The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

2610121120_Via Anggraini_Revisi E-Book.pdf

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by via.19061, 2021-11-18 20:02:09

CRITA MAHABHARATA (BIMA BUNGKUS)

2610121120_Via Anggraini_Revisi E-Book.pdf

Dinas Pendidikan Modhul Basa Jawa
Provinsi Jawa Tengah

TEKS CRITA MAHABHARATA

(BIMA BUNGKUS)

Adhedhasar Pergub Jateng No.57 Tahun 2013
Muatan Lokal Basa Dhaerah
Provinsi Jawa Tengah

Via Anggraini

Kelas 10
Semester Genap

SMA/SMK/MA

Dinas Pendidikan Modhul Basa Jawa
Provinsi Jawa Tengah

TEKS CRITA MAHABHARATA

(BIMA BUNGKUS)

Adhedhasar Pergub Jateng No.57 Tahun 2013
Muatan Lokal Basa Dhaerah
Provinsi Jawa Tengah

Via Anggraini

Kelas 10
Semester Genap

SMA/SMK/MA

ATUR SAPALA

Modhul “Teks Crita Mahabharata (Bima Bungkus)” menika kalebet modhul ingkang ngamot
piwulangan kagem SMA/SMK/MA sadrajat. Ing pundi, isinipun karacik adhedhasar
Kurikulum 2013 ingkang ngamot kompetensi dhasar spiritual, sosial, pengetahuan, saha
katrampilan. Tembung-tembung lan ukara-ukara ingkang kababar ing salebeting modhul
“Teks Crita Mahabharata (Bima Bungkus)” menika kapundhut saking pacelathon limrah basa
Jawi ingkang ngrembaka wonten ing pasrawungan padinan, utamanipun ing madyaning
bebrayan agung wonten tlatah Jawi Wetan. Dados menawi dipuntrepaken dhateng
pamulangan, tamtu saged saya nggrengsengaken pasinaonipun para siswa.
Kangge sampurnaning modhul “Teks Crita Mahabharata (Bima Bungkus)” menika, kula
sanget mawantu-wantu pamanggih, pamrayogi, saha panyaruwe saking sinten kemawon.
Kanthi mekaten, modhul ingkang badhe kababar salajengipun saged maremaken sakehing
pamaos. Kagem para sanak kadang dalah kulawarga ingkang sampun mbiyantu arupi
tenaga utawi materi menapa kemawon, kula ngaturaken panuwun ingkang tuhu agung.
Wasana, mugi-mugi modhul “Teks Crita Mahabharata (Bima Bungkus)” menika saged
nyukani mupangat saha murakabi tumrap para siswa uga para dwija Basa Jawi, saengga
saged ngendahaken sarta miyaraken seserapan kita sami. Nuwun.

Semarang, 3 November 2021





Pangripta



iii

DHAPTAR ISI

Atur Sapala ........................................................................................................................................................................................................... ii
Dhaptar Isi ............................................................................................................................................................................................................. iii
Pituduh Pasinaon .......................................................................................................................................................................................... iv
Wulangan 1: Teks Crita Mahabharata (Bima Bungkus) ......................................................................................... 1
Mbabar Wawasan .......................................................................................................................................................................................... 2
A. Tegese Teks Crita Mahabharata (Bima Bungkus) ................................................................................................. 3

Gladhen 1 : Mangsuli Pitakonan ngenani Teks Crita Mahabharata (Bima
Bungkus) .......................................................................................................................................................................................................... 5
B. Struktur Teks Crita Mahabharata (Bima Bungkus) ........................................................................................ 7
Gladhen 2 : Nganalisis Struktur Teks Crita Mahabharata (Bima Bungkus) .............................. 8
C. Unsur Pamangun Teks Crita Mahabharata (Bima Bungkus) ................................................................. 9
Gladhen 3 : Nganalisis Unsur Pamangun Teks Ceita Mahabharata (Bima
Bungkus) ....................................................................................................................................................................................................... 9
Sumber Liya ........................................................................................................................................................................................................ 11
Refleksi ...................................................................................................................................................................................................................... 11
Dudutan .................................................................................................................................................................................................................. 11
Uji Kompetensi Wulangan 1 ............................................................................................................................................................... 12
Kapustakan .......................................................................................................................................................................................................... 15



