The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by tarunabakti21, 2023-08-06 23:12:11

Bahasa Jawa Kelas 7 Piwulang 1

Bab 1 Prastawa Budaya

Keywords: Bahasa Jawa

ii Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs Bahasa Jawa HAK CIPTA DILINDUNGI OLEH UNDANG-UNDANG UNDANG-UNDANG REPUBLIK INDONESIA NOMOR 28 TAHUN 2014 TENTANG HAK CIPTA KETENTUAN PIDANA PASAL 113 1. Setiap orang yang dengan tanpa hak melakukan pelanggaran hak ekonomi sebagaimana dimaksud dalam pasal 9 ayat (1) huruf i untuk penggunaan Secara Komersial dipidana dengan pidana penjara paling lama 1 (satu) tahun dan/atau pidana denda paling banyak Rp100.000.000,00 (seratus juta rupiah). 2. Setiap orang yang dengan tanpa hak dan/atau tanpa izin pencipta atau pemegang Hak Cipta melakukan pelanggaran hak ekonomi Pencipta sebagaimana dimaksud dalam pasal 9 ayat (1) huruf c, huruf d, huruf f, dan/atau huruf h untuk penggunaan Secara Komersial dipidana dengan pidana penjara paling lama 3 (tiga) tahun dan/atau pidana denda paling banyak Rp500.000.000,00 (lima ratus juta rupiah) Penulis : Yantilah, S.S Fatimah Eny A,S.Pd Ukuran Buku : B5 (17,6 × 25) cm Tahun Terbit : 2022 Penerbit : Media Pendidikan ISBN : 978-623-5458-26-7 (no.jil.lengkap) 978-623-5458-27-4 (jil.1) 978-623-5458-28-1 (jil.2) 978-623-5458-29-8 (jil.3) 978-623-5458-30-4 (jil.4) 978-623-5458-31-1 (jil.5) Tata letak buku ini menggunakan Program Adobe Indesign CS3, Adobe Photoshop CS3 Font isi menggunakan Arial (10pt) iv + 108 halaman, ilustrasi untuk SMP/MTs Kelas VII


Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs iii Kata Pengantar Puji syukur senantiasa penulis panjatkan kepada Tuhan Yang Maha Esa, berkat limpahan rahmat-Nya penulis dapat menyelesaikan penyusunan buku ini sesuai dengan Kurikulum Merdeka. Selain itu, penulis juga berharap agar buku ini dapat digunakan siswa secara baik untuk menunjang kegiatan siswa. Buku ini disusun berdasarkan capaian pembelajaran dalam Kurikulum Merdeka. Muatan dalam buku ini berisi ringkasan materi, aktivitas siswa, serta latihan yang dapat meningkatkan kompetensi siswa. Aktivitas dan latihan-latihan dalam buku ini menerapkan pendekatan saintifik (scientific approach) serta telah disesuaikan dengan karakteristik pembelajaran dalam Kurikulum Merdeka yaitu pembelajaran berbasis proyek sesuai profil pelajar Pancasila, berfokus pada materi esensial, dan pelaksanaan pembelajaran dapat dilakukan oleh guru secara fleksibel. Buku ini disajikan dengan fitur-fitur progresif berupa capaian pembelajaran, tujuan pembelajaran, uraian isi pelajaran, stimulus, kata kunci, peta konsep, materi pembelajaran, aktivitas mandiri dan kelompok, profil pelajar Pancasila, soal-soal latihan yang bermuatan HOTS (Higher Order Thinking Skills), proyek penguatan profil pelajar Pancasila, refleksi, penilaian formatif, soal asesmen, serta dilengkapi dengan remedial dan pengayaan. Semoga dengan terbitnya buku ini dapat memberikan sumber ilmu pengetahuan dan pelatihan bagi siswa di seluruh Indonesia. Penyusunan buku ini masih banyak terdapat kekurangan. Oleh sebab itu, saran yang baik dan membangun sangat kami harapkan untuk perbaikan dalam penyusunan buku selanjutnya. Penulis


