PIDHATO
MARIMAN
Pidhato
• Ngomong nang ngarepe wong akeh sing ancase ngaturake gagasan, pikiran,
lan informasi kanthi lisan.
• Pidhato magepokan karo retorika, yaiku seni nggunakake basa sing efektif
sing uga bisa ditegesi seni ngrayu utawa mempengaruhi wong akeh
• Anggone nyatakake gagasan lan informasi kanggu nggumregutake
kawigatene sing krungu kaangkah gelem nglakokake utawa nyatakake apa sing
diaturake
Titikane Pidhato
• Ngandhut ancas sing cetha
• Isine pidhato ngandhut bebener
• Carane ngaturake trep karo kahanane pamiarsa
• Anggone ngaturake cetha lan narik kawigaten
Paedahe Pidhato
• Atur katrangan utawa pambiwara
• Nggampangake sesambungan rembug
• Ndudut krenteg supaya gelem nuruti kekarepane
• Ngleremake prekara
• Atur panglipur
Ancas Pidhato
• Informatif, ancase ngekei laporan utawa kawruh sing narik kawigaten marang pamiarsa
• Persuasif, ancase njurung, ngyakinake lan ngajak pamiarsa nuruti utawa nglakokake
sawijining bab.
• Argumentatif, ancase kanggo ngyakinake pamiarsa
• Deskriptif, ancase nggambarake kahanan
• Rekreatif, ancase nyenengake utawi nglelipur pamiarsa
• Edukatif, ancase nengenake marang bab-bab pendhidhikan
• Entertain, ancase ngekei penyegaran marang pamiarsa sing sipate santai
Methode Pidhato
• Impromptu, tegese anggone pidhato dadakan lan nengenake pengalamana lan
wawasan.
• Ekstemporan, tegese anggone pidhato wis samapta, anggone ngandharake materi wis
runtut lan genep.
• Naskah, tegese anggone pidhato nggawa naskah sing sakdurunge wis digawe lan
umume dienggo nalika pidhato-pidhato resmi.
• Menghafal, tegese anggone pidhato kanthi cara nggawe rencana pidhato lan ngapalake
tembung-tembunge
Methode keluwihan Kekurangan
Impromptu
Ukarane cekak satemah ora mboseni lan isa Merga dadakan, materi kadhang kala ora
milih topik sing dirembug trep karo acara diaturake kanthi runtut satemah ana sing lali
Ekstemporan Materi sing diaturake isa diandharake kanthi Kaya-kaya kurang siap merga bola-bali ndingkluk
Naskah
runtut/sistematis lan genep ndelok cathetan
Materi sing diaturake wis samapta kanthi becik, Marai bosen, sesambungan karo pamiarsa
komplit, lan sistematis. Ukara sing diengga isa kurang, suarane monoton, pandelenge marang
didelok maneh satemah ora ana sing lali cathetan satemah ora bisa kanthi bebas ndelok
pamiarsa
Menghafal Materi sing diaturake ditata kanthi sistematis Menawa lali bisa mengaruhi isi pidhato,
satemah nglatih daya ingat utawa pangeling-eling mbosenake lan suarane monoton
Jinis-jinis Pidhato
• Pidato pambuka, tegese pidhato cekak sing diaturake dening pranata cara
• Pidato pengarahan, tegese pidhato kanggo ngarahake ing sawijine patemon
• Pidato sambutan, tegese pidhato sing diaturake ing sawijine acara tartamtu sing biasane
dilakokake ora mung wong siji kanthi wektu sing winates lan gantian.
• Pidato peresmian, tegese pidhato sing dilakokake dening wong sing duwe pangaribawa
utawa pengaruh kanggo ngresmikake, upamane peresmian gedhung, museum, kantor, lan
liya-liyane.
• Pidato laporan, tegese pidhato sing isine nglaporake sawijinine tugas utawa kegiatan.
• Pidato pertanggungjawaban tegese pidhato sing isine laporan pertanggung jawaban
babagan sawijine tugas sing wis dilakoni ing wayah tinemtu.
Teknik/carane Pidhato
• Basane sing gampang dingerteni pamiarsa
• Menawa konsepe isih abstrak, prelu nganggo gambar, conto, ilustrasi, lan liyan-liyane.
Ancase ben pamiarsa isa mudheng karepe
• Prelu anane variasi suara marang bab-bab sing mirunggan
• Ngandharake materi sing runtut, upama saka sing gampang banjur angel, lan sateruse.
• Ngilari nganggo tembung-tembung sing ra patia cetha tegese.
• Materi diandharake kanthi runtut lan cetha
• Lafal, intonasi, lan nada kudu laras satemah ora marai bosen
• Menawa prelu karo takon kanggo ngerteni pamiarsa wis cetha apa durung
• Nada lan cepete swara isa molah-malih
• Nganggo gesture utawa obahing awak kanggo nyengkuyung komunikasi
Cengkorongan Pidhato
• Pambuka (salam, pakurmatan, puji syukur, gambaran umum materi).