ii

PITUDUH PASINAON

Supaya bisa mangerteni materi kang diandharke ana ing sajrone modhul "Teks Crita
Mahabharata (Bima Bungkus)" iki, para siswa kudu nggatekake pituduh pasinaon kang wis
sumadya ing ngisor.

Para siswa maca dedonga miturut kapitayane dhewe-dhewe supaya anggone sinau
digampangake karo Gusti Kang Maha Kuwasa.
Para siswa maca materi kang ana ing sajrone modhul kanthi setiti lan ngati-ati, saengga bisa
mangerteni kanthi gamblang, pener, lan bener.
Para siswa nggawe cathethan ngenani tembung-tembung kang durung dimangerteni.
Banjur, tembung kasebut bisa ditakokake menyang Guru utawa digoleki dhewe menyang
Bausastra.
Para siswa nggarap soal-soal kang wis sumadya ana ing sajrone modhul kanthi blaka suta
tanpa cecontohan.
Yen wis rampung, asil garapan bisa dicocoke bebarengan karo guru lan kanca-kanca liyane.
Para siswa nggatekake bab-bab apa wae kang durung dimangerteni. Banjur, dibaleni nganti
gamblang sakabehane.



iii

PITUDUH PASINAON

Supaya bisa mangerteni materi kang diandharke ana ing sajrone modhul "Teks Crita
Mahabharata (Bima Bungkus)" iki, para siswa kudu nggatekake pituduh pasinaon kang wis
sumadya ing ngisor.

Para siswa maca dedonga miturut kapitayane dhewe-dhewe supaya anggone sinau
digampangake karo Gusti Kang Maha Kuwasa.
Para siswa maca materi kang ana ing sajrone modhul kanthi setiti lan ngati-ati, saengga bisa
mangerteni kanthi gamblang, pener, lan bener.
Para siswa nggawe cathethan ngenani tembung-tembung kang durung dimangerteni.
Banjur, tembung kasebut bisa ditakokake menyang Guru utawa digoleki dhewe menyang
Bausastra.
Para siswa nggarap soal-soal kang wis sumadya ana ing sajrone modhul kanthi blaka suta
tanpa cecontohan.
Yen wis rampung, asil garapan bisa dicocoke bebarengan karo guru lan kanca-kanca liyane.
Para siswa nggatekake bab-bab apa wae kang durung dimangerteni. Banjur, dibaleni nganti
gamblang sakabehane.



iv

WULANGAN 1

TEKS CRITA MAHABHARATA
(BIMA BUNGKUS)

KOMPETENSI DASAR
Memahami isi teks cerita Mahabharata (Bima Bungkus)

INDIKATOR
Memahami definisi teks crita Mahabharata (Bima Bungkus)
Menganalisis struktur teks teks crita Mahabharata (Bima Bungkus)
Menganalisis unsur pembangun teks crita Mahabharata (Bima Bungkus)



1

MBABAR WAWASAN

Mahabharata yaiku kitab karangan Mpu Wiyasa kang nyritakake kulawargane Bharata. Mahabharata bisa
uga diarani Asthadasaparwa, ing ngendi “astha” tegese wolu, “dasa” tegese sepuluh, lan “parwa” tegese bagean.
Sesebutan Asthadasaparwa umume didhasarake karo kitab Mahabharata kang nduweni 18 bagean utawa
parwa. Kang kalebu 18 bagean kasebut ing antarane, Adiparwa, Subhaparwa, Wanaparwa, Wirataparwa,
Udyogaparwa, Bismaparwa, Dronaparwa, Kamaparwa, Salyaparwa, Sauptikaparwa, Striparwa, Santiparwa,
Anusasanaparwa, Aswamedarparwa, Asramawasanaparwa, Mausalaparwa, Prasthanikaparwa, lan
Swargarohanaparwa.

