Kelas XI SMA Negeri 1 Jakenan BahanAjarOleh: Akip Fauzi, S.Pd. Menulis Teks Pariwara
A. Identitas Kelas : XI Mata Pelajaran :Bahasa Jawa Materi :Menulis Iklan (pariwara) B. Capaian Pembelajaran Peserta didik mampu menulis teks nonsastra berupa iklan (pariwara, broadcast) untuk berbagai tujuan secara logis, kritis dan kreatif. C. Profil Pelajar Pancasila Berakhlak Mulia, Mandiri, Gotong royong, Bernalar Kritis dan kreatif. D. Tujuan Pembelajaran Setelah pembelajaran diharapkan: 1. Peserta didik mampu menulis teks nonsastra berupa iklan (pariwara) untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif. 2. Peserta didik mampu mendesain hasil tulisan teks iklan (pariwara) berbantukan aplikasi canva secara kritis dan kreatif. E. Materi Teks Deskripsi 1. Tegese Pariwara Pariwara/iklan iku sawijining pesen/informasi babagan barang/jasa (produk) kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar media (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujokake kanggo konsumen utawa bebrayan agung/masyarakat. 2. Ancas utawa Tujuan Ancase pariwara iku supaya masarakat kesengsem gelem tuku utawa nggunakake barang utawa jasa kasebut. 3. Paugeran (aturan) pariwara Apa wae paugeran (aturan) pariwara ? 1) Iklan migunaake media massa kanggo masifikasi layang. 2) Migunaake sponsor sing wes teridentifikasi. 3) Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak. 4) Nduweni tujuan kanggo ngentokno audiens seakeh-akehe.
4. Jinis Iklan utawa Pariwara Apa wae jinising pariwara?? A. Iklan sing nganggo dasar tujuan 1. Iklan Informatif Iklan informatif yaiku, iklan kang nduweni paugeran : a) Nduweni tujuan mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka produk kang wes ana. b) Njelasno cara kerja pproduk. c) Menehi infrmasi harga lan kemasan produk d) Ngoreksi produk Tuladhane iklan informatif yaiku iklan hp Sony Ericsson Z550i, iklan Dji SamSoe, iklan Coca Cola. 2. Iklan Persuasif Iklan persuasif nduweni paugeran,yaiku : a) Nduweni tujuan nyiptakno kesenengan, preferensi lan keyakinan, sahinggo konsumen arep tuku lan migunaake barang lan jasa. b) Nganjurno khalayak milih merk tertentu. c) Nganjurno kalayak tuku. d) Ngubah persepsi konsumen. e) Mbujuk khalayak tuku saiki. Tuladhane iklan persuasif yaiku, iklan Samsung Slim Fit T, iklan Canon Printer PIXMA iP1200. 3. Iklan reminder Iklan reminder nduweni paugeran, yaiku : a) Nduweni tujuan ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa. b) Ngilingno konsumen tuku produk iku. c) Njaga kesadaran produk. d) Njalin hubungan apik karo kosumen. Tuladha : iklan Vita Zone, iklan Hotel Santika Malang, iklan Simpati Jitu.
B. Iklan umum 1. Iklan Tanggung Jawab Sosial Iklan tanggung jawab sosial, yaiku iklan kang nduweni tujuan nyebarno pesan kang nduweni sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya mbentuk sikap warga, saengga nduweni tanggung jawab marrang masalah sosial. Tuladha : iklan anjuran, lan iklan penggambaran sosial. 2. Iklan Bantahan Iklan bantahan yaiku iklan kang digunakake mbantah utawa nglawan isu kang nggawe rugi dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener. Ciri khas iklan iki yaiku ndheleh komunikator gawe pihak kang teraniaya utawa digawe rugi pihak liya. Tujuan iklan bantahan yaiku: ngilimisi iklan kang ora bener lan ora nguntungake; ngluruske isu ing porsi kang bener, trep karo maksud perusahaan; mbangun simpati khalayak; mbangun opini publik menawa perusahaan ana ing posisi kang bener. 3. Iklan Pembelaan Iklan pembelaan yaiku ‘lawan’ saka iklan bantahan. Tujuan saka iklan iki yaiku supaya oleh simpati saka khalayak menawa perusahaan ana ing posisi kang bener. Tuldhane yaiku iklan kang kaiket karo hak paten. 4. Iklan Perbaikan Iklan perbaikan yaiku iklan kanggo mbenakno layang-layang bab hal kang wes kahung keliru lan disebarake nganggo media. Istilah lain iklan iki yaiku iklan ralat utawa iklan pembetulan. Iklan iki nduweni tujuan kanggo ngralat informasi sing keliru, saengga publik tetep oleh informasi kang bener. 5. Iklan Keluarga Iklan keluarga yaiku iklan kang isi layang-layange pemberitahuan saka pengiklan bab kedadiane peristiwa kekeluargaan marang keluarga/khalayak lainne. Iklan keluarga biasane luwih akeh rupa iklan kolom lan display, ora akeh nduweni isi ilustrasi gambar, lan luwih ngandalno layang tulis. Tuladhane yaiku iklan bab kematian, pernikahan, wisuda, lan liya-liyane.
