The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Pelestarian Budaya Jawi

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by riyanta.raditya, 2023-03-13 21:34:02

BUDAYA JAWI

Pelestarian Budaya Jawi

MLIGI KANGGO KULAWARGA DENING S. SISWOMIHARJO


ATUR SAPALA Panuwun syukur konjuk ing ngarsa dalem Ida Sang Hyang Widhi Wasa kang wus paring idi palilah dalah tuntunan, dene anggonku kepengin nelusuri saperangan BUDAYA JAWI bisa karampungan. Satemene Pangripta nglenggana marang kabeh kekurangan, wondene jalaran kasurung rasa trenyuh meruhi sangsaya rontang-rantinge Budaya Jawi iki mula sanajan mung sagaduk-gayuking penemu Pangripta melu urunurun ngleluri Budaya Jawi tilarane para leluhur. Idheping tekad kepengin paring wuruk marang putra wayah supaya padha bisa milah lan milih endi sing kudu ditindakake lan endi sing kudu disingkiri. Jalaran jroning nelusuri iki Budaya kang becik apa dene Budaya kang kurang becik kabeh dibeber (dicritakake), ing pamrih kenaa kanggo panraju antarane becik – ora becik, bener – luput, pepacak lan pepacuh. Kagem para kang kasdu maos kasumanggakake lan mbok menawa paring sumbang urun, kang bisa nambahi luwih cetha para putra wayah anggone arep ngleluri lan memetri Budaya Jawi. Pangripta nampa kanthi lila legawa, jer kabeh mau murih becike. Pungkasane atur, yen ana kurang luwihing atur apadene andharane tak kira ora ana tembung kang perlu diaturake kajaba mung nyenyadhang lumunturing sih pangaksama kang agung. Tumpukan, 23 Desember 2009 Pangripta


NJAWANI LAN ORA NJAWANI Manut Serat Syeh Subakir kang dadi leluhure wong Jawa kuwi Sang Hyang Semar, kang padha diyakini yen Sang Hyang Semar kuwi Dewa pengawak manungsa kang dadi pamomonge para titah kaya kang ditemenake ana ing tembang Sinom pada kaping 29 mangkene : Sang Hyang Semar aturira, Langkung jumurung sakethi, Yen kersanira Jeng Sultan, Ing Ngerun Sri Narapati, Kang dhawuh ngisi jalmi, Marang Tanah Jawi iku, Kinen babat kang wana, Mung saking panyuwun mami, Pan kawula meluwa ngadani Jawa. Jalaran wong Jawa yakin yen leluhure kuwi Dewa pengawak manungsa pinongka pamomonge titah, mula wong Jawa kepengin anggayuh bisaa kaya leluhure. Seneng urip prasaja kaya wong cilik nanging darbe jiwa lan bebuden kang luhur, kang dikatonake ana ing tumindake padinan. Jaman lumaku manut jantrane katimbrung lumebune budaya manca kang santer banget, mula ora aneh yen wong Jawa akeh kang padha kapilut lan kapikut nganggo budaya manca kuwi. Dheweke nganggep yen budaya kang teka kuwi luwih maju, wong-wong Jawa akeh kang banjur di suk dening budaya anyar sing dianggep modern kuwi. Luwih-luwih wong Jawa golongan nom-noman, mula banjur ana tembung wong Jawa sing nJawani karo wong Jawa kang ora nJawani. Padatan wong Jawa golongane sepuh sing umume rumongsa isih luwih nJawani tinimbang karo para golongane nom-noman. Jalaran golongane sepuh isih tlaten ngeloni tata cara Jawa : wiwit saka tata krama, unggahungguh, carane wong manganggo, tata carane wong omah-omah lan liyaliyane. Para wong Jawa golongane sepuh isih ngugemi adat Kejawen sing asli lan wong Jawa golongane sepuh ora tega ninggalake adat Jawa kanthi tulus jalaran kasurung rasa kepengin nguri-uri lan memetri budayane dhewe. Mangkono iku sebabe mula Budaya Jawa mbalung sungsum tumrap wong


Jawa golongane sepuh ing sadhengah tataran, ya tatarane ngaluhur apadene kawula lumrah. Beda karo wong Jawa saiki ( sing ngaku Jawa Modern ), cetha wus kasempyok katut ilining budaya manca saingga ngrusak tradisi utawa adat Jawa kang wus ana. Campur kawuring budaya siji lan sijine hanjalari lunture adat kang nJawani ganti keblate.Tundone watak lan paugerane urip Jawa ngalami owah-owahan kang gedhe banget. Mungguhing wong Jawa owah-owahan iki digothak-gathukake karo anane ramalan utawa Jongka kang dianggit dening para Pujangga Agung. Gathukane banjur jumedhuling Jaman Edan kang nduweni ciri kurang jejeging aturan-aturan, keadilan sing wis meh ilang, golek sandhang pangan lan kabutuhaning urip sarwa rekasa, kerukunan lan gotong royong wis saya luntur, ilange rasa ewuh lan pekewuh, tumindak culika saya ndadra lan isih akeh maneh liya-liyane. Tuwuhing jaman utawa kahanan iki kang gawe saya nemen rusaking adat tradisi Jawa sing wis ora bisa dibendung maneh. Kirane wis ora bisa digetuni jalaran saking santere mlebune budaya manca, sing nglegewa apa ora nglegewa mesthi bakal anggawa owah-owahan tumrap urip lan panguripane wong Jawa. Tempuking budaya iki mesthi nggawa bebanten budaya Jawa, nompa apa nolak utawa sing jare nyelarasake kemajuwaning jaman. Nah, ya golongane wong-wong kang mangkene iki sing diarani wis ora nJawani jalaran tataraning urip padinan wis nyimpang adoh karo kabudayaning wong Jawa. Wiwit wong nyandhang nganggo, tata carane wong darbe perlu, wong salaki rabi utawa omah-omah lan liya-liyane. Upamane cara wong nyandhang nganggo, mligine wong wadon kanyatan nuduhake yen wektu iki para wanita luwih seneng yen dandanane kaya wong priya, mrana-mrene wis ora pekewuh nganggo clana cekak sadhuwuring dhengkul nganti angel anggone arep mbedakake kuwi lanang apa wadon. Maneh wong tata carane wong darbe perlu mantu, tata cara upacarane wis akeh kang diliwati ( ora ditindakake ). Dene wong salaki rabi wis ora ndadak anggoleki sing diarani bibit, bobot lan bebet nanging mung cukup disawang saka unsur biologise bae, sing baku wong lanang oleh wong wadon. Pambiji bab ora nJawani kuwi tuwuh awewaton saka patrap lan tindak tanduk ing padinan, yen kena ngarani wong-wong kuwi wiwit kelangan rasa yakuwi : rasa isin, rasa ewuh pakewuh apadene rasa suba sita.


