The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

KISI-KISI LAN RINGKESAN MATERI KELAS X -XI

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Rista, 2023-03-27 21:31:36

KISI-KISI LAN RINGKESAN MATERI KELAS X -XI

KISI-KISI LAN RINGKESAN MATERI KELAS X -XI

KISI-KISI LAN RINGKESAN MATERI (KELAS X -XI ) KAGEM USEK 2022/2023 No. Kompetensi Dasar Materi Kelas/Sem Indikator Level Bentuk Soal No Soal 1 Memahami pesan moral dari wacana beraksara Jawa Wacana beraksara Jawa X / I Mengalihaksarakan kalimat/kata dari aksara latin ke aksara jawa Aplikasi PG 1-2 2 X / I Mengalihaksarakan kalimat/kata dari aksara jawa ke aksara latin Aplikasi PG 3-4 Materi Aksara Jawa :


No. Kompetensi Dasar Materi Kelas/Sem Indikator Level Bentuk Soal No Soal 3 Memahami Simulasi Berbahasa jawa dalam keluarga, masyarakat dengan unggah ungguh yang tepat Unggah Ungguh X / 1 Menerapkan penggunaan ragam bahasa jawa sesuai dengan undha usuk basa Aplik asi PG 5-7 Tataran Unggah-Ungguh Basa Jawa Jaman Samenika UnggahUngguh Basa Jawa Basa Krama Krama lugu Krama alus Ngoko lugu Basa Ngoko Ngoko alus


Basa Ngoko Lugu Ginanipun kangge gineman: 1. Tiyang sepuh dhateng putra, wayah, menapa dene dhateng lare anem sanesipun. 2. Dhateng sesaminipun, kanca sepantaran, tuladhanipun lare kaliyan kancanipun. 3. Pangageng dhateng tiyang sangandhapipun, tuladhanipun juragan dhateng baturipun. 4. Panguda rasa (gineman kaliyan pribadinipun piyambak). Tuladhanipun Ngoko Lugu: Ginemanipun lare kaliyan kancanipun. Anjani : Pus, aku bok kokajari garapan matematika wingi kae. Aku wingi kuwi durung dhong. Puspa : Ya gene kok bisa ora dhong, aja-aja wingi kowe ora nggatekake. Basa Ngoko Alus Basa menika kaginakaken dening tiyang ingkang sampun supeket (akrab) nanging tasih nggadhahi raos ngurmati dhateng ingkang dipunajak gineman, umpaminipun antawis sesaminipun kanca nyambut damel ing kantor, sesaminipun kanca sekolah, lsp. Tuladhanipun Ngoko Alus. Ginemanipun satunggaling tiyang kaliyan kanca sakantor. Pak Imam : Pak Panjang, nuwun sewu. Panjenengan mau wis dhahar apa durung? Pak Panjang : Aku ta, lha yen aku ya durung mangan. Apa panjenengan arep mbayari aku jajan neng warung. Basa Krama Lugu Ginanipun kangge gineman: 1. Dhateng sesamining kanca ingkang dereng supeket (akrab). 2. Tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enem, ananging ingkang dipunajak gineman wau sinaosa enem nanging wajib kinurmatan. 3. Tiyang ingkang nggadhahi kalenggahan(drajat pangkat) inggil dhateng andhahanipun, ananging andhahanipun wau yuswanipun langkung sepuh utawi wajib kinurmatan. 4. Tiyang ingkang gineman priyayi luhur lan ingkang dipunajak gineman tiyang limrah ingkang sampun sepuh yuswanipun utawi wajib kinurmatan. Tuladhanipun Krama Lugu. Ginemanipun Pak Ketua RT dhateng para pemudha ing parepatan (pepanggihan pemuda) Adhik-adhik sedaya kula ing ngriki ngaturaken panuwun dhateng sampeyan sadaya dene sampun purun dugi ing pepanggihan menika. Basa Krama Inggil: Ginanipun kangge gineman: 1. Tiyang ingkang gineman dereng tepang kaliyan ingkang dipunajak gineman, lan ingkang dipunajak gineman wau ketingal langkung sepuh utawi tiyang ingkang kagungan pangkat inggil. 2. Tiyang ingkang gineman langkung enem yuswanipun tinimbang ingkang dipunajak gineman, lan ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan. 3. Tiyang ingkang gineman langkung cendhek drajat pangkatipun tinimbang ingkang dipunajak gineman, utawi ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan. Tuladhanipun Krama Inggil.


