The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Antologi Karya Sastra Berbahasa Jawa sebagai tugas Akhir Semester mata kuliah Menulis Kreatif.

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by rikadf11, 2021-07-19 01:56:00

Antologi Karya Sastra-dikonversi

Antologi Karya Sastra Berbahasa Jawa sebagai tugas Akhir Semester mata kuliah Menulis Kreatif.

Keywords: Antologi

ATUR PRAWACANA

Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten
ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung sahengga karya tulis
punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur
nuwun kagem tiyang sepuh kula ingkang tansah paring dogan pangestu
saha para dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan sahengga
karya tulis ingkang kasusun sae punika saged purna.

Karya tulis kanthi irah-irahan “ Antologi Karya Sastra Jawa”
punika minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Karya tulis
menika kasusun kagem njangkepi Tugas Akhir Semester mata kuliah
Menulis Kreatif.

Mugi-mugi karya tulis ingkang kaserat dening panyerat menika
saged paring mapinten-pinten manfaat dhumateng para sinten kemawon
ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah kakirangan, pramila
panyaruwe saha panyendu tansah kula antu-antu.

Magetan, 16 Juli 2021

Panyerat
Rika Dwi Febriana

i

DAFTAR ISI
Atur Prawacana...................................................................................... i
Daftar Isi ............................................................................................... ii
Cerkak

1. Qurban .......................................................................................... 1
2. Kembang Mawar dadi Saksi ........................................................ 4
3. Mbah Piyan .................................................................................. 9
4. Sayuk Rukun .............................................................................. 13
5. Rewang ...................................................................................... 18
Geguritan
1. Gusti ........................................................................................... 23
2. Tresnaku ..................................................................................... 24
3. Tekamu ...................................................................................... 24
4. Laraku ........................................................................................ 25
5. Lelara ......................................................................................... 26
6. Urip ............................................................................................ 27
Drama
1. Dolan kutha ................................................................................ 28
2 HP Anyar .................................................................................... 31
3. Kanca Raket................................................................................ 37
4. Ndelok Kethoprak ..................................................................... 41
Parikan ............................................................................................... 45
Biodata Panyerat................................................................................. 46
Penutup ............................................................................................... 47

ii

KARYA SASTRA

A. CERKAK

Qurban
Rampung resik-resik omah, Marti njupuk hp-ne sing di delehke
nduwur meja makan. Mripate mendelek ngingeti layar hp-ne jebul ana
WA saka kangmas e. Kangmas e, Mardi manggon ana Jakarta lagi
ngabari yen arep mulih. Dheweke wis kangen karo simbok lan adhine,
amarga 2 taun ora bisa mulih. Dheweke kudu kerja, mbiyantu keluarga
amarga wis ditinggal seda bapak ne.
Ngerti kabar kaya mangkana, Marti bungah banget lan enggal-
enggal nduduhke marang simbok e. Marti karo bengok-bengok goleki
simbok e. Jebul Simbok e nata kayu ing mburi omah. Weruh Marti
bengok-bengok, Simbok kaget lan nyauri.
“ Ana apa ta ndhuk? kok sajake bengok-bengok kaya ana apa?”
takon e Simbok karo enggal-enggal marani swarane Marti.
“ Mbok, ii-kuu lho Mbok… huh huh.. niku Mas Mardi Mbok”.
Wangsulane Marti karo ambegan sing ngos-ngosan.
“Mas mu geneya? he.. yen ngomong sing cetho ndhuk. Sik
lungguh sik.” swarane Simbok karo nyekel pundak e Marti.
“ Niku, Mbok Mas Mardi menehi kabar yen badhe wangsul
kinten-kinten sasi menika Mbok” swarane Marti karo nuduhake isi
WA ne.
“ Tenan pora kowe ndhuk? Ya Allah anak ku lanang isa mulih”
swarane Simbok karo mbrebes.
“ Temenan Mbok. Ya Allah Alhamdulillah ya Mbok.” sautane
Marti karo ngelus pundak e Simbok.
“ Ya wis aku tak adus sik ya nduk”
“ Inggih Mbok, kula rampungaken tugas rumiyin.”
Marti sing isih SMA kelas 2 iku sregep banget, gelem biyantu
Simbok e. Marti ngerti yen kahanan ne kaya mangkana, mula Marti
namung bisa mbiyantu sak bisa ne.

1

Sumilir e angin kang ngobahake gegodhongan, nggiring angen-
angene Marti kelingan marang bapak e sing wis swargi, kelingan
kangmas e sing adoh panggonane. Marti unjal ambegan, atine kagubel
sayuta rasa kangen.

Ing awang-awang padoning mripate, 10 taun kepengker arep
wancine qurban, bapak e bisa tuku mendha siji kanggo qurban.
Kelingan kepriye rekasane bapak e bisa tuku mendha. Saben dina isuk
sore golek pakan suket ing ngendi wae.

Kerja srabutan ing omahe tangga, kaya ngrewangi bangun
omah, resik-resik kebon, ngopeni sapi ne tangga, melu ulur kacang lan
nderep. Mangkat isuk barengan cumlorote srengenge lan surup lagi
mulih. Awak cilik mrana-mrene golek butuh, kanggo nyukupi keluarga.
Sanadyan isih kaya mangkana Bapak e Marti gelem nyelengi lan
sedekah. Lan Alhamdulillah e bisa melu qurban. Bungahe sakaluwarga
amarga bisa nindakake ibadah.

Nanging, 5 taun kepengker Pak Kardi wis seda amarga
kecelakaan nalika arep budal ulur kacang. Wis takdir e , banjur kepiye
maneh kaluwarga kudu ikhlas lan bisa nerima kasunyatan. Saiki sing
dadi gantine ya Mardi, anak lanang mbarep e. Mardi bisa ngerti yen
kaya mangkana, dheweke budal menyang Jakarta melu Pak Kasbin
tanggane sing sukses ing Jakarta.

Ing Jakarta, Mardi kerja dadi buruh pabrik sing bayar e
alhamdulillah bisa cukup kanggo urip lan bisa ngirimi Simbok e ning
omah. Ing omah Simbok uga bakulan sega pecel ora mung nunggu
transferan anak e. Marti sok-sok ya ngewangi tanggane bakulan klambi
ing pasar Minggu dadi ora ganggu sekolah e. Oleh e dhuwit ya kanggo
dewe, alat-alat e sekolah, sangu jajan sekolah. Marti wis seneng banget,
isa oleh dhuwit dewe.

“Ndhuk iki mau wis kok goreng telane ng kene mau?” swarane
Simbok buyarne lamunan e Marti.

“Eh inggih, Mbok sampun. Kula pundhutne rumiyin nggih”.
Marti ngadek mara pawon.

Marti pancen bocah sing gemati lan sregep, sedurunge ibune
mulih dodolan pecel omah wis resik, panganan wis mateng. Sabendina
ya kerep WA kangmas e, mung kepengen weruh kabar e. Sanadyan

2

adoh panggonane kudu tetep kabar-kabar. Njelalah wae padha ngerti
kahanan ne.

Marti njupuk hp-ne ning kamar lan maca WA saka kangmas e.
Isine yen arep mulih 3 dina maneh supaya manahi qurban. Jarene
kepengen qurban mendha siji lan alhamdulillah nduwe rejeki. Weruh
kabar kaya mangkana, Marti kaget lan enggal-enggal ngomong
Simbok.

“ Mbok, niki Mas Mardi sanjange badhe wangsul tigang dinten
malih, lan kepengen qurban.” swarane Marti karo lungguh ing
sandinge Simbok.

“ Alhamdulillah.. anakku lanang Ya Allah le.. “ swarane
Simbok karo mbrebes

“ Menika badhe telpon mawon menapa boten Mbok?” takon e
Marti supaya lega lan cetha ne.

“ La masmu sibuk apa ora, mengko marai ganggu yen sibuk,
jajal takon ndisik”

Marti manthuk lan enggal-enggal WA maneh kangmas e. Jebul
kangmas e isih sibuk dadi ora isa telpon. Mung WA maneh kepiye
cethane. Supaya kabeh isa disiapke, kayata resik-resik kamar e Mardi
lan tumbas panganan sing enak.

Telung dina bacute, ana mobil grab teka ing latar, Simbok lan
Marti enggal-enggal marani lan jebule Mardi sing teka. Simbok enggal-
enggal mapak anake lanang amarga wis suwi ora ketemu. Ngepasi
wayah kuwi malem takbir idhul adha.

“ Mbok kula badhe qurban, menapa mendhanipun menika
sampun panjenengan paringaken mushola?” swarane Mardi karo
mlangkah nyamah

“ Uwis le.. wis Simbok wenehke mushola. Alhamdulillah ya le
bisa qurban lan mulih taun iki, Simbok seneng banget le” swarane
Simbok karo ngrangkul anak lanang e kuwi.

“Alhamdulillah Mbok, kula nggih seneng sanget saged kados
swargi Bapak” wangsulane Mardi karo netes ne eluh.

“ Sampun Mbok, Mas mlebet rumiyin kula damelaken gedhang
goreng lan wedhang. Kula nggih tumut remen” Marti nyaut karo
gandheng Simbok lan Kangmas e.

3

Kembang Mawar dadi Saksi

Sore-sore Antin lungguh ngarep teras karo metani ibu ne
njupuk i uwan sing ana ing rambut e. Sedurunge sesuk budhal menyang
Surabaya dheweke kepengen ngalem-ngalem karo ibune. Antin sing
pawak ane ayu, kulit e resik, uga grapyak. Mula tangga-tangga akeh
sing seneng dheweke lan uga ana sing ora seneng amarga iri. Akeh
bocah enom saumuran e sing katresnan karo dheweke. Antin luwih awit
SMP wis kerep dipengeni didakekake mantu tangga-tanggane.
Ananging Antin ora ana sing sreg siji wae.

Saiki Antin wis lulus SMA arep nerusake kuliah ing Surabaya.
Saka budhale akeh sing ora lila yen kelangan kembang desa kuwi,
nanging kuwi wis hak e Antin nerusake pendidikan e. Akeh bocah nom
sing nawari ngeterne menyang stasiun uga ana sing menehi oleh-oleh
panganan. Antin ngrasa ora kepenak, dadi kabeh ora di tampa. Luwih
milih diterke kaluwargane dhewe amarga arep lungo adoh.

Wayah isuk kurang luwih jam 5 nan, Antin budhal saka omah
numpak mobil sakaluwarga. Ing dalan, Antin mbrebes mikir yen kudu
adoh saka kaluwarga lan kanca-kancane. Ibune sing ngerti Antin
mbrebes, langsung ndekep anak e lan ngomong alon-alon.