SESAMBUNGANE MANUNGSA KARO JAGAD Gegebengan urip kang magepokan karo anane jagad raya suka gegambaran bab dumadine jagad raya iki. Sadurunge ana jagad anane mung heneng hening. Wiwitane anane jagad iki diwiwiti saka Sang Hyang Murbeng Dumadi nyipta cahya, geni, bumi, angin lan samudra. Sawise Kang Maha Kawasa nyipta cahya urip, cahya urip iki banjur nuwuhake anasir patang prakara, yaiku : bumi, geni, banyu lan angin. Bumi kang dadi perangane badan wadag, yaiku : kulit, daging, balung, sungsum. Geni kuwi dadi panas kang ndadekake cahya abang, ireng, kuning lan putih. Banyu dadi roh, yaiku : roh jasmani, hewani, nabati lan nurani. Dene angin dadi napas kang mapan ana lesan, irung, talingan lan mripat. Kenyatan iki nuduhake supaya manungsa bisa nglenggana lan ngrumangsani, yen alam kang gumelar iki diciptakake dening Gusti iku sambung rapete karo uriping manungsa, supaya lestari sempulur uripe. Dening Gusti, manungsa diparingi keblat diajab supaya manungsa aja nganti kliru keblate. Keblat mau diarani keblat papat lima pancer, tegese keblat papat kuwi : wetan, kidul, kulon, lor, dene kang diarani pancer kuwi tengah. Keblate jagat iki diwiwiti saka : wetan (witan) tegese wiwitan utawa lekasan, dadi lambang kadang papat. Dene kang mapan ana : ➢ keblat wetan diarani kadang kawah ➢ keblat kidul dadi lambang getih ➢ keblat kulon dadi lambang puser ➢ keblat lor dadi lambang adhi ari-ari Keblat papat iki tumrap wong Jawa dibudidaya supaya bisa satraju (seimbang). Jalaran yen ora setimbang, kadang papat kang mapan ana keblat mau nuwuhake godha pangrencana marang uripe. Kosok baline yen bisa ngrukti kanthi becik kadang papat mau bakal ambantu (ngrewangrewangi) marang si pancer. Kanggo pangruktine mungguhing wong Jawa kanthi nindakake sesaji ing saben dina malam kelahirane sing awujud inthuk-inthuk cacah lima, kembang liman (kembang mawar abang lan putih,kembang kanthil kuning lan putih sarta kembang kenanga), lan lampu lenga klapa. Uga bisa ditindakake kanthi gawe among-among (bancakan), yaiku : tumpeng adhem-adheman (sega tumpeng dilawuhi janganan nanging bumbune ora dicarub), diganepi tukon pasar banjur dikepungke bocah cilikcilik.


Saperangan wong Jawa isih percaya anane roh alus, sing kadhangkadhang ngganggu marang manungsa. Wong Jawa akeh kang percaya yen ing watu gedhe, wit-witan gedhe, ing kreteg, ing alas kuwi ditunggu rohroh alus sing pancen ora kasat mripat. Kang manut wong Jawa ngarani yen roh alus kuwi mapane ana ing alam panglemunan utawa Kraton Seluman. Ya ing papan-papan sing dianggep kraton Seluman iki, mungguhing wong Jawa diarani papan sing angker utawa wingit. Kanggo ngurangi rasa wedi wong Jawa asring ngucapake puji-pujian utawa ngucapake lapal mantra. Alam alus kuwi kalebu golongane roh leluhur, kang dening wong Jawa dipercaya yen roh mau isih bisa sesambungan karo manungsa. Ing wektuwektu tinamtu wong Jawa nindakake tilik makam leluhur kanthi nyekar. Kanggo ngawekani gangguan saka roh alus wong Jawa asring pasang tumbal utawa sesaji. Tumrape wong Jawa kang nJawani, bab tumbal lan sesaji iki isih dilestarekake nganti teka seprene. Upamane : wong arep gawe omah, arep mbangun gedhung lan liya-liyane. Dene tumbal utawa sesaji iki bisa ditindakake dadi telung perangan, yaiku : nista, madya lan utama. Kang lumadine manut gedhe cilike kaperluan, dene tujuane pinongka tolak bala supaya roh alus kang nduweni watak ala aja nganti ganggu gawe. Jalaran wong Jawa darbe penemu yen kabeh kang tinitah urip iku nduweni kebutuhaning urip sing padha, yaiku kabeh kang urip butuh mangan lan ngombe. Embuh kuwi uriping manungsa, kewan lan tetuwuhan, kalebu roh alus kang tanpa wadag. Mung kang dipangan lan diombe wae kang ora padha, mula wong Jawa asring nindakake upacara kang diarani Caos Dhahar. WONG JAWA NGGONE SEMU Tembung wong Jawa nggone semu iki wis suwe kawentar jroning masyarakat Jawa. Tembung iki mawa teges yen wong Jawa kuwi ora mung ngatonake bab-bab kasat mripat wae. Tindak tanduke wong Jawa kebak ing sasmita. Akeh bab-bab kang kabungkus dening tembung rinonce, kang mawa karep tinamtu. Kanggo njagani aja nganti ana rasa cengkah ing batin, budaya semu iki uga digunakake ana ing pasrawungan bebrayan, tuladhane : wong tuwa ngajari anak carane milih jodho utawa pasangane bebrayan kanthi migunakake tembung “golekka wader aja kleru urang” tegese miliha jodho sing becik, syukur ketemu kang darbe bibit, bobot lan bebet, upama


