Bahan Ajar
KELAS XI
Novel Jawa
Annisa Falasifah
Mahasiswa PPG Daljab
UNY
Peta Konsep
Teks novel Jawa
Pangertosan novel
Unsur pembangun novel
Sinopsis
Nilai-nilai novel
BAHAN AJAR
NOVEL JAWA
Kompetensi dasar
3.2 Memahami isi petikan teks novel
berbahasa Jawa.
4.2 Menceritakan isi petikan novel
berbahasa Jawa.
Indikator
3.2.1Peserta didik menganalisis unsur-
unsur instrinsik petikan teks novel
dengan tepat. (C4)
4.2.1Peserta didik dapat membuat sinopsis
petikan teks novel secara tertulis
menggunakan bahasa krama dengan
tepat.(P5)
Tujuan Pembelajaran
Melalui kegiatan pembelajaran dengan
pendekatan scientifik, model
pembelajaran Problem Based Learning,
metode diskusi, tanya jawab,
penugasan, dan CIRC peserta didik
dapat menganalisis unsur instrinsik
petikan teks novel dan membuat
sinopsis petikan teks novel dengan
tepat, teliti, disiplin dan tanggung
jawab.
Dimensi
Pengetahuan
KONSEPTUAL PROSEDURAl
Pengertian Langkah-langkah
Novel membuat sinopsis
Unsur
Pembangun
Novel
FAKTUAL METAKOGNITIF
Nilai-nilai
Petikan teks yang
novel terkandung
dalam Novel
FASE 1
ORIENTASI PESERTA DIDIK
Ayo menika buku
menapa nggih ?
para siswa sumangga maos petikan teks novel
wonten ing link
https://bit.ly/NovelJawaNgulandara
FASE 2
MENGORGANISASI
PESERTA DIDIK
MATERI KONSEPTUAL
Pengertosan Novel
Novel inggih menika salah sawijining sastra
gancaran (prosa) ingkang sipatipun fiksi lan
nggadahi cariyos ingkang nyata. Padatanipun
nyariosaken laku pagesangan sawijining tiyang
ingkang dados paraga lan nggambaraken
kahanan alam uga sosial minangka latar
cariyosipun.
UNSUR INSTRINSIK
TEMA
Inggih menika dasaring cariyos ingkang dados pokok
pikiran saking wosipun cariyos.
Tuladhanipun tema katresnan, pendidikan, sosial,
budaya lan sapiturutipun.
PARAGA LAN WATAK
Inggih menika paraga/tokoh ingkang wonten ing
salebetipun cariyos lan kadospundi watakipun.
Pangripta maringi gegambaran watak saking
kadospundi paraga wicantenan, tumindak lan
srawung kaliyan paraga sanesipun.
Paraga kaperang dados 3:
a. Protagonis : paraga ingkang nggadahi watak becik
b. Antogonis : paraga ingkang nggadahi watak ala
c. Tritagonis : paraga ingkang dados panengah/ netral
LATAR (SETTING CERITA)
Inggih menika perangan ingkang njlentrehaken
pandunung papan, wektu lan swasana, ingkang
wonten ing sakjroning cariyos.
Latar papan panggonan, kadosta: ing omah, kelas,
sekolah lan sapiturutipun.
Latar waktu, kadosta: wayah esuk, awan, sore,bengi
lan uga dipunsebataken jam pinten.
Latar swasana kadosta: seneng, sedih, trenyuh.
UNSUR INSTRINSIK
ALUR (LAKUNE CERITA)
Inggih menika rerangkening cariyos saking wiwit
nganti pungkasan.
Alur kaperang dados 2, inggih menika:
a. Alur maju (progresif) inggih menika kadadosan
lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi
tumuju ing alur crita.
b. Alur mundur (flash back progresif) yaiku dumadi
saka kang ana sesambungane karo prastawa kang
lagi dumadi.
SUDUT PANDANG
Inggih menika kalungguhan pangripta wonten ing
saklebetipun cariyos novel. Anggenipun nyariosaken
novel, pangripta saged dados salah sawijining paraga
utawi saged dados dhalang sakjabane cariyos.
AMANAT ingkang
Inggih menika piwulang kabecikan
kaandhut wonten ing sajroning cariyos.
LELAWANING BASA
Inggih menika basa rinengga kang digunakake
pangripta ing ukara-ukara novel. basa rinengga yaiku
bsa kanggo kaendahan kanthi nggunakake kawruh
kasusastra Jawa, tuldha : purwakanthi, parikan,
paribasan
UNSUR EKSTRINSIK
Pangertosan
Unsur ekstrinsik inggih menika unsur
ingkang mbangun saking sanjabane
cariyos novel.
Unsur menika ngemot bab-bab ingkang
njalari novel kasebut dipunserat, kadosta:
1.Kadadosan sejarah
2. Kadadosan Politik
3. Kadadosan sosial
lan budaya
4. Kadadosan pribadi
kang dialami
pangripta novel
5. Biografi penulis
FASE 3
MEMBIMBING PENYELIDIKAN
INDIVIDU DAN KELOMPOK
Materi Prosedural
Sinopsis inggih menika ringkesan cariyos saking alur ingkang
dawa dados cekak nanging saged njlentrehaken cariyos
sedayanipun.
Caranipun Damel Sinopsis inggih menika:
Maos teks petikan novel basa Jawa kangge
mangertosi wosipun.
Nemtokake pokok isi cerita
Ngembangake pokok isi kanthi cekak nanging
tetep runtut urut-urutane, ngangge basa
ingkang becik lan gampang dipunmangertosi.
Dialog lan monolog cekap dipunserat wosipun
mawon.
FASE 4
MENGEMBANGKAN
DAN
MENYAJIKAN
MATERI METAKOGNITIF
Paedah saking sinau novel, para siswa
boten namung mangertosi wujudipun novel,
pangertosan novel, lan caranipun damel
sinopsis novel kemawon. Ananging wonten
paedah ingkang saged kapundhut kangge
panguripan. Novel menika asil rasa
pangrasane, pamikirane, ide, lan gagasan
pangripta ingkang awujud tulisan, saengga
wonten ing sajroning novel menika katah
ngemot nilai moral ingkang saged dados
tuladha ing salebetipun pagesangan
FASE 5
MENGANALISIS DAN MENGEVALUASI
PROSES PEMECAHAN MASALAH
Dudutan
1.Novel inggih menika karya sastra awujud gancaran utawi
prosa
2.Unsur Intrinsik novel inggih menika tema, paraga
lan watak, latar, alur, sudut pandang , amanat, lan
lelawaning basa
3.Unsur ekstrinsik inggih menika unsur kang
mbangun novel saking sanjabane novel
Relefansi
1.Cerita novel menika padatan ngginakake tema
pagesangan urip manungsa
2.Saben cariyos novel menika wonten piwulang luhur
lan nilai-nilai ingkang kaandhut.
KAPUSTAKAN
1.Sayuti, Suminto A. 2000. Berkenalan Dengan Prosa Fiksi.
Yogyakarta: Gama Media
2.Surosa dkk. 2000. Ikhtisar Seni Sastra. Surakarta: PT. Tiga.
Serangkai Pustaka Mandiri.
3.Slamet, Mulyono dan Rulita Damameita Putri. 2015. Terampil
Basa Ndhidik Karakter Luhur. Surakarta: Mediatama.
4.Gandung, Wahyu dkk. 2014. Prigel Basa Jawa. Yogyakarta:
Erlangga.
5.Herawati, Nanik dan Widodo Ariwibowo. 2015. Baud Basa
Jawa. Klaten: PT Intan Pariwara