The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by via.19061, 2021-12-09 11:50:03

MODHUL BASA JAWA "CRITA LEGENDHA"

CRITA LEGENDHA

Dinas Pendidikan
Provinsi Jawa Tengah

Modhul Basa Jawa

CRITA LEGENDHA

Adhedhasar Kurikulum 2013
Muatan Lokal Basa Dhaerah

Provinsi Jawa Tengah

Via Anggraini

Kelas 8
Semester Ganjil

SMP/MTs

ATUR SAPALA

Modhul “Teks Legendha” menika kalebet modhul ingkang ngamot piwulangan
kagem SMP/MTs sadrajat. Ing pundi, isinipun karacik adhedhasar Kurikulum
2013 ingkang ngamot kompetensi dhasar spiritual, sosial, pengetahuan, saha
katrampilan. Tembung-tembung lan ukara-ukara ingkang kababar ing
salebeting modhul “Teks Legendha” menika kapundhut saking pacelathon
limrah basa Jawi ingkang ngrembaka wonten ing pasrawungan padinan,
utamanipun ing madyaning bebrayan agung wonten tlatah Jawi Wetan. Dados
menawi dipuntrepaken dhateng pamulangan, tamtu saged saya
nggrengsengaken pasinaonipun para siswa.

Kangge sampurnaning modhul “Teks Legendha” menika, kula sanget mawantu-
wantu pamanggih, pamrayogi, saha panyaruwe saking sinten kemawon. Kanthi
mekaten, modhul ingkang badhe kababar salajengipun saged maremaken
sakehing pamaos. Kagem para sanak kadang dalah kulawarga ingkang sampun
mbiyantu arupi tenaga utawi materi menapa kemawon, kula ngaturaken
panuwun ingkang tuhu agung.

Wasana, mugi-mugi modhul “Teks Legendha” menika saged nyukani mupangat
saha murakabi tumrap para siswa uga para dwija Basa Jawi, saengga saged
ngendahaken sarta miyaraken seserapan kita sami. Nuwun.

DHAPTAR ISI

Atur Sapala ..................................................................................................................................................................................... i

Dhaptar Isi ....................................................................................................................................................................................... ii

Pituduh Pasinaon .................................................................................................................................................................... iii

Wulangan 1: Crita Legendha ........................................................................................................................................ 1

Mbabar Wawasan .................................................................................................................................................................... 2

A. Tegese Crita Legendha ................................................................................................................................................. 3

Gladhen 1 : Mangsuli Pitakonan ngenani crita legendha "Sawunggaling" ..... 7

B. Struktur Pamangun Crita Legendha ........................................................................................................... 1-

Gladhen 2 : Analisis struktur pamangun crita legendha "Sawunggaling" ........ 10

C. Nulis Crita Legendha Nggunakake Basane Dhewe ....................................................................... 12

Gladhen 3 : Nulis crita Legendha "Sawunggaling" nggunakake basane

dhewe ............................................................................................................................................................................................ 12

Sumber Liya ................................................................................................................................................................................... 12

Refleksi ................................................................................................................................................................................................ 13

Dudutan ............................................................................................................................................................................................. 13

Uji Kompetensi ............................................................................................................................................................................ 14

Kapustakan ..................................................................................................................................................................................... 19

PITUDUH PASINAON

Supaya bisa mangerteni materi kang diandharke ana ing sajrone modhul "Teks
Crita Mahabharata (Bima Bungkus)" iki, para siswa kudu nggatekake pituduh
pasinaon ing ngisor.

Para siswa maca dedonga miturut kapitayane dhewe-dhewe supaya
anggone sinau digampangake karo Gusti Kang Maha Kuwasa.
Para siswa maca materi kang ana ing sajrone modhul kanthi setiti lan
ngati-ati, saengga bisa mangerteni kanthi gamblang, pener, lan bener.
Para siswa nggawe cathethan ngenani tembung-tembung kang durung
dimangerteni. Banjur, tembung kasebut bisa ditakokake menyang Guru
utawa digoleki dhewe menyang Bausastra.
Para siswa nggarap soal-soal kang wis sumadya ana ing sajrone modhul
kanthi blaka suta tanpa cecontohan.
Yen wis rampung, asil garapan bisa dikoreksi bebarengan karo guru lan
kanca-kanca liyane.
Para siswa nggatekake bab-bab apa wae kang durung dimangerteni.
Banjur, dibaleni nganti gamblang sakabehane.

