The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by avadone23, 2021-12-30 15:15:35

Bahasa Jawa

Pandhawa 5

Keywords: Pandawa Lima

BAHAN AJAR PESERTA DIDIK SD

Silsilah
Pandawa Lima

Kanggo Kelas IV SD

DAVA RIZKI PRAMANA | 20108244038

KOMPETENSI DASAR & INDIKATOR

Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian
Kompetensi

3.3 Memahami wayang 3.3.1 Menjelaskan tentang

Silsilah Pandhawa Pandhawa Lima

3.3.2 Menyebutkan silsilah
wayang Phandawa Lima

4.3 Menceritakan 4.3.1 Menceritakan sikap

wayang pandhawa dan yang dimiliki wayang

silsilah keluarga Pandawa

ANCAS PASINAON

- Melalui pembelajaran berbasis cooperative
learning menggunakan kartu bergambar
wayang siswa dapat menjelaskan tentang
Pandhawa lima dengan benar.

- Melalui pembelajaran menggunakan kartu
bergambar wayang siswa dapat
menyebutkan silsilah wayang Pandhawa
lima dengan benar.

01

MATERI FAKTUAL WAYANG

Cerita wayang minangka warisan leluhur kang perlu
dibudidaya supaya tetep lestari ing bumi nuswantara iki.
Ananing cerita wayang ing jaman saiki wis kurang diremeni
dening para mudha. Kamangka cerita wayang iku akeh
pitutur luhur kang bisa dijupuk kanggo panguripane
dhewe. Wayang minangka wohing kabudayan Jawa kang
tumekaning saiki disenengi dening sutresnane. Sajroning
wayang momot mengku tuntunan, tontonan, lan tatanan.

Wayang diarani tuntunan sebab ngemot sakehing
piwulang kang piguna banget tumraping bebrayan.
Wayang diarani tontonan sebab momot mengku sakehing
kagunan kang resep dinulu lan laras rinungokake; swara,
sastra, rupa, laku, beksa, gangsa, lan sapiturute. Wayang
uga mengku tatanan, sebab ditata amrih mathuk mathise;
pathet enem, sanga, lan manyura.

DEFINISI WAYANG

Wayang dumadi saking tembung wod "yang/ hyang"
angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang roh saged
damel beja cilakanipun manungsa. Wayang punika
wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun
manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi
manungsa.

Wayang yaiku salah sawijining seni ingkang arupa
drama asli Indonesia. Seni pertunjukkan menika kados seni
suara, seni musik, seni sastra, seni rupa, seni tutur lan
sanes-sanesipun. Wayang biasane dipun damel saking kulit
kebo.

02

MATERI KONSEPTUAL
WAYANG

SILSILAH KALUWARGA
PANDHAWA LIMA

Prabu Kresnadipayana inggih Prabu Abiyasa kagungan
putra. Putra pambajeng asma Dhestarastra, ingkang
panggulu asma Pandhu, saha wuragilipun asma Yama
Widura. Putra tiga punika sadaya kagungan cacad.
Dhestarastra kagungan cacad paningal utawi wuta, Pandhu
cacad tengeng, saha Yama Widura cacad gejig.

Sareng Prabu Abiyasa sampun sepuh, nagari Ngastina
dipunparingaken dhateng Pandhu, kanthi jejuluk Pandhu
Dewanata. Prabu Abiyasa lajeng madeg pandhita wonten
ing Redi Retawu utawi wonten ing Sapta Arga Wukir Retawu
kanthi asma Bagawan Abiyasa.

Prabu Pandhu lajeng dhaup kaliyan Dewi
Kunthitalibrata, putri Prabu Kunthibojo nata ing Mandura,
peputra tiga asma Yudhistira, Bratasena, saha Arjuna. Dene
kaliyan Dewi Madrim, putri Prabu Mandrapati nata ing
Mandraka, peputra kembar asma Nakula saha Sadewa.
Prabu Pandhu boten dangu jumeneng nata lajeng seda,
semanten ugi Dewi Madrim. Nalika seda, putra gangsal
sawau tasih alit-alit. Putra gangsal ingkang kawastanan
Pandhawa punika lajeng kaemong dening Dewi Kunthi.