ora aja nganti kleru mung oleh urang, sing suthange pating srawe tur nduwe sapit. Watake wong Jawa ngono kuwi padatan katon yen pinuju menehi wawasan utawa penemu marang wong liya ora blak-blakan, nanging nganggo sinemu ing samudana. Kabeh mau dibudidaya supaya tansah bisa karyanak tyasing sasama tegese sapa wae kang nompa tembung ora rumangsa kuciwa sing ancas bakune sanajan kahanane dibungkus nanging apa isine bisa dimangerteni. Karep kang dilapis nganggo semu kuwi nuduhake alusing budi. Tegese pancen wong Jawa kuwi ora seneng tumindak kasar sanajan satemene cengkah karo batine. Kanthi cara mangkono sesrawungan jroning bebrayan bakal lestari runtut becik. NGELMU TITEN Wewatakane wong Jawa kang katon menjila yaiku ngelmu titen. Tegese ngelmu kang darbe landhesan pakulinan kang lumaku diugemi lan ditindakake turun-temurun ora pedhot. Wong Jawa akeh kang ngugemi wewaton iki kanggo paugeran anggone padha arep tumindak. Pandoming urip dijumbuhake karo kanyatan kang dialami. Mula banjur diarani migunakake ngelmu titen, malah ana saperangan wong Jawa kang babar pisan ora wani lan ora bisa ninggalake wewaton iki jalaran yen nganti ninggalake, sepisan rasa atine dhewe kurang manteb, kaping pindho ana penganggep yen wong mau nerak adat utawa tradisi. Saripatine ngelmu titen iki dening leluhure wong Jawa diklumpukake dadi siji diarani Primbon. Nganti teka seprene ana pirang-pirang puluh Primbon kang dianggit dening para leluhur Jawa. Primbon-primbon iki dirumat kanthi premati, lan bakal dibukak samangsa wong Jawa arep darbe keperluan apa wae. Primbon iki mujudake buku cilik kang dadi wewaton para wong Jawa ing saben arep tumindak. Sajroning nindakake ngelmu titen iki dening wong Jawa dikantheni lampah, dene kang diarani lampah iku werna-werna wujude bisa nindakake semedi, tapa brata, meper utawa nepak ubaling napsu lan liya-liyane. Saking gentur anggone nindakake tapa lan semedi, mula ora aneh tekan wahyaning mangsa kala wong Jawa nampa


wisik lan wahyu. Mung becike wong kang nindakake lampah kuwi ngupadiya wewarah, tuntunan lan bimbingan saka guru kebatinan (spiritual) murih aja nganti salah arah, kanthi bimbingane guru spiritual hanjalari gampang kasembadaning sedya. KAHANAN DONYA SARWA LORO Kahanan padha disumurupi yen donya iki anane sarwa loro : ana padhang ana peteng, ana bener ana luput, ana ala ana becik lan sapiturute. Dene kang arep diandharake ing kene bab wewatakane wong kang ora becik. Geneya bab kang ora becik teka malah dijereng ? Supaya ing saben wong bisa ngerteni kabeh kahanan kang ana, wekasan diajab padha bisaa nyingkiri bab-bab kang ora becik kuwi. Upamane wong kang kepengin menang dhewe. Wewatakan wong kang seneng menang dhewe iki tetla gawe rugi, ya marang wong liya apadene marang awake dhewe. Pakulinane wong Jawa kang seneng menang dhewe iki wis kebacut mbalung sungsum marang pribadine saben wong. Kajaba wong Jawa wis kedunungan kawicaksanan wae kang wis bisa ngendhaleni watak kang ora prayoga iki. A. BUDAYA KANG ORA BECIK Pakulinan kang ora becik kang perlu oleh kawigaten ing antarane : 1. Drengki srei, jail lan methakil. Watak drengki srei kuwi salah sawijining watak kang ora seneng nyawang wong liya oleh kabegjan lan kanugrahan. Kosok baline dheweke luwih seneng yen nyawang wong kang nandhang, mula watak drengki srei iki senengane munasika marang liyan kanthi cara apawae. Jail yaiku watak kang seneng tumindak ala marang wong liya. Dene Methakil tegese niyat kanggo mamrih cilakane wong liya, jalaran kepengin arep menang dhewe. Wong Jawa kang darbe watak mangkene iki kepengin bab apawae kebageyan kang akeh dhewe : dheweke kepengin luwih wibawa, luwih kuwasa, luwih sugih tinimbang wong liyane. Kepengine bab apawae wong liya aja ana kang padha karo dheweke. Mula ora aneh yen dheweke tansah nggoleki kesalahan lan keringkihane wong liya, ing pamrih dianggo mbanting samongsa dibutuhake. Dadi yen wewatakan mangkene iki wis nguwasani manungsa wong mau jiwane bakal tansah kobar dening genining napsu, wekasan uripe wong mau ora bakal oleh katentreman.


