SESORAH Nex salad
DASANAMA Pidhato/ tanggap wacana Pamedhar sabda Pambagyaharja Panatacara Khutbah
Sesorah Sesorah yaiku medharake ancas / tujuwan tartantu kanthi runtut. micara sangarepe wong akeh kanthi lisan
Metode o Impromtu (dadakan): tanpa ana persiapan. o Apalan: tanpa delok teks sesorah. o Maca naskah: mawa teks utawa naska o Ekstemporan: sesorah kanthi nggawa teks( njlentrehake cengkorongan pidhato utawa isi penting)
Atur pambagya: nampa rawuhe para tamu. Atur kabar/ warta: menehi kabar/ informasi saka salah sawijining kedadean. Atur panglipur: kang tujuwane kangge panglipur kanggo wong kang nembe nandhang musibah Atur pangajak: kang tujuwane kanggo ngajak marang wong akeh supaya gelem nindakake kaya isine sesorah. ANCAS
01. Ngucapake salam marang para rawuh/tamu. 02. Pangucap syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung. 03. Medharake bab ingkang wigati. 04. Pangajab (harapan) supaya bisa kalaksanan 05. Nyuwun pangapura marang para rawuh. 06. Ngaturake salam marang para rawuh. Urut-urutane pidhato Salam Pambuka Purwaka Isi/ wigatining pidhato Pangarep-arep Panutup Salam panutup
Assalamu'alaikum warohmatullohi wabarakatuh, Bapak Camat Kanigoro ingkang dahat kinurmatan,Bapak Kepala Desa Sawentar saha para perangkatipun ingkang kula hormati, Bapak/Ibu Petugas saking Puskemas Kanigoro ingkang kula hormati. Boten kesupen para warga Dhusun Sawentar ingkang minulya. Langkung rumiyin, mangga kita sedaya tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sedaya arupi kesehatan jasmani lan rokhani, saengga kita sedaya saged kempal wonten ngriki kanthi kawontenan sehat wal 'afiyat boten wonten alangan menapamenapa. Perlune Njaga Karesikan Lingkungan
Wekdal menika keparenga kula matur bab perlunipun njagi kesehatan lingkungan. Langkung-langkung kesehatan lingkungan ingkang kita panggeni. Kenging menapa lingkungan ingkang kita panggeni perlu kita jagi karesikanipun? Kita sedaya temtunipun sampun mangertos bilih lingkungan ingkang resik saged nuwuhaken kesarasan utawi kesehatan. Mekaten ugi kosok wangsulipun, lingkungan ingkang reged lan boten sehat saged nuwuhaken wontenipun penyakit. Tuladha sanesipun nyamuk utawi jingklong. Nyamuk utawi jingklong menika inggih remen mapan wonten panggenan sing kirang resik. Menawi panggenan kalawau kathah nyamukipun, temtunipun mujudaken sumber penyakit malaria utawi demam berdharah. Pramila saking menika, sumangga kita sedaya tansah njagi karesikane lingkungan kita piyambakpiyambak. Para Bapak, Ibu, lan para sedherek sedaya,
Lingkungan ingkang resik menika kejawi saged nyegah wontening penyakit, ugi saged njalari kita sedaya betah manggen wonten ing papan ingkang resik Papan panggenan ingkang resik menika pancen ketingal endah menawi dipuntingali. Cobi mangga dipunbandhingaken, kita sekeca manggen wonten ing panggenan ingkang resik menapa panggenan ingkang reged? Temtunipun kita sedaya milih panggenan ing resik lan sehat.
Para Bapak, Ibu, lan para sedherek sedaya, Minangka pungkasing atur, sepisan malih, mangga kita sedaya ngulinakaken tansah njagi karesikaning lingkungan kita piyambak-piyambak. Mekaten sekedhik andharan ingkang saged kula aturaken ngengingi wigatosipun tansah njagi karesikanipun lingkungan. Mugi-mugi menapa ingkang sampun kula andharaken menika wonten gina paedahipun tumrap kita sedaya. Hambokbilih anggen kula matur menika wonten kekiranganipun, kula namung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Wasana kula pungkasi billahi taufiq wal hidayah, wassalamu'alaikum warohmatullohi wabarokatuh. Nuwun.
Kahanan setengah resmi Kahanan resmi Jinise pidhato Kahanan ora resmi
1. Pidhato resmi Pidhato jinis iki kaiket dening wektu lan isine. Pamicara ws duwe naskah sing kudu diwaca, dadi ora bisa sakepenake dhewe tuladhane: ~Pidhato Kenegaraan ~Upacara HARDIKNAS
2. Pidhato setengah resmi Ngetokake kesan remi, nanging ora kaiket wektu, isi kudu runtut nanging isih bisa dikembangake ora kaiket dening naskah. tuladhane: ~trima penganten
1. Pidhato ora resmi pidhato iki ora kaiket dening waktu. ngandharake babagan kang pas karo kahanan lan pamirenge. tuladhane: ~Pidhato ketua Rt
Bab Wigati nalika Sesorah 1. Basa: kudu trep sing diadhepi. Basa ngoko kanggo bocah/ luwih enom. Basa krama kanggo wong kang luwih tuwa 2. Busana: nggunakake busana kang becik. “ajineng raga saka busana” kanggo ngormati para tamu uga bisa kanggo njagi lan ngajeni awake dhewe. Busana selaras karo kahanan.
Bab Wigati nalika Sesorah 3. Swara: ora keseron lan ora lirih banget. Ora kecepeten saengga apa kang diwedharake, gampang dimangerteni karepe. 4. Sala bawa: mantep lang tatag. Madhep marang para tamu, aja ndhingkluk lan aja ndhangak.
Pranatacara
Pranatacara uga diarani pambywara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi master of ceremony (MC)
Pranatacara yaiku wong sing duwe tugas nglantarake titilaksana (lakune)sawijine upacara, kaya ta mantenan, keseripahan, resmi/formal
1. Salam Pambuka 2. Isi 3. Wasana 4. Salam panutup 5. Purwaka Struktur Teks Pranatacara
Nalika sesorah kudu cetha pangucapane, pamedhote ukara kudu jumbuh karo tegese ukara. Tata Cara sesorah/ pranatacara Pamicara kudu isa jumbuhke lan kahanan saubenge. Migatekake dhuwur cendhek, alon bantere swara kajumbuhake marang isine sesorah. Gegayutan karo solah bawa lan obahe awak nalika sesorah. Tuladhane obahe tangan, sikil, lan pasuryan (mimik wajah) Wirasan Wiraga Wicara Wirama
Matur Nuwun