Sasedanipun Prabu Pandhu Dewanata ingkang
jumeneng nata ing Ngastina inggih punika Dhestarastra.
Prabu Dhestarastra dhaup kaliyan Dewi Gendari kagungan
putra cacah satus. Putra satus sewau lajeng kawastanan
Sata Kurawa. Putra pambajeng aran Jakapitana ingkang
salajengipun jumeneng nata ing Ngastina kanthi asma
Prabu Duryudana utawi Prabu Suyudana.

03

A. Jawaben Pitakon ing ngisor iki miturut carios ing
halaman sederengipun!

1.Sinten asma putranipun Prabu Abiyasa ingkang cacad tengeng?

Jawab:

2.Prabu Pandhu kagungan putra pinten?

Jawab:

3.Sinten Dewi Kunthi punika?

Jawab:

4.Sinten asma putra ingkang mijil kembar?

Jawab:

5.Sasedanipun Pandhu sinten ingkang jumeneng nata ing
Ngastina?

Jawab:

04

B. Materi Silsilah Pandawa Lima

Objek Keterangan 01

Jeneng Prabu Kalimaya, Darmawangsa, Yudhistira

Liya Darmakesuma, Kantapura, Puntadewa Jamus Kalimasada

Bapak Prabu Pandhu Dewanata

Ibu Dewi Kunthi Talibrata

Kerajaan Sakderengipun perang Bratayuda = Ngamarta

Saksampunipun perang Bratayuda = Ngastina

Watak Jujur, sabar, manahipun suci, luhur bebudene

remen tetulung, tresna dating sesami

Garwa Dewi Drupadi kaliyan Dewi Kuntulwati

02 Objek Keterangan

Werkudara Jeneng Bratasena, Bayusuta, Dandun Wacana,

Kuku Pancanaka, Liya Kusuma Walitiga.
Gada Rujakpala
Bapak Prabu Pandhu Dewanata

Ibu Dewi Kunthi Talibrata

Kerajaan Jodhipati saha Tulungpamenang

Watak Jujur, ngajeni dating guru,manahipun suci,

luhur bebudeneremen tetulung, tresna dating

sesami

Garwa Dewi Arimbi saha Nagagini

05

03 Objek Keterangan

Arjuna Jeneng Janaka, Partanaya, Margan a, Kuntadi,

Panah Pasopati Liya Indratanaya, Prabu Kariti, Dananjaya
Keris Pulanggeni
Bapak Prabu Pandhu Dewanata

Ibu Dewi Kunthi Talibrata

Kerajaan Tinjamaya

Watak Jujur, ngajeni dating guru,manahipun suci,

luhur bebudene remen tetulung, remen

mertapa,tresna dating sesami

Garwa Dewi Sembadra, Wara Srikandhi

Objek Keterangan 04

Jeneng Tripala, Raden Pinten Nakula

Liya Pedang

Bapak Prabu Pandhu Dewanata

Ibu Dewi Madrim

Kerajaan Mandraka

Watak Jujur, ngajeni dating guru,manahipun suci,

luhur bebudene remen tetulung, tresna dating

sesami

Garwa Dewi Srangganawati

06

05 Objek Keterangan

Sadewa Jeneng Raden Darmagranti utawi Raden Tangsen

Pedang Liya

Bapak Prabu Pandhu Dewanata

Ibu Dewi Madrim

Kerajaan Mandraka

Watak Jujur, ngajeni dating guru,manahipun suci,

luhur bebudene remen tetulung, tresna dating

sesami

Garwa Endhang Sudarmi

C. Karakter ingkang saget dipuntuladani

• Yudhistira : Jujur, sabar, manahipun suci, luhur bebudene remen tetulung,
tresna dating sesami

• Werkudara : Jujur, ngajeni dating guru,manahipun suci, luhur bebudene
remen tetulung, tresna dating sesami

• Arjuna : Jujur, ngajeni dating guru,manahipun suci, luhur bebudene
remen tetulung, remen mertapa, tresna dating sesami

• Nakula : Jujur, ngajeni dating guru,manahipun suci, luhur bebudene
remen tetulung, tresna dating sesami

• Sadewa : Jujur, ngajeni dating guru,manahipun suci, luhur bebudene remen
tetulung, tresna dating sesami

07


Click to View FlipBook Version