BAHAN AJAR
SESORAH
http://sinauwerno-werno.blogspot.com/2012/09/teks-pidato-bahasa-jawa-tentang.html
KANGGE KELAS XI SEMESTER GASAL
Dening :
Ambar Prabawati, S. Pd.
MAHASISWA PPG DALJAB UNY
2022
BAHAN AJAR
SESORAH
Identitas : XI / GASAL
Kelas : Bahasa Jawa
Mata Pelajaran : Sesorah
Materi
Kompetensi Dasar
3.4. Menelaah struktur dan kaidah, pilihan kata, pokok- pokok isi teks sesorah
4.3 Menyajikan teks sesorah dengan menggunakan tata krama sesuai dengan konteks budaya
Indikator
3.4.1.Peserta didik mampu menganalisis struktur teks dan kaidah, pilihan kata, pokok-pokok
isi sesorah.(C4)
3.4.2.Peserta didik mampu menyimpulkan strukturdan kaidah, pilihan kata, pokok- pokok
isi teks sesorah.(C5)
4.3.1 Peserta didikmampu memproduksi strukturdan kaidah, pilihan kata, pokok- pokok
isi teks sesorah. (P5)
Tujuan Pembelajaran
Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan saintifik, model pembelajaran problem
based learning, diskusi, ceramah dan tanya jawab peserta didik dapat :
1. Menganalisis struktur teks sesorah dan kaidah, pilihan kata, pokok- pokok isi teks
sesorah
2. Menyimpulkan strukturdan kaidah, pilihan kata, pokok- pokok isi teks sesorah
3. Memproduksi teks sesorah menggunakan ragam bahasa yang sesuai dengan kaidah
kebahasaan dan penulisan.
Dimensi Pengetahuan : Teks Sesorah.
1. Faktual : Pengertian Sesorah, Struktur Sesorah,Jenis Sesorah, Kerangka
2. Konseptual
Sesorah.
3. Prosedural : Menganalisis struktur teks sesorah dan kaidah, pilihan kata,
4. Metakognitif pokok- pokok isi teks sesorah.
5. Materi Remidial : Membuat kerangka Sesorah dan Membuat teks Sesorah
: Bagi peserta didik yang belum mencapaia KKM diberi arahan
6. Materi Pengayaan untuk mempelajari kembali materi yang belum dikuasai dengan
bimbingan guru.
: Teks Sesorah.
FASE 1 : IDENTIFIKASI MASALAH
MATERI FAKTUAL • Peserta didik gatosaken tuladha teks Sesorah lajeng dipun padosi strutktur
sesorah lan pokok isi sesorah ing ngandhap.
Sesorah Pepisahan Murid saking Wakil Kelas 1-2
Assalamu’alaikum, wr.wb.
Kawilujengan saha kabagaswarasan mugya tansah kajiwa kasarira dhumateng
panjenengan sedaya dalasan kula.
Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu guru ingkang
satuhu kinurmatan, kadang kula sepuh kelas tiga ingkang kula tresnani, saha para lenggah
ingkang satuhu bagya mulya. Purwakaning atur sumangga tansah ngaturaken puja miwah
puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan,
rahmat, sarta hidayahipun dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ing
kalenggahan menika kula lan panjenengan sedaya saged kempal kanthi pinayungan
karaharjan lan kabagaswaran.
Kadang kula kelas tiga ingkang kula tresnani, ingkang sekedhap malih badhe
nilaraken bangkuning pawiyatan SMA Negeri 11 Sembada punika. Saestunipun awrat,
kula minangka wakilipun kelas setunggal saha kelas kalih ngaturaken panampi atur
pepisahan saking kadang kelas tiga, awit para kadang kelas tiga sampun kula anggep
sadherek piyambak ingkang sapunika badhe nilaraken pawiyatan ingkang kula
panjenengan tresnani. Nanging kados pundi malih, kados ingkang sampun dipun-
ngendikakaken wakil kadang kelas tiga, bilih wonten pepanggihan tamtu badhe wonten
pepisahan. Jer kula panjenengan sami namung manungsa limrah boten kuwawi nyelaki
pepesthening Gusti ingkang Maha Agung.