Sawise mangerteni andharan ngenani Mahabharata ing ndhuwur, coba semaken gambar-gambar ing ngisor
iki. Banjur, wangsulana pitakonan-pitakonan kang wis sumadya kanthi singkat tur jelas.



2

1. Gambar ing ndhuwur mujudake paraga-paraga ing crita Mahabharata.Coba sebutna jenenge siji mbaka siji!
2. Critakna uga babagan apa wae kang kokmangerteni saka kapapate!
3. Banjur, sebutna pitutur kang bisa kokjupuk lan koktuladhani saka paraga kasebut!

Slaras karo apa kang kokandharna, ing wulangan iki kita bakal nyinaoni teks crita Mahabharata (Bima
Bungkus). Apa iku kang diarani teks crita Mahabharata (Bima Bungkus)? Kaya apa wae strukture? Banjur,
babagan apa wae kang dadi unsur pamangune? Ayo sinau bebarengan supaya padha mangerteni kanthi
gamblang.

A. TEGESE TEKS CRITA WAYANG MAHABHARATA (BIMA BUNGKUS)

Teks crita Mahabharata (Bima Bungkus) yaiku teks kang nyritakake laire Bimasena kanthi wujud
kawungkus. Bimasena yaiku putrane Prabu Pandhudewanata lan Dewi Kunthi kang nomer loro. Dheweke
kalebu panegake Pandhawa amarga paling kuwat lan paling sekti tinimbang sedulur-sedulure liyane. Laire
Bimasena kang kaya mangkono ndadikake susah wongtuwane. Mula, kalorone ngupaya supaya bisa
ngetokake putrane saka wungkus kasebut. Upaya-upaya kang dilakokake sasuwene mbukak wungkus iki
banjur didadikake crita kanthi irah-irahan “Mahabharata (Bima Bungkus)”.

Supaya bisa luwih mangerteni crita Mahabharata (Bima Bungkus), coba wacanen crita ing ngisor iki
kanthi setiti lan ngati-ati.

LAIR BUNGKUS, DIPECAH DENING GAJAH SENA

Raden Bratasene iku putrane Prabu Pandhudewanata ratu ing Astina lan Dewi Kunthi Talibrata. Satriya
nomer loro, mula sinebut uga satriya satriya panenggak Pandhawa. Jeneng Bratasena iku dasanamane
Bima, Bilawa, Werkudara, Wijasena, Pandhusiwi, Bayuputra, Bayutanaya, Kusumayuda, lan Kusumadilaga.
Bratasena iku kalebu titisane Bathara Bayu, dewaning angin. Mula, kadunungan aji sepi angin. Bisa tumuju
ing ngendi panggonan kanthi raket banget kaya parane angin. Uga ageman kaswargan peparinge Bathara
Bayu dhewe, kang nambahi ampuh lan sektine si Bratasena.

Nalika lair, Bratasena dilairake kanthi wujud bungkus. Sarandhune badan kabungkus kulit tipis kang a
lot banget. Bab iku mesthi bae gawe sedhihing Rama lan Ibune Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi. Nyawang
jabang bayi Bratasena sakala waspane Dewi Kunthi tumetes nelesi pipine. Sebab senajan mung kulit tipis,
nyatane ora bisa dibukak lan disuwek nganggo gaman apa bae. Kamangka Prabu Pandhu iku raja sekti
mandraguna, gamane akeh tur ampuh-ampuh. Nanging ora ana siji bae kang bisa tumama.

