BAHAN AJAR CRITA LEGENDA Kangge kelas VIII Semester Gasal Kurikulum Merdeka BAHASA JAWA Masitoh, S.Pd., Gr. SMP IT HARAPAN BUNDA SEMARANG 2023/2024
Cerita Rakyat Legenda A. Elemen CP Menulis Peserta didik mampu membaca teks sastra (tembang macapat/parikan/dongeng/geguritan/cerita pendek/cerita rakyat/cerita wayang epos Ramayana/lainnya) dari teks visual dan audio visual. B. Tujuan Pembelajaran 1. Peserta didik dapat menganalisis dan mengartikan kata-kata sulit didalam teks legenda. 2. Peserta didik dapat menganalisis unsur intrinsic teks legenda. 3. Peserta didik dapat menceritakan Kembali isi legenda baik secara lisan maupun tulisan. C. Pril Pelajar Pancasila 1. Beriman, Bertakwa kepada Tuhan YME dan berakhlak mulia 2. Bernalar kritis 3. Gotong Royong 4. Berkebinekaan global 5. kreatif D. Indikator Ketercapaian Pembelajaran 1. Setelah menyimak materi cerita legenda melalui video, peserta didik dapat menganalisis kata-kata sulit didalam cerita legenda tersebut secara bergotong-royong. 2. Setelah mencermati cerita legenda melalui buku maupun video, peserta didik mampu menganalisis unsur intrinsic cerita legenda dengan bernalar kritis. 3. Setelah mengetahui isi legenda melalui buku maupun video, peserta didik mampu menceritakan Kembali isi cerita legenda tersebut dengan kreatif. E. Pertanyaan Pemantik 1. Sapa sing nate maca teks legenda? 2. Nalika wis nate maca, coba critake isine crita legenda kasebut?
A. Identifikasi Masalah Materi Faktual Para siswa mangga mriksani gambar-gambar wonten ing ngandhap kangge seserepan bab legenda. Sakmenika sampun wonten tuladha-tuladha legenda ingkang wonten sakiwa tengenmu.
B. Pangerten Crita Legenda Tembung legenda asale saka tembung basa Latin “legere”, tegese yaiku crita prosa rakyat kang dicritakake lan dipracaya minangka kadadean kang dumadi temenan. Crita legenda yaiku crita kang duwe gegayutan karo dumadine sawijining papan. Crita iki diwarisake turun temurun kanthi cara lesan. Crita legenda kasebut ngandhut piwulangpiwulang kang bisa digunakake ing kauripan manungsa. Legenda inggih punika crita rakyat ingkang nggadhahi sesambetan kaliyan prastawa Sejarah. Cariyos legendha punika wosipun ngenani perkawis lelampahan dumadosipun papan panggonan utawi dumadosipun wewangunan. Dene nut dhawuhipun Pudentia, legenda inggih punika cariyos ingkang dipun pitayanidening saperangan warga Masyarakat bilih cariyos menika estu-estu wontenipun, naming boten kaanggep suci utawa sacral. Tuladhane: Legendha Dumadine Banyuwangi, Sangkuriang, Dumadine Rawa Pening, lsp. C. Jinise legenda 1. Legenda Agama Legenda wong suci Kristen, wong suci sing nyebarake agama islam. Salah satunggaling tuladha inggih menika cariyos babagan wali sanga ing tanah Jawi ingkang kathahngrembaka ing masarakat. 2. Legenda kegaiban Legenda gaib iki nyritakake kapercayaan marang alam gaib. Tuladhane legendha gaib yaiku Nyi Roro Kidul, panguwasa ing pesisir kidul.