“ Nyapo ndhuk.. kok nangis?” takon e Ibune
“ Boten menapa kok ,Bu.” wangsulane Antin karo ngusapi eluh
e sing ning pinggir mata.
“ Aja dipikir abot-abot ya, wis ta percaya karo ibu. Ning omah,
Ibu, Bapak, Adikmu tetep ndedunga muga kowe lancar sak kabehane
lan tetep bisa njaga awak”. tuturane Ibune .
“Inggih, Bu matur nuwun nggih, Insya Allah kula saged”.
Ora krasa wis 5 jam anggene mlaku, mobil wis diparkir ngarep
omah sing bakal dadi panggon kos e Antin. Kabeh sakaluwarga di
sambut apik karo sing nduwe kos. Bu Kos seneng banget karo tekane
Antin amarga kaluwargane apikan. Ibune Antin ngewangi tata-tata ing
kos lan langsung mulih ing Magetan maneh. Abot banget rasane yen
kudu adoh karo wong tuwa, nanging Antin tetep kudu isa kuat.
Dina Senen wayahe mlebu kuliah sepisan, mula Antin cepet-
cepet supaya ora telat. Apa maneh ana ospek saka kampus, dadi kudu

4

tertib. Antin teka langsung baris padha kanca-kancane. Ing ngarepe
bocah wadon diajak kenalan, jebul bocah iku saka Brebes. Ing njero ati,
Antin seneng banget oleh kenalan kanca adoh.

Ing acara ospek kampus akeh banget kegiatan, saka kenalan,
game, materi babagan kuliah, kenal lingkungan kampus. Ing ospek iku,
Antin raket banget karo kancane saka Brebes sing jenenge Hilma.
Hilma bocahe apikan lan grapyakan.

Antin lagi mlebu wae wis padha dilirik i kanca-kancane amarga
praupane sing ayu resik iku. Ana sing gumun-gumun lan uga ana sing
iri. Sing iri ora gelem kekancan karo Antin, malah arep gawe cilaka.
Tuladhane ngepasi leren ospek, Antin arep digawe tiba supaya sikil e
tatu. Nanging untung wae, ana Riki sing nulungi Antin dadi ora sida
tiba.

Riki, kancane saka Solo, nduwe rasa tertarik karo Antin. Sak
liyane ayu, Antin bocahe apikan. Riki lan Antin wis saya akrab pas
ospek dina pungkasan. Bakale ora bisa cethukan sabendina amarga
bedha fakultas. Nanging Riki isih kerep WA nan karo Antin. Yen bali
omah uga kadang barengan ngetan.

Saka iku, Antin lan Riki saya akrab lan munculke rasa tresna.
Riki ngomong yen dheweke tresna marang Antin lan kepengen Antin
dadi pacar e. Antin jan-jane uga nduwe rasa tresan marang Riki,
amarga Riki bedha karo liyane, nanging dheweke isih wedi yen ngawiti
katresnan.

“ Piye An, aku tresna marang kowe. Panjaluk ku trimanen
tresnaku ya An” swarane Riki karo ngelungne kembang mawar.

“ Aduh Ki, kepiye ya. Aku isih durung wani yen nyambung
katresnan” wangsulane Antin karo wedi-wedi.

“ Ya wis aku ya ora mekso kowe kok An. Yen wis siap
ngomong wae ya, aku tetep tresna kowe.

“ Iya Ki, suwun ya. Aku mulih ndisik wis sore” wangsulane
Antin karo mlaku ngalih.

“ Eh sik sik An, eman-eman kembang e yen tak guak. Gawanen
wae” swarane Riki karo ngelungne kembang Mawar kuwi.

“ Eh rapapa iki? suwun ya Ki”
Riki manthuk lan nyawang Antin saka mburi sing saya ngadoh.

5

Sanadyan Antin durung isa narima tresna ne Riki, dheweke
tetep akrab karo Riki kaya biasane. Riki uga kaya mangkana, isih isa
ngajeni keputusan e Antin. Sing penting dheweke seneng isa ngingeti
Antin. Isa barengan karo Antin, isa ngerti kegiatan e Antin.

Antin saya suwi ora kepenak yen ngapusi atine. Rasane
kepengin ngomong jujur yen dheweke uga tresna. Antin mikir yen
ngomong wae sapa ngerti bisa lega lan dadi sing dikarepake. Awan
kuwi bubar kelas keloro, kaya biasane mangan bareng ing kantin.
Anting ngomongke babagan rasane marang Riki.

“ Ki aku arep ngomong” swarane Antin miwiti ing tengah-
tengahe mangan.

“Ngomong apa An? ana masalah?” wangsulane Riki karo
bingung.

“ Ora.. iki babagan wingi iku lo pas kowe menehi aku kembang
Mawar”. wangsulane Antin karo semu isin-isin.

“ Oh iya An, kepiye? apa keputusan mu aku wis siyap narima
kok. Sing penting isih isa barengan” swarane Riki karo nyawang Antin.

“ Aku jan-jane ya tresna marang kowe Ki, tapi isih wedi.
Nanging aku saiki wis wani kok”. wangsulane Antin karo isin.

“ Banjur iki kepiye? awake dhewe pacaran?” swarane Riki karo
bungah nyawang Antin.

Antin mung isa manthuk isin-isin. Riki langsung ngajak muter-
muter Surabaya lan tuku kembang mawar kanggo tanda tresna ne
marang Antin. Banjur Riki dikenalake marang Ibune. Ibune Antin
seneng banget bisa kenal Riki, pangarepe bisa njaga Antin ing
Surabaya.

Dina Minggu, ngepasi preian, Riki diajak ing omahe Antin. Riki
seneng banget bisa dolan ing omahe pacare iku. Bisa kenal karo
kaluwargane Antin. Riki lan Antin budhal saka Surabaya numpak bis
lan mudhun ing terminal Magetan. Kira-kira wektune 6 jam-an, ing
awak rasane remuk, amarga lungguh terus. Kuwi lagi sepisan e Antin
lan Riki numpak bis kanthi wektu suwe lan adoh.

Ing dalan, Antin lan Riki padha-padha crita babagan
kaluwargane lan masa-masa cilik e. Riki seneng banget isa gawe Antin
ngguyu lan bungah semana uga Antin uga seneng banget isa

6

ngrungokake critane Riki. Antin sukur banget isa ketemu wong lanang
kaya Riki, wis pinter, bagus, lan uga gemati. Mula ora kaget yen kanca-
kanca wedok kuliahe padha seneng Riki. Nanging Riki bocahe ora
gelem sembarang nrima.

Mudhun saka bis, wong loro numpak grab tumuju omahe Antin,
kurang luwih 15 menit-an. Teka omah, Antin lan Riki di sambut apik
lan kabeh padha kaget amarga sedurunge ora ngabari wong omah.
Ibune Antin langsung masak-masak direwangi Antin lan uga adhine.
Yen Riki diajak jaduman karo bapake Antin. Bapak e Antin takon-
takon babagan Riki awit omahe, kaluwargane uga kepiye critane isa
tresna marang Antin.

“ Hla nak Riki kok bisa seneng karo anak ku, Antin kepiye?
ahaha” takonane Bapake Antin karo ngguyu-ngguyu.

“ Hehehe niku, Pak. Antin menika bocahe apikan lan boten
neka-neka. Lan ugi ayu hehehe” wangsulane Riki karo isin-isin

“ Hla Bapak e wae bagus kaya ngene hahaha, iya pora?”
godhane Bapake Antin karo eksen gaya.

“ Hehehe nggih, Pak leres sanget” wangsulane Riki karo
ngguyu uga.

“ Guyon le.. kowe ya bagus kok, sopan sisan”
“ Hehe saged mawon Bapak niku” wangsulane Riki karo isin.
Ora suwe, Ibune Antin teka lan ngangkon enggal-enggal
mangan amarga mengko yen wis adhem ora enak. Kabeh mangan ing
meja makan kanthi ayem. Riki mung mangan saitik amarga isin yen
okeh-okeh apa maneh mangan ing panggone calon e. Nanging Ibune
Antin weruh yen Riki isin, langsung wae dijupukne akeh, supaya
wareg. Riki kaget, lan isin-isin, sanadyan kaya mangkana tetep di
pangan nganti entek supaya ora gawe Ibune Antin kuciwa.
Sawise mangan, kabeh padha nglumpuk lan crita-crita. Amarga
wis sore, Riki ora kepenak yen suwi-suwi ing omahe Antin dadi
dheweke pamitan arep mulih ing omahe Solo. Ibune Antin gawani
panganan kanggo oleh-oleh supaya dipangan kaluwargane. Rencanane
Antin uga areo dikenalne kaluwargane, nanging wis sore. Dadi Riki
njaluk yen sesuk utawa yen lodhang isa dolan omahe lan kenalan karo
kaluwargane.

7

Riki numpak grab tumuju Solo. Bapak lan Ibune Antin ora tega
yen Riki numpak sepedha montor dewean, dadi luwih becik yen
numpak grab. Riki pamitan lan bablas Solo.

8

Mbah Piyan
Jago-jago padha kluruk bebarengan karo cumlorote srengenge
saka etan. Wong tani padha mikuli pacul tumuju sawah sebrang.
Praupane kathon bungah lan padha sayuk rukun. Bocah sekolah padha
budal sliweran, ana sing numpak sepedha lan montor uga ana sing
mlaku bebarengan. Ibu-ibu padha blanja ing tukang sayur mubeng karo
crita-crita. Pancen wong ndhesa, kabeh kathon sayuk rukun.
Ing emperan omah, Mbah Piyan lungguh kursi madep ratan
nyawangi iku kabeh katon karo mesam-mesem. Mbah Piyan sing umur
e wis 67 taun saben dina lungguh ing emper karo nyawangi wong-wong
sing lewat. Kadang kala karo Mbah Rus, garwane uga melu ngancani
Mbah Piyan karo ngombe wedang. Sing ngurusi Mbah Piyan karo
Mbah Rus ya Istiyah, anak nomer 7 amarga tunggal sak omah.
Anak mbarep e, Ispiyono manggon ing dhesa Kepuh lumayan
yen saka omahe Mbah Piyan. Kadang kala tilik karo gawa panganan
werna-werna macem e. Apa sing disenengi Mbah Piyan lan Mbah Rus
ditumbasna, kayata serabi lan sega jagung. Ispiyono ngurusi kebon
jeruk, yen bojone dadi guru SD. Anak-anak e padha sukses kabeh ana
sing dadi guru, perawat lan uga direktur.
Isiyasih, anak nomer loro sing paling gemati karo dulur-dulur
ane. Isiyah dadi guru SD Tulung, dikenal guru paling grapyak lan
pangerten karo bocah-bocah. Bojone wis seda amarga lara. Sanadyan
ditinggal bojone, Isiyasih tetep semangat kanggo ngopeni anak-anak e.
Amarga swargi bojone iku PNS, Isiyasih uga oleh dhuwit saka
pensiunan e. Alhamdulillah anak-anak e ya sukses ana sing dadi guru
uga perawat. Putune saiki wis 9 lan padha rukun-rukun.
Ismini, anak nomer 3 manggon ing Mojorejo. Paling cantas
dhewe, gelem upyek mrana-mrene. Anak e sijine dadi penyanyi lan wis
tenar banget mula akeh sing ngundang ing acara-acara. Sijine buruh
pabrik, lan sregep banget bisa nyukupi anak lan bojone.
Isharsono, anak nomer 4 manggon ing Jombang melu bojone.
Nanging wis seda amarga kecelakaan. Sanadyan adoh panggonane,
bojone lan anak-anak e isih iling karo kaluwarga bapak e.