• Isi (andharan materi).
• Panutup (panyaruwe, ajakan, dudutan, panuwun dan pangapura, dan salam panutup).
Langkah/kasamaptan Pidhato
• nemtokake topik pidhato.
• nemtokake ancas pidhato.
• ngumpulake lan ngolah dhata/bahan pidhato.
• nganalisis utawa niteni pamiarsa.
• nyusun dan nyempurnakake cengkorongan pidhato.
• gladhen lan praktek pidhato.
Lupute wong pidhato
Patrap
• Ora gumregut utawa ora semangat.
• Kurang kontak mripat karo pamiarsa.
• Pandeleng mung ngarah sawijini papan.
• Ngobah-obahake awak.
• Tangan mlebu sak.
• Ngadeg ngrangkul mimbar.
• Ora lerem utawa tenang.
• Ngadeg miring utawa nyandar pit
Lanjutan
micara :
• Akeh tembung sing dibolan-baleni, upama: eee…eeee.
• Ature cepet banget.
• Swarane padha bae.
• Panganggone tembung-tembung ora trep
Waton omong iku gampang, ning ora
gampang wong omong kanthi waton.
• Menawa pidhato diprayogakke ngomong kanthi sistematis, awit
guneme iku dirungokake wong akeh. Cekake, omongane disuguhke
marang wong akeh. Mula, ora mokal yen akeh wong pinter omong
nanging nalikane disraya/ dikongkon omong ning ngarepe wong akeh
dheweke mingkur utawa nampik. Sebab, ngomong ing ngarepe wong
akeh kanthi sistematis iku ora gampang, mulane omong sing bener
lan pener iku perlu digladhi supayane ora ngisin-isini.
BAB-BAB
SING KUDU DIGATEKAKE NALIKA PIDHATO
A. WICARA E. WIBASA
B. WIRAGA F. MENTAL
C. WIRAMA G. ETIKA
D. WIRASA
A. WICARA
Swara minangka sarat pokok wong sing pengin arep
pidhato. Wong bisu, wong cedhal utawa celat kurang
prayoga menawa pidhato. Saben wong duwe ciri utawa
karakter swara sing beda-beda. Wujuding swara iku
dumadi saka susunan balung/untu, pita swara, cethak
(rongga mulut) lan rongga irung.
Menawa arep pidhato
prayogane mangerteni uga bab:
1. Prana utawa Pernapasan
2. Pocapan utawa Artikulasi
3. Basa
1. Prana utawa Pernapasan
Cara ngetokake napas mangaribawani/ mengaruhi cara micara. Menawa napas pedhot-pedhot swara
ora bisa diresepi/ dirasakake. Sing bener migunakake napas weteng, amarga swara bisa luwih jero, power
bisa luwih kuwat, lan rinasa penak dirungokake. Teknik pernapasan bisa disinau kanthi ndamu napas
sadurunge micara supaya paru-paru duwe papan kanggo ngetokake angin saka tutuk. Menawa
pernapasane bener, bakal mangaribawani tumrap cethane tembung-tembung sing arep diandharake.
Teknik Pernapasan bisa digladhi kanthi cara nglangi utawa nyilem ing kolam, olah raga saben esuk lan
liya- liyane. Kanthi gladhen teknik pernapasan diajab supaya pranatacara bisa duweni swara landhung,
saengga bisa medhot utawa munggel tembung-tembung, frasa utawa ukara kanthi bener lan pener.
2. Pocapan utawa Artikulasi
Kanggo pranatacara, pocapan kudu cetha lan bener, satemah tembung-tembung sing
diucapake bisa kanthi gampang dimangerteni dening audience. Bisa bedakake fonem [d]
karo [dh], [t] karo [th]. Tembung wedi sing tegese ‘jirih’ beda karo wedhi sing tegese
‘pasir’. Tembung soto sing tegese ‘salah sawiji jinising panganan’ beda karo sotho sing
tegese ‘jotos’. Aksara mati lan aksara urip (vocal) diucapake kanthi cetha ora kena
bindheng utawa blero. Supaya pocapan bisa cetha digladhi kanthi cara nyuarakake
tembung vocal A, I, U, E, O ana ing tengahing lapangan utawa tengahing bulak.
Disuwarakake kanthi cetha, tempo saya suwe saya cepet, diatur nganti bisa cetha.
3. Basa
Pidhato kudu ngatekake basa sing digunakake. Basa sing digunakake
luwih prayoga menawa bisa laras lan leres.
