i MLIGI KANGGE KULAWARGA JILID I Karakit Dening SUPADMO SISWOMIHARJO Pura AMERTALOKA, Desa Tumpukan, Kec. Karangowo, Kab. Klaten, Jawa Tengah
ii DAFTAR ISI Judul i Daftar Isi ii Atur Sapala iii BAB. I. ARJUNA VISHADA YOGA 1 1. Pangkur 1 2. Kinanthi 3 3. Mijil 4 BAB. II. SAMKHYA YOGA 6 1. Dhandhanggula 6 2. Sinom 9 3. Gambuh 11 4. Pocung 12 5. Asmaradana 13 BAB. III. KARMA YOGA 14 1. Megatruh 14 2. Durma 15 3. Dhandhanggula 17 BAB. IV. JNANA YOGA 20 1. Dhandhanggula 20 2. Pangkur 22 BAB. V. KARMA SAMNYASA YOGA 24 Sinom 24 BAB. VI. DHYANA YOGA 27 1. Pocung 27 2. Kinanthi 27 BAB. VII. JNANA WIJNANA YOGA 30 1. Mijil 30 2. Asmaradana 31 BAB. VIII. AKSARA BRAHMA YOGA 33 1. Sinom 33 2. Pangkur 35
iii BAB. IX. RAJA WIDYA RAJA GUHYA YOGA 36 1. Gambuh 36 2. Dhandhanggula 36
iv ATUR SAPALA Sampun kathah kitab-kitab suci Agami Hindu ingkang kaserat kanthi maneka warni basa, upaminipun Bhagawadgita ingkang kaserat kanthi basa Perancis, basa Walandi, basa Inggris, basa Indonesia lan sanes-sanesipun. Ewasemanten dereng pinanggih kitab Bhagawadgita ingkang kaserat adhapur kekidung utawi tembang. Hawit saking punika sanadyan panyerat nglenggana dhumateng winatesing ilmu saha kasagedanipun, parandene adreng kadereng kepengin sanget nyobi nganggit isining wewarah Bhagawadgita punika kanthi rerumpakan Sekar Macapat, ing pangajab : 1. Nggrengsengaken para umat langkung sregep anggenipun maos, jalaran kajawi nyinau wewarah, rengeng-rengeng ugi saget ngirangi karuwetaning manah. 2. Isining wewarah langkung saget dipun raosaken, sampun temtu langkung rumesep dhateng sanubaranipun. Derenging manah kumedah tumut urun-urun hanjangkepi pepaking kapustakaning Agami ingkang kita yakini lan kita agungaken. Namung kewala inggih hawit saking kiranging samukawis saking panterat, mila lajeng nuwuhaken kelepatan-kelepatan, ingkang punika mugi sadaya kalepatanipun panyerat, para kadang ingkang kasdu maos keparenga paring agunging pangaksami. Dene rerumpakan isining wewarah Bhagawadgita punika kanthi irah-irahan “BHAGAWADGITA KINIDUNG “. Namung mugi handadosna hing kawuningan, sahrehning Bhagawadgita punika dumados saking 18 Bab, dening panyerat dipun angkah dados kalih jilid. Jilid setunggal isi Bab I ngantos dumugi Bab IX, dene jilid kalih isi Bab X dumugi Bab XVIII. Puji syukur kunjuk hing ngarsa dalem Ida Sang Hyang Widhi Wasa ingkang sampun kepareng paring pitedah saha tuntunan, dene Bhagawadgita Kinidung perangan setunggal sampun saget karampungan, hing pagajab mugi Hyang Widhi tansah kepareng paring kanugrahan saha paring palilah Bab-Bab candhakipun ugi saget dipun rampungaken kanthi sae. Pungkasaning atur payuruwe saking para kadang sutresna, ingkang saget adamel langkung sae lan sampurnaning waosan punika, panyerat tansah hangant-antu tuwin kairing kanthi atur panuwun ingkang tanpa pepindhan. Tumpukan : Waisaka 1902 C. Panyerat
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 1 BAB I ARJUNA VISHADA YOGA PANGKUR 1. Kinarya purwaning kandha, wus samapta para manggalaning jurit, tempuking bratayuda gung, Hastina lan Pandhawa, nadyan taksih nunggal kaki nunggal buyut, wus dadya jangkaning jagad, mesthi kudu den lakoni. ( Sloka 1 ) 2. Sanggyaning para Narpatya, gung pideksa gegaman ampuh linuwih, mangkana sang Mahabahu, niti priksa mring bala, nitih kreta Sri Kresna kusir kalangkung, guruning brata Pandhawa, waskitha angolah jurit. 3. Arjuna kagyat ing nala, mesthi sirna trah Bharata kang ginalih, sarira gumetar lumpuh, kang kaesthi jrening driya, tuna jiwa rugi bandha myang sadulur, Sang Parta tan nedya mengsah, datan arta memateni. 4. Kabeh kadange priyongga, nora ajrih susah dosa gawe miris, susah hing tyas mangu-mangu, anggubel Kunthi putra, duk samana Drestaratra lon amuwus, ya ta marang Sanjoyo, juru wicaraning Aji. 5. Drestaratra nungsung warta, mring Sanjoyo kang uga dadya kusir, caritaning darah Kuru, kang wis siyaga hing prang, Kurusetra anggonira andon pupuh, para sata Kurawa, tandhing putra Kunthi Dewi. 6. Werdining kanang carita, Kurusetra laladan jembar ngluwihi, kalahiran darah Kuru, hing nagri Hastinapura, ya Kurawa Pandhawa turuning Kuru, kesetra papan palagan, winastan papan kang suci. 7. Dharma kesetra tan beda, yekti suci papan manembah Hyang Widhi, Pandhawa turuning Pandhu, Korawa Drestaratra, Drestaratra myang Pandhu yekti sadulur, nunggal yayah nunggal rena, Wicitrawirya Sang Aji. 8. Wayah Sang Sentanu Raja, Drestaratra satus turunireki, lima turunipun Pandhu, kaprah sinebut Pandhawa, Yudhistira Bimasena Mahababu, Arjuna ya Kunthi putra, Pinten Tansen kang wuragil. 9. Sanepan kurukasetra, gegambaran glegering manungsa urip, ala lan becik puniku, dadya wateking jalma, trus padudon hing siyang pantara dalu, lamun nggayuh kautaman, candhala kang ngreribeti. 10. Korawa tindak kang murka, pepindhane Pandhawa pakrti becik, tangeh lamun bisa rukun, nistha traping Kurawa, melok melik open dahwen tan wruh udur, drengki srei kang den umbar, nora wruh tumindak becik.
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 2 11. Atur ira Sanjoyo, mring Gustine ratu kang tan wruh hing budi, Duryudana ngadhep guru, ya Sang Bagawan Drona, pirsanana dhuh Sang Guru aturipun, bebarisaning Pandhawa, Dresta Jumna senapati. ( Sloka 2 ) 12. Siswa Sang Bagawan Drona, Drestajumna kawentar prawireng jurit, pasukan jemparing tangguh, tan pra beda lan Bima, dyan Arjuna Setyaki Durpada iku, senapatining Pandhawa, hing palagan pilih tandhing. ( Sloka 3 - 4 ) 13. Ginarubyuk para bala, cekitana Kunthibuja myang prajurit, Sabya Kashi Drestaketu, manunggal lan Pandhawa, Pratiwindu Srotasoma Abimanyu, putra dyah Wara Sumbadra, lan sagung Pandhawa siwi. ( Sloka 5 – 6 ) 14. Inngsun nora kasamaran, dhuh sang Guru priksanen Ngastineng jurit, kang dhingin Drona guruku, kalawan Eyang Bisma, prabu Karna bagawan Kerpa linangkung, Aswatama myang Wikarna, Somadati putra nenggih. ( Sloka 7 – 8 ) 15. Maksih akeh pra satriya, kang wus lila legawa lahir lan batin, dadya bebantening pupuh, yekti datan winilang, wus nyawiji tekat gumolonging kayun, yang Bisma cucuking yuda, kondhang mandraguna sekti. ( Sloka 9 – 10 ) 16. Mangkana rehing Narendra, heh prajurit ngumpula sajroning baris, wruhana kuwajibanmu, lumarap ing palagan, sira kudu mbelani Bisma eyangku, kinarya cucuking yuda, rineksa binela wajib. ( Sloka 11 ) 17. Sanjoyo nerusken crita, mring Gustine ratu tuna netra yekti, Bisma senapati Kuru, aniup trompetira, sung pratandha prajurit samapteng pupuh, wauta risang Arjuna, tan kendel trompete muni. ( Sloka 12 – 13 ) 18. Bathara Kresna narendra, tan keweran niup trompet Pancajani, trompet Dewadatta nusul, tiniup dyan Arjuna, Bimasena trompet Paundra sinebul, trompet Anantawijaya, Yudhistira kang ndarbeni. ( Sloka 14 – 15 ) 19. Nakula miwah Sadewa, sakarone ndarbeni trompet kang sekti, Sugosa sinebut iku, tiniup ing Nakula, Manipuspa mengku surasa ing tembung, kembang mutumanikama, sugasa suwara adi. ( Sloka 16 ) 20. Dene Anantawijaya, mengku werdi kamenangan abadi, Paundra roh Dewa Guru, Deawadatta winarna, peparinge jawata surasanipun, pancajanya werdinira, pamekak panca driya di. 21.Wedhare kanang kareta, tumanduke sanepan budi pakarti, kuda pancadriya iku, kendhali lising kuda, dene kusir ingkang kinarya panuntun, kalamun kusir sembada, karahayon kang Kinanthi.
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 3 KINANTHI 1. Prajurit panah kang tangguh, Kashi raja lan Srikandhi, Dristajumna myang Wirata, sudibya prawireng jurit, Setiyaki wus kaloka, ing palagan pilih tandhing.( Sloka 17 ) 2. Para putra wayah Pandhu, gamane ampuh linuwih, trompet muni mbal-imbalan, gumuruh anggegeteri, sasat sundhul antariksa, Korawa syaga ing baris. ( Sloka 18 – 19 ) 3. Arjuna sanget handulu, Korawa syaga ing baris, panji-panji ning Arjuna, Hanoman wanara sakti, Arjuna suka sasmita, mring Sang Wicaksaneng kusir. ( Sloka 20 ) 4. Arjuna aturrnya arum, mring Sang kusir rata adi, guru Gung Brata Pandhawa, kinen narik rata aji, ing madyaning bebarisan, kang wus syaga andon jurit. ( Sloka 21 ) 5. Werdining pralambang iku, Hanoman wanara putih, apan dadya pralampita, satriya netepi wajib, wajib ngabdi mring nagara, dhasare kwanen kang suci. 6. Arjuna sumedya weruh, wadya Hastina nagari, hing perang Bharatayuda, sapa kudu den adhepi, nedya dadya bantering prang, mbelani hangkara budi. ( Sloka 22 – 23 ) 7. Ri kapisan wanci esuk, Yudhistira nguningani, wadya balaning Korawa, pandhega Sang Bisma resi, geter lemes kang sarira, tan kuwawa nanggulangi. 8. Dyan Arjuna munjuk atur, mring kadang wredha tur uning, tindak hangkara punika, mesthi akeh kang ngrojongi, ngumbar harda ngruk kadonyan, kamulyan hing tata lahir. 9. Balik lamun budi luhur, tresna asih mring sesami, pakarti bener punika, pilih jalma anglakoni, mesthi bae kurang bala, nanging tan perlu kuwatir. 10. Miturut ajaran luhur, pakarti hangkara drengki, ngundha napsu ngumbar hawa, hadigang-digung puniki, kumalungkung sugih bala, lebur dening pangastuti. 11. Karawuhaning Hyang Wisnu, paduka kedah ngyakini, wonten madyaning Pandhawa, nedya sabantu dharmadi, hamberat tindak hangkara, drengki srei saking bumi. ( Sloka 24 ) 12. Sanjaya nerusken wuwus, mring Gustine ratu lalim, dene kretaning Pandhawa, wus aneng madyaning baris, Sanjaya tan pegat crita, keterangan maring Gusti. ( Sloka 25 ) 13. Nuli ganti kang minuwus, wis aneng madyaning baris, ing ngarsa Bisma lan Drona, miwah sanggyaning Narpati, Sri Kresna alon ngandika, hiyata marang Pamadi.