Kadang kula kelas tiga ingkang satuhu kinurmatan,
Kula minangka wakil saking kelas kalih saha kelas satunggal ngaturaken agunging
panuwun dene para kadang kelas tiga sampun ikhlas paring pitedah saha bimbingan
ingkang ageng paedahipun. Kula boten saged atur lelintu punapa-punapa, kejawi namung
atur puja-pudyastuti wonten ngarsaning pangeran mugi sadaya amal kasaenan
panjenengan pikantuk lelintu ingkang murwat saking Gusti ingkang Maha Agung. Ugi
kula namung saged memuji, mugya ingkang anggadhahi penggalih nglajengaken wonten
ing pawiyatan sageda katampi, lan ingkang badhe langsung nyambut damel sageda
tumunten pikantuk padamelan ingkang trep kaliyan ilmu ingkang sampun kaudi wonten
ing bangkuning pawiyatan punika.
Para lenggah ingkang kinurmatan,
Cekap samanten atur panampi pamitan punika, menawi wonten kiranging atur
kaladuking wicanten, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Akhirul kalam, Wassalamu’alaikum wr.wb.
https://docs.google.com/document/d/1tf0gyj53obIpf_1CmuMy7t2rGfxvJr9QOujMM5sACs0/edit?usp=sharing
FASE 2 : MENGORGANISASI PESERTA DIDIK
FASE KONSEPTUAL
PETA KONSEP
Sesorah Jinisipun Struktur
Sesorah Sesorah
Cara gawe
Sesorah
Pangertosan Sesorah
Sesorah kalebu peranganing pidhato. Sesorah yaiku atur pangandikan kang ditindakake ana
ing sangarepe wong akeh. Atur pangandikan kang diwedharake ngenani sawijining gagasan,
panemu, pamikir. Maksud baku saka medhar pangandikan yaiku kanggo ngaturake
panguneg-unegutawa mratelakake informasi sing asipat panyengkuyung, lelipur, persuasi,
lan liya-liyane (Sutardjo, 2013)
Peprincening atur pangandikan kaperang dadi telu, yaiku :
atur pangandikan kang asipat mratelakake informasi
atur pangandikan kang asipat lelipur (hiburan)
atur pangandikan kang asipat hamemilut marang pananggap/pamiyarsa
Ancasipun Sesorah :
1. Ngaturi pangertosan utawa informasi dhumateng tiyang sanes.
2. Ngaturi panglipur.
3. Ngajak nindakaken satunggaling tumindak.
Jinispin Sesorah miturut ginanipun :
No. Jinis Ancase
1 Persuasif Ngaturi pangaribawa, ngajak nindakaken
satunggaling babKhotbah, penyuluhan
2 Argumentasi Ngaturi keyakinan Sesorah ing seminar
3 Informatif Ngaturi pawarta Sesorah ing rapat, promosi
4 Deskriptif Njlentrehaken satunggaling kahananà Sesorah
peresmian gedung
Cengkorongan/Struktur Sesorah
1. Salam Pambuka
2. Purwaka Basa
Atur Pakurmatan
Atur Puji Syukur
Atur kasugengan kairing panuwun
3. Surasa Basa (Isi)
4. Wasana Basa (Panutup)
5. Salam Panutup
Cara Gawe Sesorah Ingkang Kedah Digatosaken (Kerangka Sesorah)
Temtokake ancasing sesorah
Nganalisis situasi lan para pamireng
Milih topic
Ngumpulake bahan
Nggawe cengkorongan
Ngandharake cengkorongan kanthi komplet
Gladhen Assalamu ’alakum wr. Wb.
Tuladha Cengkorongan Sesorah
1. Salam pambuka
2. Atur pakurmatan nuwun! Para pinisepuh, sesepuh
ingkang satuhu kinabekten. Para
pangemban pangembating negari
ingkang dados pangayoming sesami,
dalah sanggyaning tamu ingkang
kinurmatan.