Luwih-luwih yen watak jail methakil iki wis dibumboni karo watak mbuntut arit, sing tegese wong kang seneng ngrasakake kenikmataning liyan kanthi alesan werna-werna kang julig. Awit saka iku wong mau mesthi sugih tembung manis, pinter ethok-ethok, pinter adu wicara, sing karepe ben katon nggegirisi tanpa tandhing. Sing pungkasane wong Jawa kang darbe watak mangkene, dheweke kepengin ngemperi jagat bebasane, tegese jagat saisine kepengin arep dimalaki dhewe. Padatan watak mangkono iki seneng ngremehake marang liyan. Wong Jawa kang darbe budaya ala kaya mangkono iku adhakane nyimpen rasa ndhem-ndheman (dendham) sing gedhe. Wong Jawa yen darbe watak ndhem-ndheman kuwi padatan awet, kadhang-kadhang tekan turun tumurun. Akeh ndhem-ndheman dawa sing diprangguli ing masyarakat Jawa, sing nganti seprene isih padha-padha diugemi, tuladhane : wong ing kampung A pasulayan karo kampung B, banjur manggalane wong kampung A muni “Anak putuku mbesuk aja nganti padha bebesanan karo wong kampung B”. Banjur sumebaring warta mratelakake yen wong kampung A ora kena bebesanan karo wong kampung B, bab iki dening para anak turune diugemi banget, nganti teka seprene isih lumaku. Akeh maneh tuladha liyane sing nganti teka seprene isih padha-padha diugemi. 2. Merkengkong Budaya merkengkong iki luwih njengkelake tinimbang wong ngeyel, jalaran merkengkong kuwi werdine ngewuhake, tegese wong sing angel diterka atine. Wong Jawa kang darbe watak kaya mangkene iki padatan seneng ngrepotke wong liya, ati lan pikirane mbandhel kang asring dijuluki Rai Gedhek, tegese wong kang ora duwe isin, yen nganggep bener ya mung benere dhewe. Cethane wong sing merkengkong iki angel di elingake dening wong liya sanajan dheweke luput. Watak merkengkong iki yen wis ngrembaka akeh kancane, banjur dadi budaya sekuthon utawa kong kalikong, tegese wong loro utawa luwih bareng-bareng nindakake bab kang mung nguntungake kelompoke dhewe sanajan wong liya rugi.


3. Ngrasani Budaya ngrasani iki katone wus kelet karo pribadine ing saben wong Jawa. Budaya elek iki tuwuh jalaran wong Jawa ora nate gelem blakblakan, kabeh-kabeh banjur katutup dening rasa ewuh pekewuh, entekentekane jumedhul budaya ngrasani. Tradhisi kang kurang becik iki nyrambahi ing saben wong, embuh kuwi wong lanang apa wadon, tataraning luhur apa wong lumrah kabeh padha. Amarga umume ora krasa yen ngrasani kuwi sawijining tradhisi kang kurang becik. Saben ana rubung-rubung, budaya ngrasani iki adhakane jumedhul. Saweneh ana kang duwe penganggep yen ngrasani kuwi dadi bumbune wong jejagongan. Isen-isening wong ngrasani kuwi yen ngalem, anggone ngumbul-umbulake wong nganti sundhul langit, kosok baline yen nyacat alaning liyan nganti entek amek kurang golek, wadi lan alaning liyan dieker-eker mrana-mrene. Sing luwih mbebayani maneh yen nganti mitenah wong liya, dadi nglegewa apa ora satemene wong kang karem ngrasani kuwi, padha wae dheweke ndhedher mungsuh sing sawanci-wanci bisa nuwuhake pasulayan. Mung emane budaya ngrasani kuwi isih lestari nganti teka seprene, malah ora mung wong sing lumrah wae sing nindakake, nanging nganti tekan ing kalangane wong golongan luhur barang isih akeh kang nindakake budaya elek kang ora pantes padha ditindakake iki. B. BUDAYA JAWA KANG BECIK Budaya Rukun Pethingane wong Jawa yaiku gegayuhan luhur bab budaya rukun. Kerukunan dumadi jalaran ing saben wong darbe niat ajen-ingajenan, tata krama lan tata susila lumaku sabenere sarta ukuran tepa salira ditindakake ing pasrawungan padinan. Kanthi cara iki ing antarane anggota masyarakat Jawa bakal adoh saka ing pasulayan, tundone katentremaning bebrayan bisa maujud. Reroncening tembung kang mratelakake katentremaning jagad asring diucapake dening Ki Dhalang yen pinuju janturan kae. “Negara ingkang panjang punjung pasir wukir loh jinawi, gemah ripah kerta tata tur raharja”. Kang mengku werdi negara kawentar kaloka dhuwur drajate, luhur budine lan nyandhang kawibawan. Negara kang ngungkurake pagunungan, ngeringake pesawahan, nengenake bengawan lan ngarepake