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 4 14. Heh Parta tontonen ngayun, Korawa wus samya keksi, sang Parta ndulu barisan, Korawa Pandhwa ugi, datan liyan kang tuminggal, Guru paman bapa kaki. ( Sloka 26 ) 15. Sedulur uga nak ndulur, anak lan putu kaeksi, sanak kadang maratuwa, agawe ngenesing galih, mangu-mangu dyan Arjuna, Sang Parta aturnya sedhih. ( Sloka 27 – 28 ) 16. Sanak kadang kang kadulu, dhuh sang Guru kadi pundi, wus samya siyaga hing prang, badan pindha den lolosi, kraos garing gondhang hamba, wulu sakojur mengkirik. ( Sloka 29 ) 17. Gandhewa ing asta mrucut, sarira panas ngluwihi, jumeneng datan kuwawa, pikiran gumyur tan wening, kang katon ngalamat ala, dhuh sang Kresna kadi pundi. ( Sloka 30 ) 18. Hing paprangan nora wurung, hamba kudu memateni, sanak kadangku priyongga, apa ta pakarti becik, perlu nggayuh kemenangan, mengku praja loh jinawi. ( Sloka 31 ) 19. Punapa ta ginanipun, kemenangan nggayuh sugih, sugih negara lan bandha, lamun diudhoni pati, patine kadang sentana, ingkang kudu den tersnani. ( Sloka 32 ) 20. Patining Bapa lan Guru, maratuwa paman kaki, kaipe putu myang anak, mwah kadang sentana waris, hamba tan nedya sikara, nadyan hamba dipateni. ( Sloka 34 – 35 ) 21. Dhuh Sang Kresna Maha Guru, hing madyapada puniki, miwah triloka bawana, pahalaning memateni, melik nggayuh ketentreman, nanging dosa kang uMijil. ( Sloka 36 ) M I J I L 1. Hing pangrasa tindak tan utami, memateni uwong, nadyan dhusta apus tumindake, apa tentrem raharja pinanggih, yen kudu mateni sanak lan sedulur. ( Sloka 37 ) 2. Sanadyanta dheweke wong jahil, tan welas maring wong, tanpa dosa sikara warise, yen mitenah kadange pribadi, ginubel hing drengki, tanwruh budi luhur. ( Sloka 38 ) 3. Dhuh sang Kresna panganggeping batin, Arjuna sayektos, yen mrajaya dosa pikolehe, mila Parta tan saguh mejahi, nadyan prapteng lalis, Arjuna pinikut. ( Sloka 39 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 5 4. Dedununge dosa kang tinampi, Pandhawa pitados, wit Korawa wataking batine, nora weruh pakarti kang becik, balik Parta uning, wruh ing budi luhur. 5. Kulawarga ajur tumpes tapis, tradisine bobrok, kuwajiban kabeh den lirwake, tatacara dharma den blenjani, bener miwah adil, nora den paelu. ( Sloka 40 ) 6. Dhuh sang Wiku kahanan puniki, yektine wong wadon, wus tan weruh hing trap susilane, tan nglenggahi wajibing pawestri, banget nguciwani kepribaden kisruh. ( Sloka 41 ) 7. Yen mangokono meksa den lakoni, dosa kang den raos, nora wurung merake parane, pra manungsa kwajibanne lali, agama tradisi datan dipun urus.( Sloka 42 ) 8. Wekasane pra leluhur mangkin, melas yen den raos, nora kopen sirna lelabete, temah jugar gagar tan wruh becik, jangkaning ngaurip, dadi sasar susur. ( Sloka 43 ) 9. Dhuh sang Kresna kawula wus uning, dununging pangwaos, lamun jalma lebur budayane, tatacara kukume den mohi, tan lyan puruk neki, neraka satuhu. ( Sloka 44 ) 10. Sang Ayogi mangke kadi pundi, awrat jroning batos, dhuh saiba agung ing dosane, lamun ngajab mematenni waris, mung rasa kang melik, mulya ing kedhatun. ( Sloka 45 ) 11. Dananjaya lila lahir batin, prapteng lena yektos, dening Kuru ngembat gegamane, Parantapa tan swala ing galih, tan nedya lumaris, nadyan kwandha lebur. ( Sloka 46 ) 12. Dhuh Sang Wisnu laju kadi pundi, emeng jroning batos, kadi paran urip sejatine, hing pakarti tan mamrih pikolih, kang winastan ugi, nishkama karmeku. 13. Sang Sanjoyo aturnya mring Gusti, purnaning wigatos, dyan Arjuna wus telas ature, badan nglumpruk kantaka hing bendi, gandhewa nggregeli, panah mowat mawut.( Sloka 47 ) 14. Jroning manah sanget nggennya sedhih, bingung anggenteyong, anggandhuli nalar lan budhine, yen satriya brastha iku wajib, balik wruh hing dalil, memateni luput. 15. Heh pra kadang den wruhana iki, tetuladaning wong, lamun nggayuh luhur bebudene, kudu wani gelut perang tandhing, mungsuh nggegilani, jroning pribadimu. 16. Ywa sembrana tandhing mungsuh sekti, drengki miwah bodho, rasa aku peteng hing batine, dimen pisah lan urip sejati, Cahyaning Hyang Widhi, sejatining Manu. 17. Pawitane gelema nglelatih, latihan telatos, ing sawanci-wanci tinemune, siyang ratri tansah atutwuri, tumemen den Udi, hing kono tinemu.
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 6 18. Paripurna hing Bab nomer siji, ngawruhi Hyang Manon, Upanisad Bhagawadgitane, wulang yoga jroning kitab suci, sabdaning Guru Di, marang Mahabahu. BAB II SAMKHYA YOGA DHANDHANGGULA 1. Dananjaya mantep jroning galih, nora nedya arsa memengsahan, Sri Kresna mulat kridhane, sigra linipur-lipur, sedhih ragu tan pantes kaki, yogya den piarsakna, mring pitutur ingsun, rasa sedhih punika, nora ana lamun sira wus ngawruhi, pati lan uripira. ( Sloka 1 ) 2. Lamun sira wruh jatining urip, urip iku tan kena palastra, kang lena yeku ragane, awit raga puniku, tinitahken nora abadi, lara prih adhem panas, kasandhang sadarum, nanging lamun uripira, nora nana gegaman kang anedhasi, tan kobar hing dahana. ( Sloka 2 ) 3. Kunthi putra wruhana hing wajib, wajibira wong dadya satriya, mbela bebener wajibe, lamun ungguling pupuh, karaharjan hing ndonya akhir, hiya pikolehira, mulane den emut, hing perang tan ana dosa, nora kajen luwih ala timbang lalis, hesthinen jroning nala. ( Sloka 3 ) 4. Bebasane kang winastan lalis, pindha peksi kang ganti kurungan, sing wis rusak kurungane, yogya Parta den anut, kanthi heneng henenging pikir, hanjoking kasucian, obah datan ngundhuh, pasrahna jiwangganira, mring Hyang Suksma demen tinuntun Hyang Widhi, lamun nggayuh utama. 5. Den Kuwatken iman jro samadhi, Hanggegulang nggulung nafsunira, kineker kaleker mangke, sinimpen jroning kalbu, mung sajuga esthining batin, sumarah mring Hyang Suksama, jiwa hangganipun, kalamun sira wus pana, pan ing kono manunggal kawula Gusti, yekti urip sanyata. 6. Sang Sanjaya aturira aris, nora pegat nggenya andon crita, ya marang Gusti ratune, Dananjaya puniku, trus kabonda rasa wlas asih, mring sanak kadangira, Kurawa puniku, ananging ta dyan Arjuna, datan emut sipat satriya linuwih, janma kang wicaksana.
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 7 7. Sang Kesawa angandika aris, kadi paran dedununging susah, apan ngendhoni karsane, wus ndungkap wancinipun, dudu watak satriya tami, tuwas memirang jagad, heh t Mahabahu, wataking satriya tama, kudu wani tekat mantep luhur budi, janma kang wicaksana. 8. Dananjaya tumuli den eling, lamun sira jejering satriya, nora pantes bebudene, rasa lumpuh lan bingung, yogya enggal binuwang tebih, eling kasatriyanira, wus kondhang kalangkung, pilih tandhing hing palagan, sakeh mungsuh lebur dening sang Pamadi, kondhang kuwanenira. 9. Dyan Arjuna aturira aris, ya ta marang Mharsi Kesawa, tan kuwawa hing batine, kinen ngadhepi mungsuh, nenggih wau sang Bisma Resi, yekti Eyang priyongga, Drona bapa Guru, ingkang wajib sinembah, parandene sinembah pucuk jemparing, tuhu nora kuwawa. ( Sloka 4 ) 10. Kunthi putra luwih becik ngemis, lamun kinen mengsah gurunira, nistha temen pakartine, tan liyan kang ginayuh, arsa suka wibawa mukti, urip neng madyapada, ngumbara ngalangut, pengin urip seneng mulya, nanging kudu mbrastha guru mungsuh kaki, urip jamas ludira. ( Sloka 5 ) 11. Tanpa guna gegayuhan iki, lamun tinon saking kamanungsan, hamung panandhang pahlane, kasangsaran satuhu, genging pamrih kuranging budi, agawe amenging nala, Kurawa mangayun, apa kang kudu linakyan, Drestaratra, apa Pandhawa kang lalis, mugi Ulun tedahna. ( Sloka 6 – 7 ) 12. Sang Ayogi dahat hamba anti, Dananjaya mugi katedahna, babaring lampahan mangke, reh paduka guruku, kang sinembah miwah ngayomi, kawula tansah nglenggana, bingung wor balilu, keparenga weh pepajar, dimen weruh kang salah lan bener becik, sarta wruh kuwajiban. ( Sloka 8 ) 13. Sang Ayogi Arjuna tan uning, kang kinarya hamberat dhuhkita, kadi paran saranane, wit gumelenging kayun, Dananjaya tan nedya mamrih, melik marang kasugihan, lan pangwasa iku, apa ta gunane pangkat, lamun kinen brastha bapa sanak kaki, Parta tan nedya perang. ( Sloka 9 ) 14. Caritane Sanjaya tumuli, dyan Arjuna trewaca tur-ira, marang Sang Kreshna gurune, sawise munjuk atur, nulya njegreg tan mobah mosik, lir tugu sinukarta, Resi ngendika rum, binarung esem ngujiwat, pindha thathit gumebyar madhangi bumi, pambukaning wardaya. ( Sloka 10 ) 15. Esemira Yogiswara resi, pan gumebyar peparing pepajar, pepadhang lahir batine, nampani wewarah luhur, dimen weruh ala lan becik, ngerteni bungah susah, siyang miwah dalu, lawan bisa mantha-mantha, antarane jiwa lan raga puniki, Arjuna nulya lejar.