9

Iswahyudi, anak nomer 5 dadi tentara nanging wis seda amarga
kecelakaan. Mbah Piyan nelangsa banget, amarga anak e iki isih enom
wis mungkasi uripe.

Istiyah, anak nomer 6 sing manggon sak omah karo Mbah Piyan
lan Mbah Rus. Sing ngurusi saben dina kanthi ikhlas lan sabar. Bojone
kerja srabutan kanggo nyukupi butuh. Anak-anak e isih sekolah SMA,
lan sregep banget gelem ngrewangi ibune. Anak-Anake Mbah Piyan
sing adoh yen ngirimi dhuwit dipasrahke marang Istiyah kanggo
ngurus. Istiyah uga sing kerep diwenehi dhuwit pensiunan e Mbah
Piyan.

Isimiatun, anak nomer pitu omahe sandingan karo omahe Mbah
Piyan. Ismiatun uga apikan karo dulur-dulurane lan tangga teparo.
Ismiatun anak e 2. Sing mbarep wis kerja dadi pegawai bank lan sing
ragil isih SMK kelas 3.

Iswinarno, anak lanang ragil sing pengerten. Omahe uga ora
adoh banget karo Mbah Piyan. Dadi bola-bali isih iso tilik lan gawani
panganan. Bojone ayu lan sregep mula anak e uga ganteng lan ayu.
Anak e sing wedok pinter apalan Al-Quran lan kerep menang lomba-
lomba sanadyan isih SD. Anak e lanang uga menengan lan pinter, kerep
dadi juara kelas.

“ Mbok, aku mau njaluk tempe goreng wis digaekne durung
karo Tiyah?” swarane Mbah Piyan marang Mbah Rus takon karo
clingak-clinguk.

“ Uwis Mbah, apa arep dhahar saiki?” wangsulane Mbah Rus
karo nyokot gedhang goreng.

“ Tak pangan tempe ne tok wae, mangan mengko e bareng-
bareng” wangsulane Mbah Piyan karo nglendheh kursi.

“ Mbah, kula bidhal sekolah rumiyin nggih.” swarane Anggi
metu saka omah lan salim Mbah Piyan uga Mbah Rus.

Anggi anak e Istiyah sing mbarep lan lagi kelas 3 SMA.
“Oalah iya ndhuk, ati-ati ya”. wangsulane Mbah Piyan Lan
Mbah Rus.
Mbah Piyan lan Mbah Rus mlebu omah lan enggal-enggal
sarapan karo Tiyah lan uga bojone. Ing tengah-tengahe sarapan, Mini

10

teka gawa jangan nangka lan gerih. Mini ora melu sarapan bareng
amarga enggal-enggal blanja ing pasar.

Ora suwe Sih teka gawa jajanan pasar karo wis seragaman guru.
Sih kepengen tilik wong tuwane mumpung isih bisa di tilik, mbesuk
yen wis ra ana ya arep sapa sing ditilik.

“ Allhamdulillah anak-anak ku padha ngerti llan bekti kabeh”
swarane Mbah Piyan karo mbrebes.

“ O iya ndhuk.. Tiyah. Aku kepengen ndelok potone putuku
sing ning Jombang” panjaluk e Mbah Rus karo nyeluki Tiyah sing lagi
nyapu.

“Nggih, Mbah sekedap kula pundhutaken hp rumiyin”
wangsulane Tiyah karo ndeleh sapune

“Menika mbah, poto ingkang pundi kula padosaken” tawarane
Tiyah karo mbukak galeri hpne.

“ Kabeh ndhuk potone Dhani karo Bayu cilikane ya kena”
wangsulane Mbah Rus karo melu ndeloki layar hp.

“Aku mau bengi ngimpi yen putuku bakal teka mrene. Alah
paling ya ngimpi tok ya” swarane Mbah Piyan karo mbrebes

“ Loh niki wonten telpon saking Dhani, Mbok. Sekedhap nggih,
Mbok” lagi ndelok-ndelok poto, ana telpon mlebu lan enggal diangkat
karo Tiyah.

“Oh niki kagem njenengan, Mak” Tiyah ngelungne hpne
marang Mbah Piyan.

“ Tenan apa ora kowe arep mrene? karo sapa njur kapan?”
“ Haa? saiki? wis tekan ngendi” swarane Mbah Piyan kaget
amarga apa sing dadi impine kaya persis.
Ora suwi, ana sepedha montor mlebu latar goncengan wong
lanang 2. Sepedha montor diparkir lan tumuju omahe Mbah Piyan.
Wong loro mau, ndodhogi lawang lan Tiyah metu ngangkon langsung
mlebu wae. Mbah Piyan lan Mbah Rus bungah banget weruh putune
teka ing omah.
“Mbah ngapunten nggih, sampun dangu dereng saged mriki”
swarane Dhani karo ngrangkl Mbah Piyan.

11

“Iya le.. iki mau tibake udu mung ngimpi. bungahe aku isa
ketemu kowe Dhan, Yu” wangsulane Mbah Piyan karo mbrebes
amarga bisa ngobati rasa kangen e.

Anak-anake sing liyane padha mlumpuk ing omahe Mbah Piyan
amarga ana Dhani lan Bayu sing saka Jombang. Kabeh padha mlumpuk
jagongan crita-crita jaman ndisik. Putu-putune uga pada gegojekan.
Bengi kuwi, omahe Mbah Piyan rame banget lan sayuk rukun.

12

Sayuk Rukun

Dening : Rika Dwi Febriana
“Sar Sari… reneo nduk jare, iki mau jangan asem e sing masak
kowe to? “. Swarane Bu Wulan marai Sari sing lagi dolanan HP kaget.
“Ana apa to Buk, inggih niki wau sing masak kula. Sinten malih
yen boten kula wong ibuk mawon boten ing griya.”
“La wis kok tiliki purung iki jangan e he? Jajalan to jajalen.
Jangan kok asin e pol.” Swara ne Bu Wulan karo nyendok I duduh

jangan asem.
“Astagfirullah buk, kula kesupen ya allah .Pripun niki

buk.Ngapunten nggih Buk”.Wangsulane Sari karo bingung.
“Kowe pengen rabi po piye hahaha wong isih sekolah kok” .

Godane Bu Wulan karo ngguyu-ngguyu.
“Boten buk Ya Allah la wau niku adik sambat luwe mawon kula

nggih cepet-cepet. “ Wangsulane Sari mrengut-mrengut.
“Yawis yawis wong wis kebacut arep piye meneh. Saiki tak

kongkon nggone Pak Dar tukokno Sunlight siji kana”.
“Inggih Buk, la arta ne pundi?”
“ Iki ,yen isih susuk tuku a apa kana ya rapapa”
“Saestu Bu? Wah seneng aku. Nggih sampun Buk kula pamit

rumiyin”. Swarane Sari karo nyangking sandal saka pawon

Karo ati rada bungah, Sari mlaku alon-alon. Jenenge wae anak

yen dikongkon ana imbalan e mesthi bungah. Saking bungah e Sari ora

ngerti yen ana watu ning ngarep e. Sari kesandung lan sikil e tatu-tatu.

Untung wae ana Dini sing ngerti lan ditulungi.
“ Ya allah mbak Sari rene-rene”. Dini sing gandeng Sari karo

ngadhekake.
“Aduh larane.. Ya allah iki kok ana watu semene gedhene ning

dalan ta ya”. Swarane Sari karo ngelus-ngelus sikil e .
“ Mbak Sari kok ora ati-ati to mbak.Arep nyandi sampean? “
“ Iku lo Din aku arep nggone Pak Dar tuku sunlight lha kok

malah kesandung . Jan apes banget nasibku”
“Heh mbak Sari aja ngono mbak,wis ayo mampir omahku kene

sek tak jupukna hansaplas”. Wangsulane Dini karo nuntun Sari mara

ning omahe.

13

“Iki mbak diunjuk sek trus iki tak hansaplas e”
“Walah Din suwun banget lo ya. Repot-repot wae”
“Halah mbak Sari kaya karo sapa wae. Wong adewe tangganan
ya wajib e kudu tetulungan. Wis mbak wis tak pasang ke”. Swarane
Dini karo masangake hansaplas,
“ Suwun ya Din, iki jane ya mung tatu saithik wae rapapa Din. “
“ Lah saithik e nek diumbar malah ndadi mbak.Wis sampean
bacutne blanja”.
“ wah iya Din. Yawis tak mlaku sek ya. Suwun banget aku
pokok. Sesok dolan a omahku ya Din”
“Halah padha-padha mbak. Iya mbak sesok tak dolan rana”
Sari bacutake anggone mlaku menyang tokone Pak Dar. Sikil e
Sari isih lara mula anggone mlaku tansah alon-alon.Tokone pak Dar
pancen rada adoh yen mlaku. Nanging sari wis kulina mlaku yen ing
lingkungan omah. Ora suwi Sari teka tokone Pak Dar lan cepet-cepet
anggone tuku. Sing ana ning toko malah putrane Pak Dar. Sari ora tau
ngerti putrane Pak Dar amarga awit cilik melu simbah e ing Kediri.
“ Kula nuwun, tumbas ... Pak Dar.. tumbas..”. Swarane Sari
karo bengak-bengok amarga ora ana wong
“ Nggih tumbas napa ?” Wangsulane Daril putrane Pak Dar
karo metu saka omah.
“ Nganu mas tumbas sunlight setunggal”
“O nggih mbak, niki mbak. “ Daril karo ngelungne sungliht.
“ Pinten niki mas,niki arta nipun?”Sari karo ngelungne duit
limang ewuan
“Kalih ewu mbak.taksih susuk nggih sekedhap kula
pendhetaken”
“Boten usah susuk mas. Njenengan paringi roti utawa jajan
mawon”.
“Oalah nggih mbak niki”. Wangsulane Daril karo ngelungne
roti
“Suwun mas”. Swarane Sari karo ngalih saka toko
Ing dalan Sari mesem-mesem wae amarga weruh putrane Pak
Dar mau. Pak Dar jebule nduwe anak lanang bagus lan dhuwur sing
ora dingerteni wong akeh. Sari wis tekan omah lan cepet-cepet

14

menehake sunlight ing ibune. Sari lagi tekan omah wis dijaluk i jajan
adine. Adine pancen isih umur 9 taun mula mesthi njaluk jajan wae.

