The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by sellyawahyu29, 2022-10-17 21:42:02

MATERI SEKAR POCUNG

MATERI SEKAR POCUNG

MATERI SEKAR
MACAPAT

Dening:
Sellya Wahyu Mustika, S.Pd.

TEMBANG MACAPAT

Karya sastra Jawa minangka warisane leluhur ana akeh maceme sing bisa awake
dhewe petuki nganti saiki. Salah sawijine geguritan Jawa sing kerep awake dhewe
rungokake yaiku tembang macapat, sing minangka pametu cipta sastra Jawa anyar
sing nggunakake basa Jawa anyar (Saputra, 2010: 12-13). Miturut ukura liyane,
tembang macapat yaiku minangka wujud geguritan Jawa sing migunakake bahasa
Jawa anyar, tinalenan karo paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

Macapat kagolong geguritan tradisional Jawa, saben ayat macapat nduweni baris
ukara sing kasebut gatra, lan saben gatra nduweni sakrenane guru wilangan
tartamtu, lan akhir saka suara sing disebut guru lagu. Tembang macapat diartekne
dadi maca papat-papat, yaiku maksude cara maca sing kajalin saben papat suku
tembung.

Pangerten Macapat

Karya sastra Jawa sing minangka warisane leluhur ana akeh maceme sing bisa
awake dhewe petuki nganti saiki. Salah sawijine geguritan Jawa sing kerep awake
dhewe rungokake yaiku tembang macapat, sing minangka pametu cipta sastra Jawa
anyar sing nggunakake basa Jawa anyar (Saputra, 2010: 12-13). Miturut ukura
liyane, tembang macapat yaiku minangka wujud geguritan Jawa sing migunakake
bahasa Jawa anyar, tinalenan karo paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagu.Puisi tradisional Jawa utawa tembang biasané dipérang dadi telung kategori:
tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat digolongaké
kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa
kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora
dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi tembang
tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa
Tengahan.

Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan
luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing

didhasaraké marang basa Sanskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata
dawa lan cendhak dilirwakaké.

Aturan-aturan iku ana ing:

a. Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).

b. Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.

c. Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

Timbulipun Sekar Macapat

Tembang Macapat sampun wonten nalika jaman Majapahit, ananging sakalangkung
anem saking sekar Tengahan. Sekar Macapat menika manut Tedjohadisumarto
karipta dening Prabu Dewawasesa/ Prabu Banjaransari kala taun Jawi 1191 utawi
1269 masehi.

Antawisipun sekar Macapat kaliyan Tengahan menika meh memper. Paugeranipun
meh sami (guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu), ingkang mbedakaken naming
basanipun. Sekar Tengahan ngangge basa Jawi tengahan, dene sekar Macapat
ngangge basa Jawi enggal. Ing sekar Tengahan limrahipun cakepan winastan
kidung, mila wonten kidung Durma, kidung Sinom. Cakepan kasebat sinerat wonten
ing Kidung Sundayana.

Macapat kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn
rinakit saben patang wanda. Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané
uga ana. Sajabané sing wis kasebut ing dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat
ngarujuk marang cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing
relevan jroning panembangan macapat.

Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang dening Ranggawarsita, macapat
minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé "nglagokaké nada
kapapat".Saliyané maca-pat-lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan
maca-tri-lagu.

Miturut ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning
para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang
pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri. Nyatané iki klebu kategori sing saiki
disebut kanthi jeneng tembang gedhé.

Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing bait (pada) saben pupuh bisa
kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda) jroning saben bait
(pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara.

Maca-tri utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar
diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké
déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré. Wusanané, macapat utawa
tembang cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.

Gunggungipun tembang macapat

Gunggungipun tembang macapat wonten 11, inggih menika:

1. Mijil
2. Kinanthi
3. Sinom
4. Asmarandana
5. Dhandhanggula
6. Gambuh
7. Maskumambang
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung

Watak lan Gunane Tembang Macapat

No Nama Sekar Watak Ginanipun
1 Mijil asih, prihatin, pangajab mulang tiyang ingkang nembe prihatin

Kinanthi seneng, asih, kasmaran mituturi, pratelan tresna, mulang

: ethes, prasaja piwulang, wewarah
Sinom
Asmaradana tresna, sedhih, sengsem nggambaraken kakesitan, mulang,
tresna

Dhandhanggula luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih nandhang
tresna, mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa
kemawon cocok

Maskumambang nelangsa, ngeres-ngeresi, sedhih mahyakaken raos panalangsa

Durma keras, nepsu, semangat nggambaraken tiyang nepsu, perang

Pangkur sereng, nepsu, gandrung pitutur radi srengen, gandrung
Pocung sembrana, parikena, lucu cangkriman, crita lucu, guyon

