The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

RINGKASAN MATERI BAHASA JAWA FABEL
Fabel yaiku dongeng kang paragane kewan, nanging adat tata carane kaya dene manungsa.

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by sitisoimahbatul, 2022-03-24 17:20:38

RINGKASAN MATERI BAHASA JAWA FABEL

RINGKASAN MATERI BAHASA JAWA FABEL
Fabel yaiku dongeng kang paragane kewan, nanging adat tata carane kaya dene manungsa.

RINGKASAN MATERI

BAHASA JAWA

FABEL

Siti Soimah, S.P.,S.Pd.
SD Muhammadiyah Sudagaran Wonosobo

Dongeng Kewan

Dongeng iku isine crita kang aneh lan
mokal kedadean. Sanajan aneh lan ora tinemu
nalar, nanging dongeng ngemu akeh pitutur
luhur kang migunani kanggo bocah-bocah
kang maca utawa ngrungokake crita kasebut.
Pitutur luhur kasebut kaya dene piwelinge
supaya tumindak jujur, seneng tetulung, lila
legawa, ngabekti marang wong tua, lan liya
liyane.

Dongeng yaiku crita ngayawara kang
mokal kelakone. Dongeng ana pirang-pirang
jenis, yaiku : Fabel, Legenda, Mithe, lan Sage.

Tulisan iki mbabar babagan Fabel.
Fabel yaiku dongeng kang paragane kewan,
nanging adat tata carane kaya dene manungsa.




Tuladha : Dongeng Kulawarga Semut, Dongeng
Baya lan Bantheng, Dongen Mbok Babon lan Pak
Jago, Dongeng Manuk karo Semut.




Paraga ing crita fabel nduweni watak kang werna-
werna.
Kewan galak utawa sing mangane daging dadi
paraga kang nduweni watak ala. Tuladhane singa,
macan, baya, ula, lan lya-liyane.




Kewan anteng utawa mangan gegodhongan dadi
paraga kang nduweni watak becik, ngalembana, lan
manutan. Tuladhane jaran, kidang, bebek, manuk,
pitik, menthog, lan liya-liyane.

Saka sawijining crita, kita dadi bisa mengreteni
sapa paraga crita, watak paraga, ana ngendi
papan kedadean crita, lan apa piweling saka
crita kang wis diwaca mau. Unsur-unsur iki
diarani unsur kang ana ing sajroning crita
utawa unsur intrinsik.




Unsur intrinsik iki kudu ana ing crita, amarga
kalebu unsur kang mbangun crita.




Dongeng ing ngisor iki wacanen kanthi swara
sing cetha. Yen ana ukara kudu diwaca kanthi
seru, ya diwaca seru. Yen ana ukara sing
kudune diwaca kanthi alus, ya wacanen
nanggo swara sing alus.

ayo maca

Mbok Babon lan Pak Jago




Esuk kuwi Mbok Babon lagi bae ngedhunake anake cacah
lima.
Pyik, pyik, pyik swara pitik kemriyek.
Pak Jago isih ana sacedhake petarangan resik-resik tilas
tetesane anake.
Sunare srengenge cumlorot ngangeti awake pitik sing isih
cilik-cilik kuwi.
Nanging ujug-ujug ana satleraman bayangan kaya
pesawat.
Werrrrr ! Jebul ana Manuk Bidho arep nyamber pitik.

Mbok Babon age-age nubruk anak-anake
Pitik lima dikrukup nanggo swiwine.
Mbok Babon banjur ndekemi anak-anake.
Pyik, pyik, pyik, pyik! Anake sajak keweden.
“Pak Jago, tulung tulung ana Bidho kurang ajar!”
Mabok Babon mbengok.
Manuk Bidho banjur bali munggah dhuwur maneh.
Dienteeni duwe katone Manuk Bidho ora bali maneh.
Nanging Pak Jago lan Mbok Babon kudu ngati-ati lan
waspada.

“wis, anake dijaga, aku tak golek pangan. Mengko yen wis
entuk pangan, anak-anak diajak bebarengan. Sing ati-
ati Mbok Babon,” piwelinge Pak Jago.
Pak Jago banjur golek pangan kanggo anak-anake lan
Mbok Babon.
Mbok Babon ya ceker-ceker lemah golek pangan
nanging ora ninggal anak-anake.
Nganti sore, Pak Jago, Mbok Babon, lan anak-anake
slamet lan wareg entuk panganan.

Kapethik kanti owah-owahan saka : Remen Basa Jawa 117-118

Gladi

Tulisen jawaban ing buku tulismu !
unsur intrinsik fabel ing nduwur yaiku

a.Paraga : ....
b.Watak paraga : ....
c. Isi crita : ....
d. Piweling : ....
e. Ringkesan Crita : ....


Click to View FlipBook Version