“Eh mbak sari wis mulih, gawa jajan pora mbak?”
“Kowe ki jajan wae. Nyo iki sabun ana ne gelem?”
“Halah ngapusi ta Mbak sampean? Mesthi gawa jajan iki. Tak
kandhakne ibu lo mbak mangko”.
“Wong kok pradulan huu.. iki roti siji nyo wis . Ibu nyandi
lang?.” Takon e Sari karo ngelungne roti siji
“Hoalah mbak jajan kok roti, ndak ya seret aku.Ibu gone mbah
Man ngeteri sega.” Wangsulane Gilang karo mrengut
“Seret yo dipel kae ana pel. Wis diwenehi mbok bersyukur ora

kok malah sambat. Roti ya panganan enak kok timbang ciki marai
watuk.” Wangsulane Sari karo lungguh

“Eh Lang kowe ngerti pora Pak Dar jebul duwe anak lanang.
Bagus lan dhuwur sisan”.

“ Halah mas Gilang ta. Wis pirang dina-dina iki gaene melu

ning mesjid kok mbak. Pancen wong e bagus trus pinter ngaji sisan.
Mbak Sari seneng ya karo mas Gilang? Takone Gilang karo ngguyu-

ngguyu.
“Apa sih kowe ki bocah cilik ana wae.” Swarane Sari karo isin-

isin.
“Lo mbak yen seneng mengko tak omong ne. Tapi mas Gilang

apa gelem karo sampean mbak? Hahaha”. Guyune Gilang nganti

krungu wong omah
“Hus aja banter-banter. Rasah kakean polah meneng wae. Aku

ya isin ta Lang.“ wangsulane Sari karo nesu-nesu.
“Tak omongke lo mbak hahaha.” Godane Gilang karo mlayu

metu omah
“Ya Allah duwe adhik siji wae kok kaya ngono. Wis ben saiki

aku arep garap tugas. Ibuk kok ya ra mulih-mulih”. Swarane Sari karo
clingak –clinguk.

Sari saben dina ngewangi gawean omah. Amarga Ibu ne sing
nyambut gawe rewang-rewang gone Bu Tatik nanging yen dina

Minggu prei.Lan bapak ne sing uga nyambut gawe ana pabrik.
Sanadyan Sari isih kuliah, Sari wis sregep lan tlaten masalah gawean

15

omah. Kuwi kabeh wis dilakoni nalika Sari SMA. Sari karo Gilang
akrab banget. Sanadyan bendino padu lan gelut kuwi kabeh marai
sansaya akrab.

“ Assalamualaikum.. nduk, le iki nyandi kabeh kok sepi. “ Bu
Wulan teka karo nggumun omahe sepi

“ Eh Waalaikumsalam buk, nembe manthuk? Saking pundi? “.
Wangsulane Sari karo salim ibuk e

“ Iya ndhuk iki mau aku ngeteri dhaharan ning Mbah Man,
ngesakne ta ora ana sing ngopeni wis tuwa. “

“ Oalah nggih bu, ibu purun menapa? Kula damelaken teh nggih
Bu,”

“ Ya nduk teh wae. La Gilang nyandi? Dolan? Bocah kok dolan
wae. Apa wis rampung tugase sekolah?”. Takone Bu Wulan karo sikil e
di sluku.

“ Nggih Bu, wau gilang dolan . Kula kinten sampun rampung
nalika kula tinggal menyang toko, Gilang sinau.”

“ Walah ya wis syukur.”
“ Niki bu, teh anget ipun. Mangga dipun unjuk rumiyin. Kula
pijeti nggih Bu.”
“ Iya nduk, duh menak e. Jan aku untung nduwe anak wadon
kaya kowe. Sing isa ngerteni keluarga.”
“ Sampun tugas kula bu,O iya bu wau lak kula ing tokonipun
Pak Dar kepanggih putranipun.Menika kula kok boten nate ngertos
nggih Bu. “ 1
“ Iya saole awit bayi wis dittipne simbah e ning Kediri kana. La
Pak Dar ndisik urung sugih kaya mangkana. Dadi isih karo bojone
wae.Kuwi jenenge Daril seumuran karo kowe kok”
“ Oalah pantes nggih buk, Lo la samenika kuliah uga buk?”
“ Iya jarene kuliah ing Solo.Terus iki mulih sedela.”
“ Oalah…” . wangsulane Sari mantuk-mantuk
“ Kowe ra nyoba kenalan? Bagus lo bocahe lan uga pinter.
Menawa jodho sapa eruh. “ Godane Bu Wulan karo ngguyu-ngguyu.
“ Ah ibu ki napa ta. Boten Bu. Menawi Daril menika sampun
gadhah pacar pripun?”. Wangsulane Sari karo isin.

16

“ Ya rapapa hahaha. Ora-ora wis fokus kuliah e sek ya. Ibu
mung isa ndongakne sing apik kanggo awakmu, adhimu. Muga-muga
anak ibu sukses kabeh.

“ Inggih Bu. Amiin. Matur nuwun nggih Bu.” Wangsulane Sari
karo ngamplok ibune.

“ Wis bacutna tugasmu, ibu tak masak bapak mu selak mulih.”
“ Inggih Bu,kula mlebet rumiyin.”
Sari bacutne anggone garap tugas amarga wis nyedhaki wanci
UTS tugas sansaya akeh. Bu Wulan sing kepenaran prei bisa masak
kanggo kaluwarga. Kaluwarga Bu Wulan pancen rukun-rukun lan apik
an. Mula padha akeh sing seneng marang kaluwargane Bu wulan .
(Pernah dipublikasikan di Antalologi Dipta Pradanggapati )

17

Rewang

Dina Minggu Bu Atun duwe gawe mantu anak mbarep e
jenenge Mbak Dewi. Mbak Dewi nyambut gawe ing bank, Bu Atun
bakul ing pasar, garwane pegawai pabrik gula. Mula Bu Atun kuwi
kalebu wong sugih ing RT 4. Nganti ibu-ibu RT 4 padha melu rewang.
Jarene rewang ning nggone wog sugih mesthi oleh panganan sing okeh.
Bu Atun kuwi wonge loma lan apikan. Kabeh blanjanan kanggo masak
wis dipasrahke karo sing rewang.

“Lik Sar,kuwi mau kentang e kurang pora? “ takon e Bu Atun
sing nduwe gawe.

“Iya bu, kira-kira iki kurang sekilo “
“ Ya wis yen ngono , aku njaluk tulung tumbasna ya lik.”
“ Nggih,Bu tak ngajak Nani kuwi sing enom”
“ Ni Nani ayo tak jak tuku kentang”
“ Wo nggih,lik”
Lik Sar tuku kentang karo Nani ning pasar motoran. Ning
tengah dalan Nani malah ngajak rasan- rasan Lik Sar. Nanging amarga
Lik Sar wonge alim ya ngandani Nani aja sok kaya mangkana.
“ Lik Sar, pas rewang mau ya Lik aku ki pegele karo Bu RT. La
mosok to Lik, aku nyeklek gedhang siji e kanggo anak ku di seneni Lik.
Wong aku ya wis matur Bu Atun”
“Hoalah Ni Nani, Bu RT ki pancen ngono kui wonge. Wis gak
usah di rasani mundhak dosa adewe. Diingeti dalan mengko lak nabrak
ya dadi gawean.”
“Hahaha iya iya Lik. Iki aku wis ati- ati”
Ora suwe Lik Sar karo Nani wis tekan pasar. Wong loro mau
mubeng golek kentang sing apik tur murah. Jenenge wae emak-emak
nek wis tekan pasar ya ora trimo tuku kuwi tok. Ngerti barang sing apik
menggok. Sampek lali wayah. Untunge wae Lik Sar sing ngelingake
Nani.
“Heh Ni, kowe kok malah milihi kathok. Ayo ndang mulih
mesti iki wis digoleki Bu Atun”
“ Wah iya Lik , aku lali Lik. Ayo ayo”

18

Nani karo Lik Sar enggal- enggal mulih amarga selak digoleki
Bu Atun. Lan kentang e selak di masak. Wis tekan omahe Bu Atun
wong loro mau di seneni wong sing ning pawon.

“Tuku kentang wae kok suwi men to yo” kandhane Bu Yuli
sing karo goreng krupuk

“Kuwi mau lho Nani ngerti kathok apik-apik dadak menggok
ndelok” wangsulane Lik Sar karo ngguyu-ngguyu.

“ La menowo apik – apik lo Bu, menowo Abil ki gelem hahaha”
wangsulane Nani karo ngeyel.

Bu Atun teka karo nakokke Lik Sar kentang e. Banjur ngutus
supaya ndang dimasak amarga wis arep wayahe slametan diwiwiti.
Kabeh podo fokus ning gaweane dhewe-dhewe. Mbak Dewi sing dadi
manten uga melu ngewangi bungkus jajanan ing kotak. Kabeh padha
gayeng lan seneng. Dulur-dulur padha kumpul. Saka dulur sing cedhak
lan dulur sing adoh.

Wis wayahe nata –nata sega ing njero cething, Bu RT karo Bu
Yun padhu amarga ngisi segane ora padha. Ana sing okeh ana sing
saithik. Padahal ya mung perkara kaya mangkana kuwi dadi padhu.
Ngisin-ngisini ning panggon rewang.Untunge ana Bu Yanti, Bu
Karmi, Nani sing melu misah wong loro kuwi. Nek diteruske mundhak
ora bar-bar lan keteteran anggon e nata-nata.

“ Bu Yun, njenengan leh ngisi sega ora padha kae lo. Ana sing
saithik ana sing okeh. Mengko liyane ora bagian,di longi sing akeh-
akeh kae”. Kandhane Bu RT ning Bu Yun

“Boten menapa Bu RT amung sega mawon,mangke lak bejane
sinten niku” wangsulane Bu Yun karo tetep ngisi sega.

“Lo dikandani sing tuwek kok ora gelem nggatekne,tak aturke
Bu Atun lo sampeyan” kandhane Bu RT karo ngeyel.

“ Lho Bu, njenengan kok ngono. Iki sega wae lo Bu. Mangga
njenengan matur Bu Atun,wong Bu Atun paling ya ra masalah”
wangsulane Bu Yun karo mencucu.

“ Wis –wis gausah padhu Bu. Wong nggih sega mawon. Lak
taksih kathah to nggih. Mangke lak Bu Atun mireng mboten kepenak”
kandhane Bu Karmi sing njajal misah Bu Yun karo Bu RT.

19

Karo rasa mangkel Bu RT ngalih lan milih ng pawon ngancani
Pak Jumiran tukang adhang. Lan nyritakne apa sing dilakoni Bu Yun.
Bu Rt pancen senengane ngatur-ngatur wong liya nanging yen diatur
ora gelem. Jarene dheweke ki Bu RT,ora bisa diatur atur.

“ Nyapo yu kok mecucu wae,ana apa? “ takon e pak Jumiran
karo adhang

“ Kui lo Jum,Bu Yun ki lak dikandhani karo sing tuwek ora
gelem nggatekne,ora gelem di tindakke. “ wangsulane Bu RT karo
mrengut

“Kok kandhani apa to yu? Kok ra gelem nggatekne.” Takon e
pak Jumiran maneh sing wis pengenn eruh.

“Wong ngisi sega ning cething kok ora padha. Ana sing okeh
ana sing saithik. Ngono kuwi lak angger e dhewe to Jum? “ belane Bu
RT dhewe.