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 8 16. Sabdanira Sang Kesawa sidhi, ya ta marang risang Dananjaya, yekti nora samesthine, yen sira kudu getun, bingung susah karya rudatin, jumbuhing budi pakaryan, tan mangkono kulup, sujanma kang wus sarjana, datan sedhih tumrapin urip lan patio, mangkono wus kalumrah. ( Sloka 11 ) 17. Dadi lamun sira mesthi sedhih, weh pratandha jubel nalarira, yogya den wruhana mangke, kang wus nate tumuwuhpindha ingsun sira lan kaki, ndungkap ing kalamangsa, wus tamtu pinundhut, hangganya winastan pejah, nanging suksma yekti urip tetep urip, urip hing salaminya. ( Sloka 12 ) 18. Wigatekna pepanthaning urip, urip ingkang kagubel sarengat, atunggu kalamangsane, mesthi bakal tumuwuh, ganti hangga karsaning Widhi, kang dingin nora nana, banjur ana kulup, wekasan bali tan ana, apan iku winastan tumimbal lahir, lahir urip palastra.( Sloka 13 ) 19. Kang winastan kamulyan sejati, yeku urip kang pisah sarengat, uwal lingkaran uripe, manunggal mring Hyang Agung, kang sinebut mukti abadi, balik sipating hangga, yekti nora kukuh, ana panas krasa panas, bungah susah padhang peteng sugih miskin, kabeh mau kasrambah. ( Sloka 14 ) 20. Sanyatane kalamun wus uning, bungah susah pepancening raga, lunga teka sakarone, suka-suka myang kaul, yen kelakon sedyanireki, tetangis lamun jugar, kang sinedya wurung, nora pantes yen mangkana, tan ndarbeni tetimbangan jroning batin, tan ana katentreman. ( Sloka 15 ) 21. Kang wus darbe rasa iku kaki, nora liya rasa akunira, yen mangkono pakartine, samangsa urip iku, pan kineker hangganireki, urip gubel kadonyan, mahanani bingung, kalamun urip wus pana, bungah susah tinampa weninging ati, tan langgeng teka lunga. ( Sloka 16 ) 22. Heh Arjuna anggiten den titi, yen wus ana janma kang sembada, teguh nora gampang goreh, sabar tentreming kalbu, tanpa susah pan ora sedhih, yen bungah nora suka, kabeh wus kacakup, winastan janma sujana, wekasane tinemu urip sejati, manunggal mring Hyang Sukma. ( Sloka 17 ) 23. Sakabehing sinebut dumadi, sanyatane yekti ora nana, dumadi mono werdine, pasti tan langgeng kulup, hawya banget nggennya prihatin, kang ana tetep ana, ya urip satuhu, luput sakehing sanjata, datan kobar senadyan kecemplung agni, tan teles kenging toya. 24. Dananjaya den pintera nganggit, sayekti wus tan kurang trewaca, apa iku sejatine, samengko sira kulup, sinatriya netepi wajib, wajib hambrastha mengsah, kang hangkara slingkuh, prang titi mengsah sirna, drengki srei hangkara kineker dadi, lamun nggayuh utama. ( Sloka 18 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 9 25. Dadi lamun ana kang mastani, urip iku nemahi pralaya, yekti wong jubel kawruhe, yektine urip iku, nora mati nora mateni, nora lahir tan palastra, mangkono satuhu, ingkang ana terus ana, yekti langgeng nora awal tanpa akhir, sanadyan hangga lena.( Sloka 19 – 20 ) 26. Jiwa iku tan kena pinikir, yen ginayuh pikiring manungsa, kang winates pangranggehe, pepindhane wong iku, ganti klambi wus compang-camping, salin klambi kang anyar, tan prabeda kulup, yen raga prapteng delahan, urip ira ganti hangga karseng Widhi, mangkono Dananjaya. ( Sloka 22 ) 27. Urip ingkang ginubel ing pikir, yeku prabot pirantining suksma, nyrambahi hangga ing mangke, ingkang sinebut-sebut, ya manitis tumimbal lahir, karsaning Kang Maha Mulya, wus tan bisa mingkuh, semene dingin Arjuna, den kaesthi hing siyang pantara ratri, wong anom den estokna. S I N O M 1. Sri Kreshna lajeng ngendika, dyan Arjuna niling-niling, sumungkem konjem bantala, ing batos anganggit-anggit, wimbuh pajar lan uning, gumolong gelenging kayun, nggennya sumedya mbrastha, pakarti srakah lan jahil, dumarundun wejangan Sang Yogiswara. 2. Pyarsakna sira Arjuna, perlu lamun den srambahi, arsa mbaleni carita, kalamun sipating urip, urip tan wruh ing pati, owah gingsir nora katut, uga tan weruh ing sebab, nora lara nora sedhih, nora wajib lamun sira getunana. ( Sloka 26 ) 3. Saupama ing pangrasa, yen urip kenaning pati, nanging pan ora prayoga, yen mangkono den getuni, wit sira kudu ngerti, sing lahir mati wus tamtu, dene kang mati punika, kalahiran iku mesthi, kabeh mau wus tan kena sinelakan. ( Sloka 27 ) 4. Sanadyan ta mangkonoa, aja pisan nggelak pati, gendhak sikara ing liyan, nerak anggering ngaurip, bener lamun wus lahir, ing wekasan bakal lampus, ngudiya ing gegayuhan, bali asaling dumadi, mula atman nggayuh manunggal mring Brahman. 5. Ingkang durung tinarima, kalebu tumimbal lahir, lahir urip lan pralaya, nora beda dahat sami, ana tan ana nuli, amung saklebatan weruh, pindha jalma kang nyumpena, weruh nanging tan meruhi, nora padha saben jalma beda-beda. ( Sloka 28 – 30 ) 6. Eman ta sira Arjuna, ing kasatriyanireki, nglengganaa wajib ira, aja mung tansah prihatin, away was-was kuwatir, luhuring satriya agung, lamun wus amagut yuda, mbelani bebener wajib, apan iku wajibing satriya tama. ( Sloka 31 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 10 7. Kanugrahaning satriya, yen kinen anempuh jurit, wajibing satriya tama, ngayahi pakaryan suci, nora susah den udi, suwarga wus nunggu-nunggu, balik sira tan sumedya, nistha wataking prajurit, temah papa tanpa guna uripira. ( Sloka 32 – 33 ) 8. Werdining perang punika, peranging bener lan sisip, mula kalmun ngucira, kanthi rasa bingung sedhih, dosa ingkang pinanggih, satriya kang werdinipun, yeku janma kang wus bisa, nindake pakarti becik, kanthi tulus kang anjok ing kautaman. 9. Lamun satriya ngucira, gumujeng para sasami, dudu satirya utama, tan wani amengsah jurit, lilia lamun kaendhih, iya kuwajibanipun, satriya tan wruh ing wirang, lamun satriya utami, timbang wirang lila legawa palastra. ( Sloka 34 ) 10. Satriya gung binathara, gumujeng nggennya mirsani, weruh watak kang ngucira, bebasan tan wani getih, dinulu mring sasami, remeh tan wruh budi luhur, kang wus nate ngalembana, wani ngengece sayekti, temah papa kanisthan ingkang sinangga.( Sloka 35 ) 11. Mungsuhira ngumpah-umpah, ngengis-engis memoyoki, nodhi kasudiranira, tibane lumayu nggendring, tandhane nora mbejaji, apa ora jeneng nguthuh, balik lamun sira perang, yen kongsi nemahi pati, urip ira bakal tinampa ing swarga. ( Sloka 36 ) 12. Yen sira ungguling yuda, antuk nugrahaning Widhi, kawibawan kang sinandhang, yogya dipun pinter nganggit, Parta bangkita nuli, golongna gelenging kayun, sira maju ing palagan, satriya netepi wajib, sira mbela bebener pakarti mulya. ( Sloka 37 ) 13. Kinarya golonging tekad, bungah susah rugi bathi, menang kalah nora beda, semono mau piranti, adon-adon sing mesthi, ora kurang nora punjul, heh sira satriya tama, sigra amangsaha jurit, aja sira kagubel mblenger ing dosa. ( Sloka 38 ) 14. Ngleluri ajaran Samkhya, ngawruhi sipating urip, uwaling lan hangganira, urip langgeng nora gingsir, ingkang wekasan iki, Karma Yoga yeku kulup, dhasarira pakaryan, patrap lan tumindak becik, angrengkuhi bebener wus kuwajiban ( Sloka 39 ). 15. Patrap pakarti tumindak, away amengku pikoleh, pamriha murih bisaa, udhar bebandaning urip, saking tumimbal lahir, polah tanpa melik ngundhuh, winastan Karma Bandham, makarya tan mamrih kasil, urip ira tan kabanda ing kadonyan. 16. Pakaryan becik punika, pindhane emas sinangling, lamun pakarti utama, tan ana marga kang rungsit, kang wingit dadya edi, rehing kautamanipun, uwal ing bebandanira, bebandan tumimbal lahir, trontong-trontong margane nggayuh kamoksan. ( Sloka 40 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 11 17. Heh sira Sang Dananjaya, esthining cipta sawiji, tan goreh meleng sajuga, sing kudu gelem marsudi, heneng heninging ati, prayoga den ipuk-ipuk, esthining cipta manunggal, manunggal kawula Gusti, apan iku kang sinebut kasampurnan. 18. Yen mangu-mangu tyasira, molak-malik nora uwis, ciptane tansah ngumbara, ngumbara kang tanpa tepi, pikiran kidah-kidih, ngakune dheweke wiku, umuk sundhul antariksa, miwah nengsemake ati, mbeberake sabda suci jroning Weda. ( Sloka 41 ) 19. Saweneh Wiku ngandika, nora liya ya mung iki, tentrem lahir batinira, mangkono kang den upadi, upa bhoga pan wajib, kasenengan maksih katut,teges kagubel srengat, klebu ing tumimbal lahir, sarengate neka warna upacara. ( Sloka 42 ) 20. Kang den pamrih kawibawan, kanikmatan dadya misil, kanthi srana upacara, upacara warni-warni, melok kesusu melik, kasugihan kang ginayuh, butuhe angga tan nyata, kasenengan ora lali, apan iku nora Gambuh lawan Yoga. ( Sloka 43 ) G A M B U H 1. Yen wong kang mangkono mau, kalebu wong maksih gampang kelu, pepenginan kasenengan ingkang pinrih, kawibawan kang den bujung, lawas-lawas dadi bolot. ( Sloka 44 ) 2. Bebolot urip iku, saya lawas saya kandel matu, wekasane tan weruh sangkaning urip, heneng hening tan ginayuh, sasat kaya bumbung bolong. 3. Samadhine nora weruh, pikirane anane mung kisruh, kang ginayuh rasa marem tata lahir, mokal yen melenging kalbu, gubel kelet maring prabot. 4. Jroning Weda wus kasebut, kang sinebut sipat kang tetelu, dingin Satwa loro Rajas Tamas katri, Dananjaya dipun emut, marsudiya, murih lolos ( Sloka 45 ) 5. Ana maneh kang cinatur, padhang peteng wanita myang kakung, sakarone yekti geseh nanging dhampit, uga agawe reridhu, yen sira marsudi batos. 6. Weda bebasanipun, kadi dene wewujudan kedhung, tandhon warih asal saka ngendi-endi, buket bening wus cumemplung, yekti papaning pangangson. ( Sloka 46 ) 7. Lamun sira wus ngangsu, wadhana tempayan sing wutuh, saringane tan liya henenging ati, pisah lan regeting ranu, wewayangan melok-melok. 8. Tumindak dadya wajibmu, hing pakarti ora selak ngundhuh, geganjaran ywa kongsi ginayuh dhingin, aywa meneng pindha tugu, wus mesthi kudu ngupados. ( Sloka 47 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 12 9. Aywa kongsi keliru, tanpa pamrih banjur nora butuh, ywa kaladuk marang pamrihe pribadi, murih uwaling bebendu, bebandan urip sayektos. 10. Esthinen jroning kalbu, marang ing reh kasudharman iku, den makarti kanthi tulus lahir batin, datan susah lamun wurung, tan bungah sedyane klakon. ( Sloka 48 ) 11. Mengko ta Mahabahu, nistha temen yen makarya iku, lamun nora binarung luhurung budi, pasrahna jiwa ragamu, marang ngarsane Hyang Manon.( Sloka 49 ) 12. Dene bebuden luhur, rasa tentrem nora banjur bingung, bungah susah padhang peteng ala becik, tatag teteg datan kengguh, wewarah Yoga wus maton. 13. Yen sira wus nora kelu, sepi pamrih linggar ing atribut, pan sinebut sujanma sarjaneng budi, tanpa rasa mangu-mangu, urip manunggal Hyang Manon. ( Sloka 50 ) 14. Samengko ingsun tutur, ya ta marang sira Mahabahu, lamun sira wus pinter amawas dhiri, kadonyan wus nora mbidhung, urip tan kabanda prabot. ( Sloka 51 ) 15. Wewarah Yoga iku, urip ira away kongsi kelu, dhemen suka melik arta seneng mukti, sejatining urip nggayuh, nyawiji maring Hyang Manon. ( Sloka 52 ) 16. Iku wewarah luhung, nyuda pamrih hangkara ginulung, kang kaesthi urip weruh kang nguripi, binuka samadhinipun, si Pocung ingkang gumantos. ( Sloka 53 ) P O C U N G 1. Dhuh Sang Guru punapa tetengeripun, janma wicaksana, teguh iman jro samadhi, kadi pundi lungguh mlaku lan ngandika. ( Sloka 54 ) 2. Maha Guru tumuli nganadika arum, janma kang kuwawa, anggulung hardaning budi, sakeh napsu kang mijil jroning wardaya. ( Sloka 55 ) 3. Miwah lamun rasa marem jroning kalbu, manembah Hyang Suksma, mantep lahir trusing batin, apan iku sinebut wong teguh iman. 4. Yen wong iku hing panandhang nora bingung, nora bungah-bungah, sajroning suka basuki, bungah susah wus tinampa padha-padha. ( Sloka 56 ) 5. Jroning kalbu angesthi uwaling napsu, ajrih myang amarah, ginegem sagegem dadi, apan iku winastan wong teguh iman. 6. Datan sinung pengin samubarangipun, lan ora nggrahita, bungah lan susahing ati, jroning bungah nora banget nggennya suka. ( Sloka 57 ) 7. Lamun susah nora sedhih datan gugup, wus katampa padha, bungah susah kang tinampi, kang mangkono darbe tetimbangan jiwa.