pelabuhan gedhe. Subur kang sarwa tinandur, murah kang sarwa tinuku. Among dagang anglur datan ana pedhote, labet tan ana sangsayaning margi. Kahanan kaya kang kocap ana ing janturan wayang kuwi dening wong Jawa, terus dibudidaya murih bisa dadi kanyatan. Wong Jawa seneng tumindak becik marang sapadha-padha, kaya kang dipratelakake ana ing Kitab Negara Kertagama anggitane Empu Prapanca kang unine : “ Memayu hayuning Bhawana “, kang werdine wong Jawa tansah rumeksa marang karahayon lan katentremaning jagad. Awewaton memayu hayuning bhawana iku wong Jawa bisa ngendhaleni watak supaya tansah tumindak becik marang sapadha-padha. Budaya rukun dikatonake maneh ana ing wewarah kang nuntun manungsa marang bebuden luhur, kang diarani Catur Paramitha yaiku : 1. Asih Atulung Jiwa Tegese tresna asih marang sapdha-padhaning urip. Kanggo nggayuh marang budi pekerti luhur wong Jawa nindakake rasa tresna asih kuwi, ora mung winates marang sapadha-padhaning manungsa wae, nanging marang sapadha-padhaning urip. Jalaran wong Jawa ngakoni yen kabeh urip iki dititahake dening Kang Maha Urip (Urip Agung), ya uripe manungsa, uripe kewan apadene uripe tetuwuhan. Kanthi mangkono wong Jawa darbe kuwajiban njaga marang lestarining lingkungan. 2. Welas Asih Welas asih sawijining sipat dhasaring manungsa. Wong Jawa kang nJawani isih kandel rasa welas asihe, luwih-luwih marang wong kang ana sajroning panandhang, kaya-kaya dheweke melu ngrasakake kaya kang dirasakake wong kang lagi nandhang kuwi. Mula wong Jawa kang nJawani tansah sumadiya suka bebantu manut kabisane. 3. Agawe Sukaning Len Tegese agawe sukaning liyan. Ing pasrawungan padinan wong Jawa tansah mbudidaya aja nganti gawe gela lan seriking liyan, dene pawitane srawung : momor, momong lan momot. Momor tegese sajroning srawung aja nganti teberi mbeda-mbedakake kanca srawung, murih raket rumaketing kekancan paseduluran. Momong mengku werdi supaya wong kuwi bisaa nyrateni lan gampanga disrateni, gelem weweh sarta uga gelem diwewehi murih lestarining sesrawungan. Dene Momot mengku karep bab kang ora


perlu aja teberi dibeber utawa digelar sak enggon-enggon, luwih maneh yen bab cacad lan alaning wong liya prayoga den singgahana. 4. Masinggih ing Samanya Janma Tegese ajen-ingajena marang sapadha-padhaning urip, dadi gelema ngajeni marang wong liya kaya ngajeni marang awakke dhewe. Ing pasrawungan janji rasa ajen-ingajenan iku terus dijaga bakal adoh saka pasulayan kang wekasane kerukunan lan katentremaning bebrayan bakal maujud. BUDAYA BATIN ( SPIRITUAL ) Kajaba budaya-budaya kaya kang wis kasebut ing ngarep uga ana budaya batin utawa spiritual. Para Sujana kang wus sujaneng budi paring dhawuh, menawa tujuaning brata kuwi kanggo nggayuh rasa eling, kang lerege bakal bisa nggayuh marang rasa sejati. Dene tandha-tandhane bakal gambuhing rasa sejati kuwi, yen wis tuwuh rasa pasrah kang tulus. Wondene tuwuhing rasa pasrah kang tulus kuwi ngliwati proses luwih dhisik kudu bisa nuwuhake pirang-pirang rasa. Ing mangka adhakane rasa luhur kuwi turune angler, jalaran dikebuti dening rasa asor (napsu kadonyan), sing perlune rasa asor mau ora ana kang ngganggu gawe. Mula rasa luhur iku kudu digugah, carane dilatih kanthi teliti lan tlaten. Ing ngisor iki diaturake rerumpakan Sekar Dhandhanggula kang ngemot lan mbabar bab rasa kang perlu digugah, mangkene : DHANDHANGGULA 1. Lamun arsa kadunungan eling, Mrih widada kalis sambekala, Lenggahna rasa rasane, Rasa rila rumuhun, Saguh nampi kanyatan yekti, Nadyan wus mbudidaya, Nut karseng Hyang Agung, Lamun nora kasembadan, Rila iklas ing lahir trusing batin, Kawula mung saderma.


2. Kaping pindho rasa nrima kaki, Den sembada meper ing angkara, Kang nora cetha watese, Sinartan tur panuwun, Kabeh sedya kang wus tinampi, Awit lamun den undha, Sang angkara iku, Yekti bakal ngambra-ambra, Wekasane jagad arsa den emperi, Temah amongsa raga. 3. Kaping telu ngabekti Hyang Widhi, Aywa pegat ing panembahira, Paduka Sangkan Parane, Sangkan Paran sarwegung, Linambaran ing welas asih, Wajib den tresnanana, Tulus trusing kalbu, Ing satindak-tandukira, Anedahna tresna asih mring sesami, Bebrayane rineksa. 4. Ayem tentrem rasa kang pinuji, Katon gampang yen ta ingucapna, Angel nggone nindakake, Yekti teliti tangguh, Ing pamawas sabarang kardi, Rasa gambuh mring garwa, Tinurut mring sunu, Samubarang kang weh panas, Kang weh peteng kabeh kudu den singkiri, Ayem tentrem ngalela, 5. Ayem tentrem yen wus mrabawani, Jroning nala ing sajuga-juga, Labet wus gambuh rasane,