“Ya kudune pancen kudu padha. Lak ya wagu nek di delok.
Nanging yen wis kebacut lak ya wis ben ta yu, wong wis arep wiwit
slametan e. Iki aku ya wis adhang meneh.” Wangsulane Pak Jumiran

“Ya wis aku ora melu nata sega wae,aku tak ning kene wae
tinimbang ndelok wong-wong kae.” Kandhane Bu RT karo golek
lungguhan

“ Kowe kayane luwe Yu, ndang mangan kana iki aku adhang
neh nek kurang hahaha” Kandhane Pak Jumiran karo ngguyu kekel.

Bu atun marani Bu RT ning pawon supaya ngeterke sega ning
tangga-tangga lan dulur. Bu RT gelem ngeterke yen karo bocah nom
ora karo Ibu-Ibu amarga tiwas padhu. Tarah ya Bu RT nek ora padhu
ora bisa.

Akhire Bu RT ngajak Nana, cah nom sing saiki kuliah ing
Surabaya lan amarga panggeblug iki dheweke mulih. Nana sing wis
ngerti kepiye Bu RT mung bisa meneng wae, wedi nek diseneni lan di
salah ke.

Bu Yun uga diaturi ngeterke sega ning dulur- dulur e Bu Atun
lan ngajak Bima putrane Bu Atun nomor loro. Bu Yun iku dulur
cedhak e Bu Atun,mula wis akrab karo kabeh keluarga ne Bu Atun. Ing
dalan, Bu RT ngomong-ngomong karo Nana supaya ora meneng wae.

20

“ Na kowe iki wis semester pira?” takon e Bu RT
“ Kula sampun semester 4,Bu.” wangsulane Nana karo wedi-
wedi.
“ Wo sedhilut maneh ya , gek ndang golek pacar ben ndang
nyusul Mbak Dewi kae. “ wangsulane Bu RT karo ngguyu-ngguyu.
“Hehe… inggih Bu, maturnuwun mangke lak sampun wancine
mawon.” Nana mangsuli karo mesem
Ing griyane Bu Siti kosong, mula Bu RT lan Nana bingung
kepiye segane yen ora diwenehake. Banjur Bu RT ngomong yen
dicantol ke wae ing lawang. Sapa eruh yen Bu Siti wis mulih iso
dijupuk. Nnaging ora ngira malah segane di pangan kucing. Bu RT lan
Nana ngerti amarga mbalik saka ater-ater lan liwat omahe Bu Siti
maneh. Lan Bu RT ethok-ethok wae ora ngerti banjur bablas mulih ing
omahe Bu Atun.
“ Bu Atun, sampun sedaya nggih.” Kandhane Bu RT marang
Bu Atun.
“ wo Inggih, Bu RT matur nuwun sanget nggih. “ Wangsulane
Bu Atun
“Bu Atun kula mantuk rumiyin nggih” Nana pamit marang Bu
atun amarga arep garap tugas e
“Wo iya Na, nggawa a sega iki Na. Suwun ya wis biyantu “
“ Nggih, Bu Atun sami-sami”. Wangsulane Nana karo njupuk
sandhal.
Slametan wis wiwit, kabeh wis padha anteng dhewe-dhewe lan
nyiapke soto kanggo maeman. Para peladen uga ngusungi soto lan sega
berkat. Ujug-ujug Bu RT ngomong marang peladen sing isih nom-nom.
“ Elae Agim, wis gedhe ganteng e ya. Karo anak ku e iki gelem
pora?” takon e Bu RT karo ngguyu-ngguyu.
Agim mung meneng wae lan isin. Malah karo kanca-kancane di
soraki supaya gelem karo anak e Bu RT, anak e Bu RT uga ayu lan
kalem beda karo ibune.Cah lanang endi sing ora gelem karo anak e
Bu RT, Andini. Kabeh cah enom RT 4 wis ngedhep-ngedhepi Andini
amarga iku ayu lan kalem.

21

“ Kula mawon Bu, heheh la wong Agim taksih sekolah. Kula
lak nggih ganteng to Bu? “ Slamet sing bujang umur 25 taun melu-
melu.

“Ah ora, Andini ya sih enom kok mosok karo kowe iki. Beda to
mas Slamet sampeyan niku karo Andini“. Wangsulane Bu RT.

“Aja kaya ngono Bu, kabeh manungsa ki ana apik lan alane.
Mengko yen oleh karma nggih lara Bu”.Sautane Bu Karmi karo
ngelungne piring isi soto.

“Lak kabeh wong tuwa mesthi kepengen sing apik kanggo anak
e to Bu.” Wangsulane Bu RT sing ora gelem kalah.

“Wis – wis aja ngomong kuwi, iki ndang soto ne selak adhem
ora kepangan malahe.” Wangsulane Bu Jumi supaya padha meneng.

Slamaten wis rampung, lan sing rewang uga para peladen wis
padha pamitan karo nggawa sega berkat dhewe-dhewe. Bu RT uga
pamitan lan uga nggawa sega berkat loro amarga jarene jathah e anake
sing ora bisa melu rewang amarga kerja.

(Dipubliskasikan di Antologi Dipta Pradanggapati)

22

B. GEGURITAN
Gusti
dhuh gusti…
kula namung tiyang ingkang ringkih
boten saged mlampah piyambak
kedhah angsal petunjukmu
dhuh gusti…
kula sampun pasrah
menapa ingkang kula adhepi saniki
kula namung nyuwun
muga kula tetep bisa bakoh
dhuh gusti…
tuntun kula ing dalanmu
boten gampang kagodha kasenengan donya
dhuh gusti..
(Magetan, 9 Juni 2021)

23

Tresnaku

tresnaku kuwi sepele
yen kowe gelem nampa aku apa anane
tresnaku kuwi kaya surya
uga bisa kaya samudra
apa sliramu ngerti sing tak rasa?
nalika aku nyawang sliramu?
sing tak rasa amung rasa tresna

kena apa sliramu ora bisa nampa
apa merga aku iki ora sugih bandha?
apa merga aku iki ala?
jenenge manungsa ora isa sampurna

(Magetan, 10 Juni 2021)

Tekamu

ing petenge arah lan lakune uripku
sliramu dadi srengenge ing uripku
menehi sinumbar cahya kanggo pangarepan
sliramu madhangi dalan-dalan kang peteng buntu
lewat swara tuturmu

aku sukur banget bisa ketemu sliramu
gelem ngrungokake sambat laraku
saben dina sliramu amung bisa sabar lan satuhu
percaya aku bakal bisa bales jasamu

( Magetan,15 Juli 2021)

24

Laraku
angin ing wayah dalu
sirahku rasane ngelu
sing dadi kekarepan amung dadi keprungu
sing tak sawang amung ana ing sirahku
wayah jago kluruk aku
bisane mringis
wayah rembulan metu
amung bisa nangis
dhuh gusti apa salahku?
nganti ora bisa turu
eling apa sing tak krungu
saka lathi para nara iku
bisaku amung dedonga ing dalu
supaya kuat atiku
(3 April 2021)
pernah dipublikasikan di Buku Antologi Dipta Pradanggaati

25

Lelara
ora krasa, lumakune dina

tansah tumulya
atmaning manungsa
kadhang katon kadya kusuma uga wigena
sanadyan kedhah narima
apa sira ngerti tatu sing tak rasa?
sira ora tau perduli lan gatekna
amung bisa mendhem sajroning nala

ibaratna
awak ringkih mikul ancala
apa tega yen aku iki nelangsa?
amarga gegayuhan sira?
(Magetan, 13 Juni 2021)
Pernah di publikasikan di Instagram : @rikadfbr

26

Urip
urip iku tansah angel lan rekasa
ora ana wong mulya
tanpa upaya lan dedunga
kabeh wis urusane sing kuwasa
srengenge durung cumlorot para tani wis tandang
wong angon pitik wis mlebu kandang
wong pasar jejer-jejer sandhang
tumuju margi kang padhang
kabeh kudu dilakoni
abot enteng kabeh disunggi dadi siji
namung supaya pikantuk aji
saka gusti..

(Magetan,6 Mei 2021)
Pernah dipublikasikan di Antologi Dipta Pradanggapati

27

C. DRAMA

Dolan Kutha

Dina iki, dina Sabtu Pahing. Antika prei anggone kuliah,
dheweke ndelok drakor ing kamar kos. Ujug-ujug wae Fira teka.

Fira : “ Assalamualaikum.. Tik.”
Antika : “ Waalaikumsalam.. eh Fira, kok ora WA aku ndisik yen meh

mrene”. Wangsulane Antika karo mbukak lawang kamar.

Fira : “ Hehehe surprise. Awakmu lagi nyapo iki? Aja ngomong
yen garap tugas”

Antika : “ Heh ora iki, wis mumet tugas aku. Ndelok drakor melu
ogak?”

Fira : “ Drakor sing ndi iki? melu ndelok aku. Ana camilan pora?
Hahahaha”

Antika : “ Halah kowe ki mesthi. Kae ngisor meja jupuken dhewe.”
Fira : “ Asik ana camilan e”. Karo mlaku njupuk camilan
Fira : “ He iku mesakne ya, kok di tinggal ngono wae”
Antika : “Lha iya, jan cah lanang e kurang ajar” . (sautane Antika

karo mendelengi layar laptop e)
Fira : “ Hooh i lo, amit-amit ya. Untung aku jomblo” (karo

cengar-cengir)

Wong loro padha fokus ndelok drakor nganti meh sejam.

Nanging Fira wis bosen lan ngajak dolan Antika.
Fira : “ Tik.. aku kok wis bosen ya. Pengen dolan aku ning ngendi

ngono.” (karo mencucu lan mangan kentang goreng)

Antika : “ Arep dolan menyang ngendi wis awan barang kok. Panas
ngerti rak?” (karo melu mangan kentang goreng)

Fira : “ Halah lagi jam 10, ayo ning Lawang Sewu wae”
Antika : “ Yawis sik. Tak adus dilut ya hahaha” (karo ngguyu licik)
Fira : “ Lah jebule rung adus Ya Allah” (karo nyumpet irunge)

28

Sawise nunggu Antika adus, wong loro padha dandan lan siap-

siap. Ora suwe budhal numpak sepedha montor e Fira.
Antika : “ He Fir, delok kae. Kae bakul apa kok rame tenan” (karo

nudingi panggon rame)
Fira : “ Kae ta? kae bakul seblak. Kowe ra maca tulisan e po? “

Antika (karo ngguyu-ngguyu)
Fira : “ Wah iya bener kowe hahaha. Kowe arep pora?”
Antika : “ Wisa adoh Tik, kowe pengen po? “
Fira : “ Iya, mengko wae mulih e”
: “ Lah iya mengko wae”

Ora suwi anggone numpak montor, wong loro wis teka Lawang

Sewu banjur montor diparkir lan tuku karcis. Lan enggal-enggal mlebu

ndelok-ndelok bangunan iku.
Fira : “ Apik ya bangunan e. Isa men gawe kaya ngeneki” (karo

Antika ndeloki katon nggumun)
: “ La mbangune jaman Landa mesthi wae isa. Ayo mlebu
mrana” (karo nggandheng tangane Fira)

Fira : “ Eh eh… sik ta sabar Tik. Alon-alon wae mengko nek
kesandung”

Antika : “ Hehehe iya iya Fir” (karo cengar-cengir)
Fira : “ Tik fotokna aku ya ning kene. Sing apik lo” ( karo

Antik nguwehne hpne marang Antika)
Fira : “ Iya kene, gantian ya tapi. Ndang eksen sik sing apik”
: “ Siap…” (karo eksen)

Wong loro padha mubeng-mubeng sak njerone Lawang Sewu

lan ora lali foto-foto. Uga ndelok live music ing latar e Lawang Sewu.

