The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by aprilianaanggraini04, 2022-10-04 08:37:09

BAHAN AJAR TEMBANG MACAPAT OK

BAHAN AJAR TEMBANG MACAPAT OK

Keywords: Jawa,Bahasa,SMP

BAHAN AJAR

TEMBANG MACAPAT

kelas vii

SEMESTER GASAL

Penyusun: Apriliana Fitri Anggraini, S.Pd
SMP NEGERI 1 KUDU

DAFTAR ISI

3 Pandom Pasinaon kanggo siswa
4 Pandom pasinaon kanggo guru lan wali murid
55 Capaian dan Tujuan Pembelajaran
6 Mbabar Wawasan
8 Nyemak Struktur Teks Tembang Macapat
14
Pesen moral sajrone tembang macapat
17 Dudutan
18 Tes Formatif
19 Refleksi

20 Daftar Kapustakan

PANDOM PASINAON

KANGGO SISWA

Sadurunge siswa sinau bahan ajar iki,
para siswa prelu maca pandom
pasinaon kaya ing ngisor iki:

Wiwitana dedonga dhisik supaya
lancar anggone sinau materi sing
ana ing bahan ajar iki.
Pahami saben materi ing bahan
ajar supaya bisa lanjut ing bab
liyane
Jangkepi saben bagean Latian lan
Gladhen sing ana ing bahan ajar iki
mawa semangat lan seneng. Yen
rada ngalami kangelan, para siswa
bisa pirembugan karo kanca,
nyuwun pirsa marang bapak/ibune
dhewe, utawa bisa uga nyuwun
pirsa marang bapak/ibu guru
nalika jam pelajaran.
Pahami saben bagean rangkuman
ing jero bahan ajar iki, supaya
cetha garis besare materi ing
bahan ajar iki.
Garapen Tes Formatif yen materi-
materi uwis bar disinaoni kabeh.

PADOM PASINAON

KAGEM GURU & WALI


MURID

Kagem Guru

Bapak/Ibu guru ingkang kinurmatan, bahan ajar menika dipunsusun
mawi dasar orientasi teks. Sejatosipun, saben siswa sampun
dipunarahaken supados saged nyinaoni bahan ajar punika mawi
piyambakan. Sinaosa mekaten, guru ugi saged nyerat
sambatan/masalah para siswa nalika sinau bahan ajar menika. Lajeng,
guru ngrembag masalah-masalah punika nalika pepanggihan wonten
ing kelas.

Kagem Wali Murid

Kagem Bapak/Ibu Wali Murid ingkang kinurmatan, kapurih saged
nglodhangaken wekdalipun kagem midhangetaken ugi mbiyantu

para putranipvuian PmheonnaewCi anlyluwun pirsa bab-bab ingkang dereng

pdiiypaumnmbaakn-gpeiyraaDtomrieasibl,fr(a1olk2am.3je)n84g5A6Mp7a8tro9a05.:s3Hi0sowPtalMin.neyoepreatratiningg hbouukrus cathetanipun

CAPAIAN PEMBELAJARAN

PeseArPtaA dITidUikPEmNeAmLAahRaAmNi GinEfOoMrmETasRiISb?erupa
gataaguaKsgeapmenoea,msmaepptnuriiaksniurdnuantanutrku,ikmmpebmeanenbgrudgbaautannkgaeakasnaiimngpkaujonelna,nsnei.sparatheakns
deskripsi, narasi, puisi, eksplanasi, dan
eksposisi (cerkak, crita wayang, geguritan,
tembang kreasi dan macapat) yang
beraksara latin dan/atau Aksara Jawa, teks
visual untuk menemukan makna yang
tersurat dan tersirat.

TUJUAN PEMBELAJARAN

Melalui kegiatan pembelajaran

menggunakan model quantum learning,

peserta didik mampu:

1.Mengidentifikasi struktur teks

tembang macapat pangkur dengan

benar

2.Menganalisis pesan moral dalam

teks tembang macapat pangkur

dengan tepat

Mbabar Wawasan
Gathekna gambar ing ngisor iki!
Apsaakjaengeanmgbearpakkuawriy?an

Sugeng enjing bocah-

bocah, piye bisa mbedhek

pakaryan saka gambar mau

kira-kira jenis tembang

apa sing biyasane

dilagokake karo wong

kasebut?
Supaya luwih cetha, ayo

awakdhewe sinau bareng-

bareng!