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 13 8. Paminipun penyu nyimpen sukunipun, yekti nora beda, kalamunta sira kaki, anyayuti pamothahing Pancandriya. ( Sloka 58 ) 9. Wong kang saguh ngikisi hardaning napsu, pepenginan sirna, kasenengane wus enting, pan ing kono Atman manunggal Hyang Suksma. 10. Mahabahu nadyan wong bebuden luhur, lamun nora bisa, ngunjara hardaning budi, apan iku dadya rubedaning jiwa. ( Sloka 60 ) 11. Beda lamun kuwawa ngunjara napsu, lungguh kang prayoga, melenging driya sawiji, trus Kasmaran angesthi Hyang Maha Mulya. ( Sloka 61 ) ASMARADANA 1. Yen kadonyan kang pinikir, mesthi tuwuh pepenginan, pepenginan nuwuhake, hardaning napsu hangkara, saka napsu mijilira, amarah kang gawe bingung, wekasan cuwa lan gela. ( Sloka 62 ) 2. Saking amarah puniki, kebingungan kang sinandhang, dene kebingungan kiye, angilangaken engetan, temah angrusaken nala, rusaking pikir puniku, satemah papa cintraka. ( Sloka 63 ) 3. Wong teguh iman puniki, nadyan sinung hing kadonyan, tan pegat mesu bratane, bungah susah nora beda, gething sengit tan rinasa, mangkono pakolehipun, nggayuh katentreman jiwa. ( Sloka 65 ) 4. Jroning jiwa resik bening, sagung panandhang sangsara, nulya sirna ing dayane, pikir nora gampang obah, tuwuhing katentreman, heneng hening jroning kalbu, samadine tinarbuka. ( Sloka 65 ) 5. Kang ngumbar hangkara budi, jiwane nora sembada, tangeh bisa melengake, tanpa melenging nala, mokal nemu katentreman, tan ana tentreming kalbu, kamulyan datan pinanggya. ( Sloka 66 ) 6. Kalamun kelu hing pikir, mring ubaling pancadriya, nora ngrewes pakartine, tan weruh kabecikan, saupamane baita, sinerang hing prahara gung, kabuncang kerem samodra. ( Sloka 67 ) 7. Yen kuwawa hanyayuti, mring ubaling pancadriya, kadya kuda anut lise, tan kengguh sakeh panggodha, ngeringaken pepenginan, mangkono ta Mahabahu, lamun ngudi katentreman. ( Sloka 68 ) 8. Samubarang kang nglimputi, marang titah madyapada, apan dadi pepadhange, mring janma kang wruh ing atman, kalamun winastan siyang, Sang Muni hanganggep dalu, ya janma kang wruh ing atman. ( Sloka 69 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 14 9. Dene werdine puniki, bedane panganggepira, kang ngumbar pancadnriyane, tan weruh tindak utama yen siyang ngumbar hangkara, yen dalu turune nglimpus tan maelu uripira. 10. Balik lamun para muni, beneh tumraping pangrasa, bebener dhasar karyane, siyang yekti mbudidaya, nyayuti pancadriya, ulah semedi yen dalu, marsudi mring uripira. 11. Pindha ilining benawi, lumintir anjok samudra, sanadyanta banjir gedhe, datan buthek mkang samodra, mangkono iku bebasan, wong kang tentrem jiwanipun, lan kuwawa nahan hawa. ( Sloka 70 ) 12. Janma kadunungan eling, sirna sakeh napsunira, tanpa pamrih pakartine, nora darbe kamelikan, datan kagubel kadonyan, tebih hing rasa kumingsun, antuk katentreman jiwa. ( Sloka 71 ) 13. Den kawruhana Pamadi, sakehing pitutur ingwang, iki tataran kasucen, kang wus wruh hing kasuciyan, nadyan prapteng delahan, datan susah nora bingung, manunggal maring Hyang Suksma. ( Sloka 72 ) 14. Werdining Nirwana iki, sejatine katentreman, kesarasan nugrahane, prasaja wujuding bandha, bandha matumpa-tumpa, kyakinan mitra satuhu, sarana nggayuh nirwana. 15. Katentreman kang sejati, manunggal Hyang Maha Mulya, urip salawas-lawase, wus uwel saking kadonyan, kang ginayuh kasembadan, tentrem langgeng gesangipun, sinebut Brahmanirwana. 16. Wus paripurna ing wirid, panisad Bhagawdgita, mangkono iku kawruhe, jroning Kitab Suci Yoga, Dananjaya winejang, dening Yogiswara guru, kang ingaran Samkhya Yoga. BAB III KARMA YOGA MEGATRUH 1. Dhuh Sang Kreshna, kadi pundi estunipun, menawi handika galih, wewarahing ilmu luhung, langkung mulya luwih aji, tinimbang pakaryaning wong. ( Sloka 1 ) 2. Nging paduka ndhawuhi mring Mahabahu, kinen maju mangsah jurit, mateni sanak sedulur, wong tuwa guru lan kaki, nora mentala tyang ingong.
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 15 3. Wewarahe Sang Kreshna agawe bingung, ya marang risang Pamadi, sigra nggennya munjuk atur, dhuh Sang Guru mugi paring, pitedah ingkang sayektos. ( Sloka 2 ) 4. Kadi pundi mrih prayogi marginipun, nggayuh katentreman jati, amung away kongsi tawur, tan wurung akeh pepati, pikolihe mung prihatos. 5. Yogiswara arisa nggennya sumaur, mengko ta risang Pamadi, duk semana ingsun tutur, nggayuh katentreman jati, dedalane ana loro. ( Sloka 3 ) 6. Srana ngilmu kanggone wong kang wus weruh, weruh ing wewarah suci, tindak lan pakartinipun, tumraping pra among kardi, kang sedya marsudi batos. 7. Tangeh lamun kabebasan gya kagayuh, yen kendel datan makarti, mokal bisane ketemu, kasampurnan kang sejati, karep makaryane kothong. ( Sloka 4 ) 8. Kebebasan bebas saking pamrihipun, makarya sepi hing pamrih, dene kasampurnan iku, uwale napsu kepengin, makarya kaselak ngundhoh 9. Pan wus dadya kodrate manungsa iku, wong urip kudu makarti, osik muna muninipun, makarya tumindak becik, mangkono kodrat Hyang Manon. ( Sloka 5 ) 10. Kang wus bisa nliti pancandriyanipun, nanging kalamun pikir, tan kuwawa nahen napsu, dora mring hangga pribadi, lahir batin nora amor. ( Sloka 6 ) 11. Heh Arjuna yen ana kang bisa jumbuh, jumbuhing lahir myang batin, nggaota tan pengin ngundhuh, makarti tan melik misil,yaiku utamaning wong ( Sloka 7 ) 12. Nambut kardi anut ing kuwajibanmu, manggaota luwih becik, away kongsi dhemen nganggur, wong nganggur nandhang prihatin, uripe mung plompang-plompong. ( Sloka 8 ) 13. Kunthiputra kawruhana pituturku, tumindak sepi hing pamrih, kinarya Dharma bektimu, makarya hukume wajib, Durma-ne ingkang gumantos. ( Sloka 9 ) D U R M A 1. Duk semana Hyang Widhi nyipta manungsa, srana pangorbanan suci, miwah paring sabda, heh ta sira manungsa, tinakdir mencarke wiji, Sun paring tirta, tirta Perwitasuci. ( Sloka 10 ) 2. Heh manungsa wajib sira manembaha, manembah mring Hyang Widhi, kanthi panembahnya, sira antuk nugraha, weruh bebener sejati, sihing Hyang Suksma, urip weruh kang nguripi.
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 16 3. Kanthi srana manembah maring Hyang Suksma, antuk nugrahaning Widhi, tentrem uripira, karahayon kang pinanggya, balik lamun tan nimbangi, sihing Hyang Suksma, prasasat tindak juti. ( Sloka 11 – 12 ) 4. Ingkang becik dhahar sawise segahan, korban gangsal prakawis, ya pakolihira, luwar saking dedosa, balik nora den lakoni, tanpa segahan, mangan dosa sayekti ( Sloka 13 ) 5. Kang sepisan kawastanan Brahman Yadnya, ngabekti marang Hyang Widhi, pindho Dewa Yadnya, ya kekuwatan alam, Pitra Yadnya kang kaping tri, leluhurira ingkang wajib den bekteni. 6. Kaping papat ingkang ingaran Nri Yadnya, sedhekah mring fakir miskin, kang nandhang sangsara, jangkep kang kaping lima, Bhuta Yadnya korban suci, mring bhuta kala, ya marang kewan sakalir. 7. Wong kang becik miwah luhur bebudennya, segahan ginawe dhisik, pan wus kuwajiban, tumitah hing madyapada, korban iklas lahir batin, yen kongsi lirwa, dosa ingkang pinanggih. 8. Yogya sira dimen bisa ngawruhana, kedadianing bukti, asal saka udan, dene udan dumadya, saking pangorbanan suci, yen pangorbanan, dumadi saka pakarti. (Sloka 14) 9. Den wruhana pakaryan sucining Brahman, dene Brahman asal saking, Hyang Kang Maha Tunggal, apan sangkaning dumadya, srana pangorbanan suci, kaya wus wijang, sabab akibat wigati. ( Sloka 15 ) 10. Apan ingkang nora melu nglakonana, ubengan jantraning urip, yekti uripira, ana sajroning dosa, nuruti hardaning budi, wruhana Parta, tan pedah tinitah urip. (Sloka 16) 11. Tumrap janma tumemen nggennya manembah, anut pandoming dumadi, tebih pangresula, ing pandum tansah narima, rasa tentrem jroning urip, sihing Hyang Suksma, makarya tan mengku melik. ( Sloka 17 ) 12. Kang wus bisa ngungkurken pakolihira, obah datan melik kasil, nora kapitunan, nadyan tan nambut karya, arsa mandireng pribadi, nora mung pasrah, mamrih pakaryanireki. ( Sloka 18 ) 13. Poma kaki tindakna pakaryanira, sira anetepi wajib, nora nggayuh roba, kang anut hardaning driya, rame gawe sepi pamrih, pakolihira, katentreman sejati. ( Sloka 19 ) 14. Wong tumindak ngeringaken kamelikan, kinarya tandha ngabekti, yekti luwih mulya, balik lamun makarya, nuruti mareming ati, mokal bisaa, nggayuh katentreman urip.( Sloka 20 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 17 15. Den wruhana tuladhane Karma Yoga, Narendra ing Mantili, ya Raden Janaka, yekti lebda hing karya, nora darbe rasa melik, hing salaminya, makarya ginawe bekti. 16. Wong makarya mangkono yekti utama, nedya hanetepi wajib, nggayuh kasampurnan, lan nggayuh katentreman, tepa sarira ywa keri, ing madyapada, antuk katentreman jati. 17. Tumindake priyagung tansah tinulat, tinulat maring sasami, titah madyapada, kaprah wit kuna-makuna, tindak sabda den tut wuri, tan ringa-ringa, Bhagawan utawa Nabi. ( Sloka 21 ) 18. Danajaya jroning Triloka bhawana, Ingsun terus nambut kardi, nadyan nora nana, sing kudu kerampungan, pakarti kang tanpa pamrih, gayuhan nora, nanging terus makarti.( Sloka 22 ) 19. Den wruhana lamun Ingsun makarya, nora sayah barang sithik, sabab pra manungsa, titah hing madyapada, ing samubarang pakarti, mung tansah nulat, marang pakaryan Mami. ( Sloka 23 ) 20. Lamun Ingsun wus kendel datan makarya, pan dadya pratandha yekti, donya kang gumelar, lebur wus tanpa dadya, teges Ingsun hanjalari, akarya rusak, musnaning manungsa iki. ( Sloka 24 ) 21. Kadi dene wong bodho lamun makarya, kang den pamrih melik kasil, beda yen sujana, tan mikir pamrih priyangga, makarya pinangka bekti, maring Hyang Suksma, murih manising pra janmi. ( Sloka 25 ) DHANDHANGGULA 1. Pra sujana wicaksaneng budi, awya pisan kongsi gawe cuwa, temah kurang piyandele, wong bodho wor balilu, apan iku tumitah sami, urip kudu makarya, kuwajibanipun, becik luwung den tuntuna, hing tumindak makarya miwah ngabekti, srana nggayuh utama. ( Sloka 26 ) 2. Sakabehing tindak lan pakarti, kabeh mau winengku hing sipat, dudu mobahing uripe, akeh kang ngaku-ngaku, pangrasane dheweke kuwi, mengku sakehing patrap, yekti nora dunung, kalamun ginubel sipat, urip iku darbe sipat tri prakawis, Sattwa, Rajas lan Tamas. ( Sloka 28 ) 3. Mahabuahu den wruhana kaki, tumrap para janma kang wus bisa, bisa wruh hing pra bedane, sipat guna puniku, hambembujuk lan hanglimputi, kang linimputan guna, Awidya satuhu, dene jiwa punika, bisa uwal Tri Guna tan hanglimputi, nggota tan pamrih upah. ( Sloka 28 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 18 4. Lamun ana wong kabanda kaki, wong kabanda dening sipat guna, kalimputan hing nafsune, gedhe melikanipun, banget mamrih marang pikolih, pikolihing karyanira, ya guna puniku, tumraping kang wus cetha, away gawe kodheng lan bingung ing ati, pra tuna kawruhana. ( Sloka 29 ) 5. Sakabehing pakaryanireki, tandha bekti mring Kang Maha Mulya, sumarah maring ngarsane, gumolong gelenging kayun, mung sajuga ingkang kaesthi, uwaling pepengingan, lan rasa kumingsun, away kongsi tidha-tidha, rasa lemes gumeter binuwang tebih, sigra den magut yuda. ( Sloka 30 ) 6. Ingkang anut mring wewarah iki, den lakoni wus nora suwala, srana gedhe pangandele, miwah wus bisa mungkur, samubarang rasa kepengin, pepengingan kadonyan, sarta bisa ucul, saking beban daning karya, bisa weruh marang pakarti kang becik, nglenggana mung saderma. ( Sloka 31 ) 7. Balik lamun tan kasdu nglakoni, maring warah wuruking Sri Kresna, nora percoyo wuwuse, wekasan dadi bingung, pangrasane tan den darbeni, tan darbe keyakinan, dadine wong cubluk, yogya den weruhana, kang mangkono tan weruh tumindak becik, temah papa sengsara. ( Sloka 32 ) 8. Pakartine kang sarjaneng budi, tinulat mring janma sapadha, nut sipat wicaksanane, tindake jalma sadarum, yekti anut sipat utami, nora kapilut guna, kang wus bisa mungkur, tumraping kang durung bisa, amisahken sipat guna lan urip, away kongsi den peksa. ( Sloka 33 ) 9. Lamun sira arsa neniteni, tresna benci bingah miwah susah, pepinginan dedununge, hiya ubaling nafsu, kang nglimputi lahir myang bathin, yen karsanya tinekan, karenan gumuyu, balik lamun tan klakono, gerundelan ngumpah-umpah muringmuring, urip kabanda guna. ( Sloka 34 ) 10. Luwih mulya yen makarya kaki, tumindaka nut, kwajiban nira, swadharma iku arane, tindakna kanthi tulus, dimen rampung kwajibaneki, nadyan kurang sampurna, karampunganipun, balik yen ora tumindak, ninggal wajib nadyan karampungan becik, yekti nora prayoga. ( Sloka 35 ) 11. Dyan Arjuna aturira aris, ya ta marang Kesini sudana, ngaturken rasa yektine, ing kala mangsanipun, tuwuh rasa kang meksa dhiri, ing rasa wus karasa, yen pakarti iku, nora jumbuh lan pangrasa, parandene meksa kudu den lampahi, tan kwawa nyabilana. ( Sloka 36 ) 12. Sang Bagawan sigra amangsuli, aturira risang Dananjaya, yogya den wruhana mangke, mangkono iku nafsu, kang ingaran amarah kaki, lahir saka sipat guna, yektine balanggu, anjok marang kacintrakan, kebak dosa pama den wruhana kaki, ingaran rajas tamas. ( Sloka 37 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 19 13. Pakartine tri guna puniki, nora ginggang nggubel marang jiwa, kadi dening pepindhane, dahana binuntel peluk, nora katon urubing geni, lamun pinetha kaca, katutup hing bledug, yen diumpamakna jabang, kang kinandhut sang ibu jroning nggarbini, yeku sipat tri guna. ( Sloka 38 ) 14. Sakabehing kawruh ingkang adi, linimputan ing sipat tri guna, Arjuna wruhana mangke, yogya ubaling nafsu, yen den umbar ngebaki bumi, tumrap janma kang tuna, samubarang kawruh, tan krasa mungsuhe galak, pra sarjana anganggep mungsuh kang bengis, yeku nafsu tri guna. ( Sloka 39 ) 15. Pancadriya manah lawan pikir, bebasane tumpakaning jiwa, marani sangkan parane, yekti yen wus linimput, kalimputan tri guna iki, nafsu ingkang prakosa, temah dadi bingung, bingunging jiwangga nira, temah papa cintraka kang tanpa kikis, urip nggubel kanisthan. ( Sloka 40 ) 16. Yen mangkono Bharata kang becik, geladhinen pancadriyanira, den arah murih becike, nggegulang anggulung nafsu, yeksti nafsu satru linuwih, pranyata kebak dosa, mbubrah sakeh kawruh, hambujuk pakarti murka, yen den umbar mbalabar kang tanpa tepi, tan wruh ing kautaman. ( Sloka 41 ) 17. Sawenehe ana kang mastani, amastani lamun pancadriya, utama ing pakaryane, nanging kang luwih luhur, ya ta iku budhi nurani, apan luwih utama, pikir yekti luhur, luhur kang durung sampurna, apan ingkang sampurna agung abadi, yeku jejering jiwa. ( Sloka 42 ) 18. Reroncene anggayuh utami, ingkang dingin ngracut pancadriya, ngendhih watak kumingsune, sawabing jiwa luhur, katentreman nulya pinanggih, luluh sakeh hangkara, kuwawa ngendhih satru, satru sektine jiwangga, ingkang nedya bali asal ing dumadi, manunggal mring Hyang Suksma. ( Sloka 43 ) 19. Paripurna wejanganing wirid, ingkang kawrat aneng Upanisad, jroning Bhagawadgitane, buku kang angka telu, karmayoga kang mengku sanggit, makarya kanthi ikhlas, tan kaselak ngundhuh, murih tentreming bebrayan, lila ikhlas suka bungahing sasami, puput iki kidungan.
