BAHAN AJAR BAHASA JAWA
SANDIWARA
Kangge Kelas IX/ SemesterGasal
Dening:
NURMALITA APRILLIANI, S.Pd
SMP NEGERI 3 GANDRUNGMANGU
JL. SLAMET RIYADI, DESA KARANGANYAR, KEC.GANDRUNGMANGU
KABUPATEN CILACAP
BAHAN AJAR BAHASA JAWA
SANDIWARA
Pokok Bahasan : Sandiwara Berbahasa Jawa
Kelas/ Semester : Ix/ Gasal
A. Kompetensi Inti
1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.
2. Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi, gotong-
royong), santun, dan percaya diri dalam berinteraksi secara efektif dengan
lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
3. Memahami dan menerapkan pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural)
berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni,
budaya terkait fenomena dan kejadian tampak mata.
4. Mencoba, mengolah, menyaji, dan menalar dalam ranah konkret (menggunakan,
mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis,
membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang
dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudutpandang/teori.
B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi
3.3 Menelaah naskah sandiwara
3.3.1 Menentukan unsur-unsur intrinsik yang ada dalam dialog sandiwara berbahasa
Jawa (C3)
3.3.2 Menyimpulkan isi dialog sandiwara berbahasa Jawa dengan bahasanya
sendiri. (C6)
4.3 Menyajikan naskah sandiwara
4.3.1 Memeragakan dialog sandiwara secara berkelompok (P5)
C. Tujuan Pembelajaran
Melalui model pembelajaran Problem Based Learning, setelah menyimak Power Point
mengenai sandiwara berbahasa Jawa dan memutarkan video yang berisi contoh
sandiwara tradisional Jawa, peserta didik dapat :
1. Menentukan unsur-unsur intrinsik yang ada dalam dialog sandiwara berbahasa Jawa (C3)
dengan teliti.
2. Menyimpulkan isi dialog sandiwara berbahasa Jawa dengan bahasanya sendiri (C4)
dengan jujur.
3. Memeragakan dialog sandiwara secara berkelompok (P5) dengan percaya diri.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA
SANDIWARA
D. Pandom Pasinaon
Kagiyatan sinau wonten bahan ajar menika dipunsusun kanthi runtut. Pramila,
saderengipun mlebet ing materi pasinaon, langkung sae para siswa mangertosi
pandom pasinaon supados langkung gampil anggenipun sinau. Ing ngandhap menika
bab-bab ingkang kedah dipungatosaken para siswa:
1. Para siswa maos pandom pasinaon ing materi menika, ingkang arupi kompetensi
dasar, indikator pencapaian kompetensi lan ancas pasinaon.
2. Pahami penjelasan wonten saben kagiyatan sinau.
3. Dipungarap kanthi tliti lan saestu ing saben gladhen, menawi anggenipun sinau
wonten ingkang dereng dipunmangertosi, saged nyuwun pirsa dhateng guru.
4. Dipunpraktikaken pasinaon ingkang sampun dipunwulangaken guru.
5. Sinau malih andharan saking guru utaminipun babagan materi ingkang dereng
dipahami.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA
SANDIWARA
FASE 1: IDENTIFIKASI MASALAH
MATERI FAKTUAL
Para siswa mangga dipuntingali tuladha pethikan teks sandiwara wonten ngandhap
menika, kangge damel pitakenan bab mahami teks sandiwara. Para siswa ugi saged
ningali video saking link ingkang dipunsamektakaken (disediakan)!
Menawi para siswa badhe ningali sandiwara basa Jawa, saged dipuntingali wonten link
ngandhap menika:
https://youtu.be/WpQD5c_2X7g
BAHAN AJAR BAHASA JAWA
SANDIWARA
FASE 1: mengorganisasikan peserta didik
MATERI KONSEPTUAL
Para siswa sumangga dipunsinau sesarengan materi ing ngandhap menika!