Pasinaon Nyemak Struktur

Teks Tembang


Macapat

Ing perangan iki, para siswa bakal

nyinaoni tuladhane teks tembang

macapat. Sabanjure, para siswa diajab

bisa maca teks tembang macapat

Pangkur ing ngisor iki kanthi titi laras

kang trep.

Tembang Macapat

Tembang Macapat yaiku tembang tradisonal
ing tanah Jawa. Diarani tradisonal amarga
kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan
guru lagu. Macapat tegese maca papat-
papat, yaiku carane maca adhegane saben
patang wanda (suku kata)
Ing sajrone tembang macapat kuwi ana
paugeran-paugeran kang awujud tetenger
utawa titikan kang dadi pambeda antarane
tembang macapat siji lan sijine. Ing ngisor iki
bakal kaandharake paugeran-paugeran ing
sajrone tembang macapat.

Guru gatra yaiku cacahe larik/baris/gatra
saben sapada (sabait).
Guru wilangan yaiku cacahe wanda/
sukukata saben gatra.
Guru lagu yaiku dhong-dhinge/tibane
swara ing pungkasane gatra.

Kanggo luwih nggampangake sinau tembang

macapat, coba saiki jupuken hpmu lan scan


barcode ngisor iki!

SCAN ME

Ayo gladhen!

Coba saiki bareng-bareng

karo gurumu golekana


guru gatra, guru wilangan

lan guru lagu tembang

mau!

Cacahe tembang macapat kuwi ana 11, yen kadulu saka

urut-urutan cacahe gatra bisa dicekak "mas pucung,

megat gambuh, mijil kanthi, durpungkasmaran, si


dhandhang". Supaya luwih cetha lan gampang anggone

para siswa mbedakake tembang siji lan sijine gathekna


andharan ing ngisor iki!

Saliyane kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu,
tembang macapat uga nduweni titi laras lan cakepan.
Titi laras utawa cukup diucapake laras kaperang dadi
loro yaiku laras slendro lan laras pelog. dene cakepan
tembang iku sejatine ora beda karo wangun geguritan
kang banjur dilakokake

Adhedhasar paugeran ing

ndhuwur, tembang mau

kalebu jinise tembang

....................................................

..

Apa pitutur luhur sajrone

tembang macapat mau?

Supaya bisa mangerteni pitutur
luhur sajrone tembang, awakmu
kudu luwih dhisik nindhakake
pakaryan kaya ing ngisor iki:

Nggoleki tegese tembung angel ana
ing kamus (bausastra) cetak utawa
saka aplikasi

Nggancarake tembang macapat
Sawise nnggoleki tembung angel
mau, banjur rakite tembung-
tembung ing larik dadi ukara kang
wutuh.

Negesi tembung angel

PANGKUR
Mingkar-mingkuing angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kertarta, pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji

Ing cakepan tembang kasebut tinemu tembung kawi,

yaiku

mingkar : nyimpangi Tembung kawi uga diarani

angkara : murka tembung Jawa kuna. Tembung-

siwi : anak tembunge saiki wis arang

sinukarta : diaji-aji digunakake guneman padinan.

kertata : putus ing Tembung iki digunanake

ngelmu : kawruh kanggo pepaes.

Pitutur luhur apa

sing bisa kapethik


saka cakepan

tembang pangkur


ing ndhuwur?

Tembang macapat bisa digunakake
kanggo sarana medhar gagasan
werna-werna. Wiwit medharake ilmu
pengetahuan lan teknologi, tuntunan
tata kaprajan, ulah tetanen, nganti
pitutur luhur kanggo budi pekerti.

AYO SINAU BARENG-BARENG

Coba saiki nggawea kelompok bareng kanca-

kancamu kang dumadi saka 4-5 bocah. Banjur

garapen gladhen sing cumepak ana barcode

ngisor iki!