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 20 BAB IV JNANA YOGA DHANDHANGGULA 1. Sang Bagawan angandika aris, ya ta marang risang Dananjaya, hambabar mula bukane, ilmu yoga puniku, tumurune ingkang rumiyin, kulawangsa Wiwaswan, tumuli mring manu, trus saturun-turunira, pra pandhita satriyane nora keri, saiki marang sira. ( Sloka 1-2 ) 2. Dahat sepuh ilmu yoga iki, lumadine pirang-pirang jaman, maewu tahun lawase, ing yuswa kang wus sepuh, wus meh sirna kamangsa wanci, titi mangsa punika, sun pencarken kulup, marang sira Dananjaya, poma kaki sira tampanana nuli, sira murid ya kadang. ( Sloka 3 ) 3. Dyan Arjuna munjuk atur aris, kadi paran dene kalampahan, kawula tan wruh juntrunge, Sang Guru lahir kantun, Sang Wiwaswan langkung rumiyin, paduka sampun mejang, Parta dadi bingung, heh Parta den kawruhana, Brahman langgeng nora owah dathan gingsir, datan winates wayah. ( Sloka 4 ) 4. Sang Bagawan ngandika weh uning, wus marambah kalahiran Ingwang, Arjuna tan pra bedane, yeku pangwasane Sun, lamun Parta tamtu tan uning, yogya den setitekne, sejatine Ingsun, nora bakal kalahirna, datan sirna kang nyipta jagad sakalir, manjalma sakarseng Wang. ( Sloka 5 ) 5. jroning jaman kang muthawatiri, tindhak cidra ngrebda ngambra-ambra, wong sirna kamanungsane, Ingsun nulya tumurun, hanglabuhi mring pra sujanmi, Ingsung nuli majalma, manungsa kang luhur, hambrastha pakarti murka, sung pepadhang kang hanjok pakarti becik, hing pirang-prang jaman. ( Sloka 6 ) 6. Sing sapa wruh wewadi puniki, Kresna lahir aneng madyapada, carup mor lan jalma kabeh, pamrihe weh panuntun, lan wewarah pakarti becik, hanggayuh kautaman, lahir bathinipun, dimen antuk kalepsan, titi wanci manunggal maring Hyang Widhi, datan lahir tumimbal. ( Sloka 9 ) 7. Bisa uwal sakeng rasa pengin, rasa wedi benci lan candhala, yaiku nafsu arane, ngabekti marang Ingsun, lamun arsa nggayuh nyawiji, marga ingkang prayoga, yo luhuring ilmu, kaping pindho tapa brata, ngendhih nafsu rasa wedi rasa benci, kasembadaning sedya. ( Sloka 10 ) 8. Gennya nggayuh tulus lahir batin, Ingsun paring marga warna-warna, tan pra beda pangajine, nut kadiwasanipun, sakeh margi ingkang pinilih, lamun hanggayuh mring
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 21 Hyang, tartamtu tinemu, kabeh Ingsun tampa padha, lenging cipta tan pegat siyang lan ratri, datan kengguh panggoda. ( sloka 11 ) 9. Yen ta wonten sawenehing janmi, arsa nggayuh kuruping tumindak, away lali sarengate, budi dayane sengkut, lan manehe wani ngudhoni, ing madyapada punika, pakaryan weh kurup, tumemen pangudinira, datan kendhat manembah maring hyang Widhi, haminta sih nugraha. ( sloka 12 ) 10. Beda lamun hanggayuh nyawiji, kang pinardi sucining jiwangga, nulat sujana patrape, nyaket Hyang Maha Agung, linambaran budi basuki, tresna asih sapadha, kang sarwa tumuwuh, hangendhak sakehing hawa, heneng hening sumarah ngarseng Hyang Widhi ikhlas nampi kanytan. 11. Bebrayan hing madyapada iki, yekti bisa yen kapantha-pantha, pepanthan papat cacahe, tumrap pepenthan iku, anut sipat sawiji-wiji, caraning panembahira, hing ngarsa Hyang Agung, miwah hing pakaryanira, yeku tandha manungsa manut kodrati, pranyata beda-beda. ( Sloka 13 ) 12. Sang Kesawa ngendika weh uning, karma tumrap kang jiwa minulya, resik tan ana tebete, awit Hyang Maha Agung, hing pakaryan tan mamrih misil, yogya sira anuta, mrih bebandan ucul, wajibing urip makarya, hing sabarang pakaryan iku ngabekti, urip nora kabanda. ( Sloka 14 ) 13. Pra manungsa kang tumitah dhinging, wus kuwagang mranata jiwangga, kang beda sangkan parane, hangga dumadinipun, sari alam lima nyawiji, roh kang ingaran gesang, soroting Hyang Agung, mungguhing manungsa tama, hing pakaryan tan mikir pamrih pribadi, mrih raharjeng bebrayan. ( Sloka 15 ) 14. Kang den ajab trah tumerah iki, lumakua liwat marga tama, nadyan lungit pangrasane, wewangson pra leluhur, beneh lamun wus den lakoni, tresna marga kulina, mangkono wus tamtu, marsudi hing kautaman, cipta rasa karsa sadaya manunggil, sing angel dadi gampang. 15. Sapa wruh kang ingran makarti, miwah werdine datan makarya, nora gampang pamawase, Sun nedya paring weruh, mrih piguna ing tembe mburi, lamun sira wus pana, temah bisa lulus, luwar sakehing dedosa, luwih caket manembah maring Hyang Widhi, bali mring sangkan paran. ( Sloka 16 ) 16. Pra manungsa kudu nyumurupi, apa ingkang ingaran makarya, datan makarya werdine, miwah pakaryan luput, kabeh wajib dipun kawruhi, nuwuhken panglenggana, pakaryan kang luhur, ingkang suka katentreman, katentreman ing donya temukeng akhir, tentrem hing salaminya. ( Sloka 17 ) 17. Sang Kesawa nggenya paring uning, mring Arjuna werdining makarya, kanthi premati sabdane, jinising karma iku, pepenthane tigang prakawis, dhingin winastan
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 22 karma, Wikarma sumusul, kaping telune Akarma, pamilute tri karma sawiji-wiji, yogya den setitekna. ( Sloka 18 ) 18. Beda-bedane karma puniki, mung dumunung ing anteping tekad, pamrih lan pepenginane, dene wikarma iku, yekti nggubel jiwa kang suci, pamrih pepenginan cetha, pakarti weh kisruh, werdine akarma nyata, lahir bathin tanpa pamrih tan pikoleh, suksma datan kabanda. 19. Bab makarya iku kang wigati, mung dumunung ing esthine manah, satemah mbanda jiwane, lamun tan pamrih kurup, tuwin pamrih kanggo pribadi, ngundhuh sucining jiwa, luwar hing balenggu, sing sapa bisa sembada, ngrasa padha makarya tan obah sami, yeku yogi utama. ( Sloka 19 ) 20. Pilih janma tanpa rasa pengin, teges pisah lawan nafsu hawa, kang rumojong sakarepe, sakehing karmanipun, kadi dene kobar hing agni, genining kasucian, ilmu budi luhur, pranyata sakeh pakaryan, den tindakken tanpa tabet resik gusis, yeku wong wicaksana. ( Sloka 20 ) 21. Nadyan sengkut nggenya nyambut kardi, nora ana kang den tunggonana, tatas tali bebandane, yekti anteping kalbu, karma iku srana ngabekti, dadya wajibing gesang, kang kudu lumintu, tumindak ing saben mangsa, sakabehe sumarah karseng Hyang Widhi, wus mungkur hing kadonyan. PANGKUR 1. Wus datan darbe pangarah, pancadriya wus bisa tinata becik, datan nganggo mangu-mangu, panganggone kabeh rucat, ingkang sengkut makarya mung badanipun, jiwane kendel tan obah, pindha tirta menep bening. ( Sloka 21 ) 2. Narima hing pandumira, Wus maligi anteping driya nyawiji, bungah susah wus kawengku, begja lawan cilaka, drengki srei panasten dahwen rinacut, gagal apa kasembadan, sadaya tinampa sami. ( Sloka 22 ) 3. Manungsa kang wus sembada, uwal saka bebandaning pakarti, maligi ingkang ginayuh, hanggayuh kautaman, datan pegat marsudi ilmu kang luhur, pakaryan lawan tumindak, wajib pinangka ngabekti. ( Sloka 23 ) 4. Kabeh hing pakaryanira, kanggo bekti pisungsun maring Hyang Widhi, mangkono malenging kalbu, sumarah mring kang Murba, heneng hening melenging cipta satuhu, tan lyan tumuju mring Brahman, nggayuh manunggil Hyang Widhi. ( Sloka 24 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 23 5. tumrap wong kang maksih awam, panembahe kanthi srana sesaji, upacara namanipun, saji wakiling basa, tan sembada ngaturaken keh panyuwun, nging kabeh kang den tindakna, pinangka bekti mring Widhi. ( Sloka 25 ) 6. Wani korban pancadriya, mengku werdi nyayuti mobah mosik, pancadriya pinrih tutut, kurban obyek suwara, sesawangan pangan miwah gonda arum, hing tekat kuwat santosa, leburing nafsu kepengin. ( Sloka 26 ) 7. Kurban ingkang beda cara, pancadriya miwah saktining yogi, tekat mantep karsa kukuh, kukuh makantar-kantar, kinobaran ing ilmu kang adi luhung, golong gumelenging cipta, sawiji maring Hyang Widhi. ( Sloka 27 ) 8. Ana maneh kurban bandha, kurban bandha ingkang awujud sesaji, kurban tapa brata kulup, ngurangi kasenengan, kurban yoga nindaken samadi suwung, ana kang unjuk prasetya, bekti kawruh luhur budi. ( Sloka 28 ) 9. Ana maneh pranayama, titi tlaten wanci kang wus pinasthi, mlebu metune den atur, prana miwah apana mlebu megeng metune den etung runtut, kang winastan hatta yoga, uga kinarya ngabekti. ( Sloka 29 ) 10. Ana pirang-pirang cara, yekti agung sih wilasaning Widhi, marang pra titah sadarum, yogya padha nindakna, den tindakna manut kadiwasanipun, pengertian kang utama, murih tumindak