The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by arlita.apriliani89, 2022-08-23 23:38:24

BAHAN AJAR_TEMBANG GAMBUH

BAHAN AJAR_TEMBANG GAMBUH

BAHAN AJAR
MATERI PELAJARAN BAHASA JAWA

TEMBANG MACAPAT GAMBUH




KANGGE KELAS
VIII/ GANJIL

DENING:
NURMALITA APRILLIANI

2022

SMP NEGERI 3 GANDRUNGMANGU
JL. SLAMET RIYADI, DESA KARANGANYAR, KEC.

GANDRUNGMANGU
KABUPATEN CILACAP

BAHAN AJAR

TEMBANG MACAPAT GAMBUH



Pokok Bahasan : Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Kelas/ Semester : VIII/ Ganjil

Kompetensi Dasar :

3.2 Menelaah teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Gambuh.

4.2 Menulis syair tembang macapat Gambuh.

Indikator :

3.2.1 Mengartikan kata- kata yang dianggap sulit yang terdapat dalam

teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Gambuh (C2)

3.2.2 Menyimpulkan pokok- pokok isi teks Piwulang Serat Wulangreh

pupuh Gambuh (C5)

4.2.1 Menuliskan aturan membuat tembang macapat Gambuh (P4)

4.2.2 Menulis syair tembang macapat Gambuh (P5)

PURWAKA

Pupuh gambuh kuwe salah sijine tembang nang Serat Wulangreh
anggitane Paku Buwana kaping papat yakuwe pupuh sing kaping pitu
sekang serat kasebut. Pupuh Gambuh kedadean sekang 17 pada/bait.
Isine pupuh gambuh kiye arupa carane sesrawungan karo wong liya
supaya dadi apike, aja nganti kebanjur sebarang tindak-tanduk sing ora
jujur. Sejroning pasrawungan aja nduweni watek adigang, adigung,
adiguna, sing demaksud yakuwe dadi wong aja gumedhe, sombong,
angkuh, utawa senenge ngunggul-ngunggulna awake dhewek. Isine
tembang kiye arupa wulangan sing cocok karo nilai-nilai karakter bangsa.
Saben tembang isi piwulang luhur sing migunani kanggo pawa siswa, guru
lan sing gelem maca.

PETA KONSEP

MATERI FAKTUAL

Tegesipun Tembang Macapat

Tembang macapat uga diarani “maca papat-papat”. Struktur teks
tembang macapat yen mung sapada wujude ana guru gatra, guru
wilangan, lan guru lagu. Manawa karakit dadi serat tembang
macapat mau bisa kapilah-pilah rupa pupuh. Saben seserat lumrahe
dumadi saka pirang-pirang pupuh. Saben pupuh mau dumadi saka
pirang-pirang pada. Ing saben pada bisa ditemokake guru gatra,
guru wilangan lan guru lagu/ swara. Arane saben pupuh mau bisa
dideleng saka sasmitaning tembang lan paugerane tembang
macapat.

MATERI KONSEPTUAL

PAUGERAN TEMBANG MACAPAT
 Guru wilangan, cacahe wanda (suku kata) saben
sagatra (baris).
 Guru lagu, tibane swara vokal ing pungkasane (akhir)
gatra;
 Guru gatra, cacahe gatra (baris) saben sapada (bait);

Salah siji pupuh ing Serat Wulangreh yaiku pupuh Gambuh kang
cacahe ana 17 pada. Piwulang kang bisa dijupuk saka tembang Gambuh
yaiku supaya aja dadi wong kang sombong, wong urip kudu sabar,
ngati-ati, serta waskitha (waspada). Tembang Gambuh uga
nyritakake wong kang ora jujur lan bisa ngrugikake wong liya.

