PANDHSEAE YOWU AT A
Bahasa Jawa
Kelas 2
Siti Soimah, S.P.,S.Pd.
SD Muhammadiyah Sudagaran Wonosobo
PANDHAWA
Prabu Pandhu Dewanata ratu ing
Ngastinapura.
Garwane ana loro, yaiku Dewi Kunthi lan
Dewi Madrim. SEE YOU AT
Dewi Kunthi kagungan putra 3, yaiku
Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna.
Dewi Madrim kagungan putra 2, yaiku
Nakula lan Sadewa.
Dadi Prabu Pandhu Dewanata kagungan
putra lima Lanang Kabeh.
Anak lima dadi siji diarani Pandhawa.
Prabu Pandhu Dewanata
Dewi Kunthi Dewi Madrim
Pandhawa lima yaiku
1.Puntadewa/Yudhistira, ratu ing
Amarta.
2.Werkudara/Bima, satriya ing
Jodhipati.
3.Arjuna/Harjuna/Janaka, satriya ing
MadukaraS. EE YOU AT
4.Nakula, satriya ing Bumiretawu.
5.Sadewa, satriya ing Sawojajar.
PUNTADEWA/YUDHISTIRA
Pambarepe Pandhawa yaiku
Puntadewa/Yudhistira.
Dadi ratu ing Ngamerta.
Pusakane ampuh aran Jimat
Kalimasada.
Watak sabar, jujur, lan ora
seneng perang.
Awake sedhengan katon alus,
lan rambute gelungan rapet.
Garwane Dewi Drupadi.
Putrane jeneng Raden Pancala.
WERKUDARA/BIMA
Panenggaking Pandhawa yaiku
Werkudara/Bima.
Dadi satriya ing Jodhipati.
Pusakane ampuh aran Gada
Rujak Polo.
Watake lugu, prasaja,
ora wedi bebaya, lan
seneng perang.
Awake ireng gedhe
dhuwur lan duwe kuku
lancip ing tangane.
Garwane Dewi Arimbi.
ARJUNA/JANAKA
Panengahing Pandhawa yaiku
Arjuna/Janaka.
Dadi satriya ing Madukara.
Pusakane ampuh aran Panah
Pasopati.
Rupane bagus tanpa cacat,
omongane alus.
Kapinterane manah, ora tau
mleset.
Garwane Dewi Sembadra.
NAKULA/RADEN PINTEN
Sumendhe Pandhawa iku
Nakula.
Dadi satriya ing Bumiretawu.
Nduweni keprigelan nambani.
Sedulur kembare Raden
Sadewa.
SADEWA/TANSEN
Wuragile Pandhawa iku
Sadewa.
Dadi satriya ing Sawojajar.
Nduweni keprigelan ngopeni
jaran.
Sedulur kembare Raden
Nakula.
Kembar Nakula lan Sadewa
nduweni watak, sifat lan wujud
padha.
Kelorone seneng njaga
karahayoning negara.
Matur sembah nuwun