iv Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs Daftar Isi Kata Pengantar ......................................................................................................... iii Daftar Isi ............................................................................................................... iv Bab 1 Prastawa ..................................................................................................... 1 A. Wacana Narasi....................................................................................... 3 B. Ejaan lan Pocapan ................................................................................ 12 Latihan Penilaian Formatif ........................................................................... 19 Bab 2 Tembang ..................................................................................................... 25 A. Piwulang ing Serat Wulangreh............................................................... 28 B. Isine Serat Wulangreh............................................................................ 30 C. Watak Tembang .................................................................................... 30 Latihan Penilaian Formatif ........................................................................... 38 Gladhen Soal Penilaian Tengah Semester ........................................................... 43 Bab 3 Cerita Rakyat .............................................................................................. 47 A. Jinise Crita Rakyat ................................................................................. 50 B. Titikan lan Tuladhane Cerita Rakyat ..................................................... 56 Latihan Penilaian Formatif ........................................................................... 67 Bab 4 Crita Pengalaman ...................................................................................... 75 A. Crita Pengalaman .................................................................................. 78 B. Jinis lan Tuladha Crita Pengalaman ..................................................... 81 C. Aksara Jawa ......................................................................................... 86 Latihan Penilaian Formatif ........................................................................... 92 Gladhen Soal Penilaian Akhir Semester .............................................................. 99 Daftar Pustaka ........................................................................................................ 105 Glosarium ............................................................................................................... 106 Index ........................................................................................................................ 107 Biodata Penulis ....................................................................................................... 108


Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 1 1 PRASTAWA Wulangan Wacan ing basa jawa iku ana akeh, kayata wacan narasi, deskripsi, eksposisi, lan sapanunggale. Ananging ana ing wulangan iki mung kajlentrehake babagan wacan narasi ngenani prastawa alam. Wacan narasi iku nyeritakake kedadeyan kang digawe supaya pamaca kaya ngalami dhewe kedadeyan kang dicritakake. Tuladhane, yaiku novel, cerkak, dongeng, roman, hikayat, lan sapanunggalane. Ing wulangan iki diandharake ngenani prastawa. Prastawa kang diwedharake awujud kedadeyan saben wektu sing ana ing donya iki. Umpamane lindhu (gempa bumi), lemah jugrug (longsor), lan liya-liyane. Kanggo mangerteni babagan kasebut, gathekna wulangan iki kanthi permati! Gambar: Candi Arjuna Dieng, Wonosobo Sumber: https://tempatwisata.my.id/ tempat-wisata-di-sekitar-dieng/


2 Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs Memahami teks narasi tentang peristiwa atau kejadian. Capaian Pembelajaran Setelah mempelajari materi pada pembelajaran ini diharapkan siswa mampu: Dalam bab ini, kalian akan diajak untuk mencermati peristiwa-peristiwa yang terjadi di sekitar kita. baik yang baru saja terjadi atau yang pernah terjadi melalui beragam teks narasi. Kalian akan mempelajari unsur-unsur yang harus disebutkan dalam narasi peristiwa, menyimak, berdiskusi dan berlatih menyajikan teks narasi peristiwa. Tujuan Pembelajaran Teks narasi peristiwa, faktual, aktual, fiktif. Tembung Wigati Mari Mengamati Maca tuladha teks narasi fakta! Bena Dieng KOMPAS.com- Badan Meteorologi, Klimatologi, lan Geofisika (BMKG) ngelingake warga amrih waspada marang tekane udan sing bisa nuwuhake bena ing Dieng, Wonosobo, Jawa Tengah. “Wewengkon Dieng lan sakupenge isih duweni potensi udan kanthi intensitas sedheng tekan deres sajrone 2–3 dina mangarep,” kandhane Tomi Ilham, prakirawan BMKG marang Kompas.com, Kemis (10/2/2022). Sadurunge, dilapurake yen ta wewengkon Dieng katemahan bena lan jugruge lemah sajrone pirang-pirang dina ing minggu iki. Rebo (9/2/2022) kahanan bena lan jugruge lemah ing Dieng iki katon cetha saka pidio-pidio sing sumebar rame ing donyaning medsos. Salah sijine kaya sing diunggah dening akun instagram @mountnesia, Kemis (10/2/2022). Ing pidio-pidio kasebut, kacetha yen ta musibah lemah jugrug dumadi ing Kalilembu, Kecamatan Kejajar, Wonosobo lan Peta Konsep Prastawa Wacan Narasi Ejaan lan Pocapan


Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 3 saperangan dalan tumuju Dieng. Koordinator Bidang Observasi lan Informasi Stasiun Meteorologi Kelas II Ahmad Yani Semarang, Giyarto ing pamawase ngandharake menawa panyababe bena Dieng ora liya merga udan deres sing banget gedhene. Udan gedhe kuwi mahanani saluran drainase mbludag. Akeh pomahan warga lan tetanen kekebonan keleban bena. Adhedhasar cathetan UPT pemeliharaan jalan dan irigasi wilayah II Mandiraja, Giyarto mratelakake analisis meteorologi nuduhake udan kang dumadi ing Dieng nalika kuwi nggayuh 147 mm, dene ing Bendung Kalisapi, Mandiraja 113 mm. Giyarto nambahake, dumadine udan gedhe dipancing dening sangsaya gedhene awan cumulonimbus. Sirkulasi siklonik ing perairan lor Australia kang nuwuhake angin didominasi saka arah kulon (angin baratan) ing tlatah Jawa Tengah. Mangsa kang kaya mangkono ndadekake udan gedhe kang wusanane nuwuhake bena ing Dieng. Bab kuwi uga ndadekake jugruge lemah ing saperangan wewengkon. “Kahanan iki dadi sabab mundhak gedhene awan konvektip (cumulonimbus) sing dadi cikal tuwuhe udan gedhe dikantheni gludhug lan angin gedhe.” Kanggo ngadhepi bena sing sawayah-wayah bisa dumadi, BMKG ngajap supaya pihak-pihak sing gegayutan karo babagan iki padha nindakake persiapan kayata: 1. Mesthekake kapasitas lan tata kelola banyu siap kanggo nampung mundhake banyu udan lan mesthekake saluran banyu lan drainase lancar ora kasumpelan. 2. Nata lingkungan kanthi ngelingkake warga amrih ora ngguwang larahan sageleme dhewe, ora negori wit-witan tanpa petung. 3. Ngethoki pang-pang wit-witan gedhe sing wis rapuh lan ngencengake maneh togor-togor supaya ora ambruk nalika katrajang angin, sarta nganakake reboisasi luwih masif. 4. Luwih ngencengake koordinasi, sinergi lan komunikasi ing antarane pihak siji lan sijine kanggo ngawekani bencana hidrometeorologi 5. Nindakake sosialisasi, edukasi lan literasi kanthi luwih masif kanggo ngundhakake tingkat pamahaman lan kapedulian pamarentah daerah, masarakat, lan pihak-pihak sing ana gegayutane karo pencegahan risiko bencana hidrometeorologi (banjir, longsor, banjir bandang, angin ribut, angin topan lan ombak gedhe). 6. Tansah ngawasi informasi perkembangan cuaca lan peringatan dini cuaca ekstrem saka BMKG kanthi setiti lan tliti tumrap saben kecamatan ing saindenge tlatah Indonesia. Dijupuk saka Kompas.com kanthi panulis Ellyvon Pranita | Editor Holy Kartika Nurwigati Sumartiningtyas Kompas.com - 11/02/2022, 07:30 WIB kanthi owah-owahan basa. Njembarake Kawruh A. Wacan Narasi Wacan narasi yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan sing wis klakon kang dicritakake kanthi urut saka wiwitan, tengahing prastawa, lan pungkasan. Ing sakiwa tengene dhewe, saben wektu ana prastawa utawa kedadeyan kang dumadi ing sawijining papan utawa panggonan. Miturut sipate, wacan narasi bisa awujud narasi fakta lan bisa uga narasi fiktip.