PEPELING

Tembang macapat salah sijine kagunan
Tembang Macapat kuwi nduweni

seni budaya Jawa kang carane maca
paugeran cacah telu yaiku guru

adhengane saben patang wanda (suku gatra, guru wilangan lan guru lagu.
kata)

Saben pada (bait) macapat nduweni baris utawa ukara sing diarani guru gatra, lan
saben gatra nduweni sawetara guru wilangan ( suku kata) tinamtu, lan dipungkasi
nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.
Cacahe tembang macapat kuwi ana 11 kang nduweni paugeran beda siji lan sijine.
Uga nduweni watak lan panganggone tembang kang beda kanthi urutan
Maskumambang, Pucung, Megatruh, Gambuh, Mijil, Kinanthi, Durma, Pangkur,
Asmarandana, Sinom, Dhandhanggula

Tembang Pangkur minangka salah sijine tembang macapat sing dnuweni pitutur
luhur kanggo panguripane manungsa. Supaya bisa mangerteni piwulangan luhur
saka tembang macapat luwih dhisik kudu negesi tembung-tembung kang ana
sajrone tembang macapat. Mulane kudu digawe gancaran saengga bisa dijupuk
dudutan utawa pitutur luhur kanggo piwulaengan dhateng manungsa urip ing donya

REFLEKSI

Apa awakmu wis paham tegese tembang
macapat?

Apa awakmu wis paham paugeran

tembang macapat?

Apa awakmu bisa nggoleki guru gatra,

guru wilangan, lan guru lagu tembang

macapat?

Apa awakmu bisa nyebutake jinise

tembang macapat?

Apa awakmu bisa nyebutake watake

tembang macapat?

Apa awakmu bisa ngadharake pitutur

luhur sajrone tembang macapat?

NULIS TEKS

TEMBANG MACAPAT


PANGKUR

KELAS VII
SEMESTER GANJIL

APRILIANA FITRI ANGGRAINI
SMP NEGERI 1 KUDU

Mbabar Wawasan

DIDI

KEMPOT

Tembang Macapat

Pangkur

Negeriku Indonesia
Nut jaman kapungkur tetep nyawiji
Nunggal ingkang den ginayuh
Karaharjaning bangsa
Loh jinawi subur kang sarwa tinandur
Murah sandhang lawan pangan
Karukunan kang jinagi

Piye ya carane

nulis teks

tembang


macapat ki?

Nulis Teks Tembang Macapat

Kanggo gampang anggone nulis cakepan
tembang macapat, para siswa kudu mangerteni
cara-carane kang trep. Cara-cara kang bisa
ditindakake kanggo nulis cakepan tembang
macapat kaya ing ngisor iki:

Nemtokake tema sadurunge nulis tembang
macapat. Tema yaiku gagasan sing dadi dasar
nulis tembang macapat. Tema bisa saka
angen-angene dhewe, saka kedadeyan nyata
ing panguripan sadina-dina lan
sapanunggalane. Tema bisa bab katresnan,
perjuangan, kasarasan, bebrayan, lan liya-
liyane.

Njumbuhake tema karo arane tembang,
wewatakane tembang, lan panganggone
tembang

Adhedhasar arane tembang, panulis
nemtokake guru gatra, wilangan, lan lagu

Paugerane tembang

pangkur:

8a,11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

Ngronce tembung-tembung dadi ukara
kang jumbuh karo paugerane tembang.
kanggo ngetrepake guru wilangan lan
gur lagu bisa kanthi cara nggunakake
tembung plutan, garba nganti tembung
dasanama lan uga bisa nambahi
wuwuhan

Ne ge ri ku In do ne si a 8a
Nut jaman kapungkur tetep nyawiji ......
Nunggal ingkang den ginayuh ......
Karaharjaning bangsa ......
Loh jinawi subur kang sarwa tinandur ......
Murah sandhang lawan pangan ......
Karukunan kang jinagi ......

Ayo gladhen!

Gawea cakepan tembang macapat jenis pangkur kanthi
ngugemi cara-cara kaya kang wis diandharake:

Tema : .................................................................................
Kanggone : .........................................................................
Guru gatra : .....................................................................
Guru wilangan&lagu : ......................................................
Cakepan : ............................................................................

Tugas

Kelompok

TES FORMATIF

SCAN ME

Daftar Kapustakan

Hadi, Samsul dkk. 2015. Kirtya Basa Kanggo SMP/MTs Kelas

VII. Surabaya : Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur
Prawiroatmodjo, S. (1987). Bausastra Jawa. Yayasan" Djojo

Bojo".


Click to View FlipBook Version