Dhasar satriya kang luhur budine tur gedhe pangabektine marang Gusti, mula Prabu Pandhu ora banjur
nglokro, kelangan pengarep-arep. Mengkono uga Dewi Kunthi kang tansah nyenyuwun marang kang
Maha Kuwasa, direwangi prihatin, pasa-semedi murih pikantuk pituungane Gusti. Wusana lelorone sowan
marang Eyang Abiyasa, dhinawuhan supaya bayi bungkus sing tambah dina tambah gedhe, tur ajeg
kroncalan lan glundhang-glundhung mrana-mrene iku disetrakake menyang alas Mandhalasara, alas
gung liwang-liwung sing gawat keliwat-liwat.

Lumrahe yen ana daging ditinggal ing alas, banjur dadi rebutane asu ajag apadene macan, ula, lan
kewan-kewan galak liyane. Nanging si jabang bayi bungkus mau ora ana sing ngganggu gawe. Kewan-
kewan galak iku padha ora wani ngganggu gawe. Padha melu ngrasakake prihatine batin Prabu Pandhu
lan Dewi Kunthi. Uga ngerti yen satriya bungkus iku mbesuke bakal dadi satriya luhur kang tansah
memayu hayuning bhumi. Saya dina saya tambah gedhe, uga saya tambah kuwat kekuwatane.



3

Kabar mau banjur rinungu dening ratu ing sakiwa tengene negara Astina lan negara liya kang dadi
mitra rowange Prabu Pandhu. Kabeh padha rawuh lan paring pitulung. Kanthi ngasta gegaman ampuh lan
sekti-sekti, kepingin bisa nyuwak kulit sing mbungkus awake Pandhusiwi. Malah para Kurawa uga wis
padha teka, nyocoh gegaman kanthi surak gumbira, ngemu batin ala. Ora nedya mitulungi nanging
nggrembol niyat ala, muga lampusa. Nyatane ora ana siji gegaman kang bisa mbesetake bungkuse putra
Pandhu iku. Kahanan mau nganti umure jabang bayi udakara wolung taun.

Dadi urip ing njero bungkus wis wolung taun lawase. Rapet tanpa ana sing bisa mitulungi apa-apa.
Mung glundhang-glundhung kepingin uwal saka kulite mau. Maune ya sok nangis gero-gero, nanging
suwe-suwe tangis an sesambat mau ilang. Pandhusuta kang isih binungkus iku patrape dadi kaya wong
lagi tapa semedi. Sajak ngerti yen kudu ngalami coba. Kudu ngrasakake urip tanpa pitulungane sapa-sapa.
Mula saka iku sawise gedhe Bratasena iku satriya kang kuwat lair batine. Tansah manteb lan kenceng
kekarepane, ora gampang miyar-miyur. Jujur tur tansah blaka suta, tanpa tedheng aling-aling. Yen bener
ya dibenerane, yen luput ya diluputake. Iku watake Bratasena.
Kacarita nalika semanaing kahyangan Jenggringsalaka, ana gajah aran Gajah Sena. Gajah kasebut ora liya
yaiku gajah kang sekti mandraguna, sentosa bebaune. Dhasar turune gajah Erawana titihane Bathara
Indra. Nalika semana gajah Sena marak sowan marang Bathara Guru, matur yen mbesuk wis tekan ing
janjine, wis tekan ing titi wancine pati, kepingin diruwat wewujudane lan kaparingana suwarga.

Bathara Guru paring dhawuh yen kepingin kaya apa sing dikarepake, Gajah Sena kudu nduweni
lelabuhan. Gelem nindakake darma bekti murih sampurnaning jiwane bisa manjing ing suwarga. Gajah
Sena banjur ingutus tedhak marang alas Mandhalasera. Ingutus gawe lelabuhan, kanthi cara midak jabang
bayi bungkus umur wolung taun iku. Sebab ora ana sing bisa nyuwak pakulitane bungkuse jabang bayi
Bratasena yen ora si Gajah Sena. Yaiku margane Gajah Sena bisa rinuwat wujude, tinampa ing swarga
kang diimpekake.