Ginemanipunwayah(putu) dhatengeyangipun: Wisnu :Kados pundi Mbah gerahipun, sampun dhangan menapa dereng? (Krama Inggil) Eyang : Rasane kok durung iki. Miturut kowe kepriye Le, supayane simbah cepet mari? (Ngoko Lugu) Wisnu : Makaten kemawon Mbah, ing mangke simbah kula dherekaken tindak dhateng Puskesmas, kersanipun dipunpriksa dening Pak Dhokter. (Krama Inggil) No. Kompetensi Dasar Materi Kelas / Sem Indikator Level Bentuk Soal No Soal 4 Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Asmaradana Tembang Macapat Asmaradana X / I Menyebutkan paugeran dalam tembang macapat Penge tahua n PG 8 5 Menentukan guru gatra, guru lagu, guru wilangan tembang macapat Aplika si PG 9 6 Mencari pesan moral dari tembang macapat Penal aran PG 10 Tembang macapat Asmaradana Watak tembang : sengsem, prihatin Guru gatra : 7 Guru wilangan lan guru lagu ; 8 i, 8 a, 8 e/o, 8 a, 7 a, 8 u, 8 a Tuladha tembang macapat asmaradana : 1. Poma poma wekas mami Anak putu aja lena Aja katungkul uripe Lan aja duwe kareman Marang pepaes donya Siyang dalu dipun emut Yen urip manggih antaka 2. kang aran pangrêngkuh bêcik tumrape marang wong liya cêkak kudu andhap asor alus manis wicaranya ngarah ngrêsêpkên manah lamun mangkono tindakmu aran wong wruh tata krama No. Kompetensi Dasar Materi Kelas / Sem Indikator Level Bentuk Soal No Soal 7 Memahami geguritan yang dibacakan atau Geguritan X / II Mengartikan kata dalam geguritan yang tersaji. Aplik asi PG 11- 12


8 melalui berbagai media Mencari isi geguritan Penal aran PG 13 Geguritan inggih punika : • Geguritan menika saking tembung gurit ingkang tegesipun seratan. • Menawi miturut Subalidinata (1994:45), geguritan inggih punika ranatamaning basa ingkang mèmper syair (syair Jawa gagrag énggal). • Geguritan menika puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tertamtu. Geguritan nengenaken kaendahan basa saha sastra. Tuladha geguritan : Lintang Wengi Ludira kadya kandheg, kapireng kekidungmu endah rinasa Agawe pangungun sadawane gili Wasana…. Den Semu Geneya….? Panjeriting lintang wengi Di celathu sajroning kalbu Swara jati kang kasiput mendhung ….miris….jebul datan anyandhak No. Kompetensi Dasar Materi Kelas / Sem Indikator Level Bentuk Soal No Soal 9 Memahami dan menanggapi sesorah dalam berbagai kegiatan di masyarakat Sesorah X / II Menjelaskan metode sesorah Peng etahu an PG 14 10 Menentukan urutan sesorah sesuai dengan kaedah yang benar Aplik asi PG 15 11 Menentukan perangan sesorah Aplik asi PG 16- 17 12 Melengkapi teks sesorah dengan kosa kata yang sesuai dengan unggah ungguh Aplik asi PG 18 SESORAH • Sesorah yaiku micara gagasan utawa panemu sarana lisan ana ngarepe wong akeh. • Ancasing Sesorah : 1. Wursitawara,ular – ular, , wasita wara, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun ngandharaken bab kautaman, pitutur, lan sapiturutipun. 2. 2. Sesorah lan medhar sabda, tetembungan punika kanggé mastani ingkang sipatipun umum tumraping olah pangandikan sangarsaning tiyang kathah. 3. Atur pambagyaharja, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun nampi rawuhipun para tamu.