3. Legenda Perseorangan Legenda kang bakar nyritakake paraga-paraga tartamtu kang bakal dianggep dening kang nduweni crita iku pancen kedadeyan. Tuladhane legendha pawongan yaiku nyritakake kisahe Pangeran Diponegoro, RA. Kartini, Ki Hajar Dewantara, lsp. 4. Legenda Lokal Legenda setempat utawa crita kang ana gegayutane karo panggonan, jeneng panggonan utawa wujud topografi yaiku ing endi wujud lumahing sawijining dhaerah, apa perbukitan, jurang utawa sapanunggalane. Tuladhane legenda asal-usul Rawa Pening, asal – usul Banyuwangi, lsp. D. Unsur Pembangun crita legenda Crita legenda uga salah satunggaling karya sastra awujud prosa. Ing crita legenda ana perangan-perangan kang ndhapuk karo critane. Perangan-perangan kasebut yaiku unsur intrinsik. Unsur intrinsik nglimputi: 1. Tema Tema yaiku topik utawa perangan pokok prakara sajroning crita. 2. Tokoh lan Penokohan Tokoh yaiku lakon utawa paraga kang nindakake saperangan prastawa sajroning crita. Dene penokohan yaiku wewatek kang diduweni dening para paraga crita kasebut. Tokoh kasebut kaperang dadi tokoh utama, tokoh tambahan, tokoh protagonis, tokoh antagonis, lan tokoh tritagonis. 3. Latar Latar yaiku katrangan kang gegayutan karo papan, wektu, lan swasana sajroning crita. 4. Alur Alur yaiku dalane crita utawa rerangkene prastawa crita saka wiwitan tumeka pungkasan. 5. Sudhut pandhang Sudhut pandang yaiku carane penganggit nglumantarake critane, bisa kanthi wong kapisan utawa wong katelu. 6. Amanat Amanat yaiku pesen moral utawa piwulang kang disampekake panganggit marang pamaca. Wondene nilai-nilai kang kakandhut sajroning legenda kaya ing ngisor iki: a. Nilai adat/ tradhisi b. Nilai moral c. Nilai agama/ religi d. Nilai kepahlawanan e. Nilai sejarah (historis)
E. Maca Pemahaman Teks Crita Legenda Maca pemahaman utawa maca intensif yaiku maca kanthi ngresepi kang ancase kanggo nemokake idhe-idhe pokok ing saben paragraf, mahami idhe-idhe teks saka idheidhe pokok nganti idhe-idhe panerang, tumeka bab kang luwih rinci utawa cetha meneh. Maca intensif nduweni ancas supaya pamaca nguwasani teks kang diwaca kanthi mantep, saengga pamaca bisa mangerteni latar belakang alesan kenangapa teks kasebut ditulis lan pamaca bisa eling gegayutan karo isine teks kathi waktu kang luwih suwe. Wondene teknik maca intensif sawijining teks legenda kaya ing ngisor iki: 1. Nyiapake teks legenda kang bakal diwaca 2. Nalika maca, wenehana tetenger ngenani kang dianggep wigati 3. Gawe pitakon kang gegayutan karo teks legenda kanthi cara 5W+1H (what, where, when, who, why, lan how) 4. Gawe ringkesan (sinopsis) kanthi nggunakake basamu dhewe.
▪ Gladhen Mandiri 1 Setitekna teks legenda ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 1 tumeka 10! 1. Ki Plapar, kawentar luhuring budi, arif, lan .... A. Congkak C. seneng tetulung B. Gumedhe D. sekti mandraguna 2. Ing Padhepokan .... wis padha latihan kanuragan kang dipandhegani dening Ki Plapar. A. Segara Bumi C. Mudha Karya B. Pades Plapar D. Padas Plapar 3. Sondo iku pawongan sing .... tandang gawe lan tetulungan. A. Males C. angel B. Sregep D. Wegah Desa Sondokoro Jaman semono Ki Plapar kawentar luhuring budi, arif, lan sekti mandraguna. Hawa ing pletheking srengenge sansaya adhem. Ing Padhepokan Padas Plapar, puluhan murid wis padha latihan kanuragan kang dipandhegani dening Ki Plapar. Ing sisih mburine bukit Padhepokan Padas Plapar, ana sawijining pawongan bagus lagi negor wit trembesi nganggo kapak. Saka garis-garis otot kulite, katon isih puluhan taun umure. Pawongan iku sregep tandang gawe lan seneng tetulung saengga disenengi wong-wong ing kampunge. Wiwit cilik dheweke diundang Sondo utawa Sondong. Sondo tansah kepengin nyenengake wong tuwane. Dumadakan, ana pawongan njaluk pitulungan sajroning alas mau. Sondo banjur nggoleki sumbere swara