BANK SOAL
PENILAIAN TENGAH SEMESTER 2
BAHASA JAWA
KELAS 2
Siti Soimah, S.P.,S.Pd.
SD Muh. Sudagaran Wonosobo
paket 1
1.Sapa munggah gunung ada wedi dalan rumpil
Yen mudhun udhunana yen munggah den unggahi
Sapa wegah wekasan cuwa ing ati
Irah-irahan tembang ing nduwur yaiku ….
A.Wedi Dalan Rumpil
B.Gotong Royong
C.Sapa Munggah Gunung
Wangsulan : C
2. Sapa wegah wekasan cuwa ing ati, tembung cuwa
tegese ….
A. Gela
B. Seneng
C. Susah
Wangsulan : A
Wacanen kanthi permati !
Tembang dolanan biyasane ditembangake dening bocah
cilik.
Nembang dolanan iku nyenengake.
Tembang dolanan ditembangake sinambi dolanan.
Piwulang ing tembang dolanan ana bab kejujuran,
kedhisiplinan, tata karma, gotong royong, lan liya-
liyane.
Isine bab kewan, alam, uga dolanan lan
sapanunggalane.
3. Tembang kang ditembangake dening bocah cilik
diarani tembang ….
Wangsulan : dolanan
4. Yen nembang dolanan bisa … ati.
Wangsulan : nyenengna
5. Aranana telu wae piwulang ing tembang dolanan !
Wangsulan :
a. Bab kejujuran
b. Bab kedisiplinan
c. Bab tata karma
6 Neng – dolanan – njaba – prakanca – yo
Rakiten tembung-tembung ing ndhuwur supaya dadi
ukara kang mathuk!
Wangsulan :
Yo prakanca dolanan neng njaba.
7. Banu lan Adam arep resik-resik lingkungan omah.
Supaya enggal rampung kudu dilakoni sarana ….
A.Alon-alon
B.Karo dolanan
C.Gotong royong
Wangsulan : C
Gatekna gambar!
8. Irah-irahan kang trep kanggo gambar ing sisih
yaiku ….
A.Lesung Jumengglung
B. Gajah - Gajah
C.Sayuk – Sayuk
Wangsulan : A
9. PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik, pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gog gog petok ngendhog pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol dhol tanpa wulu
Tak ngremake netes telu.
Basa kramane telu yaiku ….
Wangsulan : tiga
10. Anggone netes pitike kabeh trondhol. Tembung
trondhol tegese ….
Wangsulan : ora metu wulune
11. Iraah-irahan tembang ing ndhuwur yaiku ….
Wangsulan : Pitik Tukung
12. Aranana telu wae tembang dolanan sing wis tau
kok tembangake !
Wangsulan :
a. Pitik Tukung
b. Siji Loro Telu
c. Jaranan
Wacanen kanthi permati !
Pandhawa lan Kurawa Uji Keprigelan
Srengenge wis dhuwur. Para warga wis padha kumpul ing
alun-alun. Uji keprigelan diwiwiti saka Kurawa luwih
dhisik. Sawise Kurawa rampung banjur Raden Yudhistira
entuk giliran olah keprigelan, lan nuduhake keprigelan
nganggo panah karo ngusiri kreta kencana. Raden
Werkudara ngaggo Gada Rujak Pala. Raden Nakula lan
Sadewa pada gladhi perang tandhing nagnggo tombak lan
keris. Ana ing pungkasan Raden Harjuna nitih kreta sing
digeret jaran loro lan karo nglepasake panahe sanalika
cacah sepuluh.
13. Uji keprigelan diwiwiti saka Kurawa dhisik.
Tembung wiwiti tegese ….
A. Dilereni
B. Dilekasi
C. Ditutupi
Wangsulan : B
14. Raden Werkudara anggone olah keprigelan
nggunakake ….
Wangsulan : Gada Rujak Pala
15. Kadang Pandhawa sing kembar arane … lan ….
Wangsulan : Nakula – Sadewa
16. Papan kadadeyane uji keprigela ana ing ….
Wangsulan : Alun-alun
17. Aranana jenenge tokoh Pandhawa kanti runtut !
Wangsulan :
1) Puntadewa
2) Werkudara
3) Arjuna
4) Nakula
5) Sadewa
18. Tulisen jenenge tokoh Pandhawa miturut
gambar ing ngisor !
Wangsulan :
Puntadewa
Werkudara
Janaka
19. Ana – cacahe – lima – Pandhawa – iku
Rakiten tembung-tembung ing ndhuwur supaya dadi
ukara kang mathuk !
Wangsulan : Pandhawa iku cacahe ana lima.
20. Awaku gedhe dhuwur.
Aku dadi panenggake Pandhawa.
Aku uga diarani otot kawat balung wesi.
Miturut deskripsi ing ndhuwur aku diarani ….
Wangsulan : Werkudara/Bima