PANAKAWAN
Siti Soimah, S.P.,S.Pd.
SD Muhammadiyah Sudagaran Wonosobo
PANAKAWAN
Panakawan kuwi saka tembung Pana lan
Kawan
Pana tegese kenal banget, utawa arif
Kawan tegese sedulur
Panakawan tegese
sedulur sing raket lan arif
Panakawan cacahe ana papat
(4)
PANAKAWAN
Semar
Semar kuwi Panakawan sing tuwa dewe.
Anake semar ana telu, yaiku Gareng, Pertuk, lan
Bagong.
Semar awake lemu banget, weteng lan bokonge gedhe.
Rambute ngarep dikuncung. Irunge pesek lan mripate
kriyipan. Gulune ana punuke.
semar watake sabar, ngemong.
PANAKAWAN
Gareng
Gareng kuwi anak mbarepe Semar.
Awake cilik ngyeyet. Rambute dikuncir. Irunge bunder
kaya tomat, mripate kera/juling lan tangane ceko.
Sikile gejik yen mlaku pincang. Watake kaku atine.
PANAKAWAN
Petruk
Petruk kuwi anak nomer lorone Semar.
Pawakane cilik dhuwur. Sasedulur paling duwur.
Rambute dikuncir. Irunge dawa banget. Wetenge
blending. Petruk paling pinter nembang. Watake
Petruk jujur.
PANAKAWAN
Bagong
Bagong kuwi anak ragile Semar.
Dedege cendhek, sirahe buthak, mripate amba lan
irunge pesek. Lambene ndoweh, awake lemu banget,
wetenge gedhe.
Bagong watake cengengesan.
PANAKAWAN
Panakawan uga diarani Punakawan.
Punakawan iku abdine Raden Arjuna.
Punakawan ora tau pisah karo bendarane
Maturnuwun