Peta Konsep
MATERI SANDIWARA
Sandiwara saka tembung sandi + wara. Sandi tegese wadi lan awara tegese piwulang utawa pitutur, dadi
sandiwara iku duweni teges piwulang kang ditindkakake kanthi pralambang. Sandiwara uga diarani tonil
(tontonan). Wayang, kethoprak, ludruk iku uga klebe sandiwara. Kalamun dijupuk saka dudutane tembung
sandiwara yaiku piwulang kanthi rahasia lumantar tontonan.
Sandiwara yaiku nyethakake utawa maragakake paraga ana ing sandiwara kuwi, dhasare numindakake utawa
maragakake watak lan tindak tanduk pawongan liya. Sandiwara yaiku jinising crita kang kajupuk saka crita
kang nyata. Dene kang dicritakake yaiku uriping manungsa.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA
SANDIWARA
A. Pangertosan Sandiwara
Sandiwara miturut Rahadini (2019) inggih menika sawijining wujud karya sastra ingkang
dipunparagakaken dening aktor. Dene mitirut Herman J. Waluyo (2022:3) tegese sandiwara yaiku
piwulangan kang diwenehake kanthi rahasia utawa sesideman. Sandiwara iku karya sastra sing
duweninancas (tujuan) gambarake panguripan sing ngatonake konflik lan emosi liwat tumindah (action) lan
paguneman (dialog) lan disusun kanggo pementasan ing panggung. Dijupuk saka dudutane, tembung
sandiwara yaiku piwulang kanthi rahasia lumantar tontonan. Para pamiarsa duwe ayahan supaya goleki
dudutan dhewe, endi piwulang kang becik utawa ala kang bisa dituladhani kang kaandhut saka isining
sandiwara mau.
B. Jinising Sandiwara
Miturut alat utawi pirantos ingkang dipunginakaken, sandiwara kaperang dados 6, inggih menika:
1. Sandiwara panggung, dipunparagakaken wonten panggung pertunjukkan saha penonton pinarak ing
sakiwa tengenipun panggung supado saged mirsani, midhangetaken, saha ngraba para paraganipun
kanthi langsung.
2. Sandiwara radio, pagelaran ingkang namung saged dipunmirengaken.
3. Sandiwara TV, drama ingkang medhianipun lumantar TV.
4. Sandiwara Film, drama ingkang migunakaken layar ingkang wiyar saha dipungelar wonten bioskop
utawi jaman rumiyin dipungelar wonten lapangan dhusun.
5. Sandiwara wayang, drama ingkang para paraganipun ngginakaken ringgit/wayang. padatanipun
dipunmainaken dening dhalang.
6. Sandiwara boneka, drama ingkang migunakaken boneka kangge sarana pamentasan.
Adhedhasar paraganipun, naskah kaperang dados 2, menika:
1. Sandiwara tradisional menika tontonan sandiwara tanpa migunakaken naskah. Watak, tokoh, dialog, lan
gerak gerik kapasrahaken sedaya tumrap para paraga. Tuladhanipun kethoprak, (Jawa Tengah), ludruk
(Jawa Timur), Lenong (Betawi).
2. Sandiwara modern, menika sandiwara ingkang migunakaken naskah. Naskah ingkang wosipun dialog lan
gerak gerik para paraga. Tegesipun para paraga ngapalaken dialog lan gerak gerikipun sami kaliyan
naskah/teks ingkang kedah dipunapalaken.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA
SANDIWARA
C. Wujude Sandiwara
Dramatikal inggih menika sandiwara ingkang dipunparagakaken kaliyan saperangan paraga sanes ingkang
dipunsarengi kaliyan solah bawa. 2. Pantomime, inggih menika sandiwara ingkang dipunparagakaken
ngangge gerak gerik ananging boten wonten pangandikanipun/ dialogipun. Ateges namung musik iringan
saha ekspresi saking pasuryanipun paraga. 3. Komedi, inggih menika sandiwara ingkang dipunparagakaken
kalih geguyonan ingkang sifatipun nyindir lan pungkasaning sami seneng-seneng. 4. Parodi yaiku salah
satunggaling wujud dialog antawisipun naskah saha oposisi (kontras).