Gambuh sumanak, sumadulur mulang, pitutur
Megatruh prihatin, getun, keduwung, sedhih cariyos ingkang sedhih,
getun

Balabak : sembrana, saenake, lucu guyonan sakepenake, sembrana
Wirangwong
Wibawa :mahyakaken keagungan, kaendahan, piwulang
Girisa : gagah, wibawa, wanti-wanti piwulang, kasepuhan
Jurudemung : kenes (genit) mancing brahi

Guru Gatra, Guru Lagu lan Guru Wilangan Tembang Macapat

1. Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
2. Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3. Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4. Asmaradana = 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a
5. Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
6. Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a
7. Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8. Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9. Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
10. Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11. Pocung = 12u, 6a, 8i, 12a

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah
ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa
saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-
urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:

1. Maskumambang

Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan
lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang
ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.

Apan kaya mangkono wewatek neki (12 i)
Sanadyan wong tuwa (6 a)
Yen duwe watek tan becik (8 i)
Miwah tindak tan prayoga (8 a)

2. Mijil
Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.

Lan dimantep mring panggawe becik (10 i)
Lawan wekas ing ngong (6 o)
Aja kurang, iya panrimané (10 é)
Yen wis tinitah marang Hyang widhi (10 i)
Ing badan puniki (6 i)
Wus pepancen ipun (6 u)

3. Sinom
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom
supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.

Nulada laku utama (8 a)
Tumrap ing wong tanah Jawi (8 i)
Wong Agung ing Ngeksi Ganda (8 a)
Panembahan senapati (8 i)
Kepati amarsudi (7 i)
Sudaning hawa lan nepsu (8 u)
Pinesu tapa brata (7 a)
Tanapi ing siyang ratri (8 i)
Amemangun karye naktya sing sasama (12 a)

4. Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku
ngambah panguripan ing alam ndonya.

Dadiya laku nireku (8 u)
Cegah dhahar lawan guling (8 i)
Lawan aja sukan sukan (8 a)
Anganggowa sawatawis (8 i)
Ala wateke wong suko(8 o)
Nyuda prayitna ning batin(8i)

5. Asmarandana
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang
kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.

Aja turu soré kaki (8 i)
Ana Déwa nganglang jagad (8 a)
Nyangking bokor kencanané (8 é)
Isine donga tetulak (8 a)
Sandhang kelawan pangan (7 a)
Yaiku bagéyanipun (8 u)
wong melek sabar narima (8 a)

6. Gambuh
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur
digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing
pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.

Sekar gambuh ping catur (7 u)
Kang cinatur polah kang kalantur (10 u)
Tanpa tutur katula-tula katali (12 u)
Kadaluwarso katutur (8 u)
Kapatuh pan dadi awon (8 o)

7. Dhandhanggula
Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa
kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak
kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu
ndandanggula.

Lamun sira anggeguru kaki (10 i)
Amiliha manungsa kang nyata (10 a)
Ingkang becik martabate (8 é)
Sarta kang wruh ing hukum (7 u)
Kang ngibadah lan kang wirangi (9 i)
Sokur oleh wong tapa (7 a)
Ingkang wus amungkur (6 u)
Tan mikir paweweh ing lyan (8 a)
Iku pantes sira guranana kaki (12 i)
Sartane kawruhana (7 a)

8. Durma
Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur
tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan,
mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh
mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.

Wusnya tibeng bentala prabu Rahwana (12 a)
Pancasonane dadi (7 i)
Sirna tatu nira (6 a)
Tung tumpulih sedaya (7 a)
Nepak bau kradha angrik (8 i)
Ndedel ngawiyat (5 a)
Ngusir nanendra peksi (7 i)

9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang
dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.

Sekar Pangkur kang winarna (8 a)
lelabuhan kang kanggo wong aurip (11 i)
ala lan becik puniku (8 u)
prayoga kawruhana (7 a)
adat waton puniku dipun kadulu (12 u)
miwa ingkang tatakrama (8 a)
den kaesthi siyang ratri (8 i)

10. Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné
katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

Na ra kena sinelak selak pineluk (12 u)
Mring kang ngadhang adhang sisip (8 i)

Yen loro anggepi reku (8 u)
Teman kether maring ngening (8 i)
Adoh kae let tan adoh (8 o)

11. Pocung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé
dikubur.

Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12 u)
Lekase lawan kas (6 a)
Tegese kas nyantosani (8 i)
setya budya pangekesing dur angkara (12 a)


Click to View FlipBook Version