B. WIRAGA
Pidhato prayogane mangerteni uga bab :
1.Patrap
2.Tata Busana lan Tata Rias
1. Patrap
Patrape wong pidhato utawa sesorah iku kanthi patrap trapsila merdika.
Tegese, ora kaku nanging uga kurmat. Ngadeg tumrap paraga sing
pidhato kudu digatekake, yaiku ngadeg jejeg, tangan ngapurancang
(tangan kiwa dicekel epek-epek tangan tengen didelehake nang ngisor
weteng). Pasuryan/ rai dijumbuhake karo kahanan. Yen ing wiwahan
penganten ya sing sumringah, yen ing upacara sripah ya sing ruruh laras
marang kahanane wong susah, nanging ora perlu melu nangis barang.
Sing ora kalah pentinge yaiku, kepriye carane nalika pidhato bisa nyiptakake first
impression utawa kesan pisanan sing apik. Ing wektu 10 detik sing pisanan, audience
mbiji utawa menehi kesan marang sing pidhato. Apa sing pidhato iku kalebu
pribadhi sing nyenengake, lantip, duwe suba sita? apa malah kepara pribadhi sing
angkuh, sageleme dhewe, lan bodho? Kabeh iku bisa dimangerteni satleraman saka
tumindak, ekspresi wajah, lan kontak mata (pandeleng).
Pandeleng ora kena jlalatan, pamawas tajem, kedhep iliring mripat ngenaki ati,
menawa natap audience “rata-rata air”. Ora kena kakeyan polah, wira-wiri kaya
setlika, rongeh, saengga ngganggu konsentrasine audience anggone melu
nyemak utawa ngrungokake tata rakiting tembung.
Gerak tubuh utawa patrap sing becik bisa nyempurnakake anggone tampil.
Kosok baline menawa kakeyan polah lan sibuk bergaya/ over acting bakal
ngudhunake pencitraan. Tampil luwes, endah, lan percaya diri iku perlu diudi.
2. Tata Busana lan Tata Rias
Busana dijumbuhake marang jinising acara, papan lan swasana. Wondene
menawa ing acara sripah, panganggone sing prasaja, ora kena pating kerlap.
Busana formal beda karo busana sing dianggo ing upacara non-formal.
Busana ing gedhung dibedakake karo busana sing dianggo sabendinane.
Kanggo jangkepi busana bisa diwenehi asesoris, benggol apa liyane.
Bakune, asesoris minangka pelengkap. Sing kudu digatekake bab asesoris,
ora kena sing mompyor/ rame.
C. WIRAMA
Wirama nalika pidhato prayogane ora kaya wiramane wong maca, apa maneh
nrithil kaya dene wong donga. Nanging digawe kaya dene wong matur sing
mranani lan anoraga. Munggah-mudhune swara digawe sing patut supaya ora
ajeg (monoton), kalebu klenyam (intonasi) mujudake bab sing wigati.
Menawa anggone micara ora ana variasine bakale njuwarehi audien lan
terkesan ora ana wibawane.
Sing perlu digatekake
murih wiramaning swara ora ajeg (monoton).
1. Intonasi
Tegese lagu utawa wirama. Sing dikarepake wirama ing kene yaiku membat
mentuling swara. Intonasi magepokan karo tanda baca kayata titik, koma, titik
koma, tandha printah, tandha pitakon.
2. Stressing
Tegese penekanan. Kanggo menehi daya anggone micara supaya ora katon
ampang, becike diwenehi penekanan/stressing ana ing saben ukara.
3. Phrasing
Ana kalane pranatacara ngupayakake medhot ukara utawa nyipta jeda
kanthi pener. Menawa anggone medhot tembung utawa ukara salah,
teges ukara iku bisa geseh utawa kleru.
Upamane:
Mugi wonten keparengipun / Bapak Suharto / kasuwun jumeneng //.
(ukara iku ngandharake menawa bapak Suharto kasuwun jumeneng.)
Mugi wonten keparengipun Bapak / Suharto / kasuwun jumeneng //.
(ukara iku mratelakake nyuwun idi palilah bapak, supaya Suharto
kasuwun jumeneng.)
4. Speed
Cepet alone swara sing ditokake liwat tutuk. Standar cepet lan alon micara digayutake karo
jinising acara.
5. Volume
Volume iki gumantung saka sarana/ sound system. Menawa soud system wis diatur kanthi becik,
volume ora perlu maksimal, wondene ora ana sound system volume kudu maksimal, pamrihe, swara
sing diasilake wutuh (bulat). Menawa nganggo sound system sing kudu digatekake jarak
antarane mikrofon karo tutuk maksimal sanyari. Menawa kecedhaken suarane gemruduk kaya
udan barat, wondene menawa kadohen audien ora krungu utawa ora cetha anggone omong.
6. Power
Swara duweni kekuwatan. Ana ing acara resmi anggone micara anteb, kung, gandem.