4. Tanggap Wacana, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun nanggapi aturing pambagyaharja. 5. Atur pawartos, umpaminipun sesorah ing rapat-rapat, promosi barang, lsp. 6. Atur panglipur, umpamanipun ing adicara sripah, atur saking pambéla sungkawa, sesorah ing ngajengipun tiyang ingkang nembé nampi musibah bebendu alam, lsp. 7. Pangajak, umpaminipun: sesorah ing panyuluhan-panyuluhan. Sesorah punika kanggé nuwuhaken kapitadosan pamiarsa dhumateng punapa ingkang dipunandharaken lan kanthi iklas nindakaken punapa ingkang sampun dipunmangertosi. 8. Saged ugi pinten-pinten ancas ing inggil punika karantam rinoncé wonten ing satunggaling sesorah. • Metode Sesorah : 1. Maos Naskah 2. Apalan 3. Impromptu/ Spontan 4. Ekstemporan/ cathetan alit • Rumpakan (susunan) sesorah limrahipun kados ing ngandhap punika : A. Purwaka Basa/ Pambuka 1. Salam pambuka 2. Pisungsung / salam pakurmatan 3. Atur puji syukur dhateng Gusti Allah 4. Atur kasugengan, kairing atur panuwun B. B. Wigatosing atur/ Wosing Sesorah 5. Wedharing gati utawi wosing medhar sabdha (isining sesorah) C. Purwaka Basa/ Panutup 6. Atur nyuwun pangapunten (tumrap ingkang kagungan karsa) 7. Panutuping atur/ salam No. Kompetensi Dasar Materi Kelas / Sem Indikator Level Bentuk Soal No Soal 13 Memahami pemakaian, penggunaan dan pemaknaan busana Jawa gagrag Ngayogyakarta Busana Jawa XI / I Menyebutkan busana Jawa gagrag Ngayogyakarta Peng etahu an PG 19 14 Menyebutkan ciri khas busana Jawa gagrag Ngayogyakarta Peng etahu an PG 20 Wandaning Busana Kajawèn Tumraping Kakung Tumpraping tiyang kakung, parabot wujud wandaning busana kakung, ing antawisipun : 1. Iket / udheng/ blangkon 2. Busana : 1. Surjan sembagi utawi surjan kembangan, punika punika sejatosipun busana ingkang mligi dipunagem déning Sampéyandalem Ingkang SinuwunSri Sultan Hamengkubuwana ingkang jumeneng nata, lan ugi Sri Paduka Kangjeng Gusti Adipati Pakualam ingkang jumeneng nata. Ananging adatipun ugi kaginakaken ing upacara pawiwahan. 2. Surjan Lurik, surjan lurik ingkang limrah kaginakaken kawula Ngayogyakarta ing padintenanipun. 3. Pranakan biru lurik telu papat, busana punika minangka busana dhines tumraping abdidalem Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat. 4. Atéla, wujuding busana kadosdéné jas kanthi werni polosan, adatipun busana punika