prayogi. ( Sloka 30 ) 11. Ngabektine tulus ikhlas, hing tumindak lahir bathin away sisip, kuru sattama den weruh, madyapada punika, dumadine awit pangorabanan Agung, yogya dipun nglenggana, murih tentrem lahir bathin. ( Sloka 31-32 ) 12. Arjuna yogya pyarsakna, yen manembah mbabar sabdaning Widhi, timbang bandha luwih unggul, poma den setitekna, ilmu suci kuwawa natas balenggu, bebandane sakeh hawa, wekasan jiwa baresih. ( Sloka 33 ) 13. parsudinen kanthi niyat, hanggeguru makarya lan ngabekti, guru bebudene luhur, wruh hing bebener cetha, geladhinen cak-cakane ilmu luhur, jrone srawung saben dina, marang guru kudu bekti. ( Sloka 34 ) 14. Kalamun wus kasembadan, ngangsu kawruh luhuring budi pakarti, sirna ilang rasa bingung, kabeh wus kaprabawan, luwih caket antara Parta lan Ingsun, ing pamawas luwih pana, jumbuhing kawula Gusti. ( Sloka 35 ) 15. Upama kabotan dosa, bebasane nggendhong nyunggi ngempit ngindhit, lamun wis marsudi ilmu, pindha yasa baita, kanggo nyabrang somodraning dosa agung, gancang lampahing baita, raharja tumekeng gisik. ( Sloka 36 ) 16. Heh Arjuna tilingena, pepindhane kadya ubaling agni, manghalat-halat weh bingung, akeh wreksa kalwagar, kikis tapis sakeh wreksa dadi awu, pindhane ilmu kang nyata, hangobar sakeh pakarti. ( Sloka 37 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 24 17. Hing madyapada punika, lwih utama tan liyan kawruh suci, wus nora ana kang punjul, murih luwih sampurna, yen binarung yoga miwah ilmu luhung, sakarone away pisah, yeku sampurnaning wiji. ( Sloka 38 ) 18. Wong kang darbe keyakinan, pancadriya rinacut dadi sawiji, uwal pambujuking nafsu, luput saka panggodha, kaprabawan pangwasaning ilmu luhur, tumemen marsudi yoga, bisa tentrem lahir batin. ( Sloka 39 ) 19. Beda klawan bumbung wung-wang, pepindhan wong tanpa anteping ati, anane mung mangu-mangu, tan darbe paugeran, nora krasa jiwane den undhungundhung, nafsu drengki srei srakah, lumpuh nora bisa mosik.( Sloka 40 ) 20. Dananjaya kawruhana, karma iku katindakake pra yogi, datan wonten tabetipun, songga runggi wus sirna, wus kakenan prabawane ilmu luhur, misil pamrih ing tumindak, temah nora ngreridhoni. ( Sloka 41 ) 21. Ing reh karaguwanira, dumadine krana kurang mangerti, wus sirna tan mangumangu, binabat pedhang ligan, pedhang kawruh budi pakarti kang luhur, weruh marang wajibira, Arjuna bangkit tumuli. ( Sloka 42 ) 22. Paripurna kanang crita, bab sekawan Bhagawadgita suci, medhar ilmu kawruh luhur hiya Jnanayoga, sesambungan manungsa mring Hyang Maha Gung, Sri Kresna paring wejangan, kadang anom dyan Pamadi. BAB V KARMA SAMNYASA YOGA SINOM 1. Dyan Arjuna amiterang, dhumateng Sri Kresna aji, ing pundi pinanggih beda, kerja tan pamrih pribadi, lan kerja kang sawiji, sengkut nanging nora nyrimpung, kawula dereng cetha, pundi kang langkung utami, mugi paring hambabar langkung trewaca. ( Sloka 1 ) 2. Sang Kesawa lon ngandika, kerja tan pamrih pribadi, lan kerja kang nora mbonda, loro-loro iku sami, weh katentreman yekti, nanging kalamun tinraju, ingkang luwih utama, kerja tan pamrih pribadi, tekat kenceng tumemen pambudidaya. ( Sloka 2 ) 3. Patrape pra samnyasa , nora srei datan benci, uga tanpa pepenginan, bungah susah tuna bathi, padhang lan peteng sami, ngono iku MAHABAHU, kang wus bisa nindakena , luwar hing bebandaneki, temah gampang Atman manunggal mring BRAHMAN (Sloka 3) .
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 25 4. Tumrap wong kang durung cetha, nganggep beda loro iki, karma kalawan samkhya , kalamun sira nglakoni, loro iku salah siji, padha papan kang den tuju, loro – lorone padha, kadonyan wus tan pinikir, kang den udi bali marang asalira ( Sloka 4 - 5 ). 5. Mahabahu den wruhana, nindakake samnyasi, dalane gawat kaliwat, akeh kudu den singkiri, kasenengan upami, larangan hing tindak-tanduk, becik binarung yoga, kaya dene para muni, luwih gangsar nggennya manunggal mring Brahman ( Sloka 6 ). 6. Para kang alaku yoga, bisa nggayuh jiwa suci, mangreh marang pancadriya, tumindak hing saben ari, tan ketabetan pamrih, jiwane wus resik mulus, manunggal jiwa mulya, jumbuhing kawula Gusti, yeku aran jiwa nggayuh kalepasan (Sloka 7). 7. Kang nindaken karmayoga, weruh bebener sejati, makarya datan rinasa, pancadriyane makarti, pandulune meruhi, panggandane uga ngambu, mangan lungan lan nendra, pribadi nora ka-osik, jiwa mukti datan kabonda ing karya (Sloka 8). 8. Sakeh tandang tandukira, ing rina pantara ratri, tangi lungguh lawan nendra, midhanget tuwin mirsani, nginum hamboga ugi, obah mangkono satuhu, ebahing pancadriya, kahanan donya sakalir, nadyan kerja jiwa yekti tan makarya ( Sloka 9 ). 9. Dheweke ingkang makarya, kinarya nggenya ngabekti, tanpa pamrih pepenginan, kadar hanindaken wajib, wajib kang wus pinanci, uwal saking dosa luput, pepindhan kadi tirta, godhong trate den banjiri, nadyan silep trate tan teles hing toya ( Sloka 10 ). 10. Para yogi yen makarya, tumindak miwah panggalih, apa dene pancadriya, lila kinarya ngudhoni, kanggo srana ngabekti, bekti mring Hyang Maha Agung, yeku jamasing jiwa, hanggayuh mukti abadi, apan iku tujuan urip pungkasan. ( Sloka 11 – 12 ) 11. Sri Kresna trus ngendika, samangsa jiwa wus bangkit, nglukari bandaning kerja, pratandha jiwa wus mukti, sembada hangratoni, babahan bawa sanga gung, tan kapilut pakaryan, pakaryane tanpa pamrih, datan purun campur urusaning liyan. ( Sloka 13 ) 12. Gusti Kang Maha Kawasa, kang nggelar alam sakalir, kalebu titah manungsa, sayekti nora cecawis, pakaryan miwah misil, dosa klawan budi luhur, nora ngukum manungsa, dene manungsa kang sisip, paukuman kang tinampa kodrat alam/ Karmaphala. ( Sloka 14 – 15 ) 13. Lamun pedhuting awidya, kataman ilmu kang suci, sirna pepetenging jiwa, sumunaring ilmu suci, pindha surya madhangi, petenging jagad sadarum, mangkono
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 26 uga sang jiwa, kalamun akune enting, tronthong-tronthong Hyang Widhi katon nglalela. ( Sloka 16 ) 14. Wasudewa hangandika, dheweke kang tansah mikir pasrah jiwa raga mring Hyang, Hyang Widhi tujuan akhir, ngabekti away lali, bisa nggayuh papan luhur, dosane ingapura, bali asaling dumadi, kang winasthan suka wus tanpa dhuhkita. ( Sloka 17 ) 15. Priyagung kang wicaksana, samubarang wus nyawiji, bungah susah nora beda, sugih miskin tuhu sami, mirsa gajah myang sapi, drajat asor apa luhur, yekti winastan padha, tuwuh rasa welas asih, hukum karma tumimbal lahir wus sirna. ( Sloka 18 ) 16. Manungsa kang wus sembada, nggulang santosaning batin, tan bungah yen manggih suka, nemu susah nora sedhih, teteg tatag ing ati, gebyaring donya den singkur, wis manggih katentreman, nampa wilasaning Widhi, urip tentrem ing donya tekeng akherat ( Sloka 19 – 20 ). 17. Kunthi putra kawruhana, kasenengan donya iki, pranyata tuking panandhang, panandhang kang tanpa kikis, siyang tanapi ratri, ana lekas ana rampung, mangkono yeku kahanan, mulane sujaning budi, nora kengguh panggendeng nikmat kadonyan. ( Sloka 21 – 22 ) 18. Sing sapa kang wus kuwawa, kasmaran dipun singgahi, hangkara murka cugetan, sadaya dipun sayuti, gelenging cipta murih, sembada ingkang ginayuh, hanggayuh katentreman, katentreman kang sejati, apan iku wewangsone Wedatama/Kitab Suci. ( Sloka 23 ) 19. Sarjana budi utama, kang lebda salwiring ilmi, ilmu suci kang sumunar, mberat dosa ageng alit, mangu-mangune enting, gelenging tekat tumuju, pakarti kautaman, murih tentreming sasami, temah bangkit hanggayuh alam kamoksan. ( Sloka 24 – 25 ) 20. Sembada ngatur pikiran, miwah mranata pribadi, pepenginane den kandhang, amarah dipun singgahi, Atman ingkang sumandhing, budidayanen mrih lulut, bisaa reraketan, jiwa lan jiwa abadi, temah bisa nggayuh hing swargaloka. ( Sloka 26 ) 21. Misahken kahanan donya, kahanane sawatawis, golonging sawangan netra, kepener selaning alis, panyawange nyawiji, hangatur napas lan nupus, mlebu metune tata, liwat grana kanan kering, lenging cipta nedya nggayuh kalepasan. ( Sloka 27 ) 22. Nguwasani pancadriya, rasa pangrasa lan pikir, lenging jiwa mung sajuga, hanggayuh mring jiwa mukti, ngilangi rasa wedi, pepenginane den kukut, hangkara myang brangasan, kabeh kudu den singgahi, iku srana nggayuh tentrem salaminya ( Sloka 28 ).