D. Unsur-unsur ing Sandiwara
a. Unsur intrinsik sandiwara.
Unsur-unsur kang kasusun ana ing jerone sandiwara yaiku kaya ing hgisor iki:
1. Tema, yaiku underaning prakara kang arupa ide dhasar crita, tema sing dienggo ana ing sandiwara
dumadi saka bab-bab karep diprangguli ana bebrayan.
2. Purusa/ paraga (tokoh) lan watake.
Jinising paraga lan watake sajroning sandiwara, yaiku kaya mangkene.
a) Paraga ing sandiwara
Kang klebu jinising paraga sajroning sandiwara, yaiku kaya mangkene.
1) Tokoh utama yaiku paraga kang dadi sumber crita.
2) Tokoh pembantu yaiku paraga kang duweni dialog nanging ora dadi punjere crita.
3) Tokoh piguran yaiku paraga kang dianakake supaya kahanane dadi kaya nyata, nanging paraga
iki ora ngucapke dialog lan mung liwat saklebatan.
b) Watak paraga ing sandiwara
1) Antagonis yaiku paraga kang duweni watak kang ala, saengga ora disenengi penonton.
2) Protagonis yaiku paraga kang duweni watak kang becik lan disenengi penonton.
3) Tritrigonis yaiku paraga kang dadi kancane paraga protagonist utawa antagonis, bisa duweni
watak kang becik utawa ala (penengah).
Watak-wantune para paraga (penokohan), yaiku karakter utawa watak-wantun kang disuweni dening
saben-saben paraga. Cara kanggo nemtokake watak-wantune paraga bisa dideleng saka bab-bab
kaya mangekene iki.
1) Apa sing ditindakake paraga
2) Pocapan-pocapane paraga.
3) Panggambaran fisik paraga dening pangripta.
4) Katrangan langsung saka paraga liya.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA
SANDIWARA
3. Alur (dalaning crita) yaiku urutaning prastawa kang kedadeyan ing sajroning crita. Jinise alur ana telu
yaiku kaya mangkene iki.
a) Alur maju yaiku nyritakake prastawa-prastawa saka wiwitan nganti bubar.
b) Alur mundur yaiku nyritakake prastawa-prastawa saka bubaran banjur diwalik nyritakake prastawa
kang kawiwitan.
c) Alur campuran yaiku campuraning alur maju lan alur mundur.
Alur utawa plot yaiku urutan kedadeyan kang dilakoni paraga utama saka babak kapisan nganti babak
pungkasan. Alur diperangake kaya mangkene.
a) Ngenalake masalah, yaiku kedadeyan wiwitan kang dadekake prakara prastawa kang dilakoni
paraga-paragane.
b) Mangerteni isi crita saka perkenalan paraga lan watake.
c) Masalah utama utawa konflik, yaiku kedadeyan kang isine ngenani masalah-masalah kang wiwit
diadhepi paraga-paraga ing crita kasebut.
d) Klimaks/ puncak konflik, yaiku masalah sing paling angel kang diadhepi paraga-paraga ing crita,
yaiku kedadeyan kang isine nyritakake kahanan para paraga ing pungkasaning crita sandiwara.
4. Amanat, yaiku piweling lan piwulang luhur sing bisa dipethik dening pamiarsa.
Piwulang lan piweling iki siningid (ora cetha) sajroning crita lan para pamiarsa sing kudu bisa dudut
(nyimpulake) isine sandiwara kasebut.
5. Busananing basa yaiku tata-cara panganggone basa kang bisa awujud dhialek, tata ukara, lan majas.
6. Latar utawa setting.
Latar diperang dadi telu, yaiku :
a) Latar wektu yaiku wektu kang digambarakae nalika paraga-paraga ngalami kedadeyan-kedadeyan ing
panggung.
b) Latar panggonan yaiku panggonan kang digambarake ing panggung saben babake.
c) Latar swasana, ing sandieara latar swasana kaperang dadi loro.