dipunagem déning para abdidalem apangkat bupati sapanginggil nalika pisowanan salebeting kraton. Ananging ing jaman samenika asring dipuagem ing upacara pawiwahan. 3. Sinjang (Jarit) : Sinjang kakung mawi wiron, wironipun menawi cara Ngayogya pojokan batikkan ingkang awarni pethak (sèrèt) wonten njawi, lajeng wironipun tiba dhawah wonten sisih tengen. 4. Lonthong / stagèn / kendhit, menawi cara Ngayogya prayoginipun menawi dereng apangkat riya sapanginggil ngagem ingkang polos boten mawi seratan cindé. Supados kenceng, pangageming sinjang dipun setageni. Tumrap kakung ngubet mangiwa, putri ngubet manengen. Babagan warni nyumanggakaken, lan werninipun lonthong polos kajumbuhaken kaliyan pelet udheng (kemada). 5. Kamus / Sabuk lan Timang 6. Keris, Dhuwung, Curiga, parabot panjangkep busana kakung ing gagrag Ngayogyakarta 7. punika wonten tiga, inggih punika keris ingkang mawi warangka : a. Warangka wulan tumanggal, wandanipun saèmper wulan ingkang tumanggal (sabit), warangka punika rumiyin kaagem déning Pangéran Mangkubumi (HB I). b. Warangka Gayaman, lan c. Warangka Branggah 8. Cenéla, ugi winastan selop. Wandaning Busana Kajawèn Tumraping Putri Tumpraping tiyang putri, parabot wujud wandaning busana putri, ing antawisipun : 1. Sanggul lan Kerudung (hijab), tumraping busana putri ingkang tanpa hijab, sanggul ingkang kaginakaken ing gagrag Ngayogyakarta inggih punika sanggul tekuk, wondéné tumrap putri ingkang sampun krama saged ngginakaken paes kembang. 2. Rasukan kebaya, rasukan kebaya ingkang limrah kaginakaken ing busana gagrag Ngayogyakarta inggih punika kebaya tangkepan (kartinian), sanès kuthu baru, sinaosa ingkang ngagem punika mawi hijab. Wondéné kebaya kuthu baru punika adatipun mawi tambahan sléndhang. a. Kebaya tangkepan (kartinian) b. Kebaya kuthu baru 3. Lonthong / stagèn, lonthong utawi stagèn kaginakaken kanggé ngencengi sinjang. Tumrap kakung ngubet mangiwa, putri ngubet manengen. 4. Jarit / sinjang, sami kaliyan busana kakung, namung bèntenipun wiron putri kadamel langkung alit, lan dhawahing sèrèt sinjang wonten ing siring kiwa. 5. Cenéla, ugi winastan selop. No. Kompetensi Dasar Materi Kelas / Sem Indikator Level Bentuk Soal No Soal 15 Memahami pranatacara dari berbagai media Pranatacara XI / I Menentukan urut urutan teks pranatacara Aplika si PG 21 16 XI / I Melengkapi teks pranatacara Aplika si PG 22


Tuladha Teks Pranatacara: PANATACARA ING ADICARA SYAWALAN Assalamu’alaikum Wr. Wb. Karaharjan, katentreman sarta kabagyan paring dalem Allah ingkang Maha Asih, mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenenganipun para rawuh ingkang minulya.Nuwun, para pepundhèn, para sesepuh saha para pinisepuh ingkang dahat kinabektèn. Para pangembating praja ingkang sinudarsana. Bapak-bapak, ibu-ibu, para kadang sepuh anem, para rawuh kakung miwah putri ingkang sinuba ing pakurmatan. Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya, awit kula piniji saking panitya, kinèn ngaturaken urut reroncèning acara ing wekdal menika. Namung sadèrèngipun kula ngaturaken rantamaning acara menika, sumangga kula dhèrèkaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, satemah ing kalenggahan menika saged makempal kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubéda nir ing sambékala. Amin. Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga panatacara murwani lekasing sedya ingkang menika énggal badhé binuka lampahing titilaksana acara syawalan, kanthi ngaturaken reroncèning acara ingkang sampun karantam déning panitya, nun inggih: 1. (Acara ingkang angka sepisan) pambuka 2. (Angka kalih) waosan kitab suci Al-Qur’an 3. (Déné ingkang angka tiga inggih menika) atur pambagyaharja 4. (Acara angka sekawan) pratignya syawalan saking wiranèm 5. (Ingkang angka gangsal) pratignya syawalan saking warga 6. (Déné ingkang angka enem) pratignya syawalan saking pengurus 7. (Acara ingkang angka pitu) inggih menika panampining pratignya syawalan 8. (Acara ingkang angka wolu) inggih menika jawat asta 9. (Acara ingkang angka sanga) inggih menika suméné sawetawis 10. (Tataran acara ingkang angka sedasa) katerangan bab syawalan utawi hikmah syawalan 11. (Ndungkap acara ingkang angka sewelas utawi ingkang pungkasan) inggih menika panutup Mekaten para rawuh ingkang minulya, rantamaning adicara ing kalenggahan menika. Minangka pratandha pambukaning adicara, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan manungku puja konjuk wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, miturut agami saha kapitadosanipun piyambak-piyambak. Sumangga kula dhèrèkaken. Cekap, matur nuwun. Para lenggah ingkang bagya mulya, acara ingkang angka kalih inggih menika waosan kitab suci Al-Quran. Pramila dhumateng paraga ingkang sampun kapiji nenggih sedhèrèk................... kula sumanggakaken. Kaaturaken aguning panuwun dhumateng sedhèrèk............. mugi-mugi amal saé panjenengan pikantuk pituwas ganjaran saking ngarsa dalem Allah SWT. Mekaten ugi tumrap ingkang midhangetaken, mugi-mugi Allah kepareng ngluberaken rahmatipun. Amin. Bapak-bapak, ibu-ibu, tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap acara ingkang angka tiga inggih menika atur pambagyaharja saking pangarsaning panitya ingkang badhé dipunsalirani déning panjenenganipun bapak............. dhumateng penjenganipun bapak ............ kula sumanggakaken. Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, mekaten atur pambagya saking pangarsaning panitya, kanthi terang trewaca wijiling pangandika ngaturaken pambagya. Salam pambuka Atur pakurmatan Atur nyuwun udin Pamuji syukur Ngaturaken rantaman/ urutan acara Nglantaraken acara