Keparenga kula minangka badal
wakilipun bapak/ibu … ingkang
amengku gati, binantu kadang
karuhipun, kula piniji ngaturaken
3. Atur puji syukur ingkang dados raos-wiraosing
Atur kasugengan kairing atur panuwun manah, amargi karoban sih kadarman
panjenengan sedaya satemah boten
4. Wos surasa/ wigatining atur kuwawi matur piyambak.
Minangka purwaning atur, sumangga
kula dherekaken panjenengansedaya
ngunjukkaken puji syukur ing
ngarsanipun allah swt ingkang
sampun ngrentahaken rahmat,
hidayah, saha inayah-ipun,
mliginipun kasugengan saha
kalodhangan satemah kita sedaya
saged angrawuhi serat sedhahanipun
bapak/ibu … ing ratri/siang punika.
Salajengipun bapak/ibu … ngambali
atur
sugeng rawuh kairing atur panuwun
ingkang tanpa pepindhan awit
saking rawuh panjenengan
sekaliyan, saha paringanipun donga
lan pangestu awit gatining sedya
saha paringanipun sih kadarman
ingkang awujud menapa kemawon,
boten langkung kula sagotrah tansah
sumendhe dhateng pangeran allah
ta’ala mugi dhumateng sedaya
kesaenan panjenengan, keparingan
lelintu ganjaran ingkang matikel-
tikel. Amin.
Wondene gatining sedya, sinaosa
sampun kaserat ing serat sedhahan
saha ampun kaaturaken sedherek
ingkang sowan wonten ngarsa
panjenengan, boten wonten
awonipun menawi kula aturaken
malih. Kados ingkang sampun
kaserat menggah wigatosing gati
bapak/ibu …anetepi wajibing
asepuh amiwaha putra, ngentas
pitulus kenya putrinipun … ingkang
sesilih gendhuk …,
kapalakramakaken kaliyan bagus …,
putra kakungipun bapak/ibu …,
ingkang pidalem ing …, sampun
kalampah ijab saha kabul manut
satataning agami lan nagari ing
dinten … winantu wilujeng kalis ing
rubeda. Ingkang menika
panjenenganipun sedaya kasuwun
rawuh ing rompok ngriki saperlu
kasuwunan tambahing donga
pangestu dhumateng penganten
kekalih mugi anggenipun sami
lelumban ing bebrayan agung, tansah
atut runtut, manggih basuki kang
kaesthi, satemah enggal kaparingan
nugrahaning gusti momongan datan
angarani kakung menapa estri, kanthi
angugemi brayat rinancang tanpa
keri.
Salajengipun, sinaosa sampun
kaserat ing serat sedhahan saha dipun
aturaken dening sanak kadang
ingkang sowan, ananging boten
wonten awonipun kula aturaken
menggah ingkang dados wigatosing
pahargyan ing ratri/siang menika.
Sanggyaning tamu ingkang pantes
ingkang pantes sinudarsana,
kawuningan bilih bapak/ibu … ing
wekdal menika kagungan kersa/hajat
mbojakramekaken putranipun putri
ingkang sesilih pun gendhuk …
pikantuk anak mas bagus … putra
kakungipun bapak/ibu …. ingkang
pidalem ing … kalurahan …
kecamatan …
Ingkang ijab lan kabulipun sampun
kaleksanan ing dinten jumat wage
surya kaping … utawi tanggal 2 juli
2011 ing masjid shuhada
ngayogyakarta pinanggih ing
karaharjan.
Kanthi rawuh panjenengan sedaya
amimbuhi donga pangestu
dhumateng penganten kekalih
anggenipun badhe ngambah alam
bebrayan enggal, mugi tansah kalis
5. Atur nyuwun pangapunten nir ing rubeda, kacelakna ing
6. Salam Panutup karaharjan sedayanipun. Amin.
Lumampahing pahargyan ingwekdal
menika boten saged kalampaha
menawi tanpa iguh
pratikel,penggalihan saha sumbang
surung arupi menapa kemawon saking
tangga tepalih sanak kadang inggih
wiwit nguntir tali sepisanan ngantos
samangke saparipurnaning gati, ingkang
menika awit saking sedaya
kesaenanipun dipunaturaken agenging
panuwun kairing donga dhateng
pangeran allah swt. Mugia keparingan
lelintu nugraha ingkang langkung
kathah. Amin. Amin. Amin.
