.2.2. Siswa dapat menulis teks dialog yang melibatkan orang tua sesuai `kaidah penulisan yang tepat
dengan unggah-ungguh basa yang benar.
PURWAKA
Para siswa kabeh, mesthine saben dina tau nindakake pacelathon utawa tau weruh wong liya sing nindakake
pacelathon. Mbuh kuwi nalika ing omah, ing sekolah, ing pasar, kepara malah nek TV, youtube utawa ing media
liyane. Kejaba kuwi, para siswa uga mesthi ana sing wis tau maca pacelathon sajrone kalawarti, internet, lan buku
pelajaran.
Supaya para siswa mangerteni isine pacelathon kuwi temtune rak ya kudu paham unsur-unsure. Kudu ngerti
sapa wae paragane, bab apa kang diomongake, luwih-luwih basa apa kang digunakake. Mula, ing pasinaon iki
para siswa kabeh arep dijak sinau babagan pacelathon, piye supaya paham isine pacelathon apa wae kang
disiyapake nalika arep nulis lan nindakake pacelathon. Kenapa pacelathon kudu disinauni kanthi temenanan? Lha
ya amarga bab iki wigati banget kanggo sangu urip bebrayan. Pacelathon bisa ditindakake sapa wae mbuh kuwi
bocah cilik, wong nom, utawa wong tuwa. Tumrape wong Jawa pacethon ora bisa dipisahake karo unggah-
unggguh basa. Wong Jawa kudu reti trap trapane unggah-ungguh basa kang bener, awit wong Jawa iku
nengenake banget tata krama, rasa ngajeni lan ngurmati tumrape wong liya.
B. Materi Pembelajaran
Materi Faktual
Kenapa ta, unggah-ungguh basa iku penting ?
Unggah ungguh basa Jawa kuwi wigati/ penting amarga kanggo ngurmati wong liya
sing dijak guneman utawa omongan. Lumantar unggah-ungguh basa awake dhewe
bisa ngetrapake sopan santun lan ngajeni wong sing luwih tuwa nalika nindakake
pacelathon.
Pacelathon iku asale saka tembung
celathu kang duweni teges
omongan utawa guneman.
Dadi kang diarani pacelathon yaiku
omong-omongan antarane wong
loro utawa luwih kanthi nggunakake
basa kang gumathok.
PETA KONSEPMateri Konseptual NGOKO NGOKO LUGU
KRAMA NGOKO ALUS
NGGAH- KRAMA LUGU
UNGGUH BASA KRAMA ALUS
NGOKO LUGU
Basa ngoko lugu yaiku basa kang tembunge ngoko kabeh ora
kecampuran tembung krama/ krama inggil.
Gunane basa ngoko lugu :
1. pacelathon/ guneman karo wong sing sakumuran
2. Pacelathon/ guneman karo wong sing drajade luwih
endhek
3. Pacelathon/ guneman anatarane wong tuwa marang
bocah cilik
Tuladha:
Kowe arep lunga menyang ngendi? (Ngoko lugu)
NGOKO ALUS
Ngoko alus yaiku basa kang tembunge ngoko kecampuran tembung krama inggil.
Titikane? Ciri-cirine basa ngoko alus:
1. Tembunge ngoko kecampuran tembung krama inggil
2. Sing dikramakake inggil yaiku perangan awak, tembung kriya (kata kerja) saka wong sing dijak
omongan.
3. Tembung aku ajeg/ tetep dadi aku
4. Tembung kowe owah dadi panjenengan
Gunane Basa Ngoko Alus;
1. Wong tuwa marang wong enom kang isig ngajeni
2. Ibu marang bapak ing dalem.
Contone:
Kowe arep lunga menyang ngendi? (ngoko lugu)
Panjenengan arep tindak menyang ngendi? (ngoko alus)
KRAMA LUGU
Basa krama lugu yaiku basa kang tembunge krama kabeh ora kecampuran tembung krama inggil
Titikane/ Cirine Basa Krama Lugu:
1. tembung-tembunge krama ora kecampuran tembung krama inggil
2. Ater-ater lan panambange dikramakake
3. Tembung aku dadi kula lan tembung kowe dadi sampeyan
Gunane basakrama lugu:
1. Guneman wong tuwa marang wong enom sing isih
ngajeni
1. Guneman kanca padha kanca sing durung kulina
2. Gunemane wong sing lagi tetepungan anyar
Tuladha Basa Krama Lugu
Kowe arep lunga menyang ngendi? (ngoko lugu)
Panjenengan arep tindak menyang ngendi? (ngoko alus)
Sampeyan badhe kesah dhateng pundi? (krama lugu)
KRAMA ALUS
Basa krama alus yaiku basa kang tembunge krama kecampuran tembung
krama inggil
Titikane/ cirine basa krma alus:
1. tembung-tembunge krama kecampur krama inggil
2. Ater-ater lan panambang dikramakake
3. Tembung aku dadi kula kowe dadi panjenengan
4. Sing dikrama ingggilke perangan awak lan tembung kriya (kata kerja)
saka sing dijak guneman
Gunane basa krama alus
1. Anak marang wong tuwa
2. Murid marang gurune
3. Wong enom marang wong tuwa
Tuladha Basa Krama Alus
Kowe arep lunga menyang ngendi? (ngoko lugu)
Panjenengan arep tindak menyang ngendi? (ngoko alus)
Sampeyan badhe kesah dhateng pundi? (krama lugu)
Panjenengan badhe tindak dhateng pundi? (krama alus)
UNSUR-UNSUR PACELATHON
WHAT (APA) WHEN (KAPAN) WHO (SAPA)
Apa topik kang Kapan Sapa wae paraga
diomongake dumadine sing ana ing
pacelathon?
ing pacelathon pacelathon?
