(https://fbs.unnes.ac.id/2022/05/25/dua-m)ahasiswa-fbs-unnes-menangi-lomba-macapat/)
MAHASISWA PPG DALJAB 2 UNIVERSITAS NEGERI
YOGYAKARTA
2022
BAHAN AJAR TEMBANG POCUNG
A. Identitas
Kelas : XI Multimedia
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Materi : tembang Pocung
B. Kompetensi Dasar
3.1 Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh Pocung
4.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Pocung dan menulis syair tembang Pocung dengan bahasa sendiri,
serta menyajikannya secara lisan/tulis.
C. Indikator Pencapaian Kompetensi
3.1.1 Menganalisis struktur yang terkandung dalam Serat Wedhatama pupuh Pocung pada 1 dan 2.(C4)
3.1.2 Menyimpulkan pitutur luhur yang terkandung didalam Serat Wedhatama pupuh Pocung pada 1 dan 2. (C5
4.1.1 Mencipta cakepan sekar Pocung mengandung bahasa rinengga. (P5)
4.1.3 Menilai cakepan tembang Pocung karya teman sesuai dengan paugeran. (C5)
D. Tujuan Pembelajaran
Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan scientifik, model pembelajaran problem based learning,
metode diskusi, tanya jawab, dan presentasi peserta didik dapat:
1. Peserta didik dapat menganalisis struktur Serat Wedhatama pupuh Pocung pada 1 dan 2 dengan teliti. (C4)
2. Peserta didik dapat Menyimpulkan pitutur luhur Serat Wedhatama pupuh Pocung pada 1 dan 2 dengan
cermat. (C5)
3. Peserta didik dapat Mencipta cakepan tembang Pocung mengandung bahasa rinengga dengan penuh
tanggung jawab. (P5)
4. Peserta didik dapat Mengkritisi cakepan tembang Pocung karya teman sesuai pugeran dengan penuh
tanggung jawab (C5)
E. Dimensi Pengetahuan
a. Faktual : Teks Cakepan tembang Pocung dan Video contoh tembang Pocung Serat Wedhatama
b. Konseptual pupuh Pocung
: Pengertian pupuh, pada, dan Serat Wedhatama pupuh Pocung.
c. Prosedural : Cara membuat cakepan tembang Pocung.
d. Metakognitif : Menyimpulkan makna nilai- nilai dalam tembang Pocung.
e. Materi Remidial : Bagi peserta didik yang belum mencapaia KKM 75 diberi arahan untuk mempelajari
kembali materi yang belum dikuasai dengan bimbingan guru.
f. Materi Pengayaan : menganalis struktur serat wedhatama pupuh gambuh
FASE 1 : IDENTIFIKASI MASALAH
Materi Faktual
Para peserta didik, ing ngriki badhe kaajak sinau ngrembag bab Tembang macapat Pocung.
1. Sinten ingkang mangertos, menapa ingkang dipunwastani tembang macapat?
2. Kados pundi titikanipun tembang macapat Pocung?
3. Peserta didik saged niti teks lan nyemak video youtube menika kanthi estu minangka pawadan kangge
damel pitakenan bab sekar macapat Pocung!
Link : www.youtube.com/watch?v=7cc9nFRsEV0
Pada I
Pada 2
Angkara gung neng angga anggung gumulung
Gegolongannira Pada 3
Tri loka lekere longsi Beda lamun wus sengsem reh ing asamun
Yen den umbar ambabar dadi rubeda Semune ngaksama
Sesamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martotama Pada 4
Taman limut durgameng tyas kang weh limput
Kerem ring karamat
Karana karoban ing sih
Sihing suksma ngreda saardi gengira
2. MENGORGANISASIKAN PESERTA DIDIK
Para paserta didik sumangga dipunsinau sesarengan kaliyan kelompokipun bab tembang macapat ing ngandhap
menika
MATERI KONSEPTUAL
Peta Konsep
1. definisi tembang macapat
2. jinise tembang macapat
3. struktur/paugeran tembang Pocung
4. mencipta cakepan tembang Pocung
1. Definisi tembang macapat
Tembung tembang saking basa Jawi yaiku ngawerat teges kembang/ sekar.
Menurut Darsono Puji Anto dan Trianita (2019)tetembungan kangkang rinoncesatemah kembang, sarta
dilagokake kanthi sarana swarane manungsakang nganggo larasslendro utawa pelog dene larase gamelan
Jawa.
Wonten ing wikipedia tembang macapat diandharaken bilih tembang macapat iku tembang tradhisional
ing tlatah Jawa.
Miturut Padmosoekotjo (1960: 25) tembang macapat inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa
mawi paugeran tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken mawi kagunan swanten.
Miturut Poerwadarminto (wonten ing Kurwidaria, 2019:12) Tembang macapat inggih menika tembang
ingkang dipunsekaraken sekawan-sekawan, wondene ingkang dipun kajengaken inggih menika sekawan
wanda- sekawan wanda.