Ing tengah-tengahe mlaku, Antika nabrak bocah lanang kira-kira

seumuran.
Brukkk…

Antika : “ Aduh, ngapunten Mas. boten sengaja” (karo ngresiki

klambine)
Adi : “ Boten menapa Mbak, kula nggih ngapunten boten ati-ati”

(karo ngresiki klambine lan tangi amarga tiba)
Antika : “ Boten menapa Mas?”

29

Adi : “ Boten Mbak, lha sampean?” ( karo ngingeti awak e Antka

Antika yen ana tatu)
Adi : “ Boten Mas, matur nuwun” (karo isin-isin)
: “ Kula Ardi, Mbak. Sampean namanipun sinten?” (karo

Antika ngelungne tangane arep salaman)
: “ Kula Antika, Mas (karo salaman). Menika kanca kula,
Fira Fira” (karo nggeret Fira)
Ardi : “ Kula Fira” (manthuk)
: “ Ardi mawon, Mbak ampun Mas hehe. Kayane nggih
seumuran. Kula mahasiswa UDINUS, Mbak. Lha sampean?”

Antika (karo nyawang Antika lan Fira)
Ardi : “ Oalah nggih. Kula lan Fira mahasiswa UNNES”
Fira : “ Oalah, wong 2 mawon niki?”
Ardi : “ Inggih Ar, wau sepedha montoran”
: “ Sing ati-ati ya nek mulih. O iya ngapunten nggih, kula

Antika cepet-cepet madosi kanca kula. Kula rumiyin, muga saged
Fira kepanggih malih.”
: “ Inggih Ar, mangga”
Antika : “ Cie.. cie oleh kenalan ki. Hm hm” (godane Fira karo
nyenggol-nyenggol tangane Antika”
: “ Hus.. apa ta. Ayo mulih wae terus tuku seblak ing mau”

(ajak e Antika karo nggandheng tangane Fira)

Antika lan Fira wis kesel anggone mlaku-mlaku, banjur mulih

ing kos e Antika. Ora lali wong loro mau tuku seblak lan es cendol

ndisik.

30

HP Anyar
Bengi-bengi Doni ora bisa turu, mripati e ketap-ketip ngingeti
plafon omah. Pikir e judeg ora karuan.
Doni : “ Ya Allah rasane ora kepenak yen arep ngaboti Bapak lan Ibu
maneh. Aku kudu isa golek panggawean saitik-saitik. Mengko
dhuwit e isa kanggo tuku HP anyar amarga HP ku wis ora
karuan kaya mangkene” (karo nyawangi HP ne)
Doni : “ Sesok jajal takok Arman wae lah. Muga isa ngewangi aku,
saiki aku arep turu mundhak sesok krinan” (karo nata-nata arep
turu).
Kringggg… Alarm e Doni muni lan nuduhake jam 4. Adzan
subuh wis kumandang lan kaluwargane Doni wis padha tangi
siap-siap sholat Subuh jama’ah.
Ibu : “ Doni.. Dona.. ayo tangi-tangi sholat Subuh ndisik” (bengok-
bengok saka pawon)
Doni : “ Inggih, Bu sampun tangi kula” (mlaku sempoyongan saka
kamar)
Dona : “ Inggih, kula sampun tangi” (mlaku saka kamare karo ngucir
rambute)
Kabeh wis wudhu lan siap-siap sholat Subuh. Bapake Doni sing
dadi imam, kadang kala uga Doni sing dadi imam.
Bapak : “ Wis siap kabeh? Ayo lurusne”
(sholat subuh)
Sawise sholat Subuh, Doni ora turu maneh. Wis didik an saka
cilik, yen bubar sholat Subuh ora ilok yen turu maneh. Semana
uga karo Dona.
Doni : “ Bu.. kula badhe makani pitik rumiyin” (nyaruki katul)
Ibu : “ Iya le, mengko bubar makani pitik, Ibu njaluk tulung yen
budhal sekolah mengko sisan terna gedhang goreng kanggo
Mbah Jan, ya”
Doni : “ Ohh.. Inggih Bu”
Dona : “Bu.. pundi kula gorengaken gedhang e” (njupuk adonan
tepung saka ibune)
Ibu : “ Lha kowe ora adus? mengko nek telat lho” (karo nggumun)
Dona : “ Mboten, Bu. Taksih kathah wekdal”

31

Ibu : “ Yawis, Ibu tak adang sik. Supaya kowe bisa sangu sega”
Dona : “ Inggih, Bu.” (manthuk-manthuk)
Doni : “ Don.. aku arep takon. HP mu kae merk apa ya?”
Dona : “ Samsung, Mas. Wonten menapa? HP ne Mas Doni lak risak

nggih? amarga tiba minggu wingi.” (karo goreng gedhang)
Doni : “ Iya Don, mula aku kepengen tuku HP anyar nanging ora

njaluk dhuwit saka Bapak lan Ibu”
Dona : “ Lajeng pripun Mas?”
Doni : “ Aku kepengen kerja apa wae Don, sing penting isa kanggo

tuku HP anyar supaya isa kanggo sekolah.
Dona : “ Kula boten saged biyantu napa-napa lho, Mas. Mekaten

mawon, mangke kula nyuwun priksa marang Mas Amir tukang
konter menika menawi wonten lowongan.”
Doni : “ Iya Don matur nuwun ya wis gelem mbantu Mas mu. Saiki
ndang adus mengko nek telat mlebu sekolah. (karo resik-resik
tangan)
Dona : “ Inggih, Mas.” (mlayu ing jedhing)

Jam setengah 7, kabeh wis siap. Sarapan wis siap, Doni uga wis
siap karo seragam SMA ne semana uga Dona wis siap karo seragam
SMA ne. Bapak e uga wis siap arep budhal kerja ing tegalan.

Ibu : “ Ayo sarapan ndisik kene” (siap-siap ing meja makan)
Bapak : “ Wah Alhamdulillah isa sarapan bareng.” (lungguh ndisik

dewe)
Dona : “ Bu.. kula sangu nggih. Kula siapke piyambak mawon, Bu.

Njenengan dhahar mawon” (mlaku njupuk kotak makan)
Doni : “ Gedhang goreng kagem Mbah Jan sampun siap, Bu? “ (karo

njupuk sega)
Ibu : “ Uwis kae tak centelne sepedha mu”

Sawise mangan, Doni lan Dona budhal sekolah numpak sepedha
bareng. Ora lali mampir ing omahe Mbah Jan ndisik.
Doni : “ Assalamualaikum, Mbah Jan. Menika gedhang goreng
saking Ibu, dipun dhahar nggih, Mbah.” (ngelungne gedhang
goreng ing kresek)

32

Mbah Jan: “ Waalaikumsalam. Woalah le kok repot-repot ta. Matur
nuwun ya omong o ibumu” (nampani )

Ora suwe, Doni lan Dona wis tekan sekolan lan langsung mlebu
kelas dhewe-dhewe. Doni ing kelas 11 yen Dona ing kelas 10.
Doni : “ Man Arman, aku arep takon. Kowe ngerti lowongan kerja

sing isa kanggo aku pora?” (nyedhaki Arman)
Arman : “ Hla kowe arep kerja? kanggo apa Don?” (kaget karo

pitakonan e Doni)
Doni : “ Arep kanggo tuku HP anyar aku Man. Delengen HP ku wis

rusak gak genah tulisane. Mengko yen ana ujian kepiye. Kan
biasane ujian ing Aplikasi. (nuduhake Hpne sing wis rusak)
Arman : “ Hah kerja apa ya? mengko yen kowe kerja, seneni ibumu
piye?”
Doni : “ Aja weruh Ibuku ya Man, aku mesakke Ibuku yen melu
ngurusi apa meneh ngerti aku kerja”
Arman : “ Yawis mengko aku takon-takon bapak ku ndisik ya menawa
ana gawean kanggo kowe.”
Doni : “ Suwun ya Man. Kowe pancen kancaku sing paling apikan”
(ngrangkul Arman)
Arman : “ Ya padha-padha Don. Wis aja suwi-suwi isin di delok kanca-
kanca hahaha” (ngguyu lan napuki pundak e Doni)
Ing kelas, Dona uga takon-takon marang kancane babagan
gawean sing pas kanggo Mas e.
Dona : “ Sit.. aku arep takon. Kowe weruh gawean sing pas kanggo
bocah sekolah pora ya?” (nyedhaki Siti sing lagi nyalin PR)
Siti : “ Kowe arep kerja Don? la kena apa?” (kaget lan ndeleh
pulpene)
Dona : “ Uduk aku Sit, kanggo Mas ku Doni. Dheweke kepengen
kerja kanggo tuku HP anyar”
Siti : “ Aku ora weruh Don. Sepurane ya Don, aku ora paham
babagan kaya mangkana kuwi” ( karo ngelus pundak e Dona)
Dona : “ Iya rapapa Sit. Mengko tak takon liyane”

33

Jam sekolah wis bubar ing jam 1 awan. Dona mulih ndisik lan

teka ing konter e Mas Amir. Doni mulih kudu golek pakan

wedhus e ing lapangan sandinge kantor desa.
Dona : “ Assalamualaikum Mas Amir”
Amir : “ Waalaikumsalam. Eh Dona.. tuku pulsa Don?” (karo ngeceki

HP)
Dona : “ Boten, Mas. Ngapunten sederengipun. Kula badhe nyuwun

priksa, menapa wonten lowonga kerja nggih?” ( karo wedi-

wedi)
Amir : “ Hlo.. kowe arep kerja? mengko yen didukani ibumu piye,

ndhuk kok sik sekolah arep kerja”( kaget karo ndeleh HP sing

dicekel)
Dona : “ Sanes kula, Mas. Kagem Mas Doni, menika betah arta”
Amir : “ Kanggo apa?”
Dona : “ Kagem tumbas HP anyar Mas, menika HP ne Mas Doni risak

amarga tiba. Lan niki badhe wonten ujian lan ngagem HP” (karo

arep nangis)
Amir : “ Oalah.. Mas mu kon rene dhewe wae. Mengko tak wenehi

gawean sing pas”.
Dona : “ Saestu, Mas Amir?” (seneng lan mesem)
Amir : “ Iya tenan. Wis ndang mulih ndisik mesthi wis kesel”
Dona : “ Inggih, Mas. Matur nuwun sanget. Assalamualaikum”
Amir : “ Waalaikumsalam, ati-ati” (karo godheg-godheg)

Dona wis mulih lan salin nanging Doni durung mulih. Dona wis

ora sabar kepengen menehi kabar marang Kangmas e. Ora suwe

Doni mulih gawa pakan wedhus.
Ibu : “ Ana apa ta Don.. kok mrana-mrene ora cetha. Kene lungguh

sing anteng” ( ngangkon Dona supaya lungguh sandinge)
Dona : “ Hehehe boten menapa kok, Bu” (ngguya-ngguyu)

(ora suwi Doni teka)
Doni : “ Assalamualaikum…”
Dona & Ibu : “ Waalaikumsalam…”
Dona : “ Mas Doni.. ayo melu aku cepet-cepet” (nggeret tangane

Doni)
Ibu : “ Ana apa ta iki? Kok cepet-cepet?” (karo kaget)

34

Doni : “ Ana apa ta Don? Sik ta sabar” (kaget)
Dona : “ Wis ta Mas, ayo-ayo.

