The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Kustiyanti Kustiyanti, 2024-01-15 09:54:01

unggah ungguh basa

unggah ungguh basa-3

UNGGAH UNGGUH BASA Dining : Kustiyanti


Peserta didik mampu mendeskripsikan, menggunakan, dan menyajikan unggah-ungguh basa dan sesorah sesuai kaidah kebahasaan untuk menyampaikan informasi secara lisan berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan CAPAIAN PEMBELAJARAN


Setelah melaksanakan kegiatan pembelajaran dengan menggunakan model pembelajaran Problem Based Learning serta media flipbook dan video animasi (C-TPACK) peserta didik (A) dapat : Menganalisis (C4) kaidah penggunaan unggah ungguh Bahasa jawa (B) dalam video animasi (TPACK) percakapan dengan tepat (D) 1. Mengkritisi (C5) hasil analisis kelompok lain dengan bahasa yang baik dan benar (D) 2. TUJUAN PEMBELAJARAN


Unggah-ungguh inggih menika tata-pranataning basa miturut lenggahing tata krama. Unggah-ungguh ugi saged dipun wastani undha usuking basa (tingkatan basa adhedhasar anggenipun ngginakaken). MATERI PEMBELAJARAN Materi Faktual


\ Tiyang ingkang badhe ngatrapaken unggah-ungguh boten badhe uwal saking tata krama. Tata krama awujud solah bawa, tindak-tanduk lan patrap nalika sesambetan (komunikasi) dhateng sinten kemawon.


GAMBAR LARE PAMIT KALIYAN TIYANG SEPUH GAMBAR SISWA KALIYAN DWIJA TULADHA UNGGAH UNGGUH


Sesrawungan kaliyan tiyang sanes 1. Ngurmati tiyang ingkang dipunajak gineman 2. 3.kangge pakurmatan Ginanipun unggah ungguh


BABAGAN INGKANG KEDAH DIPUN GATOSAKEN NALIKA GINEMAN/MICARA Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadinipun ingkang gineman) Sinten utawi punapa ingkang dipunajak gineman Wekdalipun rikala sineman Sinten ingkang dipunajak cineman Papanipun rikala sineman Swasana rikala sineman


MATERI KONSEPTUAL


Basa ngoko kaperang dados kalih inggih menika ngoko lugu lan ngoko alus Basa Ngoko Lugu Basa ngoko lugu wujudipun sedaya ngginakaken tembung ngoko, boten wonten tembung kramanipun. BASA NGOKO


Ginanipun basa ngoko kangge gineman: Tiyang sepuh dhateng ingkang kaprenah enem (putranipun, wayahipun, muridipun utawi dene dhateng lare enem sanesipun) Dhateng sesaminipun, kanca sepantaran ingkang sampun kulina sanget,tuladhanipun lare kaliyan kancanipun Pangangeng dhateng tiyang sangandhapipun, tuladhanipun juragan dhateng baturipun Panguda rasa (gineman kaliyan pribadinipun piyambak)


Pacelathon antawisipun Dinda lan Sinta Sinta: Din aku arep ning kantin tuku jajan, kue melu ora? Dinda: Iya aku melu TULADHA BASA NGOKO LUGU


Basa Ngoko Alus Basa ngoko alus inggih menika basa ingkang sampun dicampur kaliyan basa krama. Limprahipun dipunginakaken kangge gineman kaliyan tiyang taksih enem ananging sampun gadhah pangkat.


Titikanipun ngoko alus kangge gineman: Tembungipun ngoko kecampur tembungkrama Tembung kriyanipun (kata kerjanya) tiyangingkang dipunajak gineman utawi tiyangingkang dipunginem Tembung aku tetep boten ewah Tembung kowe ewah dados panjenengan(tiyang sepuh) utawi sliramu (langkungenem) Ater-ater lan panambangipun tetep ngoko Basa menika dipunginakaken kaliyan tiyangingkang sampun supeket (akrab) anangingtaksih gadhah raos ngurmati dhatengtiyang ingkang dipunajak gineman


ATURAN BASA NGOKO ALUS kang dikramakke alus: 1.perangan awak tuladha : kowe - panjenengan/ sliramu 2. tembung riya/ kata Kerja Tuladha : mangan- dhahar turu- sare


TULADHA BASA NGOKO ALUS Ginemanipun satunggaling tiyang kaliyan kanca sakantor. Pak Imam : Pak rifai, nuwun sewu. Panjenengan mau wis dhahar apa durung? Pak rifai : Aku ta, lha yen aku ya durung mangan. Apa panjenengan arep mbayari aku jajan neng warung.


Basa krama lugu inggih menika basa ingkang ngginakaken sedaya tembung krama Ginanipun 1.Dhateng sesamining kanca ingkang dereng raket supeket (akrab) 2. Tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enem, ananging tiyang enem menika wajib kinurmatan 3.Tiyang ingkang gadhah kalenggahan (drajat pangkat) inggil dhateng andhahanipun 4.Tiyang ingkang gineman priyayi luhur lan ingkang dipunajak gineman tiyang limrah sampun sepuh yuswanipun utawi wajib kinurmatan Krama lugu BASA KRAMA


TULADHA KRAMA LUGU Sampun jam sedasa, budhe dereng tilem? Panjenengan saking pundi mas? Ibu tumbas jeruk kaliyan apel Kula adus toya anget


Krama Alus Basa krama alus inggih menika ngginakaken basa krama inggil kacampur krama andhap. Ginanipun 1. Tiyang ingkang gineman dereng tepang kaliyan ingkang dipun ajak gineman, lan ingkang dipunajak gineman menika ketingal langkung sepuh utawi tiyang ingkang kagungan pangkat alus 2. Tiyang ingkang gineman menika langkung enem yuswanipun tinimbang ingkang dipunajak gineman, lan ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan 3.Tiyang ingkang gineman langkung cendhek drajat pangkatipun tinimbang ingkang dipun ajak gineman


TULADHA KRAMA ALUS Adik ndherek Ibu dhateng peken Bapak maos koran kaliyan ngunjuk wedang roti Mbak Santi mundhut rasukan kathah sanget amargi reginipun mirah


Kangge sinau undha-usuk basa Jawi kanthi cara online wujud aplikasi android kamus basa Jawa kang jumbuh TPACK (Technological Knowledge Pedagogy and Content Knowledge) saged wonten ing laman http://futureloka.com/aplikasibahasa-jawa-gratis-android/. Menika tuladhanipun aplikasi android kamus basa Jawa: 1.bausastra online https://budiarto.id/bausastra/ 2.Translator Jawa Siswa ugi saged madosi tegesipun tembung migunakaken kamus online ing link: https://www.sastra.org/leksikon 3. Materi Prosedural


Materi Metakognitif Para siswa, sesampunipun sinau babagan materiundha-usuk basa. Ing ngandhap menika wonten video animasi cekak babagan pawicantenan mawi basa Jawi. Para siswa sumangga ningali video kanthi pratitis! (Link: https://youtu.be/- diz8kiraug)


Kangge mahami isi video animasi cekak menika siswa kedah ningali video kanthi pratitis, siswa ugi kedah ningali video bolan-balen. Siswa nalika ningali video menika kaliyan nyerat isi ingkang dipunanggep wigati. Siswa saged nyerat sinten mawon paraga saha latar ingkang salebetipun video film cerkak menika. Salajengipun dipunpantha-pantha pawicantenan ing video menika pundi ingkang mlebet ragam ngoko saha pundi ingkang mlebet ragam krama.


MATUR NUWUN


Click to View FlipBook Version