2. Jinisipun tembang macapat
3. Struktur tembang macapat :
Guru gatra : cacahing gatra saben sa pada
Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra
Guru lagu : tibaning swara ing pungkasaning gatra
FASE 3 MEMBIMBING
PENYELIDIKAN
MATERI PROSEDURAL
a. Tembang punika saged dianalisis paugeranipun:
Pada 2
Angkara gung neng angga anggung gumulung
Gegolongannira
Tri loka lekere longsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda
1. Suapados saged saestu paham, peserta didik kedah mangretosi jenis-jenisipun tembang macapat
2. Ingkang dipun wastani nganalisi struktur inggih menika madosi bab paugeran guru gatra, guru
wilangan, lan guru lagunipun kanthi tliti.
b. Bab bab kang kudu digatekake supaya gampang anggone ngripta tembang macapat, yaiku :
1. Temtokna lan tulisen ngenani gagasan sing bakal digawe tembang , supaya bisa mangerteni wewatakane
tembang.
Tuladhanipun : saget mendhet saking perkawis wonten ing gesangipun piyambak.
2. Temtokna tembang sing arep digawe.
Tuladhanipun: tembang asmaradana
3. Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, samenika saget kagem nyerat cengkorongan.
Tuladhanipun :
Guru gatra (4), guru wilangan 12, 6,8,12 saha guru lagu : u, a,I,a
4. Gawe ukara ukara sing salaras karo underanipun.
(saged mbikak link sastra.org) kangge nggampilaken mahami/ pados tembung.
5. Tembung tembung lan ukara ukara kang wis digawe mau banjur diringkes kanthi cara milih ukara kanthi
endah kaliyan ngetrepaken paugeran.
FASE 4 MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN
HASIL KARYA
Tembamg Pocung
Guru Gatra 1 : Ngil-mu i-ku ka-la-ko-ne kan-thi la-ku
Guru wilangan : 12 guru lagu : U
Guru Gatra 2 : le-ka-se la-wan kas
Guru wilangan : 6 guru lagu : a
Guru Gatra 3 : te-ge-se kas nyan-to-sa-ni
Guru wilangan : 8 guru lagu : i
Guru Gatra 4 : se-tya bu-dya pa-nge-ke-se dur ang-ka-ra
Guru wilangan : 12 guru lagu : a
MATERI METAKOGNITIF
1. Underan : kangen
2. Tembang : Pocung
3. Cengkorongan : Guru gatra (4), guru wilangan 12, 6, 8, 12 saha guru lagu u, a,I,a
1. Gawe ukara ingkang selaras kaliyan underan iki
a. kangen marang wong kang ditresnani
b. rasane kayata cedhak banget
c. ananging nyatane adoh
d. ana ing kabupaten Demak
2. Milih ukara saha ngetrepaken kaliyan paugeran
3. Guru gatra 4 :
1) wengi iki aku kelingan sliramu (12u)
2) lir cedhak ing netra (6a)
3) adoha kegawa ngimpi (8i)
4) sing tak tresnani saka bintara Demak (12a)
4. supados langkung cetha saged ningali link menika:
Link:
Fase 5 : MENGANALISIS DAN MENGAVALUASI PEMECAHAN
MASALAH
Evaluasi
Saking ngripta Sekar macapat Pocung ingkang sinerat wonten ing nginggil kita sedaya saged :
1. Supados mangretos struktur tembang pocung, kedah paham paugeranipun.
2. cakepan tembang ingkang sae inggih menika ingkang mawi basa rinengga.
3. Saged kangge mengekspresikan emosional tuladhanipun saumpami saweg kangen marang sawijining
tiyang.
Dudutan:
1. Sekar Macapat inggih menika tembang ingkang dipunsekaraken sekawan-sekawan, wondene
ingkang dipun kajengaken inggih menika sekawan wanda-sekawan wanda.Gunggung, saha
cacahipun sekar macapat menika wonten 11 (sewelas). Kawiwitan saking, maskumambang,
mijil,sinom,kinanthi,asmarandana,gambuh,dhandhanggula, durma,pangkur,megatruh saha
pocung.
2. Ngripta sekar macapat menika saget damel media kagem ngandharaken napa kemawon ingkang
wonten ing manah, pikiran lsp.
3. Damel cakepan tembang Pocung boten angel.
KAPUSTAKAN :
Anto, P.,&Anita, T.(2019). Tembang macapat sebagai penunjang pendidikan karakter.”Deiksis 11.01 (2019):77-85.
Gandung Widaryatmo, dkk.2015. Prigel Basa Jawa kelas XI. Jakarta: Erlangga.
https://youtu.be/yBH0tfVjl40.
https://jv.wikipedia.org/wiki/Macapat
https://www.detik.com/jabar/berita/d-6200309/contoh-tembang- macapat-beserta-pengertian-jenis-dan-
maknanya# :~ :te xt= Me nurut%20Poerwadarminta%20(1039 %3A299 ), ya ng%20 me nggunaka n%20 metrum%20 te mba
ng%20Jawa