---- lan sapiturutipun --- Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Sumangga pepanggihan ing wekdal menika kapungkasi sesarengan kanthi atur panuwun wonten ngarsaning dalem Allah SWT ingkang Maha Agung, déné acara syawalan ing kalenggahan menika saking purwa, madya, dumugi wasana saged kaleksanan kanthi raharja tebih saking sambékala. Donga puji syukur kula sumanggakaken miturut agami saha kapitadosanipun piyambak- piyambak, sumangga............................................................................................................ Cekap, matur nuwun Mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang boten ndadosaken renaning penggalih, amargi cupeting seserepan kula ing rèh subasita, basa tuwin sastra, kula nyuwun rumentahing agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Wasana sugeng kondur, mugi-mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Nuwun, matur nuwun. Panutup Nyuwun pangapunten Salam panutup No. Kompetensi Dasar Materi Kelas / Sem Indikator Level Bentuk Soal No Soal 17 Memahami UyonUyon Uyon-uyon XI / II Menyebutkan nama gamelan Peng etahu an PG 23 Ing ngisor iki andharan singkat bab perangkat gamelan: BONANG Bonang iku salah sawijining perangkat gamelan kang wujude arupa pencon. Bonang iku ditata dadi rong baris, saben sabaris gamelan slendro ana 5 pencon lan uga kang ana 6 pencon, dadi cacahe kabeh ana 10 utawa 12. Dene saben sabaris gamelan pelog ana 7 pencon lan cacahe kabeh ana 14. Wujude bonang iku ana 3, yaiku bonang panembung kang wujude paling gedhe, bonang barung kang wujude luwih cilik saka bonang panembung, lan bonang penerus minangka bonang kang cilik dhewe. Gedhe cilike wujud pencon bonang mau mratandhani asiling swara/karakter bonang siji lan sijine. Bonang kang asring kanggo mbukani gendhing yaiku bonang barung. CELEMPUNG LAN SITER Celempung iku piranti gamelan kang cara nabuhe dipetik padha karo siter, cacah senare ana 11 lan 13 pasang. Celempung iki, bebarengan karo siter dadi piranti utama ing gamelan. Ing pagelaran gamelan, piranti iki kalebu kelompok penerusan lan nduwe tempo kang padha garo gambang yaiku tempo cepet. Ukuran celempung dawane kira-kira 90 cm, nduwe 4 penyangga. Dadi, dibanding siter, celempung iku kira-kira ping telu luwih dawa. Celempung disetel pasangan ing laras pelog lan slendro. Nada celempung iku saoktaf ing ngisore siter cendheke. GAMBANG Wujud gambang iki meh padha saron ning luwih gedhe tur dawa lan wilahane digawe saka kayu. Jaman mbiyen ana gambang kang wilahane digawe saka tosan utawa logam, nanging saiki wis ora ana maneh. Ukuran wilah gambang udakara 29 cm nganti 58 cm. Wilah kang luwih gedhe iku Gb. 3: Bonang Gb. 4: Celempung Gb. 5: Siter Gb. 6: Gambang