Mobah mosik tinuntun, Prabawane budi kang suci, Utama tindakira, Jenjem-e tuwajuh, Tan kengguh ing gara godha, Tatag tanggon ngadhepi ing samukawis, Rasa jenjem nyarira. 6. Nora tega wruh kang nandhang sedih, ( rasa welas ) Tan mentala wruh petenging liyan, Rasane lir ngrasakake, Wajibe sumbang urun, Weh panglipur kang nandhang sedhih, Kang peteng wajibira, Den sumbang sesuluh, Lekase jalma utama, Darbe watak pindha wewatakan lilin, Ajur angsung pepadhang. 7. Urip aneng madya pada iki, Wus pinasthi sarana hamboga, Mrih wimbuh kasantosane, Karana mangan nginum, Kasantosan otot lan daging, Dene santosaning jiwa, Kawruh ilmu luhur, Den taberi olah rasa, Kanggo nggayuh gambuhing rasa sejati, Sayekti weh pepadhang. 8. Yen kasesa nggennya muring-muring, Anggegampang mring luputing liyan, Kang durung wruh darunane, Wajib nuli rinacut, Murih bening weninging ati, Hardaning tyas yen den umbar,


Dadya urub-urub, Angobar makantar-kantar, Nora wurung ambasmi badan pribadi, Cabar wigar kang sedya. ( aja brangasan ) 9. Urip ndonya kabeh wis pinasthi, Den tut wuri ing godha lan coba, Kang werna-werna wujude, Sayekti maweh kisruh, Sesambungan manungsa Widhi, Tan raket luwih renggang, Saya nyamut-nyamut, Becik den sareh den sabar Samubarang tinata kanthi prayogi, Sareh manggih raharja. 10. Bungah susah bisa timbang sami, Yen sembada anggegulang nala, Ngungkurke rasa aku-ne, Sakeh pakartinipun, Linambaran rumongsa wajib, Wajibing tinitah gesang, Uwal ing pandhaku, Tan suka den alembana, Kosok bali winada ati tan runtik, Bungah susah tan beda. ( pasrah lan sumarah ) 11. Kang wus uning sejatining urip, Lamun urip tan kena pralaya, Dene kang rusak wadage, Begja cilaka iku, Yekti mung kuruping kardi, Yogya pakaryanira, Nut budi kang luhur,


Nora kudu was sumelang, Wus pinurba panguwasaning Hyang Widhi, Becik ala ketara. 12. Lamun nedya anggayuh utami, Beneh lamun pakarti candhala, Ngalor ngidul bebasane, Lamun anggayuh luhur, Keh rubeda kang memalangi, Lahir batin den santosa, Aywa gampang kengguh, Luwih maneh yen bosenan, Tangeh lamun kang sinedya bisa kapti, Wekasan ngulandara. 13. Den wruhana samubarang kardi, Tumapake lan antebing nala, Mrih katekan panjangkane, Aja kemba ywa mundur, Hanyenyadhang nugraheng Widhi, Aja sungkan wegahan, Satemah kapikut, Kagodha kabonda tamas, Uripira tan darbe tujuan pasthi, Urip papa sangsara. 14. Sapa wong kang wus bisa nglakoni, Amranata rasa kang prayoga, Iku dadya pratandhane, Sih wilaseng Hyang Agung, Lumunture kang rasa eling, Poma dipun sembada, Ing pangrawatipun, Becik sira kawruhana, Rasa eling cangkoke rasa sejati, Yogya den parsudiya.


PEPACUH “MA” SEPULUH Pepacuh iku werdine larangan. Dadi pepacuh “Ma” sepuluh iki mengku karep manungsa ora kena nindakake tumindak kang kagolong ana sajroning aksara “Ma” sepuluh mau, yaiku : Madad, Madon, Minum, Main, Maling, Mangani, Meri, Mahoni, lan Merkengkong. Geneya tumindak ora becik kok kudu dimangerteni ? Jalaran ngertine yen tumindak kuwi becik, amarga wis ngerti tumindak kang ora becik. Pancen loro-lorone perlu dimangerteni, kanthi mangkono mengko wong banjur bisa milah lan milih, tumindak endi kang arep ditindakake. Awit saka iku kanthi anane andharan pepacuh “Ma” sepuluh iki, diajab para putra wayah aja nganti kliru tumindake, kang wekasan bakal nuwuhake panandhang gawe ora tentrem sajroning uripe. Dene pepacuh “Ma” sepuluh kuwi mangkene : DHANDHANGGULA 1. Lamun Madad kang sira karemi, Nora wurung anemahi papa, Gusis sabarang darbeke, Amung ngawula napsu, Awak rusak tur kuru aking, Tilar duga prayoga, Tumindake ngawur, Yen kapengkok ketagihan, Tanpa wigih tuwuh patrape kang wengis, Gawe tunaning liyan. 2. Wiwitane pindha ngemis-ngemis, Murih oleh sumbangan redana, Nggo tuku candu tike-ne, Pil koplo sabhu-sabhu, Godhong ganja miwah ekstasi,


Yen gagal tanpa karya, Wekasane ngamuk, Nora nganggo duga-duga, Tindak kasar milara lan memateni, Nyegat aneng ndedalan. 3. Den wruhana lamun madad kuwi, Yekti ngrusak badane priyangga, Rusak lahir lan batine, Pindha hanganyut tuwuh, Temah cepak nemahi lalis, Hanggege marang kodrat, Kodrate Hyang Agung, Uripe wis tanpa guna, Ngalor ngidul mung nunggu tekaning pati, Sayekti ngulandara. 4. Ana maneh Madon kang den esthi, Pakaryane nora ana liya, Ngumbar napsu birahine, Tanpa ewuh pakewuh, Tilar adat myang tata krami, Sona mongsa ketiga, Paribasanipun, Ninggal kene njupuk kana, Panganggepe hamburu mareming ati, Tangeh lamun pinanggya. 5. Nora wurung bakal neniwasi, Lamun janma koncatan weweka, Cerak marang bilahine, Adoh mring budi luhur, Angel nggone milah lan milih, Kang becik miwah ala, Bener tuwin luput, Uripe katula-tula,