G A M B U H LARAS PELOG PATHET NEM

Pada 1
Sekar Gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

Pada 2
Aja nganti kebanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur kojur sayekti tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos

Pada 3

Tutur bener puniku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo

Pada 4 Pada 5

Ana pocapanipun Si kidang umbagipun
Adiguna adigang adigung Angendelken kebat lumpatipun
Pan adigang kidang adigung pan esthi Pan si gajah angendelken gung ainggil
Diguna ula iku Ula ngendelaken iku
Telu pisan mati sampyoh Mandine kalamun nyokot

Pada 6 Pada 7

Iku umpamanipun Adiguna puniku
Aja ngendelaken sira iku Ngendelaken kapinteranipun
Suteng nata iya sapa kumawani Samubarang kabisan dipundheweki
Iku ambege wong digung Sapa pinter kaya ingsun
Ing wasana dadi asor Tugging prana nora injoh

Pada 8 Pada 9

Ambek adigang iku Ing wong urip puniku,
Angungasaken kasuranipun Aja nganggo ambek kang tetelu,
Para tantang candhala anyenyampahi Anganggowa rereh ririh ngati-ati,
Tinemenan boya purun Kawang-kawang barang laku,
Satemah dadi geguyon Den waskitha solahing wong

Pada 10

dening tetelu iku,
si kidang suka ing oanitipun,
pan si gajah alena patinireki,
si ula ing patinipun,
ngendelken upase mandos

Pada 11 Pada 12

tetelu pan nora patut, yen wong enom puniku,
yen tiniru mapan dadi lupt, kakehan panggunggung dadi kamprung,
titikane wong anom kurang wewadi, penggung bingung wekasane pan angoling,
bungah akeh wong kang nggunggung, yen den gunggung muncu-muncu,
wekasane kajalomprong kaya wudun meh menchothot

Pada 13 pada 14

ing uwong kang anggunggung, amrih wewatek iku, yen wus warek gawe nuli
mung sepele iku pamrihipun, gawe umuk,
mung warege wadhuke klimising lathi, kang wong akeh kang sinuprih padha wedi,
lan telese gondhangipun, amasti tanpa pisungsung,
rerubo alaning uwong adol sanggap sakehing wong

Pada 15 Pada 16

yen wong mangkono iku, aja kakehan sanggup,
nora pantes pedhak lan wong agung, durung weruh angupruk,
nora wurung anuntun panggawe juti, tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
nanging ana pantesipun, pangrasane keh wong nggunggung,
wong mangkono didhedhoplok kang wus weruh amelengos

Pada 17

aja nganggo sireku,
kalakuwan kang mangkono iku,
nora wurung tititenen den cireni,
mring pawong sanak kang weruh,
nora nana kang pitados

PAUGERAN TEMBANG MACAPAT GAMBUH

Mula tembang Gambuh duwe paugeran 7u, 10u, 12i, 8u, 8o. Dene watake tembang
Gambuh yaiku wawuh (uwis kenal), kulina, lan rumaket (akrab).

MATERI PROSEDURAL
CARANE NULIS CAKEPAN TEMBANG GAMBUH.

1. Nemtokake Gagasan

—Temtokake lan tulisen ngenani gagasan apa sing arep kogawe
tembang, satemah bias mangerteni wewatake.
Sadurunge nulis tembang kudu nemtokake gagasan. Gagasan ini
manangka dhasare tembang supaya ora ngambra-ambra. Gagasan
kang kok jupuk kudu ngemot babagan budi pekerti.
Tembang kang kudu kogawe yaiku tembang Gambung kang duweni
watake wawuh (uwis kenal), kulina, lan rumaket (akrab).
Tuladhane gagasan kang ngandhut budi pekerti:

Bekti marang bapak lan ibu guru
Bekti marang wong tuwa
Nulung kanca
Jujur
Disiplin
Tanggung jawab

2. Nemtokake Paugerane Tembang

—Tulisen guru wilangan, guru lagu lan guru gatrane.
Tembang Gambuh duwe paugeran 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.

Nalika jumbuhake karo paugerane tembang, para siswa
bisa ugi migunakake tembung garba.
Tuladha :
"Ana ing sekolah iku"
Tembung "ana ing" bisa dirangkep dadi "aneng" satemah
jumbuh guru wilangane tembang gambuh gatra 1 yaiku "7u"

Bisa uga migunakake tembung kawi.
Tuladha:
"Kang ngendelke gedhene awak niku gajah"
Tembung "gajah" bisa diganti "esthi" satemah jumbuh guru
lagune yaiku "12i".

3. Nemtokake Tetembungan

Gawea ukara-ukara kang selaras karo paugerane tembang
macapat.
Supayane gampang anggone nemtokake tetembungan kang
arep di tulis ing cakepan tembang macapat, kowe bisa
nganggo metode PIRING RESIK .
Metode PIRING RESIK iku akronim saka:
• PI-lih ukara kang mathuk,
• Rangsang Indra,
• NGawiti nulis,
• RE-komposisi,
• aSIK wis dadi tembang.
Kanggo nambaih kawruh basa, bisa mbukak kamus online
ing link: https://www.google.com/search?
q=sastra.org%2Fleksikon .

