MANUK LAN SEMUT
SITI SOIMAH, S.P.,S.Pd.
Ana semut kecemplung blumbang.
Semut bengok-bengok njaluk tulung.
Dumadakan ana manuk mabur ing nduwur
blumbang. Wiwite manuk bingung carane
nulungi semut, amarga manuk ora bisa
nglangi. Manuk banjur nggawa godong
kanggo nulungi semut.
Semut banjur numpak godong. Manuk
nggered godhong tekan pinggir blumbang.
Manuk seneng banget bisa nulungi semut.
Semut ngucapke maturnuwun marang
manuk.
Semut mlaku-mlaku ing alas. Ana wong arep
nembak manuk kang lagi menclok ing wit.
Manuk ora ngerti dheweke arep ditembak
wong. Semut banjur nyedaki wong iku, banjur
nyokot sikile wong iku.
Manuk slamet saka bebaya. Manuk ngucap
maturnuwun marang semut.
Semut seneng bisa genten nulungi manuk
maturnuwun