WULANGAN 1

KOMPETENSI DASAR

Menulis cerita legenda

INDIKATOR

Memahami isi cerita legenda
Menganalisis struktur cerita legenda
Menulis ulang cerita legenda yang telah ditemukan dengan
menggunakan bahasa sendiri

MBABAR WAWASAN

Murid-murid, apa kang kokmangerteni saka gambar-gambar ing ndhuwur?
Gambar ing ndhuwur mujudake gambar-gambar kang nyritakake legendha
ana ing saperangan panggonan. Saben dhaerah mesti nduweni crita dhewe-
dhewe. Tuladhane yaiku legendha asal-usul kutha Semarang, legendha asal-usul
kutha Surabaya, legendha asal-usul kutha Salatiga, legendha Rawa Pening, lan
akeh maneh liya-liyane.

Saka andharan lan tuladha kasebut, coba jlentrehna apa iku kang diarani crita
legendha? Apa wae struktur-struktur pamangune? Kepriye unsur basane? Lan,
geneya carane nulis crita legendha kanthi basane kita dhewe? Ayo sinau
bebarengan supaya bisa mangerteni sakabehe kanthi gamblang!

TEGESE CRITA LEGENDHA

Legendha yaiku crita kang isine nyritakake dumadine salah sawijine
panggonan. Crita legendha nduweni sipat imajiner, kolektif, statis,
anonim, lan ngamot tuladha. Imajiner amarga nggambarake
kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane, kolektif amarga dianggep
minangka duwene rakyat, statis amarga ora ana owah-owahan kang
wigati awit jaman biyen nganti saiki, sarta ngamot tuladha amarga
nyritakake bab ala lan becik kang bisa dadi tuladha tumrap
masyarakat kang maca. Supaya bisa luwih mangerteni ngenani crita
legendha, coba wacanen crita ing ngisor iki kanthi setiti lan ngati-ati.

SAWUNGGALING

Ana ing sawijine desa ana kang jenenge Jaka Berik, biyunge yaiku Dewi
Sangkrah. Bedhug kenthang-kenthang, mulih saka dolan Jaka Berek atine
mbedhegel, praupane abang mbranang ngempet kanepson. Jaka Berek muring-
muring temenan, saben-saben dolan mesthi dienyek karo kanca-kancane
amarga mlarat, diloke bocah karam ora duwe bapak.

”Biyung....! biyung aku isin..! aku emoh dolan maneh..., aku isin!” swara Jaka
Berek bengok-bengok.

“Gek ana apa ta le, kok bengok-bengok, yen ana perkara mbok ngomong
biyung iki..!” Biyunge sumaur saka njero, banjur lungguh njejeri Jaka Berek
sing lagi lungguh lincak ing emper omah.

”Biyung..., aja gela atimu ya, aku daktakon. Sejatine bapakku kuwi sapa, jare
kancaku aku bocah karam ora duwe bapak. Simbah daktakoni dikongkon
takon biyung. Yen pancen aku duwe bapak sapa bapakku, yen isih urip nang
endi panggonane, yen mati endi kubure?” Pitakone Jaka Berek marang
biyunge.

”Thole anakku Jaka Berek, gedhekna atimu. Ora ana critane anak ora duwe
bapak. Bapakmu ya durung seda, isih sugeng. Ananging yen nganti biyung
crita janjia aja dadi serik ati marang bapakmu, awit iki kabeh ana sebab
musababe. Ora mung salahe bapa biyungmu.” Biyunge Jaka Berek sing sejatine
Dewi Sangkrah ngendikan karo ngelus-ngelus putrane si Jaka Berek.