Kekuwatan suwara ana gayutane marang kawibawaning panatacara. Awit kanthi
kekuwatan swara kawibawaning sansaya mundhak. Lire, menawa swarane mung antal/
biasa wae kawibawaning ya mung biasa wae.
7. Tone
Dhuwur cendheking swara. Tone uga mangaribawani marang kesan acara. Menawa
acara santai utawa hiburan nganggo tone dhuwur supaya keprungu meriah/ semangat,
wondene menawa acara resmi mawi tone cendhek supaya duweni kesan khidmat.
8. Timbre
Swara sing ekspresif bisa mangaribawani audien lan bisa nyipta karakteristik acara sing
dikarepake.
D. WIRASA
Nalika pidhato duwe kuwajiban amrih swara sing tokake menehi rasa marang
audiene. Wirasa ing kene tegese, audience bisa ngrasakake. Wirasa magayutan
karo jenis acara.
E. WIBASA
Ana ing komunikasi, basa kanthi laras lan leres iku ora gampang. Apa maneh basa Jawa sing duweni
paugeran kang aran paramasastra. Leres iku jumbuh marang aturan, wondene laras dijumbuhake
marang kahanan. Bisane basa Jawa kanthi laras lan leres iku kejaba disinau nanging uga digunakake
(habit). Wong sing kulina micara nganggo basa krama wis ora perlu mikir tembung utawa ukara sing
arep diandharake, jalaran pengertian/ pangertosan bab tembung lan ukara wis mlebu ana ing tataran
motorik.
Senajan wis pinter basa nanging kudu dimangerteni wosing/ isine basa. Akeh para pinter basa
nanging menawa dirasa isine gladrah ora cetha jluntrunge. Luwih-luwih menawa kepinterane mung
elu-elu, ora saka asil anggone sinau.
F. MENTAL
Ana kalane saben arep maju dadi pranatacara, kringete dleweran, ilate kaku, swara ora bisa muni,
malah kepara ana sing krasa kepuyuh-puyuh. Iki sing jalari sikap mental sing urung tumata. Ana cara
kanggo ngawekani bab iku, yaiku:
1. nguasani materi
2. teka ing acara luwih dhisik
3. nelesi gurunge nalikane arep omong
4. dimantebke swarane
5. aja nglokro
6. percaya diri (PeDe)
7. gladhen/ latihan.
G. Etika
Etika sing kudu digatekake nalika pidhato ngayahi jejibahan yaiku:
1. Ora kena ngrasani sapa ta sapa, meneh-meneh sing duwe gawe
2. Menawa ing adicara dhaup, ora kabeh katrangan kudu diaturake, upamane statuse randha apa dhudha
3. Anggone guneman ora kena clega=clege, nglantur-nglantur tanpa wos
4. anggone nyebut gelar, kudu bener
5. Bisa maca kahanan
6. Ora kumalangkung, degsura, yen ngedeg kudu ndeleng kiwa tengene
7. Anggone lungguh prayoga cerak marang papane pidhato utawa sesorah, ora kadohan terus mbelahi
tamu
8. Yen mike wis dipasang ing cagak, ora usah ndadak dicopot barang
UNDHA-USUK PAKURMATAN
A. Para sesepuh, pinisepuh, pepundhen, dwijawara kuwi kalenggahane satraju, mula bisa nganggo
tembung-tembung: dahat kinabekten, dahat sinudarsana, satuhu bontos ing kawruh tan keguh
ing kewuh, satuhu sempun sepi sepen ing sopana.
B. Para priyagung, wirotama, tamtama, manggalaning nigari, trahing witaradya, satriyaning nigari,
sarjana sujaneng budi, sarjana sujana adai, isa nganggo tembung-tembung: ingkang tansah
anggung amemardi pepoyaning kautaman, dahat kinurmatan, tansahnengenaken kautaman.
Ingkang minulya ing karya.
C. Para alim ulama, para ustaz, para kyai, para santri, isa nganggo tembung-tembung ingkang
tansah memuji kersaning gusti siyang lan ratri, ingkang tansah nyebar kautaman, ingkang tansah
paring dedamar.
D. Para tamu, sanggyaning kawula dasih, sanak kadang, isa nganggo tembung: ingkang bagya
mulya, ingkang satuhu ing budi.
Pamuji lan Pambagyayuwana
A. Konjuk Gusti ingkang murbeng dumadi, isa nganggo tembung-tembung: Gusti
ingkang maha wikan, gusti ingkang murbeng dumadi, gusti ingkang amurba
jagat rat pramudita.
B. Katur para tamu bisa nganggo tembung-tembung: sugeng rawuh, sugeng
lelenggahan, ingkang satuhu bagya mulya, mugi tansah widada basuki.
MATUR NUWUN