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 27 23. Sawise sira nglegewa, Ingsun ingkang nampa bekti, meditasi tapa brata, kang nggelar alam sakalir, lan titah gedhe cilik, dadya papan kang diluru, murih bisa katekan, kudu netepi hing wajib, urip nedya ngabekti sesuci jiwa. ( Sloka 29 ) 24. Paripurna bab ping lima, upanisad kitab suci, wedhare Bhagawadgita, wejangane para yogi, sabda kang Kresna aji, marang risang Mahabahu, Bab Samnyasa yoga, pilahing banda lan urip, lamun urip pengin ngudi katentreman. BAB VI DHYANAYOGA POCUNG 1. Sang Bagawan paring sabda kanthi arum, marang Dananjaya, tumrap pra Samnyasayogi, nora kudu nilar hing pasembahyangan/agni persembahan ( Sloka 1 ) 2. Mahabahu dadya hing kawruhananmu, sakehing manungsa, yen nggayuh tataran yogi, kudu bisa seleh nafsu pepenginan. ( Sloka 2 ) 3. Para Muni nindaken yoga satuhu, kang pinagka srana, makarti kang tanpa pamrih, lamun yogi katentreman dadi rewang. ( Sloka 3 ) 4. Sapa wong kang uwal hing bebandanipun, pamrihing pakaryan, pancadriya den anggeri, tandha bisa nggayuh tataraning yoga. ( Sloka 4 ) 5. Wajibipun mrih sembada sedyanipun, hanulungi jiwa, uga jiwa kang nulungi, yen ta wurung jiwa ugi mengsahira. ( Sloka 5 ) 6. Jiwa bisa dadya rowang kang satuhu, kalamun sembada, nata jiwa nganggo urip, lamun nora jiwa dadi munguhira. ( Sloka 6 ) 7. Lamun saguh jiwa jumbuh jiwa luhur, oleh katentreman, bungah susah sugih miskin, pan den alem cinacat rinasa padha. ( Sloka 7 ) 8. Lamun jiwa kebak ilmu budi luhur, lawan teguh iman, pancadriya den sayuti, nyawang lemah mas watu wis nora beda. ( Sloka 8 ) 9. Sesawangan tumrape para Sang Sadhu, mnungsuh apa rowang, rasa sengsem apa sengit, luhur asor kabeh tan hanggubel suksma. ( Sloka 9 ) 10. Para yogi mranata pikiranipun, tumuju mring Atman, ing papan sepi lan suci, pepenginan kadonyan datan rinasa. ( Sloka 10 ) 11. Lelambaran kusa ( suket ) teguh nggenya lungguh, ngracut pancadriya, golonging cipta hamuji, hanampani swara batin sung pepadhang. ( Sloka 11 – 12 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 28 12. Trap-trapane nindaken samadi iku, badan gulu sirah, jejeg datan mobah mosik, netra mandeng tumuju pucuking grana. ( Sloka 13 ) 13. Jenag tlaten tatag teteg jroning kalbu, tan kengguh panggodha, derenging cipta mung siji, marang Ingsun sanadyan sira lungguhan. ( Sloka 14 ) 14. Kang wus jumbuh rasaning jiwa satruju, sembada hing nala, bisa nggayuh swarga adi, katentreman dumunung Loka Isawara. ( Sloka 15 ) 15. Mahabahu dadiya hing kaweruhmu, yoga iku nyata, nyirik wong tanpa dedugi, mangan luwe turu melek kanthi kliwat. ( Sloka 16 ) KINANTHI 1. Tumrap wong weruh hing ilmu, mangan nginum den teliti, sesukan apa makarya, sadaya dipun watesi, wungon atanapi nendra, sakeh dhuhkitane enting. ( Sloka 17 ) 2. Kang bisa mranateng kalbu, datan liyan kang pinikir, sambung nyaket maring Atman, sirna sakeng rasa pengin, musna hawa murka srakah, winastan yogane kasil. ( Sloka 18 ) 3. Pacaking semedi iku, pindhane urubing lilin, manther ateng murub padhang, datan katiyuping angin, pikiran kang wus tumata, cipta jiwa Atman nunggil. ( Sloka 19 ) 4. Pikir ayem tentrem tuhu, meleng tinata sawiji, nedya pinanggih Akunya, hiya sang Aku sejati, jiwa pinanggih Hyang Suksma, kang winastan jiwa mukti. ( Sloka 20 ) 5. Budi lan pakarti luhur, wruhing katentreman jati, tanpa ngosik pancadriya, hanggayuh tujuan adi, kalamun wus kasembadan, tan runtuh kamulyan suci. ( Sloka 21 ) 6. Kasembadan kang tinuju, katekan ingkang pinikir, tan ana kang luwih mulya, tan kengguh hing samukawis, panandhang papa cintraka, wus datan rinasa sedhih. ( Sloka 22 ) 7. kang winastan yoga iku, uwaling panandhang sedhih, bungah susah kang tinampa, nora hanggegoyang batin, semedi yogya tindakna, tatag teguh miwah yakin. ( Sloka 23 ) 8. Sing sapa wus bisa mungkur, samubarang rasa pengin, pancadriyane tinata, nora sinurung hing pikir, ingkang tansah ngombra-ombra, manungkul ing roh kang suci. ( Sloka 24 ) 9. Hawit katentreman luhur, tinampanan marang yogi, kang wus mungkur pepenginan, dosa luput dalah sisip, datan habandaning jiwa, temah roh bisa manunggil. ( Sloka 25 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 29 10. Utamane yogi iku, nampa nugrahaning Widhi, tamat roh hing saben titah, titah jroning jiwa suci, ngendi dunung ngendi papan, dheweke nyawang kang sami. ( Sloka 26 ) 11. Sapa kang wus nggulang wanuh, Sang Hyang Widhi maratani, miwah kabeh kang gumelar, sadaya yektine Widhi, Pangeran sayekti perak, yogi manunggal Hyang Widhi. ( Sloka 27 ) 12. Mengkota Sang Mahabahu, nyawang apa bae sami, padha tumraping Sang Suksma, bungah susah sugih miskin, rekasa miwah kepenak, winastan yogi utami/sempurna ( Sloka 32 ) 13. Risang Dananjaya matur, marang Madusudana ji, anraju tumrap kahanan, mangka pikiran sujanmi, obah terus datan kendhat, pindha langunpara angin (Sloka 33-34). 14. Sang Kesawa ngendika rum, sira aja songga runggi, obah ronggehing pikiran, yekti bisa dikendali, kanthi tlaten hanggegulang, makarti kang tanpa pamrih. ( Sloka 35 ) 15. Yoga angele kalangkung, nanging janji gelem nglatih, nglatih nglulutken pikiran, makarti sepi ing pamrih, pepenginan ingkang kliwat, manut kamurkan pribadi. ( Sloka 36 ) 16. Dananjaya munjuk atur, wong kang tan bisa ngwasani, nadyan keyakinan ana, pikiran nglembara inggil, wurung bisa nggayuh yoga, dhateng pundi puruk neki. ( Sloka 37 ) 17. Punapa ta mboten sampyuh, tuna ing kalih prakawis, dingin marga ilmu tama, lan margi pakarti becik, sumangga dipun terangna, amung paduka kang uning. ( Sloka 38 – 39 ) 18. Sri Bagawan ngendika rum, jro ana urip sayekti, tan wurung prapteng pralaya, lamun tumindake becik, urip jroning kautaman, lahir jro bebrayan suci. ( Sloka 40 – 41 ) 19. Yektine tan kudu bengung, yen budi pakarti becik, wurung nggenya nggayuh yoga, lahir jro brayaning yogi, dheweke nora nggresula, tatarane mindhak inggil. ( Sloka 42 ) 20. Kalahiran luwih luhur, budi pakartine becik, gedhening panglenggana, gegayuhan kang utami, angel hing panggayuhanira, tatag tlaten tunggu wanci. ( Sloka 43 ) 21. Lelakon ingkang rumuruh, ngleluri wewarah suci, kang tinulis jroning Weda, dadi tujuan utami, anggayuh mring kasampurnan, manunggal maring Hyang Widhi. ( Sloka 44 ) 22. Nanging yogi kang pinunjul, budidayane tan gingsir, sarana anteping tekat, ngresiki dosa lan lali, kanthi tlaten lan tawakal, katekan tujuan akhir. ( Sloka 45 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 30 23. Wruhana ta Mahabahu, darajating para yogi, unggul timbang parantapa, tinimbang sarjana ugi, apa maneh upacara, prayoga dadiya yogi. ( Sloka 46 ) 24. Sakathahing yogi agung, kang sinembah amung siji, manembah kang Maha Mulya, kang nggelar alam sakalir, Atman manunggal mring Brahman, yaiku yogi pinuji. ( Sloka 47 ) 25. Paripurna dhawuh Ingsun, wedharing wewarah suci, panisad Bhagawadgita, bab nenem poma den eling, Kresna medhar Dhanayoga, mring Arjuna putra Kunthi. BAB VII JNANA WIJNANA YOGA MIJIL 1. Dananjaya pyarsakna iki, pitutur wigatos, yen wus bisa gumolong pikire, mung sawiji manembah Hyang Widhi, ingkang hangayomi, sira ngerti Ingsun. ( Sloka 1 ) 2. Sira arsa kaluberan ingsih, nugraha Hyang Manon, kabeh kawruh madyapada kiye, Sun paringken mring sira Pamadi, tan ana kang keri, tampanana kulup. ( Sloka 2 ) 3. Akeh titah madyapada iki, kurang kang prihatos, akeh ingkang lena marsudine, ngudi marang kasampurnan jati, arang kang wus uning, bebener satuhu. ( Sloka 3 ) 4. Bumi geni banyu miwah angin, angkasa sing kothong akal budi pikiran Akune, kabeh iku tan kena den mohi, kalebu piranti, kang cacahe wolu. ( Sloka 4 ) 5. Mahabahu cacah wolu iki, perangan kang asor, ana maneh kang luhur sipate, yeku jiwa kang sinebut urip, urip kang nguripi, jagad lit lan agung. (Sloka 5 ) 6. Kang gumelar madyapada iki, darbe sumber amor, kang winengku hing kalahirane, wekasane hanemahi pati, sangkan paran neki, Gusti Maha Agung. ( Sloka 6 ) 7. Dananjaya putra Kunthi Dewi, yogya den mangertos, samubarang winengku purbane, dumadine nutkarseng Hyang Widhi, winanci ing wanci, kala mangsanipun. ( Sloka 7 ) 8. Dananjaya away kurang anggit, rasa banyu Ingong, Ingsun cahya wulan lan srengenge, aksara AUM jroning kitab suci, suwara ing langit, sajatining menus/rasa kemanusiaan ( Sloka 8 ) 9. Gonda arum lan sucining bumi , sejatine Ingong , geni murup Sun sorot padhange , daya urip ingkang hanguripi, kabeh ingkang urip, sejatine Ingsun. ( sloka 9 )
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 31 10. Ingsun bibit langgeng kabeh urip , iki kudu ngertos, Ingsun uga budipekertine, para sujana sarjana ahli, pamor edi peni, panguwasaming Sun. ( sloka 10 ) 11. Ingsun uga kekwatan abadi , tanpa adon – adon, pepenginan sarta birahine, rasa tresna kabeh pra sujanmi, tanpa anyinggahi, hing pakarti luhur. ( sloka 11 ) 12. Kabeh sipat kang sinandhang janmi, pinter ap bodho, becik suci trengginas patrape sipat semu jro alam puniki, winengku Hyang Widhi, den wruhana kulup. ( sloka 12 ) 13. Sipat semu jro alam puniki, hanggubel maring wong, nora gampang panggulawenthahe, hamung janma kang ngayom Hyang Widhi, sembada hing batin, tansah bisa unggul. ( sloka 14 ) 14. Wong kang cacat hing budipekerti, miwah trah wong asor, nora weruh hing sangkan parane , pakartine tan pinurba urip, sakehing pakarti, tinuntun sang Aku. ( sloka 15 ) 15. Ana papat kang manembah Widhi, yogya dwn mangertos, wong sangsara rekasa uripe, wong kang mburu mring wewarah suci, pengin bisa sugih, sengsem budi luhur. ( Sloka 16 ) ASMARADANA 1. Ana papat wong ngabekti, beda boboting panembah, wong kang rekasa uripe, wong kang nggegulang wewarah, miwah kang mburu bandha, bekti nunggu-nunggu kurup, bobot lamun budi harja. ( Sloka 17 ) 2. Nadyan kabeh-kabeh becik, ana kang luwih utama, becik budi pakartine, lahir batine wus timbang, ngabekti kanthi lila, hangayom maring Hyang Agung, anteping tekat kang mulya. ( Sloka 18 ) 3. Dungkap wektu kang winanci, pungkasane kalahiran, wong kang luhur bebudene, marang ngayunan Hyang Suksma, sungkem hangaras padha, ingkang Hamurba sarwegung, sajuga tan kinembaran. 4. Beda lamun wong aceplik, ingkang kabonda kadonyan, wus mesthi seje parane, mring pamujan para Dewa, sarana upacara, pangarep-arepe kabul, ya ing kono dunungira ( Sloka 20 ). 5. Srana nyaket mring Hyang Widhi, para panganut agama, priye dhapur lan carane, kabeh Ingsun tampa padha, murih padha sembada, tentrem ayem budi luhur, tresna asih mring sapadha ( Sloka 21 ).
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 32 6. Tan kendhat nggenya ngabekti, nut ing kapercayanira, hamung sajuga parane, nyembah Hyang Maha Kawasa, mrih kasembadaning sedya, apa wae kang ginayuh, Ingsun paring kawelasan ( Sloka 22 ). 7. Ngendi paraning ngabekti, miturut anteping sedya, yen kadonyan pamintane, lumantar para Dewa, marang Dewa puruknya, sing sapa ngabekti Ingsun, tartamtu Ingsun kang nampa ( Sloka 23 ). 8. Tumraping para sujanmi, tinitah datan sampurna, winates samubarange, Gusti Kang Maha Kawasa, nora bisa kaentha, pra titah arsa manengku, ngabdi bekti ngaraspada ( Sloka 24 ). 9. Panguwasaning Hyang Widhi, Gusti Kang Maha Sampurna, datan kadulu titahe, ingkang katutupan hawa, pepenginan kadonyan, Hyang Widhi langgeng satuhu, datan lahir datan sirna ( Sloka 25 ). 10. Mengko ta sira Pamadi, yogya dipun kawruhana, Sun uninga titah kabeh, dingin tekeng khir jaman, nanging tumrap para titah, tan ana kang weruh Ingsun, amarga katutup hawa ( Sloka 26 ). 11. Kabeh titah wiwt lahir, terus kagodha kahanan, kang sarwa loro anane, ana sengit ana tresna, bungah kalawan susah, tentrem ayem miwah kisruh, kang tansah andon karosan ( sloka 27 ). 12. Tumrap kang sesuci, rasa Akune di kandhang, luhur budi pakartine, panyawange mring kahanan, loro rinasa padha, mituhu ngabekti Ingsun, prasetya anteping tekad ( Sloka 28 ). 13. Kang tansah ngayom Hyang Widhi, ngabdi bekti ngaraspada, nglatih sesuci jiwane, eling marang hukum karma, nadyan wus ngancik tuwa, ngadhepi tekaning lampus, teteg datan ringa-ringa ( Sloka 29 ). 14. Kang ngabdi bekti mring Widhi, nampani kanyatan donya, nindake upacarane, sarana tentreming jiwa, nadyan tekeng pralaya, jiwa datan mangu-mangu, manembah Hyang Maha Tunggal ( Sloka 30 ). 15. Paripurna ing bab iki, panisad Bhagawadgita, kang hambeber wejangane, Sri Kresna marang Arjuna, Jnana Wijnana Yoga, Bhagawadgita Bab pitu, yogya dipun gegulanga.