swarane luwih rendah lan kabeh cacahe wilahan gambang ana 19 nganti 20 wilah. Dene tabuh gambang iku luwih dawa dibandhing tabuh liyane yaiku kira-kira 35 cm. GENDER Gender iku perangkat gamelan Jawa kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/silinder kang fungsine kanggo ngatur gema swarane. Tabung/silinder iku umume digawe saka pring lan wesi tipis. Gender iki wujude meh padha karo Slenthem. KEMPUL Kempul iki biasane digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahe gumantung jinis pagelarane, dadi ora mesthi. Bentuke kaya gong nanging luwih cilik lan diameter umum kira-kira 45 cm. Kempul ngasilake swara kang luwih dhuwur tinimbang gong, kempul kang ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh. GONG Gong iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawé saka tosan, lan nduwé ukuran kang gedhé dhéwé. Piranti iki biasané dipapanaké ing mburi dhéwé, digantung ing gayor kang umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Wujudé bunder, permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Gong nduwé swara kang gedhé dhéwé lan nadhané paling cendhek tinimbang nadha piranti gamelan liyané. Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akhir) iringan musik gamelan Jawa, dadi arang banget ditabuh (ora terusterusan) nanging ditabuh ing selang wektu tinentu. Prangkat musik tradhisional iki uga nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambukaan acara. Gong ageng iku perangkat gamelan kang ditabuh lan kang paling gedhe diametere udakara 80 nganti 100 cm utawa sekitar 24 inci. Gong ageng lan gong suwuk iku biasane digantung ing bagian mburi. Wujud gong ageng padha karo gong umume yaiku bunder. Gong ageng iki nduwe nada paling rendah dibanding swara piranti gamelan liyane lan ditabuh kanggo tandha akhir gendhing kang umum diarani gongan. Gong Suwukan utawa siyem iku perangkat gamelan kang ditabuh lan nduwe ukuran sing paling gedhe sawise gong ageng kanthi diameter 50 nganti 60 cm. Gong suwuk iku biasane digantung ing bagian mburi bareng karo gong ageng. Wujud gong suwuk iki padha persis karo gong ageng nanging ukurane luwih cilik. Gong suwuk iki nduwe nada luwih dhuwur dibanding gong ageng. KENDHANG Kendhang iku piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji (dikebuk). Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan Gb. 7: Gender Gb. 8: Kempul Gb. 9: Gong Ageng Gb. 10: Gong Suwukan Gb. 11: Kendhang Ageng


sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iku ukurané luwih cilik tinimbang bedhug. Kendhang iku wujude ana kendhang ageng/gedhe/gendhing, kendhang ketipung, kendhang ciblon/batangan, lan kendhang sabet/kosek/wayang. Swara kendhang umume yaiku: dlang, dlong, dhah, dheng/nggen, thung, ket, tong lan tak. Jinising swara iku metu saka carane nabuh kang beda-beda. Kendhang gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukurane (kerep disebut kendhang gedhe) dibandhing kendhang liyane. Kendhang gendhing iki uga ngasilake swara kang cendhak dhewe tinimbang kendhang liyane. Ana sebutan kendhang satunggal yaiku kendhang ageng iki ditabuh dhewekan, lan kendhang kalih yaiku kendhang ageng ditabuh bareng karo kendhang ketipung (kendhang loro). Kendhang ketipung utawa biasa disebut ketipung iku kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur dibandhing kendhang liyane. Ketipung biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng. Swara ketipung iki padha karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh kang beda-beda. Kendhang batangan utawa kendhang ciblon iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing kendhang ageng lan kendhang sabet. Swara kendhang iki luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng. Kendhang iki uga umum disebut kendhang ciblon. Kendhang ciblon biasane ditabuh kanggo ngiringi tari/joged lan gendhing. Swara kendhang batangan padha karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh kang beda-beda. Kendhang wayangan utawa kendhang sabet/kosek iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing kendhang ageng ning luwih gedhe sithik dibandhing ciblon. Kendhang sabet ngasilake swara kang luwih dhuwur dibandhing kendhang ageng. Kendhang iki biasane ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang. Swara kendhang wayangan pada karo swara kendhang umume lan jinising swara iku metu saka carane nabuh kang beda-beda. KENONG Kenong iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo bonang, kempyang, lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan kang diayun iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe. KETHUK LAN KEMPYANG Kethuk lan kempyang iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo kenong lan bonang. Rancakan kethukkempyang iku luwih cendhek dibandhing kenong. REBAB Gb. 12: Kendhang Ketipung Gb. 13: Kendhang Ciblon Gb. 14: Kendhang Sabet Gb. 15: Kenong Gb. 16: Kethuk Gb. 17: Kempyang