Gajah sena matur sendika. Sawise nyuwun pamit banjur lumarap ing alas Mandhalasara. Jroning batin
mung kepengin enggal bisane salin wujud lan tinampa ing suwarga. Sapungkure Gajah Sena, Bathara
Guru banjur nimbali Bathara Bayu kinen nyawisake busana kasatriyan kanggo putrane Prabu Pandhu
kang isih ana ing jero bungkus iku.

Tekan papan dununge jabang bayi bungkus, Gajah Sena milangn-miling. Bareng ketemu banjur
ngupaya mbukak bungkuse. Ditendhang, diidak nyatane ora oleh gawe. Dipithing ing tlale banjur
binanting uga ora beset. Bratasena, si jabang bayi mung gero-gero merga kelaran. Sabanjure Gajah Sena
mundur sajangkah-rong jangkah. Gadhing lancip mingip-mingin, sanjata pamungkase dicepakake. Banjur
mlayu gumebrug. Gadhinge sing kaya pedhang iku ditamakake. Sakala suwak sigar bungkus kang mbuntel
Raden Bratasena. Nanging, ora njalari beset kulite si jabang bayi. Rumangsa keganggu saka tapane, Gajah
Sena ganti ditibani anteman dening Bratasena. Wis dadi pesthine, Gajah Sena tumekaning lampus. Sirna
ilang nyawiji ing anggane Bratasena, dadi satriya bagus gagah prakosa, gedhe dhuwur tanpa ana
tandhinge. Gadhing sekti iku ilang bebarengan karo Gajah Sena, malih dadi kuku ing jempo kiwa tengene.
Mula, diarani sanjata kuku Pancanaka. Sukmane Gajah Sena manjing nyawiji ing anggane satriya,
saengga ndadikake saya kuwat santosane.Mula wiwit iku uga banjur pinaringan tetenger Bratasena.

Jumedhule Bratasena saka bungkus wis awujud satriya bagus. Ageman kasuwargan iku wis tumeplek
ndhisiki tekane si Gajah Sena. Wujude busana kasuwargan mau pupuk kencana mulya rineka jaroting
asem, sumping pudhak sinumpet, anting-anting maniking warih, sangsangan nagabanda, kelat bau, gelang
candra kirana, kampuh poleng bang bintulu, lan peningset cindhe bara.



4

Bausastra
Titisan : keturunan
Waspa : luh
Disetrakake : diungsikake
Lampus : mati
Udakara : kira-kira
Luput : salah
Wanci : wektu

GLADHEN 1

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Sapa kang lair kanthi kahanan binungkus sajrone crita ing ndhuwur?

Wangsulan:
…………………………………………………………………..……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………........……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………..……………………………………………………………………………………………………………………………………………………

2. Bratasena iku titisane sapa? Banjur, kasinungan ajian apa?
Wangsulan:
……………………………....…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Kaya apa rasa batine Prabu Pandhudewanata lan Dewi Kunthi nalika mangerteni yen putrane kanthi
kahanan kawungkus?
Wangsulan:
..…………………………..……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

4. Apa kang dilakokake dening Prabu Pandhudewanata lan Dewi Kunthi anggone ngadhepi pacoban
kasebut?
Wangsulan:
……………………………....…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………



5

5. Sapa kang ngutus supaya jabang bayi Bratasena disetrakake?
Wangsulan:
..………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………….……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….......
.....……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

6. Jabang bayi kang glundhang-glundhung lan wis kroncalan iku disetrakake ana ing ngendi?
Wangsulan:
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

7. Kaya apa kahanan lan lelakone kewan-kewan ing alas Mandhalasara nalika bareng karo daging
bungkus isi jabang bayi?
Wangsulan:
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

8. Sapa kang pungkasane bisa nyuwak bungkuse jabang bayi Bratasaen?
Wangsulan:
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

9. Supaya bisa nggayuh kepinginane, Gajah Sena kudu ngleksanani apa?
Wangsulan:
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