iku. Sepira kagete bareng weruh pawongan iku, jebule Koro kancane dhewe lagi pringisan gobres getih. Sondo banjur ngelungake wedang putih sing digawa lan enggal-enggal nambahi tatune Koro sing lara. Sondo lan Koro iku pancen kanca raket wiwit cilik. Ing sawijining dina putrine Kyai Sondo kang aran Sri Widowati ketemu Tumenggung Joyo Lelono kang lagi mburu kijang ana tengah alas. Tumenggung Joyo Lelono duwe pepenginan nggarwa Sri Widowati, sabanjure ora let suwe nglamar putrine Kyai Sondo mau. Dina candhake, Kyai Koro ndhawuhi putrine ing daleme Kyai Sondo. Putrine pancen akrab karo Sri Widowati. Kekarone katon padha ayune, sregep lan manut dhawuhe wong tuwa. Nalika padha tukar seserepan ngenani pemudha, kekarone kaget pranyata dilamar dening pemudha kang padha yaiku Tumenggung Joyo Lelono. Pungkasane prakara iku ndandekake congkrahe Kyai Sondo lan Kyai Koro, sing maune memitran kenthel saiki memungsuhan. Perang klakon kedadean, Kyai Sondo rumangsa ajining dhirine diidak-idak lan Kyai Koro rumangsa pacangane anake direbut Sri Widowati. Telungminggu suwene pendhekar sakloron tansah ngumbar hawa nepsu angkara murka lan nglalekake anggone memitran, paseduluran nalika semana. Genep 40 dina 40 bengi, keajaiban klakon. Sabanjure, papan perange pendhekar sakloron mau kang dadi cikal bakal Desa Sondokoro, gabungan antarane jeneng loro yaiku Sondo lan Koro. Desa iki mapan ing Tasikmadu, Karanganyar. Kapethik kanthi pangubahan saka: https://basajawa41.wordpress.com
4. Sondo banjur ngelungake .... sing digawa lan enggal-enggal nambahi tatune Koro sing lara. A. Wedhang putih C. wedhang teh B. Wedhang panas D. wedhang kopi 5. Sondo lan Koro pancen kancanan kawit .... A. Cilik C. sekolah bareng B. Gedhe D. ing padhepokan 6. Tumenggung Joyo Lelono nglamar wadon ayu yaiku Sri Widowati putrine .... A. Kyai Koro C. Kyai Dodo B. Kyai Plapar D. Kyai Sondo 7. Perang klakon kedadean. Kyai Sondo rumasa ajining dhirine diidak-idak lan Kyai Koro rumangsa .... A. Anake ora sida dilamar B. Pacangane anake dipateni C. Diapusi Tumenggung Joyo Lelono D. Pacangane anake direbut Sri Widowati 8. Telung minggu suwene pendhekar sakloron tansah ngumbar hawa nepsu angkara murka lan nglalekake anggone .... A. Tetangga lan kekancan C. mungsuhan lan paseduluran B. Kekancan lan besanan D. memitran lan paseduluran 9. Genep .... keajaiban klakon. Kyai Sondo lan Koro klelep njroning bumi. A. 40 dina 40 wengi C. 40 dina 40 awan B. 140 dina 140 wengi D. 140 dina 140 awan 10. Desa Sondokoro mapan ing .... A. Manahan C. Tasikmadu B. Surakarta D. Tasikmalaya
▪ Gladhen Mandiri 2 Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! 1. Apa kang diarani crita legenda? 2. Sebutna jinise tokoh ing crita legenda! 3. Sebutna cara teknik maca intensif ing teks legenda! 4. Jlentrehna apa ancase maca intensif? 5. Setitekna pethilan crita legenda ing ngisor iki! Unsur intrinsik apa kang ana sajroning pethilan crita legenda kasebut? Tuduhna! Sunan Kalijaga nyiarake agama Islam tekan laladan pesisir lor tanah Jawa. Ing kono Sunan Kalijaga banjur mejang wong-wong desa. Sawijining dina Sunan Kalijaga nuju mejang bab panguwasaning Gusti Kang Murbeng Dumadi sing tanpa wates. Bukti nyatane, ing ngendi bae ana banyu mesthi ana iwake. Sunan Kalijaga banjur nguncalake jala sakepenake. Najan mung sak-sake anggone njala, nanging iwak sing kejala akehe ora umum. Wong-wong desa banjur akeh sing padha nglumpuk ngrungokake wejangane Sunan Kalijaga lan pungkasane padha dadi muride Kanjeng Sunan. Ing antarane para murid iku, ana sesepuh desa aran Ki Salaga. Ki Salaga iku lantip pikire. Dheweke ora seneng menawa wong-wong desa padha dadi muride Kanjeng Sunan. Dhasare Ki Salaga watake drengki, angkuh, lan seneng neter kawruhing liyan. Kapethik kanthi pangubahan saka: http://sastra-jawa007.blogspot.com