Rebab iku wujuding perangkat gamelan kang cara nabuhe dikosok (gesek). Rebab iku gunane kanggo murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggo mbukani gendhing. SARON Saron iku prangkat gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu. Ana 3 jinis saron yaiku: Saron Demung, Saron Barung/Ricik, lan Saron Penerus/Peking). Saron Demung iku jinis saron kang paling gedhe ukurane. Wilah saron demung iki paling gedhe ing kelompok saron (balungan) yaiku ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan lebar 9 cm. Ing kelompok saron/balungan, saron demung iku ngasilake swara paling cendhek. Saron barung utawa saron Ricik iku prangkat gamelan jinis saron tengah-tengah yaiku antarane peking lan demung. Wilah saron barung iki luwih gedhe dibandhing saron penerus ning luwih cilik dibandhing saron demung. Wilah kang luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Saron barung ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibandhing saron demung. Saron panerus (Peking) iku jinis saron kang paling cilik. Wilah saron panerus iku luwih cilik tinimbang saron barung lan demung, nanging wilahané luwih kandel. Wilah kang luwih dhuwur swarané, ukurané luwih cilik. Wilah saron panerus kang paling cilik dawané watara 18 cm lan amba 4 cm. Saron panerus ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibandhingaké karo saron barung. SLENTHEM Slenthem iku kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane (saron). Wujud slenthem iki meh padha karo gender. SULING Suling iku kalebu piranti musik kang disebul, fungsiné kanggo variasi melodi. Ing musik gamelan, suling iku kagawe saka bahan pring, dawané kira-kira setengah meter. Swara suling diasilaké saka rongga angin digeteraké liwat sebulan angin. Frekuensi gelombangé gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké. KEMANAK Kemanak yaiku perangkat gamelan kang wujude memper gedhang. Kemanak iku biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan. KECER Kecer yaiku perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane. Kecer iku biasane ditabuh kanggo ngiringi lelagon dolanan ing pagelaran karawitan. (Kapethik saking: http://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/17/seratwedhapradangga/, kanthi ewah-ewahan saperlunipun). Gb. 18: Rebab Gb. 19: Saron Demung Gb. 20: Saron Barung/Ricik Gb. 21: Saron Penerus/Peking Gb. 22: Slenthem Gb. 23: Suling