”Iya biyung aku janji.” Jaka Berek janji marang biyunge.
”Sejatine bapakmu kuwi adipati ing Kadipaten Surabaya, asmane Jayengrana.
Yen kepingin ketemu budhala, golekana bapakmu. Nalika semana bapakmu
maringi biyungmu slendhang Cindhe Puspita. Iki slendhange gawanen, sapa
ngerti mengko ana gunane. Dakpangestoni salakumu.” Dewi Sangkrah
ngendika ngono karo mbrebes mili.
”Biyung, matur nuwun palilahmu. Pangestumu biyung, aku njaluk pamit.”
Jaka Berek budhal menyang Kadipaten Surabaya sangu slendhang Cindhe
Puspita.
Satekane Kadipaten dicegat prajurit loro. Amarga ora dililani mlebu
kadipaten Jaka Berek padudon lan gelut karo prajurit mau. Untunge padudon
enggal konangan Pangeran Sawungrana lan Sawungsari putra Adipati
Jayengrana, saengga ora nganti ketiwasan.
”Nyuwun ngapunten Pangeran, punika wonten lare nem-neman ingkang
badhe mlebu kadipaten, sowan dhateng Kanjeng Adipati”. Prajurit mau matur
pangeran loro mau karo keweden, wedi kadukanan.
”He! Nom-noman, sapa jenengmu? ana parigawe apa kowe arep mlebu
kadipaten?” pitakone Pangeran Sawungrana.

”Jenengku Jaka Berek, aku kepingin ketemu Adipati Jayengrana, ana sing
perlu dakomongke mula aja kok alangi” Jaka Berek ngomong tanpa nganggo
subasita.

”He...! Jaka Berek wong murang tata, ora bisa kowe nemoni Rama Jayengrana,
muliha! Yen ora gelem, bakal dakulihke nyawamu.” Santak panantange
Sawungsari.

”Ora bisa! Aku kudu ketemu Adipati Jayengrana.” Krungu tekade Jaka Berek,
Pangeran Sawungrana lan Sawungsari sigra ngroyok Jaka Berek. Dadi
padudon lan gelut rame antarane Jaka Berek lumawan Pangeran Sawungrana
lan Sawungsari. Durung pati suwe anggone gelut, konangan Sang Adipati
Jayengrana sing lagi bae metu saka njero kadipaten.

”He... leren....leren...! Ana apa iki padha gelut!” Adipati Jayengrana nglerenake
sing padha gelut, lan nakoni apa sebab musababe nganti gelut.

”Jaka Berek, aku Adipati Jayengrana, ana parigawe apa kowe pengin nemoni
aku?” Adipati Jayengrana ndangu Jaka Berek.

”Waleh-waleh apa bapak Adipati, aku kepingin ketemu sampeyan, njaluk
diaku anak. Aku iki anakmu, anake biyung Dewi Sangkrah.” Jaka Berek njawab
blaka suta marang Adipati Jayengrana.

”Ketemu pirang perkara! Aja ngawur, Kowe nyebut aku bapakmu, apa
buktimu?” Sereng pangandikane Adipati Jayengrana semu duka.

Jaka Berek ngetokake slendhang Cindhe Puspita saka wungkusan, diaturake
Adipati Jayengrana. Nalika Adipati Jayengrana mirsani slendhang Cindhe
Puspita legeg, kelingan menawa slendhang mau pancen tandha mata kang
nate diparingake garwa selire kang kinasih kang asma Dewi Sangkrah.

”Yen ngono bener tenan, sliramu pancen putraku.” Ngendikan ngono karo
ngrangkul Jaka Berek, banjur dikenalake karo Sawungsari lan Sawungrana
minangka sedulure. Cekake crita Jaka Berek banjur manggon ana Kadipaten
Surabaya, diparingi asma Sawunggaling. Ing sajerone kadipaten Jaka Berek
ginulawenthah ing tata krama lan subasita, sarta tata kaprajan, padha karo
putra liyane.