C. Iklan khusus 1. Iklan kang nganggo dasar media kang digunakake : a) Iklan Cetak yaiku iklan kang digawe lan dipasang karo migunakake teknik cetak. Tuladhan: iklan cetak surat kabar, iklan cetak baliho, iklan cetak poster, iklan spanduk, lan liya-liyane. b) Iklan Elektronik yaiku iklan kang dipasang ing media kaya radio, lan TV. 2. Iklan kang nganggo dasar tujuan iklan : a) Iklan Komersial yaiku iklan bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan ekonomi. Iklan komersial dibagi dadi telung jenis iklan, yaiku iklan kanggo konsumen, kanggo bisnis lan iklan kanggo profesional. b) Iklan Non Komersial yaiku iklan kang digunakake kanggo nyampekake informasi, ndidik khalayak. 3. Iklan kang nganggo dasar bidang isi layang : a) Iklan Politik. b) Iklan Pendidikan. c) Iklan Kesehatan. d) Iklan kecantikan lan perawatan tubuh. e) Iklan Pariwisata. f) Iklan hiburan. g) Iklan Olah Raga. h) Iklan Hukum. i) Iklan Lowongan Pekerjaan / Recruitment. j) Iklan Duka Cita. k) Iklan Perkawinan. l) Iklan panganan lan ombean. m) Iklan Otomotif. n) Iklan lingkungan Hidup. o) Iklan Media.
4. Iklan kang nganggo dasar komunikatore a) Iklan Personal. b) Iklan Keluarga. c) Iklan Instusi. 5. Iklan kang nganggo dasar cakupan a) Iklan Lokal yaiku iklan kang cakupan khalayak sasaran kang dituju ana ing wilayah lokal, kayata pedesaan utawa perkotaan, utawa kabupaten. b) Iklan Regional yaiku iklan kang cakupan khalayak luwih saka siji wilayah lokal. c) Iklan Nasional yaiku iklan kang target konsumen ana ing kabeh wilayah negara. d) Iklan Internasional yaiku iklan kang mbidik khalayak kang njangkau trans nasional utawa luwih saka siji negara. 6. Iklan kang nganggo dasar fungsi a) Iklan Informasi yaiku iklan kang nitik beratke isi kanggo informasi kanggo khalayak. b) Iklan Persuasi yaiku iklan kang nitik beratke ing upaya ngaruhi khalayak kanggo nglakokake penggawean. c) Iklan mendidik yaiku iklan kang nitik beratke ing tujuan ndidik khalayak, supaya khalayak ngerti lan nduwe pengetahuan. d) Iklan Parodi/Hiburan yaiku iklan kang digawe kanggo keperluan guyonan. 5. Struktur Pariwara Struktur pariwara/iklan ing antarane kayata: a. Orientasi yaiku pengenalan produk (irah-irahan) b. Tubuh iklan yaiku ngrembag apa sing arep ditawakake (inti) c. Justifikasi yaiku deskripsi produk. (spesifiksi produk, alamat lsp.)
6. Titikan pariwara/iklan Titikane pariwara/iklan yaiku: a. Ukarane cekak lan aos (singkat-jelas) b. Basa kang digunakake bisa dingerteni utawa ora mbingungake (komunikatif) c. Tulisan lan gambare narik kawigaten d. Tembunge persuatif/ajakan 7. Carane nulis pariwara, yaiku: Cara kanggo gawe pariwara/iklan a. Produk/jasa kang ditawakake kasunyatan, ora reka-reka. b. Deskripitif, (ngandharake kahanan produk kang ditawakke kanthi basa sing gampang dipahami lan cetha) c. Persuasif, (ukara kang gawe audience gelem nggunakake produk/jasa kang ditawakake) e. Sakjerone iklan diwenehi gambar kang narik kawigaten. Nggatekake kabutuhan konsumen, menehi solusi lan menehi kawigaten. 8. Tuladha Pariwara 6. Titikan pariwara/iklan Titikane pariwara/iklan yaiku: a. Ukarane cekak lan aos (singkat-jelas) b. Basa kang digunakake bisa dingerteni utawa ora mbingungake (komunikatif) c. Tulisan lan gambare narik kawigaten d. Tembunge persuatif/ajakan 7. Carane nulis pariwara, yaiku: Cara kanggo gawe pariwara/iklan a. Produk/jasa kang ditawakake kasunyatan, ora reka-reka. b. Deskripitif, (ngandharake kahanan produk kang ditawakke kanthi basa sing gampang dipahami lan cetha) c. Persuasif, (ukara kang gawe audience gelem nggunakake produk/jasa kang ditawakake) e. Sakjerone iklan diwenehi gambar kang narik kawigaten. Nggatekake kabutuhan konsumen, menehi solusi lan menehi kawigaten. 8. Tuladha Pariwara 6. Titikan pariwara/iklan Titikane pariwara/iklan yaiku: a. Ukarane cekak lan aos (singkat-jelas) b. Basa kang digunakake bisa dingerteni utawa ora mbingungake (komunikatif) c. Tulisan lan gambare narik kawigaten d. Tembunge persuatif/ajakan 7. Carane nulis pariwara, yaiku: Cara kanggo gawe pariwara/iklan a. Produk/jasa kang ditawakake kasunyatan, ora reka-reka. b. Deskripitif, (ngandharake kahanan produk kang ditawakke kanthi basa sing gampang dipahami lan cetha) c. Persuasif, (ukara kang gawe audience gelem nggunakake produk/jasa kang ditawakake) e. Sakjerone iklan diwenehi gambar kang narik kawigaten. Nggatekake kabutuhan konsumen, menehi solusi lan menehi kawigaten. 8. Tuladha Pariwara