Bapak/ibu …boten kesupen ugi, nyuwun
agenging pangapunten ing mbokbilih
anggenipun caos, lungguh menapa dene
suguh ing samangkenipun ingkang
namung sarwa prasaja saengga boten
laras kaliyan kalengganipun
bapak/ibu/sdr sedaya. Pramila saestu
sepisan malih bapak/ibu … tansah
nyuwun lumunturing sih samodra
pangaksami.
Inggih namung amrih rancaging
panindak mbokbilih samangke para
mudha ngaturaken cihnaning
pakurmatan arupi unjukan saha
lampiranipun ingkang sarwa prasaja
sampun lumados lan kaasta, nuwun
sewu kersaa angresepi kaunjuk saha
kadhahar samardikaning penggalih tanpa
kula angacarani malih.
Wasana cekap semanten ingkang dados
aturipun bapak/ibu …
Lan kula pribadhi anggen kula matur ugi
kathah tuna dungkap saha tumpang suh
tuwin ndadosaken runtiking
penggalihipun para rawuh, saestu
nyuwun samodra pangaksama. Makaten
kasekecakna lenggah dumugi
saparipurnanipun damel, kanthi akhirul
kalam, wabilahitaufiq wal hidayah.
WASSALAMUALAIKUM WR.WB
FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN
MATERI PROSEDURAL
Peserta didik disamektakaken salah sawijining tuladha teks Sesorah lajeng didhawuhi supados
menganalisis struktur teks Sesorah menika ingkang pundi kemawon lan madosi isi pokok
Sesorah kasebut.
Urut-urutan Katrangan
Atur salam Pambuka(
Pambuka
Atur Pakurmatan
Atur Puji Syukur
Atur kasugengan kairing panuwun
Isi Perangan iki kang diwedhar adhedhasar
Panutup 5W + 1 H
Apa
Sapa
Kapan
Ing endi
Geneya
Kepriye
Dudutan
Nyuwun pangapura
Atur panuwun
Atur pepujen
Atur salam panutup
FASE 4 : MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN KARYA
MATERI METAKOGNITIF
Peserta didik didhawuhi gawe teks Sesorah lan dipundadosaken teks Sesorah ingkang runtut.
Cara Gawe Sesorah Ingkang Kedah Digatosaken (Kerangka Sesorah)
Temtokake ancasing sesorah
Nganalisis situasi lan para pamireng
Milih topic
Ngumpulake bahan
Nggawe cengkorongan manut cengkorangn ingkang sampun kaserat ing materi
pembelajaran
Ngandharake cengkorongan kanthi komplet
Gladhen
FASE 5 : MENGANALISIS DAN MENGEVALUASI
DUDUTAN MATERI SESORAH
Peserta didik saged nampi pasinaon materi bab Sesorah kanthi sae. Wondene materi ingkang
dipunanhdaraken inggih punika :
Pangertosan Sesorah
Ancasipun sesorah
sJinising Sesorah
Teknik maos sesorah
Ingkang dipugatosaken minangka maos Sesorah
Cara Gawe Sesorah Ingkang Kedah Digatosaken (Kerangka Sesorah)
Nemtokake ancasing sesorah
Nganalisis situasi lan para pamireng
Milih topic
Ngumpulake bahan
Nggawe cengkorongan
Ngandharake cengkorongan kanthi komplet
Gladhen
Cengkorongan/Struktur Sesorah
1. Salam Pambuka
2. Purwaka Basa
Atur Pakurmatan
Atur Puji Syukur
Atur kasugengan kairing panuwun
3. Surasa Basa (Isi)
4. Wasana Basa (Panutup)
5. Salam Panutup
KAPUSTAKAN
http://sinauwerno-werno.blogspot.com/2012/09/teks-pidato-bahasa-jawa-tentang.html
Poerwadarmint a, W. J. S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters.
Widodo, Agus.2022. Modul bahasa JawaKrida Basa Jawi. Klaten:Gita Buana.
https://banjarnegara.kemenag.go.id/belajar-teks-sesorah-dengan-tunjuk-berantai-antar-
teman-sejawat/
https://docs.google.com/document/d/1tf0gyj53obIpf_1CmuMy7t2rGfxvJr9QOujMM5sACs
0/edit?usp=sharing
https://youtu.be/jPG6bsflhYw