Dona ngajak Doni ing pawon supaya ora krungu Ibune.
Dona : “ Niku, Mas. Kula wau sampun nyuwun priksa Mas Amir

babagan gawean, lajeng Mas Doni dipun utus mrika mawon”
(karo seneng)
Doni : “ Tenan iki? Ya Allah Alhamdulillah. Sik tak adus sik”
Doni mangkat ing konter e Mas Amir.
Doni : “ Assalamualaikum..”
Amir : “ Waalaikumsalam.. ehh Doni”
Doni : “ Inggih, Mas. Kula wau angsal kabar saking Dona dipun
mriki. Leres menapa boten nggh? “
Amir : “ Iya bener Don. Aku nduwe gawean kanggo kowe. Tulung
kowe resik ana mburi omah ku kae , isa ? (karo mandengi Doni)
Doni : “ Saestu, Mas? Saged sanget kula. Matur nuwun nggih, Mas”
(karo nyalami Amir)
Amir : “ Iya padha-padha Don. Sekarep mu arep kok resiki kapan
saisa mu aja nganti keganggu sekolah mu”
Doni : “ Inggih, Mas. Siap”
Doni resik-resik mburi omahe Mas Amir ing dina Minggu. Lan
karo Mas Amir uga diwenehi mangan awan karo jajan.
Doni : “ Matur nuwun sanget, Mas. Menika sampun kula resiki
sedaya” (ndeleh sapu)
Amir : “ Iya Don, wah resik tenan. Matur nuwun ya. Sik aja mulih sik
iki dipangan ndisik lan lungguh a sedhela wae” (mlebu nyamah)
Doni : “ Inggih, Mas” (karo bukak bungkus sega)
(ora suwi, Mas Amir teka maneh nggawa kotak HP.
Amir : “ Don, aku wis seneng banget kok rewangi resik-resik. Iki aku
ana rejeki. Gawanen ya le” (ngelungne kotak HP)
Doni : “ Hlo menika menapa ta Mas? Hla kula dereng nyambut damel
sampun diparingi”
Amir : “ La kuwi mau wis ngewangi aku. Wis kuwi gawanen, masio
ora larang rapapa ya?”
Doni : “ Mas, menika kathah sanget. Kula boten kepenak”

35

Amir : “ Orapapa le, kowe mesthi butuh tenan. Wis ndang mulih,
mengko digoleki Ibumu. Yen reget maneh, mengko kowe isa
ngresiki”

Doni : “ Mas.. kula matur nuwun sanget” (ngrangkul Amir)
Amir : “ Iya padha-padha” (mbrebes)

Doni mulih karo seneng lan mbrebes.
Doni : “ Assalamualaikum…”
Ibu : “ Waalaikumsalam..”
Doni : “ Bu… kula wau diparingi Mas Amir HP anyar amargi sampun

biyantu resik-resik” (nuduhake kotak HP)
Ibu : “ Le… tenan iki? Ya Allah Alhamdulillah”
Dona “ “ Alhamdulillah Mas”
Ibu : “ Bapakmu mesthi uga seneng”
Doni : “ Inggih, Bu. Kula boten bakal supe kalih Mas Amir, Bu”
Ibu : “ Iya le aja nganti ya.”

(kabeh padha rangkulan lan seneng)

36

Kanca raket

Nana lan Rara kekancan saka SD uga tangganan cedhak. Mula
kerep bebarengan lan kaya sedulur dhewe.

Nana lan Rara saiki wis ngancik kuliah. Nana kuliah ing
Surabaya lan Rara kuliah Ing Semarang. Iku dadekake jarang ketemu.
Sedurung e padha budal ing paran, Nana lan Rara pamitan.

Rara : “Na.. adhewe saiki wis ora isa bareng maneh, adhewe adoh lo
Na. “
Nana : “ Wis Ra.. rapapa penting dhewe mengko isih isa kabaran .
Wong saiki jaman wis canggih lo Ra. “ Nana mangsuli karo gandeng
Rara.
Rara : “ Tenan Lo Na, aja lali karo aku. Mengko yen mulih dolan
bareng ya Na. “
Nana : “ Iya Ra, wis ta tenang wae. Adhewe kan wis kekancan suwi.
Kowe wis tak anggep adhiku.”
Rara : “ Tenan ya Na. Oiya iki aku nduwe gelang. Dinggo ya Na. Nek
kowe kangen aku isa ndelok gelang iki.”
Nana “ Heem Ra, Kene tak nggone. Kowe ya nganggo ta?”
Rara : “Iya ta. Ya wis sesuk aku budhal aku pamit ya Na.”
Nana : “Iya Ra, kowe sing ati- ati ya ning kana. Kudu eling weling e
bapak ibu. Aja sekarepe dhewe.”
Rara : “ Iya Na aku bakal tetep eling. Kowe ya sing ati-ati ya Na ning
kana.”
Nana : “ Iya Ra. Ya wis mengko sore aku ning omahmu. Nyuwun
pamit marang bapak ibu mu. Saiki aku arep siap-siap ndisik.”
Rara : “ Iya Na. Aku tak balik ya. Oiya aku pamit ndisik marang bapak
ibumu. Ana ngendi?”
Nana : “ Iya sik Ra tak celuk e. Pak.. Buk.. Rara badhe nyuwun pamit.”
Nana karo marani bapak ibune ning mburi.
Ibu Nana : “ Oalah ndhuk Rara, sing ati –ati ya ndhuk yen ing paran.
Yen ana apa-apa ngabari sing ana ing omah. “
Rara : “ Inggih Bu, maturnuwun nggih Bu. Kula nyuwun pamit rumiyin
Bu, Pak.” Rara karo salim bapak ibune Nana.

37

Bapak Nana : “ Iya ndhuk, sing ati-ati.”
Rara : “ Assalamualaikum.. “
Nana, Ibu, Bapak : “ Waalaikumsalam”

Rara wis tekan omah. Dheweke ing njero kamar wae.

Dheweke isih durung bisa ninggalke sapa wae ing desane. Rara karo

nangis ndelok i foto-foto keluargane lan kanca-kancane. Amarga Rara

ora metu saka kamar e, karo ibune diparani lan diajak cerita-cerita.

Ibu Rara : “ Nduk.. Rara.. ayo metu maem disik. mengko kowe lara lo

yen ora maem.” Ibu ne Rara karo ndodogi lawang

kamare Rara.
Rara : “ Inggih Bu, sekedhap malih kula maem. Kula taksih kepengen
ing kamar mawon.”
Ibu Rara : “ Yawis rapapa, tapi iki dibuka disik. Ibu arep matur sedhela
wae. “
Rara : “ Inggih Bu. Sekedhap.” Rara mangsuli karobukak lawang
Ibu Rara : “ Lo anak e ibuk kok nangis, ana apa? “
Rara : “ Bu.. kula dereng siap yen tebih saking ibu bapak lan sedaya
mawon ing ngriki Bu.” Rara mangsuli karo nangis.
Ibu Rara : “ E wis wis meneng disik. Rara saiki wis gedhe ta? Rara

kudu sinau kepiye urip adoh ya ndhuk. Mengko suwi-suwi ya kulina

ndhuk. Wis aja nangis kabeh ning kene dedonga supaya kowe isa dadi
wong sukses isa meraih cita-cita.”
Rara : “ Mangke yen kula kangen Ibu pripun? kangen Bapak pripun?
kangen Mas Adi pripun?”
Ibu Rara : “ Lo kan bisa telpon, video call. Mengko yen ana wektu,
kangmas mu isa niliki kowe .”
Rara : “ La yen mangke kula kangen masakan nipun Ibu pripun? “
Ibu Rara : “ Hoalah nduk haha yen manthuk tak masakne sing akeh.
Ning Semarang ya bisa tuku”
Rara : “ Tapi kan rasane mesti beda Bu.” Wangsulane Rara karo

ndusel-ndusel ibune.
Ibu Rara: “ Berarti kowe isa ngrasakne masakan liyane ta ndhuk dadi

malih ngerti. Wis saiki ndang maem ndisik terus siap-siap apa sing
digawa sesuk.”

38

Rara : “ Nggih Bu.” Rara mangsuli karo mantuk-mantuk lan isih
sengguk-sengguk nangis.
Ibu Rara: “ Ibuk tinggal nyapu disik ya”

Rara mangan dewean ing ngarep TV lan isih bayangne yen urip
dewean ing paran. Nanging Rara kudu semangat golek ilmu. Rara
bubar mangan langsung siap-siap apa sing digawa sesuk. Rara ora
gelem yen ana barang sing keri. Bubar siap-siap Rara turu amarga awak
e rasane wis kesel . Nalika Rara turu,Nana teka lan gawa roti bolu
sekerdus.
Nana : “ Assalamualaikum.. “
Ibu Rara : “ Waalaikumsalam.. e Nana. Rene mlebu Na.Rara isih turu
bocahe. Tak gugah e ndisik ya.”
Nana : “ Inggih Bu,matur nuwun.”
Ibu Rara : “ Ra tangi Ra.. kae lo ana Nana.” Ibune Rara nggugah karo
ngobah-ngobah ke awak e Rara.
Rara : “ Huwahh… ana Nana Bu?”. Wangsulane Rara karo isih
ngantuk.
Ibu Rara : “Wis ndang raup ndisik kana”
Rara : “ Inggih Bu.”
Ibu Rara : “ Ditunggu sik ya Na, Isih ning jedhing Rara.”
Nana : “ Inggih bu, O nggih Bu, niki wonten roti bolu kagem
panjenengan damelanipun Ibuk piyambak.”
Ibu Rara : “ Ya Allah kok repot-repot ta Na. Matur nuwun ya marang
Ibumu kok ya okeh men”
Nana : “ Inggih Bu sami-sami. Boten menapa kok Bu.”