Dene kanggo nambah kaendahan tembang, nalika nulis
tembang macapat bisa nganggo basa rinengga.
Bab basa rinengga lan tuladhane bisa dipirsani ing link:
https://ngertiaja.com/contoh-basa-rinengga/

Tuladha :
Tembung "lintang" supaya endah bisa uga diganti tembung
"kartika"
Tembung "langit" dadi "gegana"
Tembung "kethek" dadi "wanara".

4. Nulis Cakepan Tembang

Tlitinen maneh tembung-tembunge lan ukara-ukara
kang kok gawe mau kudu cocog karo paugerane
tembang sing kogawe.
Supayane tembang kang wis kogawe jumbuh karo
paugerane, mula perlu dicocogake guru wilangan,
guru lagu lan guru gatrane.

Tuladha:
Ayo padha sinau (7u)
Yen kepengin entuk akeh ilmu (10u)
Ilmu iku penting anggone wong urip (12i)
Supaya uripe maju (8u)
Yen wis maju aja sombong (8o)

MATERI METAKOGNITIF

Pada 1

Tembang Gambuh kang kaping papat ngemot tindak tanduk kang ora
becik. Ora gelem ngrungokake pituture wong liya mula saya suwe
saya ala lan ngrugekake awake dhewe.

Pada 2

Aja nganti ngulinakake polah kang ora jujur. Yen wis kulina bakal
gawe cilaka. Mula becike goleka piwulang kang becik.

Pada 3

Piwulang kang becik iku pantes ditiru. Sanadyan asale saka wong
kang asor, nanging yen piwulange becik, iku pantes ditiru.

Pada 4

Ana unen-unen/paribasan “Adigang adigung adiguna”. Adigang
pralambang kewan kidang, adigung gajah, lan adiguna ula. Ketelune
ngandelake mati bebarengan.

Pada 5

Kidang ngendelake banter playune. Gajah ngendelake awake kang gedhe
dhuwur. Dene ula ngendelake upas kang mandi nalika nyokot.

Pada 6

Iku kabeh mung unen-unen/paribasan. Aja angkuh/sombong amarga
keturunane bangsawan/dhuwur drajate lan ora ana kang wani marang
dheweke. Iku watake wong sombong kang bisa ngasorake drajate dhewe.

DUDUTAN/ SIMPULAN

1. Tembang macapat uga diarani “maca papat-papat”.
2. Paugerane Tembang Macapat:

Guru wilangan, cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (baris).
Guru lagu, tibane swara vokal ing pungkasane (akhir) gatra;
Guru gatra, cacahe gatra (baris) saben sapada (bait);
3. Paugerane tembang macapat Gambuh yaiku 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
4. Titi laras lan cakepane tembang macapat Gambuh.

G A M B U H LARAS PELOG PATHET NEM

5. Carane ngarang/ gawe tembang macapat kaya mangkene:
a. Temtokake lan tulisen ngenani gagasan apa sing arep kogawe tembang,
satemah bias mangerteni wewatake.
b. Temtokake tembang apa sing arep kogawe.
c. Tulisen guru wilangan, guru lagu lan guru gatrane.
d. Gawea ukara-ukara kang selaras karo paugerane tembang macapat.
e. Titinen maneh tembung-tembunge lan ukara-ukara kang kok gawe mau
kudu cocog karo paugerane tembang sing kogawe.

DAFTAR PUSTAKA

Drs. Ngadi, M.Pd.2016. Wursita Basa Kanggo SMP/SMPLB/MTs Kelas VIII.
Klaten: CV Sahabat.

 Sudiyatmana dan Sutadi. 2015. Padha Bisa Basa Jawa Kelas VIII. Jakarta
Timur: Yudhistira.

 Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters.
Nuharini, Dewi dan Tri,

 https://youtu.be/4Cj_22t_n5E
 https://youtu.be/XsdN_Lg28W8
 http://newartikelfahmi.blogspot.com/2020/12/cara-membuat-tembang-

macapat.html
https://www.google.com/search?q=sastra.org%2Fleksikon
.https://ngertiaja.com/contoh-basa-rinengga/


Click to View FlipBook Version