1.0. Coba critakna kaya apa Gajah Senna bisa nyuwak bungkuse Bratasena kasebut?
Wangsulan:
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
....………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………



6

B. STRUKTUR TEKS CRITA WAYANG MAHABHARATA (BIMA BUNGKUS)
Kaya dene jinis teks liyane, teks crita Mahabharata (Bima Bungkus) uga nduweni struktur. Struktur

kasebut diperang dadi papat, yaiku pambuka, pasulayan, pangudare perkara, lan panutup. Andharan saka
saben-saben perangan kasebut bisa dideleng ana ing ngisor iki.
1) Pambuka

Pambuka yaiku perangan kang medharake sapa paraga kang bakal di critakake, ing ngendi papan
panggonane, lan kaya apa silsilah kulawargane. Tujuwan saka anane perangan iki ora liya supaya para
pamaca mangerteni kanthi gamblang idhentitas lan asal-usul paraga kasebut.
2) Pasulayan

Sabanjure, ana kang diarani pasulayan. Pasulayan yaiku perangan kang medharake konflik utawa
perkara kang diadhepi dening paraga. Pasulayan sajrone teks crita wayang umume bisa luwih saka siji.
Wujude maneka werna, awit perkara cilik, sedhengan, nganti gedhe.
3) Pangudare Perkara

Saliyane iku, ana uga pangudare perkara. Pangudare perkara yaiku perangan kang njlentrehake
kepriye carane paraga anggone ngrampungake perkara-perkara kang dumadi. Ing perangan iki umume
kaandhut pitutur kang tuwuh saka cara-cara kang dileksanani dening paraga, saengga ora salah yen
sipate luwih kompleks tinimbang perangan-perangan liyane.
4) Panutup

Perangan kang pungkasan yaiku panutup. Isine panutup umume ngenani dudutan lan pitutur.
Nanging, pitutur ing kene sipate opsional (bisa ana bisa ora). Pitutur ora tansah katulis langsung ing
sajrone teks, saengga para pamaca bisa ndudut dhewe sawise maca lan mangerteni isine.



7

GLADHEN 2
Sawise mangerteni materi babagan struktur teks crita Mahabharata (Bima Bungkus) ing ndhuwur, coba
teks kang ana ing Gladhen 1 perangen adhedhasar perangan strukture kaya ing ngisor iki.



8

C. UNSUR PAMANGUN TEKS CRITA WAYANG MAHABHARATA (BIMA BUNGKUS)

Unsur pamangun yaiku unsur-unsur kang mangun sawijine crita, saengga bisa dumadi crita kang
becik lan kebak dening surasa. Saemper karo crita-crita liyane, crita Mahabharata (Bima Bungkus) uga
nduweni unsur pamangun. Kang kalebu unsur pamangun kasebut ing antarane, undheran (tema),
paraga lan wewatak paraga, latar (setting), alur crita (plot), busananing basa, lan amanat (pitutur).
Andharan saka saben-saben unsur kasebut bisa dideleng ana ing ngisor iki.
1) Undheran (Tema)

Undheran (tema) yaiku pokok masalah utawa pokok perkara kang dadi lelandhesan lan dhasare
crita. Saliyane iku, undheran (tema) uga bisa diarani idhe bakune crita.
2) Paraga lan Wewatak Paraga

Paraga yaiku wong kang dicritakake. Paraga ana kang nduweni sipat becik lan ana uga kang
nduweni sipat ala. Paraga kang sipate becik diarani paraga protagonis, dene paraga kang sipate ala
diarani paraga antagonis. Sawetara iku, wewatak paraga yaiku sipat kang mbedakake paraga siji lan
paraga liyane. Wewatak paraga bisa maneka werna banget cara panggambarane. Ing ngisor iki cara-
cara kang bisa digunakake kanggo nggambarake wewatake paraga.
a. Lumantar katrangan langsung kang diandharake pangripta sajrone crita
b. Lumantar caturan utawa pirembugan ing antarane paraga
c. Lumantar tuminndak, lelaku, lan kedadean-kedadean.
3) Latar (Setting)

