The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Efi Tri Jayanti, 2023-08-17 02:15:09

MATERI ARTIKEL BASA JAWA KELAS X

MATERI ARTIKEL BASA JAWA KELAS X

Nerangake Tegese Artikel: Artikel yaiku karangan nyata sing jangkep kanthi dawa tinamtu sing digawe kanggo disebarake lumantar ariwarti (koran), kalawarti (majalah), lan sapanunggalane. Panulisan artikel ndarbeni ancas/tujuwan kanggo ngandharake gagasan lan fakta sing bisa ngiyakinake, nggulawenthah, lan nyenengake sing maca. Panulis artikel yaiku pawongan kang nindakake pakaryan ngarang sawijine tulisan, nggabungake sawetara tembung dadi ukara kang wigati lan kepenak diwaca, saengga nggawe wong kang maca ngrasakake lan mangerteni apa kang sadurune dimangerteni.


PANULIS ARTIKEL MANEKA WARNA KRITERIANE, YAIKU: 1. Panulis artikel Buku. 2. Panulis artikel pawarta 3. Panulis artikel marketing 4. Panulis artikel Online 5. Panulis artikel Narasi 6. Panulis artike Naskah


STRUKTUR ARTIKEL, YAIKU: Judhul : minangka wakil saka tema kang bakal diandharake. Pambuka : medharake pokok pikiran kang utama kang bakal dipertahanake. Isi /penjelas : ngandharake saka pokok pikiran utama dadi pokok pikiran panyengkuyung (panunjang). saben pokok pikiran panunjang kasebut digawe ing saben pada. saben pada disambungake kanthi jembatan pikiran sing kuwat. Sesambungan antarane pada bisa asipat: kronologi (wektu), spasial (ruang), kausalitas (sebab akibat). Panutup : medharake dudutan saka andharan-andharan sing ana ing saben pada penjelas/isi.


JINISE ARTIKEL, YAIKU: Artikel Deskripsi Artikel Deskripsi yaiku artikel kang nggambarake objek utawa nglukisake kedadeyan apa anane nganggo tembung-tembung kang kalebu ing nalar. Artikel Narasi Artikel narasi yaiku artikel kang ngandharake kedadeyan adhedhasar urutan wektu Artikel Argumentasi Artikel argumentasi yaiku artikel kang dijangkepi alas an-alasan kang mikuwati utawa nulak sawijine panemu utawa gagasan wong liya. Artikel Eksposisi Artilek eksposisi yaiku artikel kang ngandharake tujuwan panulis kang ana sambung rapete karo babagan kasunyatan kanthi trawaca adhedasar kawruh lan pengalamane panulis. Artikel Persuasi Artikel persuasi yaiku artikel kang ngandharake ajakan (imbauan) marang pamaca supaya nindakake kaya apa kang katulis kanthi alesan-alesan lan pangajab kang kuwat lan bisa katrima ing nalar.


Jinise Artikel Miturut Cara Nyampekake Lan Tingkat Susahe, Yaiku: 1. Artikel Praktis Kaya pituduh-pituduh cara nggawe, dandani, lan migunakake piranti. Artikel praktis luwih nekanake ketrampilan tinimbang pangaweruhan utawa analisis kanggo masalah. Panulisane luwih cocog nggunakake wujud karangan narasi. Tegese, pesen disusun padha karo urutan wayah, kedadeyan, lan utawa tahapantahapan. Tuladha: Cara-Cara Ngramut Wajah 2. Artikel Ringan/Entheng Biyasane ngrembug masalah-masalah sing entheng ora mbutuhake pemahaman jero. Artikel mangkene ana ing jero rubrik-rubrik kalawarti remaja utawa ariwarti. Artikel entheng biyasa arupa wara-wara utawa lelipur. Macane uga ora mbutuhake gatekan lan konsentrasi kebak. Jinis artikel iki biyasane ana ing panggon umum kaya rumah sakit, utawa stasiun, lsp. Tuladhane : Sukses Ing Perguruan Tinggi, Kiat-Kiat Urip Sehat. 3. Artikel Opini Ana ing satemene, kabeh artikel iku opini, ananging artikel sing siji iki dipanggonake ana jerone ariwarti utawa kalawarti dipanggonake khusus/mligi opini kayata: karikatur, pojok, kolom, lan layang pamaca. Artikel opini biyasane ngonceki kanthi tuntas ngenani masalah kanthi cara akademis. Mula saka iku, panulise kudu wong-wong sing temen-temen ahli ana ing bidhange. Tuladhane artikel opini yaiku Guru Ing Jero Pamulangan.