WHY (KENAPA) 5W+1H HOW (KEPIYE)
Kenapa bisa WHERE (ING NGENDI) Keipye urut-
kedadeyan urutane
perkara ing Ing ngendi
pacelathon? dumadine kedadeyan ing
pacelathon pacelathon?
mau?
Tuladha Pacelathon
Didhawuhi Ibu Guru
Nalika piwulangan Basa Jawa ing kelas 8A, Ibu Guru Yayuk nimbali Martini. Martini didhawuhi njupukake buku
kang keri ana ing meja guru.
Bu Yayuk : “Martini, mrenea Ndhuk!”
Martini : “Inggih Bu. Wonten menapa?”
Bu Yayuk : “Jupukna buku ing meja guru!”
Martini : “Buku menapa Bu?”
Bu Yayuk : “Buku paket Basa Jawa kelas 8 sing gambare wayang.”
Martini : “Nggih Bu. Nyuwun idin sekedhap nggih.”
Martini metu saka kelase banjur tumuju ruang guru kang ana ing wewangunan ngarep. Satekane ing ruang guru, Martini
nyuwun pirsa karo Pak Budi kang lagi pinarak ing kono.
Martini : “Nuwun sewu Pak Budi. Kula badhe nyuwun pirsa mejanipun Bu Yayuk ingkang pundi nggih?”
Pak Budi : “Ana perlu apa Nok?”
Martini : “Kula dipunutus mendhet buku Basa Jawi wonten mejanipun Bu Yayuk.”
Pak Budi : “O…kaya mangkono ta. Kae mejane sing sebelah lemari buku.”
Martini : “Nggih matur nuwun Pak.”
Sawisi njupuk buku, Martini balik maneh menyang kelase banjur ngaturake buku marang Bu Yayuk.
Martini : “Menika bukunipun, Bu.”
Bu Yayuk : “Matur nuwun ya Martini.”
Martini : “Nggih sami-sami Bu.”
Tuladha nemtokake unsur-unsur kang ana ing sajrone pacelathon:
1. What (bab apa kang diomongake ing pacelathon mau)?
• Martini didhawuhi Ibu Guru
2. Who (sapa kang nindakake pacelathon)?
• Martini, Bu Yayuk, lan Pak Budi
3. When (Kapan dumadine pacelathon mau)?
• Nalika piwulangan Basa Jawa
4. Where (Ing ngendi dumadine pacelathon mau)?
• Ing kelas 8A, ing ruang guru
5. Why (kenapa bisa kedadeyan kaya ngono)?
• Bu Yayuk supe ora ngasta buku paket Basa Jawa Kelas 8
6. How (kepiye urut-urutane kedadeyan ing pacelathon mau)
• Bu Yayuk mucal ing kelas 8 A, Bu Yayuk supe ora ngasta buku paket, banjur dhawuh
marang Martini supaya jupuk ning ruang guru, Martini ora weruh mejane Bu Yayuk,
banjur nyuwun pirsa Pak Budi.
Materi Prosedural
CARANE NULIS PACELATHON
1. Nemtokake topik pacelathon kang arep ditulis
2. Nemtokake latar/ setting
3. Nemtokake paraga kang ana ing pacelathon
4. Nemtokake diksi/ ragam basa kang arep digunakake ing
pacelathon
5. Anggone nulis pacelathon kudu nggunakake ukara
langsung
6. Panulisane pacelathon kudune nganggo tanda petik loro
(“)
7. Anggone nulis pacelathon kudu runtut miturut urutan
crita kang logis
8. Ejaan kang digunakake miturut tata basa baku basa Jawa.
Materi Metakognitif
Nulis Pacelathon adhedhasar crita narasi.
Nalika nulis pacelathon kudu nggatekake koherensi, Ngowahi teks narasi dadi pacelathon
keruntutan, ejaan, diksi, lan tanda baca. Koherensi Nulis pacelathon bisa kanthi cara ngowahi saka teks
tegese antarane bagean siji lan liyane nduweni
narasi. Kepiye carane?
sesambungan kang ndadekake ukara nduwe makna Maca teks narasi kang bakal diowahi dadi pacelathon
utuh. Keruntutan tegese anggone nulis pacelathon kanthi premati.
kudu urut miturut urutan crita kang logis. Diksi utawa Nemtokake ilustrasi lan latar/setting.
pilihane tembung ing pacelathon kudu trep lan manut Nyathet paraga kang ana ing crita.
ragam basa kang dianggo. Ejaan kang digunakake Anggone nulis pacelathon kudu nggunakake ukara
miturut tata basa baku basa Jawa. Saliyane kuwi, langsung
nulis ringkesan kudu nggatekake tanda baca kayata Panulisane pacelathon kudune nganggo tanda petik
panggunakane tandha titik (.), koma (,), tandha
loro (“)
pitakon (?), tandha pakon (!) lan sapanunggale
Nulis pacelathon ing crita dadi teks pacelathon.
supaya ukara kang digawe jelas makna lan
Bisa ditambahi pacelathon kang jumbuh karo isine
panulisane.
teks.
Daftar Pustaka
Ngadi. 2016. Wursita Basa Kanggo SMP/SMPLB/MTs Kelas VIII. Klaten: Sahabat.
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters. Nuharini,
Dewi dan Tri
https://adammuiz.com/ dialog/?amp
https://3emezing.blogspot.com/2016/04/unggah-ungguh-basa-jawa.html
http://kedaiceritasenja.blogspot.com/2021/01/pacelathon-babagan-unggah-ungguh.html
MATURNUWUN