Latar (setting) yaiku unsur kang ana gegayutane karo papan panggonan, kahanan sosial, wektu,
uga swasana kang ndhasari kedadean ing sawijine crita.
4) Alur Crita (Plot)

Alur yaiku rantamane crita kang sasambungan lan mangun crita. Alur kawangun kanthi urutan
kedadean, saengga bisa awujud maju, mundur, lan campuran.
5) Busananing Basa
Busananing basa yaiku basa kang digunakake sajrone crita.
6) Amanat (Pitutur)

Amanat (pitutur) yaiku pepeling kang kinandhut ana ing sajrone crita, ing ngendi bisa arup
ajjaran moral utawa pendhidikan.

GLADHEN 3

Sawise mangerteni materi babagan unsur pamangun teks crita Mahabharata (Bima Bungkus) ing
ndhuwur, coba teks kang ana ing Gladhen 1 analisisen uga unsur-unsur pamangune awit saka: 1)
undheran (tema), 2) paraga lan wewatak paraga, 3) latar (setting), 4. alur crita (plot), 5. busananing basa,
nganti 6) amanat utawa pituture.



9

10

Sumber Liya
Kanggo nambahi kawruhmu ngenani teks crita Mahabharata (Bima Bungkus), coba bukaken link-link-
link kang wis sumadya ing ngisor.
https://youtu.be/poG8sDeXSf0
https://youtu.be/np205m42Sio
https://youtu.be/ftpkyv91hPc
https://youtu.be/2eIYeUhhrNo

REFLEKSI
Sawise maca, nyinaoni, lan mangerteni babagan Teks Crita Mahabharata (Bima Bungkus), “kawruh apa
kang kokpikolehi?”, “apa mupangate pasinaon iki?, “apa pitutur kang bisa dituladhani saka para paraga
sajrone crita Mahabharata (Bima Bungkus)?”, banjur “apa lelakon sabnjure kang bakal koklakoni?”.
Jlentrehna panemumu ing saklembar kertas kanthi jangkep lan gambling. Yen wis rampung, kumpulna
menyang gurumu!

DUDUTAN
Teks crita Mahabharata (Bima Bungkus) yaiku teks kang nyritakake laire Bimasena kanthi wujud
kawungkus.
Teks crita Mahabharata (Bima Bungkus) nduweni struktur kang diperang dadi papat, yaiku pambuka,
pasulayan, pangudare perkara, lan panutup. Pambuka yaiku perangan kang medharake sapa paraga
kang bakal di critakake, ing ngendi papan panggonane, lan kaya apa silsilah kulawargane. Pasulayan
yaiku perangan kang medharake konflik utawa perkara kang diadhepi dening paraga. Pangudare
perkara yaiku perangan kang njlentrehake kepriye carane paraga anggone ngrampungake perkara-
perkara kang dumadi. Banjur, panutup yaiku perangan kang isine ngenani dudutan lan pitutur.
·Unsur pamangun yaiku unsur-unsur kang mangun sawijine crita, saengga bisa dumadi crita kang
becik lan kebak dening surasa.
Unsur pamangune crita Mahabharata (Bima Bungkus) kang diperang dadi undheran (tema), paraga
lan wewatak paraga, latar (setting), alur crita (plot), busananing basa, lan amanat (pitutur).



11

UJI KOMPETENSI WULANGAN 1

A. Teks ing ngisor iki wacanen kang premati, sabanjure wangsulana pitakon-pitakon kanthi milih
wangsuan kang miturutmu paling bener!

BIMA BUNGKUS
Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran laire ponang jabang bayi kang
awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-
cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus. Wisiking
dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana. Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa
kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan. “Kanjeng Eyang, kadi pundi
nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika
Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…”
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon. “Putuku
nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si
Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…”
Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat.
Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si
bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi
kawruh babagan kautaman marang si bungkus. Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus,
Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping,
gelang, porong, lan kuku Pancanaka. Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus
dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad
sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus.