GLADHEN 1

Pituduh kanggo siswa :
Sawise maca lan mangerteni isine crita legendha kanthi irah-irahan
"Sawunggaling", para siswa diarahke supaya mangsuli pitakonan-pitakonan
kang wis sumadya ing ngisor. Wangsulan saka pitakonan-pitakonan
kasebut sejatine bisa digoleki ana ing sajrone crita. Mula, para siswa ora
perlu susah-susah nggolek wangsulan ana ing sumber liya. Nanging
sadurunge nggarap gatekna dhisik tuladhane, banjur garapaen lan
wangsulana nomer candhake !

1. Apa irah-irahane crita ing ndhuwur?
Wangsulan:
I…r…ah…-…ir…a…h…an……c…ri…ta…i…n…g…n…d…h…u…w…u…r…y…a…ik…u……Sa…w…u…n…g…g…a…li..n…g………………………………………………….………............
..……………………………………………………………………………………………………………………………………………..………..............

2. Sapa iku Sawunggaling?
Wangsulan:
…………………………………………………………………………………………..………………………………………………….…………............
..………………………………………………………………………………………………………………………………………..……………..............

3. Sapa jeneng biyunge Sawunggaling?
Wangsulan:
………………………………………………………...……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………...………………………………………………………………………………………………

4. Geneya Sawunggaling dipoyoki kanca-kancane?
Wangsulan:
………………………………………………………...……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………...………………………………………………………………………………………………

5. Biyunge Sawunggaling nyangoni anake apa?
Wangsulan:
………………………………………………………...……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………...………………………………………………………………………………………………

6. Ramane Sawunggaling raja ana ing kadipaten endi?
Wangsulan:
………………………………………………………...……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………...………………………………………………………………………………………………

7. Nalika wis tekan kadipaten, Sawunggaling padu karo sapa?
Wangsulan:
………………………………………………………...……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………...………………………………………………………………………………………………

8. Sapa jenenge pangeran Kadipaten Surabaya?
Wangsulan:
……………………………………………………...……………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………...………………………………………………………………………………………………

9. Bukti apa kang ditudhuhake Sawunggaling menyang Adipati
Jayengrana?
Wangsulan:
……………………………………………………...……………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………...………………………………………………………………………………………………

10. Ana ing kadipaten, Sawunggaling digulawentah apa?
Wangsulan:
……………………………………………………...……………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………...………………………………………………………………………………………………

STRUKTUR PAMANGUN CRITA LEGENDHA

Kaya dene jinis teks liyane, teks crita legendha uga nduweni struktur.
Struktur kasebut diperang dadi papat, yaiku orientasi, komplikasi,
klimaks, resolusi, lan koda. Andharan saka saben-saben perangan
kasebut bisa dideleng ana ing ngisor iki.

Orientasi, yaiku paragraf kang nepungake paraga-paraga ing
sajrone teks.
Komplikasi , yaiku paragraf kang njlentrehake prastawa utawa
prakara kang dadi undheran crita.
Klimaks, yaiku paragraf kang njlentrehake prastawa lan
prakara=prakara ing sajrone teks kang saya ruwet banget.
Resolusi, yaiku paragraf kang njlentrehake dalan/cara kang dipilih
kanggo ngudhari reruwet, bisa ndadekake apik (happy ending)
bisa uga ndadekake elek(sad ending).
Koda/amanat, yaiku paragrag kang njelntrehake dudutan lan
nilai budi pekerti umum kang bisa dituladha.

GLADHEN 2

Pituduh kanggo siswa :
'Sawise mangerteni materi babagan struktur pamangun crita legendha ing
ndhuwur, para siswa nindakake gladhen analisis perangan-perangan
struktur teks "Sawunggaling" kang ana ing kaca 8. Nanging sadurunge
nggarap, gatekna dhisik tuladhane banjur garapen nomer candhake !

STRUKTUR SAWUNGGALING
Orientasi
Ana ing sawijine desa ana kang jenenge Jaka Berik,
biyunge yaiku Dewi Sangkrah.