4. Artikel Analisis Ahli Artikel iki luwih abot tinimbang artikel opini. Artikel iki kudu ditulis wong sing nduweni elmu ing bidhange. Artikel iki ditulis nganggo basa ilmiah, njlentrehake masalah kang lagi buming ing masyarakat. Artikel iki dimot (dimuat) ing panggonan kang mligi ing media cetak. Tuladha: Arah Lan Tujuwan Pendidikan Ing Indonesia.


1. Irah-irahan artikel 2. Asmane penulis artikel 3. Media sing digunakake 4. Foto lan sumber 5. Papan panggonan dumadine 6. Ukara kasunyatan, aktual lan wis kedadeyan 7. Akibat sawise kedadeyan 8. Dina lan tanggale kedadeyan 9. Nara sumber 10. Asmane narasumber 11. Pawangsulane narasumber ngenani pitakon gegayutan sebab musababe prastawa 12. Pratelane narasumber 13. Panemune narasumber kanggo ngudhari masalah. TATA CARA NGANALISIS TEKS ARTIKEL BISA KANTHI URUTAN KAYA ING NGISOR IKI:


Maca ekspresif, yaiku maca kanthi polatan kang pener lan becik, nggunakake laguning ukara (intonasi) kang trep, lan mangerteni maknane utawa isine teks. Bab-bab kang kudu digatekake sajroning maca ekspresif, yaiku: a. Swarane (vocal) cetha (jelas); b. Pangucapane tembung-tembung (artikulasi) cetha; c. Laguning ukara (intonasi) lan punggelan (pemenggalan) ukara trep; d. Olehe maca kanthi polatan kang trep lan salaras karo isine teks; e. Kawigaten ora mung ing teks kang diwaca, ananging uga nyawang utawa nggatekake wong sing nyemak. f. Anggone maca sambung-sinambungan ora tembung-satembung; g. Ora mbaleni ukara utawa larikan kang wis diwaca; h. Mangerteni isi lan maknane teks kanthi wutuh.


BAB-BAB KANG KUDU DIGATEKAKE SUPAYA BISA NGRINGKES TEKS ARTIKEL KANTHI BECIK: a. Teks artikel kang arep diringkes diwaca kanthi premati supaya oleh gegambaran isine wacan; b. Nyathet bab-bab kang wigati saka wacan; c. Mangerteni bakune gagasan (pokok pikiran) lan bab-bab kang wigati kang kinandhut ing saben-saben gethakan; d. Bisa nggathukake bakune gagasan utawa bab-bab kang wigati wiwit saka purwaka nganti pungkasane gethakan; e. Ngringkes bakune gagasan lan bab-bab kang wigati ing teks artikel dadi sawijining gethakan kang minangka inti sari teks.


CARANE NULIS ARTIKEL, YAIKU: 1. Nemtokake tema kang bakal ditulis. 2. Judhul bisa ditemtokake dhisik, bisa uga ditemtokake ing tembe mburi. 3. Nyusun alenia kang kapisan. 4. Tema diandharake ing alenia-alenia. 5. Gaya panulisan uga digatekake (panulisan ilmiah atau penulisan populer). 6. Golek data utawa referensi kang ana gegayutane karo babagansing arep ditulis. 7. Gawe dudutan ing alenia pungkasam utawa panutup.


Click to View FlipBook Version