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 33 BAB VIII AKSARA BRAHMA YOGA SINOM 1. Aturira Sang Arjuna, konjuk Sang Kesawa sidhi, punapa Brahman punika, dalah Adhyatman ugi, karma punika werdi, Adhibhuta datan kantun, werdine Adhi Dewata, Parta sedaya tan uning, kadi pundi dununge sajuga-juga ( Sloka 1 ). 2. Lan werdine Adhyajna, ing salebeting pribadi, sarta malih kadi paran, dene Paduka Hyang Widhi, saget dipun ngertosi, para manungsa kang sampun, kiat saget mranata, mranata dhiri pribadi, titi wanci dungkap tekaning pralaya ( Sloka 2 ). 3. Sang Bhagawan paring sabda, Brahman langgeng datan gingsir, ingkang winastan Adhyatman, sarining alam sakalir, dene karma puniki, daya cipta pra tumuwuh, isining madyapada, dumadi kalih prakawis, sari alam kadonyan urip Hyang Suksma (Sloka 3). 4. Sari-sarining bhawana, Adhibhuta den wastani, yeku dumadining jagad, Akasa Bayu lan Angin, limane Bhumi Geni, Adhidaiwata kulup, iku dadining rasa, Adhiyajna ingkang wingking, bhakti suci pisungsung lila legawa ( Sloka 4 ). 5. Dananjaya den wruhana, yen arep tekaning pati, suksma ninggalke raga, lenging cipta mring Hyang Widhi, marak Hyang Maha Asih, aja nganggo mangu-mangu, menyang ngendi lenging cipta, ing kono kang den parani, nuting cipta yaiku dununging paran ( Sloka 5 ). 6. Yogya dipun leluriya, tansah manembah Hyang Widhi, tresna asih mring sesama, budi pakartine becik, kalamun hamakarti, kinarya bekti Hyang Agung, tumindak saben dina, murih tentreming sesami, nugraheng Hyang kepareng nyaket Hyang Suksma ( Sloka 6 ). 7. Manungsa kang wus sembada, pikire tan sangga runggi, nadyan wis meh tekeng lena, den adhepi kanthi wening, tatag tan minggrang-minggring, tumemen nggone manengku, lenging cipta mung sajuga, nyaket hing ngarsa Hyang Widhi, hanyenyadhang nugraha Ingsun Kang Kawasa ( Sloka 7-8 ). 8. Sajuga ingkang ginanantha, nyaket Gusti Maha Suci, ingkang Murba Amisesa, Gusti ingkang sipat Gaib, miwah Hyang Maha Adil, mrabawani Jagad Agung, cahya sumunar pajar, pindha Sang Hyang Bagaspati, paring gesang weh pepadhang madyapada ( Sloka 9 ).
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 34 9. Gumolong cipta sajuga, wanci tumekaning pati, pikirane teteg tatag, tansah manembah Hyang Widhi, datanpa sangga runggi, tumuli prana diatur, liwating tengah-tengah, tengah antaraning alis, kanggo nggayuh manunggal jiwa kang mulya ( Sloka 10 ). 10. Kang ingaran ahli Weda, para kang marsudeng budi, kang wus bisa meper hawa, lan pepenginane cantrik, ngwasani kabeh kori, pikirane ywa kongsi nglangut, kinurung hing pangrasa, neng sirah dununging urip, teteg-tatag-tanggon manembah Hyang Suksma ( Sloka 11-12 ). 11. Ingkang ngucapken pranawa, A-U-M aksara suci, werdine Hyang Maha Tunggal, tansah eling mring Hyang Widhi, wanci tekaning pati, jiwa nilar raganipun, lumampah tanpa rowang, marani tujuan suci, sruning brata nampa wahyuning Hyang Suksma ( Sloka 13 ). 12. Arjuna den kawruhana, tumrap kang ngabdi ngabekti, kanthi telaten lan sabar, datan liya kang pinikir, muhung nyaket Hyang Widhi, pikir tan ngumbara nglangut, kuwawa nahan hawa, kumingsun dinekek wingking, temah bisa manunggal mring Hyang Wisesa ( Sloka 14 ). 13. Sawuse tumekeng lena, roh marak ngarsa Hyang Widhi, tumrap jiwa kang sembada, ngresiki tabeting kardi, aran jiwa wus suci, langgeng wus datan tumuwuh, kang maksih gubel hawa, wus temtu tumimbal lahir, kalahiran manut ing karmawasana ( Sloka 15 ). 14. Kang kudu den ngertenana, kahanan donya puniki, kahanan nora sampurna, kabeh tansah owah gingsir, winates dening wanci, sajuga Hyang Maha Agung, Brahman Maha Sampurna, manungsa kang wus manunggil, temah urip langgeng datan punarbhawa ( Sloka 16 ). 15. Rina lan wengine Brahman, rina lan wengine sewu warsi, iku pinangka pralambang, yen Brahman tan owah gingsir, dene kang tau lahir, pralaya iku wus tamtu, miwah ingkang nate pejah, kalahiran iku mesthi, sadurunge bisa mungkur hing kadonyan ( Sloka 17 ).
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 35 PANGKUR 1. Kabeh titah madyapada, kahanane mung tansah owah gingsir, siyang pantaraning dalu, tansah kebak panandhang, beda lawan Dat Suci Hyang Maha Agung, datan lahir nora sirna, langgeng nora owah gingsir ( Sloka 19 ); 2. Kang langgeng hing salaminya, kalenggahan luhur datanpa tandhing, sing sapa wus bisa nggayuh, wus nora punarbhawa, yo ing kono kalenggahan Maha Luhur, iku pituwasing karma, budi pakarti kang becik ( Sloka 21 ); 3. Mengo ta Dananjaya, mrih sembada hanggayuh jiwa mukti, pawitane hamituhu, miwah antebing tekad, angabekti ngabdi mring Hyang Maha Agung, tresna asih mring sapadha, budi kalakuan becik ( Sloka 22 ); 4. Dananjaya wigatekna, para yogi kang wus tumekeng lalis, wangsul hing salaminipun, ana kang punarbhawa, beda-beda tataraning jiwanipun, kang jiwane wus sampurna, lunga nora bakal bali ( Sloka 23 ); 5. Lamun tekaning pralaya, sisih lor dununging Hyang Bagaspati, pajar margi kang den tempuh, kang caket hing Pangeran, bakal bisa marak hing ngarsa Hyang Agung, nora bakal punarbhawa, langgeng hing salami-lami ( Sloka 24 ); 6. Dene yen tekane ajal, ana kidul dununge Hyang Bagaspati, padhange wulan kang redhup, remeng-remeng kang marga, wanci iku sapa kang marak Hyang Agung, yekti bakal punarbhawa, lunga isih bakal bali ( Sloka 25 ); 7. Sayekti loro kang marga, siji peteng sijine padhang linuwih, mangkene gancaring kulup, marga padhang sumunar, kaprabawan budi pakarti lan ilmu, yen jiwa kabanda hawa, liwat margi peteng rumpil ( Sloka 26 ); 8. Dadiya sumurupira, para yogi weruh marga puniki, pikir datan mangu-mangu, mulane sira Parta, kudu tatag nindaken kuwajibanmu, janji sakehing pakaryan, srana ngabdi lan ngabekti ( Sloka 27 ); 9. Tumraping pahala karma, hanuhoni nut ajaran agami, andhap ing tataranipun, timbang panganut yoga, luwih mulya tumrap yogi ingkang putus, temah bisa nggayuh moksa, manunggal maring Hyang Widhi ( Sloka 28 ); 10. Paripurna kanang sabda, Upanisad Bhagawadgita puniki, isisning kitab bab wolu, sabdane Sang Kesawa, paring wuruk mring siswa Sang Mahabahu, jro aksara Brahma Yoga, gambuhing kawula Gusti.
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 36 BAB IX RAJA WIDYA RAJA GUHYA YOGA GAMBUH 1. Sang guru ngendika rum, sung wewarah marang Mahabahu, wewarah kang neng sajroning ilmu Gaib, kalamun sira wus dunung, tebih saking tindak awon ( Sloka 1 ); 2. Kanggone ilmu luhur, ilmu Gaib yekti adi luhung, ajaa mung diapal dinggo ngeciwis, dingerteni jroning laku, netra jiwa wruh Hyang Manon ( Sloka 2 ); 3. Sangune ngudi kawruh, kudu yakin prabawaning ilmu, murih gampang nindaken ilmu kang Gaib, tanpa kapercayan kulup, lahir mati kanggo endon ( Sloka 3 ); 4. Jagad raya sarwegung, kawengku hing panguwasaning Sun, kabeh titah wujud gambaran Hyang Widhi, yen manungsa nyamut-nyamut, gegambarane Hyang Manon ( Sloka 4 ); 5. Titah donya sadarum, dumadine krana kodrat Ingsun, Ingsun dadya sumber sagunggunging dumadi, kabeh-kabeh Ingsun wengku, Insung tan winengku ing wong ( Sloka 5-6 ); 6. Titi wancine kukut, para titah marak ngarsa Ingsun, ndungkap wayah tumuwuh hing donya malih, tumrap kang maksih kabidhung, kadonyan katone abyor ( Sloka 7-8 ); 7. Mengko Sang Mahabahu, talitinen dadya sumurupmu, Hyang Wisesa datan kabidhung pakarti, nadyan pakaryan lumintu, mrih raharjaning tumuwoh ( Sloka 9 ); 8. Madyapada sadarum, ana hing panggulawenthah Ingsun, dumadine kang obah kang ora mosik, mrih ubenge ora cawuh, kabeh lumaku kalakon ( Sloka 10 ); 9. Tumrap manungsa linglung, kang ditonton mung gebyaring wujud, nora weruh bebener ingkang sejati, kang Tunggal Kang Maha Agung, sayekti dadya pangayom ( Sloka 11 ); 10. Dene manungsa linglung, nora krasa dheweke kasrimpung, drengki srei dahwen panasten muthakil, nuruti hardaning nafsu, tan ana manising lakon ( Sloka 12 ); DHANDHANGGULA 1. Sang Pandhita angandika aris, ya ta marang risang Dananjaya, manungsa luhur jiwa ne, darbe watak kang hayu, nyaket mring Hyang Kang sipat Adil, tan lahir nora sirna, sipat langgeng tuhu, tumuli sujud manembah, ngaraspada ngabekti minta aksami, lenging cipta sajuga ( Sloka 13 );
Bhagawadgita Kinidung-Supadmo Siswomiharjo (Pura Amertaloka, Ds. Tumpukan, Kec. Karangdowo, Kab. Klaten) 37 2. Datan kendhat anggenya ngabekti, dahat anggung ngagungken Hyang Suksma, sumpah prasetya tekate, teguh kukuh mituhu, sujud bekti ngarsa Hyang Widhi, pasrah jiwa lan raga, sumangga Hyang Agung, Gusti kang Murba Misesa, hangayomi maring sadaya dumadi, paring tentrem raharja ( Sloka 14 ); 3. Warna-warna carane ngabekti, hanuhoni prentahing agama, ngabekti srana ilmune, ngabekti kang angka telu, pengin nggayuh tataran yogi, jumbuhing pangrasa, miwah tindak tanduk, kabeh caraning panembah, dening Gusti sadaya tinampa sami, wulang Bhagawadgita ( Sloka 15 ); 4. Sakabehing kang gumelar iki, sejatine warana Hyang Suksma, karma lan upacarane, yekti Hyang Maha Agung, sabda suci miwah sesaji, yekti Hyang Maha Mulya, dupa menyanipun, sejatine Sang Hyang Suksma, lamun arsa nggayuh nyaket mring Hyang Widhi, liwat ing margi Brahman ( IV.24 ) ( Sloka 16 ); 5. Hyang Wisesa iku Yayah Wibi, lan pangayom dimene widada, Ratuning alam lenggahe, tuk sumber kabeh kawruh, maratani paring sesuci, Amurba Amisesa, Ingsun aksara AUM, Sang Hyang Widhi dadya paran, kang ginayuh manungsa kang Sadhu budi, mulih mring mulanira ( Sloka 17 ); 6. Sang Hyang Widhi seksi kang utami, dadya asal kabeh kang gumelar, ngukut wancine ing tembe, miwah Hyang Maha Agung, ugi dadya wiji abadi, tansah paring pepadhang, myang udan tumurun, urip tanapi pralaya, apan iku yekti pangwasaning Widhi, kang meneng lan sing obah ( Sloka 18-19 ); 7. Kang ngugemi wewarah agami, kang tinulis jroning kitab Weda, Reg Yajur Samawedane, ngabdi ngabekti sujud, handedonga atur sesaji, hanggegayuh swargaloka, urip tentrem hayu, hurip tentrem rasa nikmat, paripurna yen amal bhakti wus enting, bali lahir neng donya ( Sloka 20-21 ); 8. Dananjaya wigatekna iki, sapa bae kang ngabdi manembah, hamung marang Pangerane, kasengsem maring Ingsun, temtu nedya Ingsun paringi, apa kang durung ana, miwah budi luhur, ratri pantaraning rina, samubarang darbeke Ingsun ayomi, tentrem tata raharja ( Sloka 22 ); 9. Kunthi putra perlu sira uning, tumrap ingkang manembah Jawata, ngabdi ngabekti sumendhe, kanthi ikhlas lan tulus, sayektine manembah Widhi, sanadyan iku nyata, datan nuting kukum, kukum ajaran agama, nora kena angentha-entha Hyang Widhi, Hyang Widhi Maha Tunggal ( Sloka 23 ); 10. Ingsun ingkang peparing rejeki, kang amurba hamisesa, sakehing pangabektine, eman dheweke linglung, datan weruh nyaket Hyang Widhi, miwah sipat-sipat Hyang, kang sejatinipun, wurung oleh kalepasan, nora wurung tembene tumimbal lahir, mijil alam samsara ( Sloka 24 ).