Komplikasi ..….................................................................................................................................................................................................................
Klimaks ......................................................................................................................................................................................................................
Resolusi ......................................................................................................................................................................................................................
......................................................................................................................................................................................................................

..….................................................................................................................................................................................................................

Koda ..….................................................................................................................................................................................................................
......................................................................................................................................................................................................................
......................................................................................................................................................................................................................
......................................................................................................................................................................................................................
......................................................................................................................................................................................................................

8

NULIS CRITA LEGENDHA NGGUNAKAKE BASANE
DHEWE

Kanthi sangu kawruh ngenani struktur pamangune crita legendha,
para siswa bisa bali nulis crita legendha nggunakake basane dhewe.
Perangan mbaka perangan kudu kaamot ana ing sajrone crita kang
ditulis. Basa kang digunakake bisa basa ngoko utawa krama,
gumantung kasaguhane saben-saben siswa. Yen bisa, isine ringkes,
mung padhet. Saengga, intisari crita tetep katulis kanthi sae.

GLADHEN 3

Pituduh kanggo siswa :
'Sawise mangerteni materi babagan nulis crita legendha kanthi nggunakake
basane dhewe ing ndhuwur, para siswa nindakake gladhen analisis
perangan-perangan struktur teks "Sawunggaling" kang ana ing kaca 8.
Nanging sadurunge nggarap, aja lali ngecakke perangan-perangan struktur
pamangune kang wis disinaoni ing sadurunge !

SUMBER LIYA

Kanggo nambahi kawruhmu ngenani teks crita legendha, coba bukaken
link-link-link kang wis sumadya ing ngisor.
https://youtu.be/T5BkZnV_OXQ
https://youtu.be/7rUDrPTHtVo
https://youtu.be/dFC_iuVS8ZY

REFLEKSI

Sawise maca, nyinaoni, lan mangerteni babagan crita legendha,
“kawruh apa kang kokpikolehi?”, “apa mupangate pasinaon iki?, “apa
pitutur kang bisa dituladhani saka para paraga sajrone crita
Mahabharata (Bima Bungkus)?”, banjur “apa lelakon sabnjure kang
bakal koklakoni?”. Jlentrehna panemumu ing saklembar kertas kanthi
jangkep lan gambling. Yen wis rampung, kumpulna menyang gurumu!

DUDUTAN

Legendha yaiku crita kang isine nyritakake dumadine salah
sawijine panggonan.
Crita legendha nduweni sipat imajiner, kolektif, statis, anonim, lan
ngamot tuladha.
Struktur pamangune crita legendha yaiku, orientasi, komplikasi,
klimas, resolusi, lan koda.
Kanggo nulis crita legendha nggunakake basane dhewe, kang
kudu diwigatikake yaiku struktur pamangune crita legendha, basa,
lan intisari-intisarine.

UJI KOMPETENSI

I. Wangsulana pitakon ngisor iki kanthi milih siji wangsulan sing paling bener!
1. Sarampunge gara-gara ing alas Ngrayudan, kahanan ing kraton
Gagarmayang komplang tanpa ratu. Warga Gagarmayang banjur
nyengkakake Jaka Lintang minangka gantine Ratu kang wis ilang katut
banyu banjir. Paragraf ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu
peranganane....
a. orientasi
b. komplikasi
c. klimak
d. resolusi

2. ”He Raja kang wengis, aku Dewi Limaran sing wis koksotake dadi kidang.
Sawise dadi kidang saiki isih kopanah nganti teka ing pati. Saiki wis
titiwancine ngundhuh wohing pakartimu, udan angin lan langit peteng
dhedhet iki minangka piwalesku sing bakal ngentirake anggamu”. Lerene
swara mau ana bledheg nyamber Sang Prabu, sanalika Sang Prabu malih
dadi naga. Paragraf ing ndhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu
peranganane....
a. orientasi
b. komplikasi
c. klimak
d. resolusi

3. Wiwit dina iku Jaka Lintang menehi wewaler marang warga Ngrayudan
supaya aja pisan-pisan mateni kidang. Yen nganti ana sing matenikidang
bakal ana banjir bandhang ing Ngrayudan lan sakiwa tengene. Katitiksaka
wangune/polane ukara ing dhuwur kalebu....
a. komplikasi
b. resolusi
c. klimak
d. koda