1) Sawasana alam, yaiku kedadeyan ing sakupenge paraga, tuladhane udan grimis, swara jangkrik lagi
ngerik (bengi).
2) Swasana ati, yaiku apa bae kang dirasakake paraga, tuladha : murka, nesu, was-was, seneng.
Satemah luwih paham ngenani unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik naskah sandiwara basa Jawa, mangga padha sinau ana ing
tautan link iki:
https://lenteramata.com/pacelathon-tegese/
BAHAN AJAR BAHASA JAWA
SANDIWARA
b. Unsur ekstrinsik sandiwara
Unsur ekstrinsik sandiwara Jawa yaiku unsur kang ana ing sajabane karya sastra, ananging unsur duweni
pangribawa ing system organisme karya sastra.
Kang kalebu unsur ekstrinsik:
1. Latar belakang panulisan carita
2. Sejarah
3. Biografi pengarang
4. Nilai-nilai agama, ekonomi, sosial, pendidikan, lan budaya.
FASE 3: MEMBIMBING PENYELIDIKAN
MATERI PROSEDURAL
Para siswa, sawise mangerteni materi bab pangertosan sandiwara, sumangga sinau bebarengan kanthi
kelompok materi ing ngisor kang arep ngandharaken carane ndudut isining sandiwara lan maragakake
sawijining sandiwara!
Carane ndudut isinig sandiwara yaiku:
1. Maca naskah sandiwara utawa nonton sandiwara.
2. Mangerteni isine saben pacelathon kang diandhareke dening para paraga.
3. Mangerteni masalah uata konflik sandiwara.
4. Mangerteni piwulang lan piweling saka sandiwara.
(tuladha caranipun ndudut isining sandiwara taksih on proses)
Ing ngisor iki bakal dijlentrehkake babagan pentas sandiwara.
a. Maragakake sawijining sandiwara.
Titikane sandiwara, yaiku naskah sing awujud pangguneman uatawa dialog. Pangguneman ing sandiwara
duweni watak estetis, tegese duweni kaendahan basa. Supaya penonton bisa ngrasakake dialek utawa
ritme omongan saka para paraga kasebut, awake dhewe kudu gladhen supaya pangguneman bisa duweni
watak estetis, yaiku kanthi olah vokal.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA
SANDIWARA
b. Bab kang kudu digatekake nalika maragakake sandiwara yaiku:
1) Duweni kreasi nalikaning nindakake paraga.
2) Maragakake kanthi wajar ora di gawe-gawe.
3) Paraga kang ditindakake dipadhakake kelawan tipe, gaya, jiwa, lan ancas pementasane.
4) Paraga kang ditindakake nganggo periode wektu lan watak.
(teks sandiwara taksih on proses)
FASE 4: MENGEMBANGKAN DAN
MENYAJIKAN HASIL KARYA
MATERI METAKOGNITIF
Pentas Sandiwara
Cara kang bisa ditindakake nalika dadi paraga ana sawijining lakon sandiwara yaiku:
1) Gladhen olah watak.
2) Gladhen swara
3) Gladhen observasi lan imajinasi
4) Gladhen konsentrasi
5) Gladhen teknik pementasan
6) Gladhen sistem akting
7) Nglancarake kaprigelan lan gladhen.
Satemah luwih paham ngenani carane maragakake naskah sandiwara basa Jawa, mangga padha sinau ana
ing tautan link iki:
(link tautan on proses)
Saiki, paragakake naskah sandiwara ing ngisor iki bareng karo kelompokmu.
(naskah sandiwara on proses)
Kelompok liyane bisa paring pamrayogi tumrap asil paragan kelompok kang maju!