Gb. 24: Kemanak Gb. 25: Kecer No. Kompetensi Dasar Materi Kelas / Sem Indikator Level Bentuk Soal No Soal 18 Memahami isi dan struktur karya sastra prosa cerkak Cerita Cekak XI / II Menganalisis unsur intrinsik sebuah cerkak Aplik asi PG 24 19 XI / II Mencari pesan moral dari teks cerkak Penal aran PG 25 Cerkak gadhah kalih unsur inggih menika: 1. Unsur Intrinsik Unsur intrinsik inggih menika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak. Ingkang kalebet unsure intrinsik: a. Tema iggih menika undering cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken undering cariyos. b. Latar (Setting) inggih menika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak. Cariyos menika kedah cetha, wonten pundi kadadosanipun, kapan kadadosanipun saha swasana sarta kahanan menika kadadosan. c. Alur (Plot) inggih menika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos. Alur kaperang dados 3 inggih menika: 1) Alur Maju inggih menika reroncening kedadosan ingkang urutanipun manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng. 2) Alur Mundur inggih menika reroncening kedadosan ingkang urutan kadadosanipun boten miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyos ingkang lumampahipun mundur. 3) Alur campuran inggih menika campuran antawisipun alur maju kaliyan alur mundur Alur menika kaperang dados pinten-pinten tahapan, inggih menika: 1) Pangantar inggih menika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitanipun cariyos. 2) Wiwitaning perkawis inggih menika peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran perkawis ingkang dipunadhepi dening paraga cariyos. 3) Klimaks inggih menika perkawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos. 4) Antiklimaks inggih menika perkawis sekedik mbaka sekedik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical. 5) Resolusi inggih menika perkawis sampun saged karampungaken. d. Watak inggih menika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, bab watak menika saged dipuntingali saking tigang aspek, inggih menika: 1) Pacelathon paraga 2) Gegambaraning paraga


3) Gegambaraning blegeripun paraga e. Nilai (amanat) inggih menika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos. 2. Unsur Ekstrinsik Unsur ekstrinsik inggih menika unsur-unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos, ananging nggadhahi pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos menika. Unsur ekstrinsik menika: a. Nilai – nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi) b. Latar belakang gesangipun panganggit c. Kahanan sosial rikala cariyos menika dipundamel Nemtokaken menapa ingkang saged dipundadosaken titikan anggenipun milah cerkak saking format cariyos fiksi sanesipun ingkang langkung dawa taksih dados pirembagan para sastrawan. Salah satuggaling definisi kuna saking cerkak inggih menika kedah saged dipunwaos kanthi sekali duduk. Definisi-definisi sanesipun nyebataken cekak saha dawanipun saged katingal saking cacahipun tembung-tembungipun inggih menika 7.500 tembung. Ananging bilih katingal saking karya kontemporer bilih cerkak menika umumipun karya fiksi ingkang dawanipun boten langkung saking 20.000 tembung saha boten kirang saking 1.000 tembung. Cariyos ingkang cacahipun kirang saking 1.000 tembung kagolong genre fiksi kilat (falsh fiction). Cariyos fiksi ingkang nglampahi batas maksimal saking parameter cerkak kagolong novelette, novella utawi novel. --- ### ---- Kagem materi kelas xii saged dipunpadosi ing buku paket lan catetan. No. Kompetensi Dasar Materi Kelas / Sem Indikator Level Bentuk Soal No Soal 20 Memahami dan menanggapi prosesi upacara adat jawa Upacara Tingkeban XII / 1 Menyebutkan pengertian upacara adat jawa Pengeta huan PG 26 21 XII / 1 Menyebutkan perangan upacara adat jawa Pengeta huan PG 27 22 XII / 1 Menjelaskan makna filosofi dari ubarampe upacara adat jawa Pengeta huan PG 28-29 23 Memahami kraton Ngayogyakarta Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat XII / 1 Menyebutkan sejarah Keraton Ngayogyakarta Pengeta huan PG 30 24 XII / 1 Menyebutkan bagian Keraton Ngayogyakarta Pengeta huan PG 31-32 25 XII / 1 Mengidentifikasi Prajurit Keraton Ngayogyakarta Aplikasi PG 33 26 Memahami seni pertunjukan tradisional Jawa dari berbagai media Seni Pertunjukan tradisional jawa XII / 1 Menyebutkan piranti pertunjukan wayang Pengeta huan PG 34 27 XII / 1 Menganalisis tokoh cerita wayang dan wataknya Penalar an PG 35 28 XII / 1 Menganalisis ajaran moral dalam cerita wayang Penalar an PG 36 29 Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Sinom Tembang Macapat Sinom XII / 2 Menyebutkan arti kata sukar Aplikasi PG 37, 39 30 XII / 2 Mencari pesan moral dari tembang macapat Penalar an PG 38, 40


Click to View FlipBook Version