Singlar saking waler lan wajibing urip, Wekasan manggih papa. 6. Woh-wohane wong Minum puniki, Yekti dadya sumbering daredah, Sasar saparipolahe, Kareme gawe kisruh, Mrana-mrene agawe giris, Keladuk nenggak miras, Temah dadi wuru, Pangucape nora tata, Ngalor ngidul pindhane kaya wong ndleming, Dhemen ngajak sulaya. 7. Luwih maneh yen wis krasa salit, Nora ndadak wigih ringa-ringa, Mung nggugu karepe dhewe, Sapa wong kang kepethuk, Nora luput ditodhong dhuwit, Ngono kanggo dhadhakan, Ora oleh ngamuk, Dhasar mung waton sulaya, Tanpa angger lan paugeraning urip, Uripe nabrak-nabrak. 8. Samubarang kang ingaran Main, Gegadhangan uripe nalongsa, Nora sumeleh atine, Yen menang golek mungsuh, Lamun kalah kendhile nggoling, Ribut luru pawitan, Nggo ngadhepi mungsuh, Durung nate ana crita, Yen wong main mubra-mubru urip mukti, Mesthi urip rekasa.


9. Yen pinuju kasinungan dhuwit, Bingar sigrak pindha Balarama, Sora bening pamuwuse, Kang-ongkang kebal–kebul, Rokok kretek kang den karemi, Sinambi nunggu kanca, Kanca calon mungsuh, Yen wis ganep sakalangan, Banjur lotre golek papan kang pinilih, Kabeh kepengin menang. 10. Lupiyane memungsuhan kuwi, Ana menang mesthi ana kalah, Sing menang bombong atine, Rumongsa oleh butuh, Nggo nyukupi butuhing urip, Nanging nora nglegewa, Yen sing kalah bingung, Bali mlaku sempoyongan, Mripat ngantuk anak nangis kendhil nggoling, Becik padha elinga. 11. Wong kang karem ing tumindak Maling, Nora darbe rasa tepa slira, Memeruh dudu darbeke, Yen solahe katrenjuh, Muring-muring sarwi angincim, Ngendhak gunaning liyan, Pambege adigung, Adoh saka panglenggana, Yen ing ndonya anane gilir gumanti, Cidra mesthi ketara.


POCUNG 1. Kurang dunung ngumbar angkara dremba gung, Mangan tanpa duga, Mung mbujung klimising lathi, Panganggepe urip iki kanggo mangan. 2. Siang dalu hamburu mblendhuking wadhuk, Mrih lemuning awak, Pancen dhasar wong Mangani, Warna-warna bakale sirna pinangan. 3. Gurung iku pindhane bengawan bandhung, Weteng lir samudra, Apa kang kacemplung keli, Kebo sapi raja brana kerut bablas. 4. Nora udur Meri begjane sedulur, Kang nompa nugraha, Kanugrahaning Hyang Widhi, Nora bakal lamun bisa tiniruwa. 5. Aja nesu lamun ana wong tetuku, Becik mbudidaya, Aja mung kagedhen meri, Ati rusak tangeh oleh katentreman. 6. Aja gendhung rumongsa dheweke luhur, Tan ana kang padha, Sapa-sapa den Waoni, ( Maoni ) Nora krasa dheweke pinter memada. 7. Nora udur alaning liyan den lembur, Dawa ngandhar-andhar, Becike dipun singgahi, Tan prayoga awake den alembana.


8. Nora patut Maeka wong nora luput, Dhemen ngganggu liyan, Drengki srei miwah jahil, Kang digontha mamrih wong liya sangsara. 9. Nora canggung tumindak kang tanpa petung, Nyebar kasangsaran, Gawe jagang tengah margi, Lega bungah weruh wong kang nandhang susah. 10. Watakipun wong Merkengkong mesthi ngudung, Suthik tembayatan, Nggugu karepe pribadi, Karemane gawe repote wong liya. 11. Pancen ewuh tan darbe rasa pakewuh, Ngeyel tanpa duga, Nganggep benere pribadi, Yen kaduga kepengin menang priyangga. 12. Nadyan luput nanging tan rumongsa kliru, Malah nguman-uman, Tan kengguh ujaring jalmi, Rai gedheg kuping kandel nggalap menang. PENANGGALAN JAWA Tumrap leluhure wong Jawa nganggep yen tanggal, dina lan pasaran iku wigati banget. Jalaran tanggal, dina lan pasaran iku kanggo paugeran nggoleki dina becik, kanggo samubarang kaperluaning urip. Wiwit kaperluan arep lelungan, arep gawe omah, arep pindhah omah, arep mantu lan liyaliyane. Amarga wong Jawa iku samobah-polahe mesthi milih dina kang dianggep prayoga. Awit saka iku kanggo nggampangake anggone padha ngetung tanggal, ing ngisor iki rerumpakan kang nuduhake tibane tanggal sepisan ing saben sasi manut wewaton ABOGE ( wewaton kang nuduhake