(materi caranipun paring pamrayogi taksih on proses)
BAHAN AJAR BAHASA JAWA
SANDIWARA
FASE 5: MENGANALISIS DAN MENGEVALUASI
PEMECAHAN MASALAH
Para siswa sawise nemtokake unsur-unsur intrinsik ing naskah sandiwara, ndudut isine naskah sandiwara lan
maragakake naskah sandiwara, mula mangga padha dianalisis & dievalusi proses anggone
nemokake kabeh unsur mau!
Bab angel apa saka proses nemtokake unsur intrinsik nganti maragakake naskah sandiwara iki?
1. Anggone nemtokake unsur-unsur intrinsik kudu tliti.
2. Anggone ndudut isine naskah drama kudu jumbuh karo konteks.
3.Anggone maragakake naskah drama kudu jumbuh karo watak paraga, tipe, gaya, jiwa, lan ancas
pementasane
BAHAN AJAR BAHASA JAWA
SANDIWARA
DUDUTAN & RELEVANSI
DUDUTAN
1. Sandiwara iku duweni teges piwulang kang ditindkakake kanthi pralambang.
2. Unsur-unsur ing Sandiwara
a. Unsur intrinsik sandiwara.
1) Tema
2) Purusa/ paraga (tokoh) lan watake
3) Alur (dalaning crita)
4) Amanat,
5) Busananing basa
6) Latar utawa setting
b. Unsur ekstrinsik sandiwara
3. Bab kang kudu digatekake nalika maragakake sandiwara yaiku:
a. Duweni kreasi nalikaning nindakake paraga.
b. Maragakake kanthi wajar ora di gawe-gawe.
c. Paraga kang ditindakake dipadhakake kelawan tipe, gaya, jiwa, lan ancas pementasane.
d. Paraga kang ditindakake nganggo periode wektu lan watak.
4. Carane ndudutwosing sandiwara.
a. Maca naskah sandiwara utawa nonton sandiwara.
b. Mangerteni isine saben pacelathon kang diandhareke dening para paraga.
c. Mangerteni masalah uata konflik sandiwara.
d. Mangerteni piwulang lan piweling saka sandiwara.
RELEVANSI
Sawise sinau bab sandiwara kaajab para siswa :
1.Bisa luwih mangerti bab kahanan ing bebrayan, satemah para siswa bisa ngundhakake kabisan
sesrawungan karo wong liya.
2.Kanthi nyinau sandiwara bisa ngrembakakake kawruh bab sebab musababe utawa faktor-faktor kang
ndadekake perkara/ konflik ing sesrawungan, kayata ing keluarga utawa sekolah.
3.Bisa nuwuhake semangat ing sajrone dhiri pribadi siswa sarta nuwuhake rasa paseduluran kang dhuwur.
4.Para siswa bisa duweni pengalaman langsung lan ndudut piwulang lan piweling kang kaandut ing
sajroning naskah sandiwara.
5.Bisa minangka sarana gladhen pacelathon kang jumbuh karo kahanan ing bebrayan.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA
SANDIWARA
KAPUSTAKAN
Beta, P. (2019). Peningkatan Keterampilan Berbicara melalui Metode Bermain Peran. Cokroaminoto
Journal of Primary Education, 2(2), 48-52.
HARIADI, H. (2021). PENINGKATAN KEMAMPUAN SISWA DALAM MENERAPKAN UNGGAH-UNGGUH BAHASA
JAWA DENGAN TEKNIK BERMAIN PERAN (PLAY ROLE): SMPN 3 Pule Kabupaten Trenggalek. Mitra
Pendidikan, 2(3), 58-63.
Priyantono,Sawukir.2014.Marsudi Basa lan Sastra Jawa 2 .Jakarta: Erlangga
Slamet, M.Pd.2016. Wursita Basa Kanggo SMP/SMPLB/MTs Kelas IX. Klaten: CV Sahabat.
Sumarlan,2014.Widya Adi Basa Jawi 3.Solo: Tiga Serangkai
Internet:
• https://www.google.com/search?q=sastra.org%2Fleksikon
• https://youtu.be/WpQD5c_2X7g
• https://forms.gle/FL1pE7EnCSzq6eAo8