4. ”He bocah bagus ana kowe nangiskelara-lara?” tembung kang
Ukaraing dhuwur katitiksaka unggah-ungguh basa,
digunakake kalebu....
a. krama alus
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. ngoko lugu

5. ”Nyuwun pangaputen Gusti Prabu, kawula nangisi ibu kula
ingkangsampun panjenengan sedani.” Ukara kasebutkatitik saka unggah-
ungguh basa, tembung kang digunakake kalebu....
a. krama alus
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. ngoko lugu

6. Sang Prabu tindakmbebedhag menyang alas.
Ukara kasebutyen katitik saka wangune/polane kalebu....
a. ukara langsung
b. ukara ora langsung
c. ukara lamba
d. ukara camboran

7. Dewi Limaran tansah nulak amarga durung kepinginomah-omah. Ukara
kasebutyen katitik saka wangune/polane kalebu....
a. ukara lamba
b. ukara camboran wudhar
c. ukara camboran
d. ukara camboran undha-usuk

8. Kidang wadon ngulandara ninggalake negara Gagarmayang, nganti
tumeka ing satengahe alas Ngrayudan, sawetane gunung Lawu.
Ukara kasebut yen katitik saka wangune/polane kalebu ....
a. ukara lamba
b. ukara camboran wudhar
c. ukara camboran
d. ukara camboran undha-usuk

9. ”He bocah bagus ana apa kowe nangis kelara-lara?” Sang Prabu ndangu
Jaka Lintang.
Ukara ing ndhuwur yen katitik saka panganggone pada pangkat, kalebu....
a. ukara langsung
b. ukara ora langsung
c. ukara lamba
d. ukara camboran

10. Ukara ing ngisor iki sing klebu tuladhane ukara ora langsung yaiku....
a. Jaka Lintang menehi wewaler marang warga Ngrayudan supaya aja
pisan-pisan mateni kidang.
b. Dewi Limaran ngendikan yen apa sing dialami Ratu Gagarmayang iku
minangka ngundhuh wohing pakarti.
c. Dewi Limaran disotake dadi kidang wadon nanging tetep bisa tata
jalma.
d. Ratu ing negara Gagarmayang kaloka sekti mandraguna nanging uga
kejem.

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Aranana sapa bae paraga ing teks ”Jaka Lintang”.
2, Kepiye watak lan tindak-tandyke paraga-paraga mau? Terangna!
3, Wenehana tuladhane ukara lamba kanthi pola /jejer-wasesa-
lesankatrangan/
2 bae!

4. ”Matura marang ibumu yen arep nyuwun dhuwit kanggo tuku klambi,
nganggo unggah-ungguh basa sing bener!

5. Manut panemumu, nilai-nilai budi pekerti apa sing bisa dijupuk saka
crita rakyat ”Jaka Lintang”, jelasna!

KAPUSTAKAN

Abikusna, 1996. Widya Basa. Surabaya: Ekspres
Atmodjo, S. Prawira, 1996. Bausastra Jawa. Surabaya: Yayasan Djojo Bojo.
Jatirahayu, Warih dan Margono Notopertomo. Pakartitama:Wayang Sebagai

Sumber Pendidikan Budi Pekerti. Klaten: CV Sahabat.
Tim. 1948. Karti Basa. Jakarta: Kementerian Pengadjaran Pendidikan dan

Keboedajaan. Kementrian Pendidikan Nasional. 2011. Pedoman Umum
Ejaan Bahasa Jawa Huruf Latin yang Disempurnakan. Yogyakarta: Balai
Bahasa
Sudaryanto (ed). 1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta: Duta Wacana
University Press.
Sudaryanto & Pranowo (ed.). 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogyakarta: badan
Pekerja Kongres Bahasa Jawa.

Modhul Basa Jawa
CRITA LEGENDHA

Click to View FlipBook Version