tanggal sepisan Suro tahun Alip dinane Rebo Wage ), kang diracik dadi Sekar Pangkur. PANGKUR 1. Rebo Wage tanggal pisan, Sasi Suro anuju taun Alip, Jumat Wage Sapar-ipun, Setu Pon Maulud-nya, Ing Senen Pon tanggal pisan Bakdamulud, Slasa Paing Madilawal, Kemis Paing Madilakir. 2. Dene yen Rejeb kang wulan, Tanggal pisan nuju ari Jumat Legi, Minggu Legi Ruwah-ipun, Senen Kliwon-e Pasa, Rebo Kliwon tanggal pisan Sawal-ipun, Kemis Wage Dulkaidah, Setu Wage Besar nuli. 3. Akad Pon tanggal sepisan, Sasi Suro marengi Ehe kang warsi, Selasa Pon Sapar-ipun, Rebo Paing Mulud-an, Jumat Paing tanggal pisan Bakdamulud, Setu Legi Madilawal, Senen Legi Madilakir. 4. Kalamun Rejeb kang wulan, Slasa Kliwon dhumawahing tanggal siji, Kemis Kliwon Ruwah-ipun, Jumat Wage-ne Pasa, Minggu Wage tanggal pisan Sawal-ipun, Ing Senen Pon Dulkaidah, Rebo Pon Besar kang sasi.


5. Jumat Pon tanggal sepisan, Sasi Suro taun Jimawal marengi, Minggu Pon ing Sapar-ipun, Senen Paing Mulud-nya, Rebo Paing tanggal pisan Bakdamulud, Kemis Legi Madilawal, Setu Legi Madilakir. 6. Kalamun Rejeb kang wulan, Minggu Kliwon tibane tanggal siji, Slasa Kliwon Ruwah-ipun, Rebo Wage-ne Pasa, Jumat Wage wulan Sawal kang sumusul, Setu Pon ing Dulkaidah, Senen Pon Besar tumuli. 7. Slasa Paing tanggal pisan, Sasi Suro taun Je ingkang marengi, Kemis Paing Sapar-ipun, Jumat Legi Mulud-an, Minggu Legi tanggal pisan Bakdamulud, Senen Kliwon Madilawal, Rebo Kliwon Madilakir. 8. Yen Rejeb tibane wulan, Kemis Wage dhumawahing tanggal siji, Setu Wage Ruwah-ipun, Minggu Pon sasi Pasa, Selasa Pon sasi Sawal kang sumusul, Rebo Paing Dulkaidah, Sasi Besar Jumat Paing. 9. Setu Legi tanggal pisan, Sasi Suro pinuju Dal kang warsi, Senen Legi Sapar-ipun,


Slasa Kliwon Mulud-an, Senen Kliwon tanggal pisan Bakdamulud, Jumat Wage Madilawal, Minggu Wage Madilakir. 10. Kalamun Rejeb kang wulan, Ing Senen Pon tibane tanggal siji, Ruwah Rebo Pon satuhu, Kemis Paing-e Pasa, Setu Paing tanggal pisan Sawal-ipun, Minggu Legi Dulkaidah, Besar dina Slasa Legi. 11. Kemis Legi kang winarna, Tanggal pisan sasi Sura Be kang warsi, Setu Legi Sapar-ipun, Minggu Kliwon Mulud-an, Slasa Kliwon tanggal pisan Bakdamulud, Rebo Wage Madilawal, Jumat Wage Madilakir. 12. Dene yen Rejeb kang wulan, Ing Setu Pon tibane tanggal siji, Senen Pon Ruwah puniku, Selasa Paing-e Pasa, Kemis Paing tanggal pisan Sawal-ipun, Jumat Legi Dulakaidah, Besar dina Minggu Legi. 13. Senen Kliwon kawiwitan, Sasi Suro taun Wawu kang marengi, Rebo Kliwon Sapar-ipun, Kemis Wage Mulud-an, Setu Wage tanggal siji Bakdamulud, Minggu Pon yen Madilawal, Selasa Pon Madilakir.


14. Dene yen Rejeb kang wulan, Tanggal pisan ana dina Rebo Paing, Jumat Paing Ruwah-ipun, Setu Legi-ne Pasa, Senen Legi sasi Sawal-e sumusul, Slasa Kliwon Dulkaidah, Besar Kemis Kliwon nuli. 15. Jumat Wage tanggal pisan, Sasi Suro taun Jimakir ndhatengi, Minggu Wage Sapar-ipun, Senen Pon Maulud-nya, Ri Rebo Pon tanggal pisan Bakdamulud, Kemis Paing Madilawal, Setu Paing Madilakir. 16. Kalamun Rejeb kang wulan, Tanggal pisan dumunung Minggu Legi, Slasa Legi Ruwah-ipun, Ri Rebo Kliwon Pasa, Jumat Kliwon sasi Sawal kang sumusul, Setu Wage Dulkaidah, Senen Wage Besar nuli.


SABDA SANG SADHU 1. Sugih Tanpa Bandha Tegese tansah atur panuwun ing ngarsaning Kang Maha Kawasa lan rumongsa tansah kacukupan ( gedhe rasa panarimane ). 2. Nglurug Tanpa Bala Tegese samubarang prakara dirampungake kanthi cara damai ( kekeluwargaan ). 3. Menang Tanpa Ngasorake Tegese mbudidaya golek dalan kang prayoga kang ora nganti ngrugekake marang wong liya. Utawa bisaa kecekel iwakke nanging aja nganti buthek banyune. 4. Weweh Tanpa Kelangan Tegese ing saben pangurbanan kanthi linambaran rasa iklas. ***** P W *****


Click to View FlipBook Version