Rara teka karo isih ngantuk sanadyan a wis raup. Rara seneng
banget oleh roti saka Nana.

Rara : “ Ya Allah Nana kok repot-repot ta”
Nana : “ Halah gayamu.. kowe ya seneng wae ta?”
Rara : “ Hehehe ngerti wae.”
Nana: “ Ra ngene wae ya, aku cepet-cepet soale. Pokok sing ati-ati ning
kana. Aja lali telpon aku “
Rara : “ lo kok cepet-cepet ta. Yawis suwun ya Na”

39

Nana : “Iya padha-padha. O nggih Bu kula nyuwun pamit nggih Bu,
kula benjang nggih bidhal Solo.”
Ibu Rara : “ Iya Na sing ati-ati ya. Aja lali karo weling e wong tuwa.
Yen manthuk aja lali dolan rene”
Nana : “ Inggih Bu, Matur nuwun sanget. Kula manthuk rumiyin.
Salam nggih kagem Bapak lan Mas Adi”. Nana mangsuli karo
ngamplok i Ibune Rara lan uga Rara. Ibu Rara : “ Iya nduk,padha-
padha.”
Nana : “ Assalamualaikum..”
Ibu Rara, Rara : “ Waalaikumsalam…”
(Pernah dipublikasikan dalam Antologi Rombel D)

40

Ndelok Ketoprak

Bengine Gilang arep ngajak Rudi ndelok ketoprak nanging Rudi
ora ana ing omah. Rudi dolan omahe Putra.

Gilang : “ Assalamualaikum.. kula nuwun” (dodog dodog lawang

omahe Rudi)
Ibu Rudi : “ Waalaikumsalam, hlo Gilang.. ana apa le?” (mbukak

lawang)
Gilang : “ Rudi wonten boten, Bu? Badhe kula ajak mirsani wayang

ing alun-alun”
Ibu Rudi : “ Dhuh.. Rudi ora ana ning omah le.. bocahe mau pamit

dolan omahe Putra.”

Gilang : “ Oh mekaten nggih, Bu. Nggih sampun, kula susul mawon
ing mrika. Matur nuwun nggih, Bu” (salaman)

Ibu Rudi : “ Iya le.. ati-ati” ( salaman)

Gilang mlaku menyang omahe Putra nanging ing dalan ketemu

Asep sing dewean.
Gilang : “ Eh Asep.. arep nyandi Sep?” ( tangane ngawe awe)
Asep : “ Eh Gilang.. aku arep tuku sega goreng Lang, melu piye?”
Gilang : “ Hla nek ditraktir aku ya gelem hahaha ( godhane Gilang

Asep karo ngguyu-ngguyu)
Gilang : “ Halah.. penakan kowe ta.” ( karo mencucu)
: “ Ora-ora Sep. Kowe gelem pora ndelok ketoprak ing alun-
alun kana kae?” ( tangane karo nudingi etan)

Asep : “ Temenan ana ketoprak? melu ta aku Lang. Karo sapa
wae?”

Gilang : “ Wah kebenaran, sik iki aku arep nyusul Rudi ing omahe
Putra arep ngajak”

Asep : “ Yawis aku tak sega goreng ndisiki ya, mengko yen sida
aku melu. Lewat kana ta? “ (karo nudingi dalan)

Gilang : “ Iya gampang, yawis kana selak cacing mu demo hahaha”

Asep (godhane Gilang)
: “ Halah kowe ki mesthi. Wis-wis” ( ngalih nesu)

41

Gilang Gilang terus mlaku lan oa suwe wis teka omahe Putra.
Putra : “ Assalamualaikum ..” (ndodog lawang omahe Putra)
Gilang : “ Waalaikumsalah.. ehh Gilang” (mbukak lawang)
Putra : “ Hehehe iya Put”
Gilang : “ Ana apa Lang?” ( bingung)
: “ Iku Put, Rudi ana ing kene? Sanjange Ibune ana ing kene”

(karo clingak-clinguk)

Putra : “ Oh iya.. Rudi ana ing kene. Mlebu a Lang” (manggakne

Gilang Gilang mlebu)
Putra : “ Wah iya Put, suwun ya” (mlebu omah)
Rudi : “ Rud.. iki lo kowe digoleki Gilang” (marani Rudi)
Gilang : “ Wah nyapo Lang kok goleki aku” ( karo main PS)
: “ Arep tak ajak ndelok ketoprak ing alun-alun gelem pora
Rud?” (marani Rudi)

Rudi : “ Walah kowe ki kok kuno men ndeloki ketoprak, mending
main PS iki seru, ya Put?” ( karo ndelengi Putra)

Putra : “ Hus.. kowe kok kaya ngono Rud. Dadi wong jawa gak
oleh kaya ngono lho” ( nutuk Rudi)

Rudi : “ Lho aku kan bener, main PS wae seru”
Gilang : “ Ngene lho Rud, yen kowe ora gelem ndelok ketoprak
rapapa tapi aja kaya ngono ya Rud.”

Rudi : “ Iya iya aku salah. Ngapurane ya. Aku tak melu ndelok
wae. Aku urun nate ndelok” ( ngadek ninggalke PS e)

Gilang : “ Tenan iki Rud? Gak kepeksa?” ( nyekel pundhak e Rudi)
Rudi : “ Iya tenan aku ora kepeksa. Ayo budhal supaya oleh
panggon sing ngarep” ( karo nggandheng Gilang lan Putra)

Putra : “ Wah Alhamdulillah, Rudi gelem. Ayo budhal”

Wong 3 padha budhal menyang alun-alun lan ketemu Asep ing

tukang sega goreng. Jebule Asep nunggu Gilang.
Asep : “ Lang.. “ ( bengok-bengok)
Gilang : “ Hoi.. Sep. Wis bar anggonmu mangan?”
Asep` : “ Uwis Lang hehehe. Iki arep ndelok ketoprak?” (ngingeti

Gilang, Rudi, lan Putra gantian)
Gilang : “ Iya sida, ayo melu ta? mau jare arep melu”

42

Asep : “ Wah iya ta. Senenganku ndelok ketoprak” (ngadeg saka

Putra kursi)
Rudi : “ Kowe ya seneng ketoprak ta Sep? Wah kebeneran iki”
: “ Wah aku penasaran karo ketoprak ngene dadine” ( seneng

Putra ora sabar)
Gilang : “ Ya ta, wis ayo ndelok wae”
: “Ayo-ayo”

Wong papat mlaku bareng menyang alun-alun kanthi ati bungah

lan guyon. Ing alun-alun jebule wis akeh uwong.
Gilang : “ Wah kok rame tenan ya” (clingak-clinguk)
Putra : “ Iya ki rame tenan, ayo cepet supaya oleh kursi ngarep”

Rudi (mlaku cepet)
: “ Ayo cepet kae kursi kosong papat” ( nudingi kursi ngarep

Asep sing kosong)
Gilang : “ Wah iya kae. ayo-ayo”
: “ Eh Rud, kowe ndisik a karo Putra ya. Aku karo Asep tuku
kacang lan ombe ndisik.”

Asep : “ Oh iya enak iki camilan kacang”
Rudi : “ Walah.. yawis kana aja suwi-suwi. Tak tunggune kursi ne
loro”

Putra : “ Ayo Rud” ( mlaku)
Rudi : “ Siap..” (melu mlaku)

Gilang lan Asep mlaku ing bakul kacang godhog lan tuku papat.
Gilang : “ Pak, kula tumbas kacang sekawan lan aqua sekawan

nggih” (karo njupuk aqua)

Bakul : “ Iya le, iki kacang e” (ngelungme kcang ing kresek)

Kacang

Gilang : “ Inggih, pinten Pak sedaya?” ( ngetokake dhuwit saka sak

Bakul clana)
Kacang : “ Sedasa ewu, Mas”

Gilang : “ Menika nggih, Pak. Pas” ( ngelungen dhuwit 10 ewu)
Bakul : “ Nggih, suwun Mas” (nampani dhuwit)

43

Kacang

Asep : “ Ayo Lang, aja suwi-suwi” ( mlaku cepet)
Gilang lan Asep nyusul Rudi lan Putra ing kursi penonton lan

enggal-enggal lungguh.
Rudi : “ La iki, untung ra ana sing lungguhi” ( ngresiki kursi)
Gilang : “ Hehehe, suwun ya. Iki kacang karo ngombe ne siji-siji”

(mbukak kresek)
Putra, :“ Wah suwun ya Lang” ( njupuk kacang lan ngombe)
Asep,
Rudi

Gilang : “ Iya padha-padha”

5 menit, kethoprah diwiwiti. Wong papat ndelok kanthi fokus

lan guyon-guyon amarga para paraga ne. Wis sejam kethoprak rampug

lan mulih.
Gilang : “ Apik ya mau critane. Seneng aku karo paraga ne sing dadi

Ande-ande lumut” (mlaku)
Putra : “ Iya apik seru ya. Seneng ku paraga sing dadi klenting

kuning, ayu hahaha” (karo ngguyu-ngguyu)
Rudi : “Halah kowe mesthi ngono. Jebule apik ya ketoprak” ( karo

Gilang mesem-mesem)
Putra : “ Iya ta, mula ne aja ngala- ala kabudayan e dhewe”
Rudi : “ Iya Rud, kudu seneng awak dhewe”
Asep : “ Iya cah, aku bakal seneng ndelok kethoprak”
Gilang : “ Iya, kapan-kapan ndelok bareng maneh ya”
: “ Siap bos…”

Rudi,

Putra

Wong papat mulih ing omahe dhewe-dhewe amarga wis bengi.

44

D. PARIKAN
• tuku tahu ing pasar Minggu

mulihe tuku sepatu
jarene wis ra pengen tatu
lakok mesthi ketemu

• isuk isuk nakir
sing ditakir beras ala
isuk isuk mikir
sing dipikir babagan tresna

• Tuku tahu campur sayur
sayur e sayur asem
atiku dag dig dug sur
merga nyawang sliramu mesem

45

BIODATA PANYERAT

Nama : Rika Dwi Febriana

Papan, tanggal lair : Magetan, 11 Februari 2001

Alamat : Jl. Himalaya Ds. Genengan RT 03 RW 01

Kec. Kawedanan Kab. Magetan, Jawa Timur

Tiyang Sepuh : Guritno

Medsos : @rikadfbr

No. HP : 0895320661512

Hobi : Maca, nulis, nyanyi

46

PENUTUP
Kula aturaken puja lan puji syukur dhumateng Allah
SWTsahengga saged rampung lan purna karya tulis Antologi menika.
Muga karya tulis menika saged dipundamel manfaat kagem tiyang
ingkang maos.
Panyerat nyuwun agunging samudra pangaksami menawi wonte
kalepaten. Pramila panyerat ugi ngaturaken matur nuwun kagem kritik
lan saran saking pamaos sahengga karya tulis menika saged
dipundamel sampurna lan panyerat saged nyerat karya sanesipun malih.
Cekap semanten, kula aturaken matur nuwun.

47


Click to View FlipBook Version