Praptene Betara Narada. Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki
sopoh?”

“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratu ing Amarta
Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama…,
lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen
nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu. Para
raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika
kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.

1. Wewacan ing ndhuwur nyritakake …
a. Laire Bima kanthi wujud kawungkus
b. Nakula lan Sadewa
c. Sedulure Kurawa
d. Perang Bharatayuda
e. Crita uripe Patih Jenggala



12

2. Kang dimaksud si Bungkus yaiku …
a. Nakula
b. Sadewa
c. Yudhistira
d. Bima
e. Arjuna

3. Si Bungkus dibuwang ing ..
a. alas Krendawahana
b. Wirata
c. Dwaraka
d. Padhepokan Talkanda
e. Saptarengga

4. Ing suralaya, Bathara Guru nimbali ..
a. Abimanyu
b. Jatayu
c. Kebo Andanu
d. Wilmuka
e. Gajah Sena

5. Gajah Sena yaiku putrane Bathara Guru kang awujud ..
a. Gajah
b. Naga
c. Baya
d. Garuda
e. Ula

6. Bathara Guru uga ngutus … kanggo nggladhi kawruh babagan kautaman marang si Bungkus.
a. Dewi Kunthi
b. Dewi Arimbi
c. Dewi Umayi
d. Dewi Gandari
e. Dewi Anjani

7. Sing kasil anggone mbuka bungkuse Bima yaiku ..
a. Kurawa
b. Gajah Sena
c. Puntadewa
d. Yudhistira
e. Arjuna



13

8. Sawise metu saka wungkus kang mbuntel dheweke, bima diwenehi tetenger ..
a. Bratasena
b. Baladewa
c. Durgandana
d. Jenggala
e. Pancawala

9. Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat
punakawan Begawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi ana ing ..
a. Wukir Semeru
b. Wukir Lawu
c. Wukir Retawu
d. Wukir Kawi
e. Wukir Rinjani

10. Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat
punakawan.
Tembung Wukir tegese …
a. Laut
b. Sumur
c. Gunung
d. Guwa
e. Pendhopo

B. Wangsulana pitakon kang wis sumadya ing ngisor iki kanthi pener lan bener!
1. Jlentrehna apa kang kokmangerteni ngenani crita Mahabharata (Bima Bungkus)!
2. Kaya dene jinis-jinis teks crita liyane, teks crita Mahabharata (Bima Bungkus) uga nduweni
struktur. Jlentrehna apa wae struktur kasebut!
3. Saliyane iku, jlentrehna uga unsur-unsur pamangune!
4. Banjur, tulisen pitutur apa wae kang bisa kokjupuk lan bisa kontuladhani!
5. Kang pungkasan, coba critana carane Bima bisa metu saka wungkus kang mbuntel kulite!



14

KAPUSTAKAN

Abikusna, 1996. Widya Basa. Surabaya: Ekspres
Atmodjo, S. Prawira, 1996. Bausastra Jawa. Surabaya: Yayasan Djojo Bojo.
Jatirahayu, Warih dan Margono Notopertomo. Pakartitama:Wayang Sebagai Sumber Pendidikan
Budi Pekerti. Klaten: CV Sahabat.
Tim. 1948. Karti Basa. Jakarta: Kementerian Pengadjaran Pendidikan dan Keboedajaan.
Kementrian Pendidikan Nasional. 2011. Pedoman Umum Ejaan Bahasa Jawa Huruf Latin yang
Disempurnakan. Yogyakarta: Balai Bahasa
Sudaryanto (ed). 1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta: Duta Wacana University
Press.
Sudaryanto & Pranowo (ed.). 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogyakarta: badan
Pekerja Kongres Bahasa Jawa.



15

MODHUL BASA JAWA

TEKS CRITA MAHABHARATA

(BIMA BUNGKUS)


Click to View FlipBook Version