Unggah-ungguhing basa menika pranatan basa miturut lenggahing tata krama utawi sopan santun. tegesipun sinten kemawon tiyang ingkang kawastanan mangertos unggah-ungguh basa, menawi nalikanipun gineman utawi srawung dhateng tiyang sanes basanipun kedah dipun arah-arah, netepi pranataning subasita, paugeran sopan santun, satemah tiyang wau tansah dipuntampi, dipunremeni ing pasrawungan sarta tebih saking panyendhu. Tiyang ingkang mangertos ing unggah-ungguh saget mapanaken dhiri-pribadhinpun saleres-leresipun sarta tansah caos kurmat dhateng tiyang sanes.
Tiyang ingkang saget tansah caos kurmat dhateng tiyang sanes, sarta mapanaken dhiri pribadhinipun, pramila salebeting gineman utawi sesambetan kaliyan tiyang sanes kedah tansah ngengeti: Umur/yuswa Peprenahan Drajat/pangkat Kasugihan Luhuring bebuden Keturunan Pitepangan enggal
Dhateng basa jawa wonten istilah ingkang dipunwastani undha-usuk basa utawi tingkat tutur, ugi istilah unggah-ungguh basa. Undhausuk basa utawi tingkat tutur naming ngisarataken makna menawi ing basa jawa menika wonten tingkatan-tingkatane. Wondene unggah-ungguh basa sasanesipun ngandhut tingkatan-tingkatan salebeting basa ugi ngandhut makna etika utawi kesantunan. (sumber: Sasangka, Sri Satriya Tjatur Wisnu. 2010, Unggah-Ungguh Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua)
Basa ngoko (dhapukanipun tembung ngoko sedaya), Basa Ngoko kaperang dados kalih, inggih menika: Ngoko Lugu, inggih menika basa ngoko sing boten kecampuran kaliyan tembung-tembung krama inggil tumrap tiyang ingkang dipunajak guneman. Tegese tembung-tembung ing ukara basa ngoko lugu kuwi kabeh ngoko kayata: aku, kowe: ater-ater: dak-, kok-, di-; uga panambang: -ku, -mu, - ake, ora diowahi. Tuladha: Saiki wis wengi, mulih sesuk wae. Sesuk diajak ndeleng kethoprak. Ngoko Alus, inggih menika basa ngoko sing sampun kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap tiyang ingkang dipunajak guneman. Tuladha: Saiki wis wengi, Panjenengan kondur sesuk wae. Sesuk diajak mirsani kethoprak.
Basa Krama, kaperang dados kalih, inggih menika: Krama Lugu, basa krama lugu inggih menika basa krama ingkang tembung-tembungipun lugu lan boten kecampuran tembungtembung krama inggil tumrap tiyang ingkang dipunajak guneman. Tuladha: Sakmenika sampun dalu, sampeyan wangsul benjing kemawon. Benjing dipunajak ningali kethoprak. Krama Alus, basa krama alus inggih menika basa krama ingkang tembung-tembungipun alus lan sampun kecampuran tembungtembung krama inggil tumrap tiyang ingkang dipunajak guneman. Tuladha: Sakmenika sampun dalu, panjenengan kondur benjing kemawon. Benjing dipunajak mirsani kethoprak.
1. Trap-trapanipun basa ngoko lugu: a. Kangge tiyang sepuh dhateng putrane/tiyang enem. b. Kangge sesami kanca ingkang sampun rumaket pasrawunganipun c. Pangageng dhateng reh-rehanipun d. Guru dhateng siswanipun e. Dianggo wektu ngunandika (ngomong karo awak dhewe) 2. Trap-trapanipun basa ngoko alus: a. Tiyang sepuh dhateng tiyang enem, ingkang langkung enem langkung inggil pangkatipun. b. Kangge ngraosi tiyang sanes ingkang statusipun langkung inggil c. Tiyang ingkang rumaket pasrawunganipun, ananging sami dene kepengin ngajeni. 3. Trap-trapanipun basa krama lugu: a. Tiyang gineman ing peken b. Tiyang sami pinanggih ing margi c. Marang tiyang ingkang sadrajat amargi dereng rumaket. 4. Trap-trapanipun basa krama alus: a. Anak dhateg tiyang sepuh, utawi tiyang ingkang langkung sepuh. b. Siswa dhateng guru c. Pitepangan enggal d. Punggawa utawi reh-rehan dhateng penginggilipun. e. Anggota pakempalan dhateng ketuwanipun. f. Dhateng tiyang ingkang langkung nginggil pangkatipun.
Gawe salah siji tema sing bakal digawe drama. Nemtokake araga lan wewatekane paraga kasebut. Gawe alur crita, adegan, lan pacelathon saka paraga. Nemtokake latar wektu lan papan panggonan crita. Manawa ana sing dirasa kurang trep, naskah drama bisa diowahi sadurunge naskah kasebut dipentasake.
Nemtokake tema; Andum gawe, yaiku nemtokake sutradara lan para paraga; Ndhudhah skenario (naskah/teks), yaiku awujud scenario jangkep, sakabehane kaandharake kanthi rinci dening panulis naskah, kalebu pirantine pagelaran (perabotan, busana, lan paes) kang kudu dicepakake; Gladhen maca lan meragakake, minangka arahane sutradara sing njlentrehake kanthi cekak manut bakuning crita lan pamacane naskah kajumbuhake karo watak paraga sajrone lakon drama.
Nggatekake blocking nalika ing panggung. Nggatekake swara (vokal): a. Swara kudu bisa dirungokake pamiyarsa b. Tembung-tembung kudu cetha c. Ora monoton Nggatekake artikulasi, Tembung-tembung kang diunekake kudu cetha, saengga pamiyarsa bisa ngerti maksude. Nggatekake intonasi, yaiku tekanan-tekanan kang diwenehake ing tembung utawa dialog. Nggatekake mimik utawa ekspresi supaya luwih menghayati paraga kang diperanake.
Dialog : pacelathon antarane rong paraga utawa luwih. Monolog : guneman dhewe. Prolog : pacelathon sing ditindakake ana ing wiwitan pentas drama. Epilog : pacelathon sing ditindakake ana ing pungkasane pentas drama.