4 Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 1. Narasi Fakta/Nyata Narasi fakta/nyata, yaiku wacan narasi kang isine crita apa anane, ora digawegawe, ora dicampur karo imajinasi pangriptane/panulis. Narasi jinis iki ngandhut unsur-unsur nyata kayadene ing pawarta. Unsur-unsur kasebut: a. Apa (what), apa prastawane. b. Sapa (who), sapa kang ngalami prastawa. c. Kapan (when), kapan wektune prastawa dumadi. d. Ing ngendi (where), ing ngendi papan dumadine prastawa. e. Geneya (why), geneya prastawa dumadi. f. Kepriye (how), kepriye urutane prastawa dumadi. 2. Narasi Fiktif/Imajinasi Narasi fiktif/imajinasi, yaiku wacan narasi kang isine asipat khayal/ora nyata. Narasi jinis iki duweni unsur-unsur kang diarani unsur intrinsik lan ekstrinsik. Unsur intrinsik yaiku kaya mangkene. a. Pokok ing rembung/tema/undheran Pokok ing rembug/tema dipunjer/pusat/sentral gagasan sajroning crita. Gagasan utawa ide sajroning crita iki kang dirembug dening pangripta/panulis, saengga dadi crita kang apik lan kepenak diwaca. Kosok baline, menawa pangripta anggone ngrembakake crita nalisir saka pokok ing rembug/tema, crita kasebut ora apik lan ora kepenak diwaca. Crita kang apik kudu nut marang punjering crita/ pokok ing rembug crita kasebut. b. Paraga Paraga kerep diarani tokoh utawa penokohan. Penokohan yaiku carane pangripta gambarake watak/karakter para paraga ing crita kasebut. Kanggo gambarake watak paraga pangripta bisa gunakake cara: langsung, gambarake kahanan fisik/badan/wadhah, solah bawa/tingkah laku, tata basa lan lelewaning basa/gaya bahasa, sarta gambarake asal-usul uga kahanan lingkungan para paragane crita kasebut. Jinising paraga ana sajroning crita yaiku kaya mangkene. 1) Protagonis utawa paraga utama, yaiku paraga kang nampa prakara/reruwet/ masalah, disia-sia biyasane watake apikan, sumeh marang sapa bae, manut, jujur, lan kebak ing welas asih. Watak paraga iki patut ditiru dening sapa bae kang maca. 2) Antagonis utawa watak ala, yaiku paraga kang duweni watak julig, iri, srei lan seneng gawe kapitunan marang wong liya. Watak iki kudu ditinggalake ora kena ditiru. 3) Tritagonis utawa paraga katelu, yaiku paraga kang bisa ngrampungi dredah/ prakara kang disandhang dening paraga utama. 4) Figuran utawa paraga kanggo njangkepi crita supaya luwih urip, paraga iki ora mlebu langsung ana isi ing crita, nanging biyasane kanggo nguripake isining crita. Upamane wong-wong kang ana ing pasar, wong-wong kang padha mlaku ana ngarep omahe paraga utama, lan sapanunggalane.


Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 5 c. Latar/setting Latar/setting yaiku gambaran ing isi ing crita. Latar/setting kaperang 3, yaiku kaya mangkene. 1) Papan panggonan yaiku gambaran papan panggonan ana ing isining crita, upamane ana kamar, ana pasar, ana ing ruang tengah omah, ana kali lan sapanunggalane. 2) Wektu yaiku gambaran kapan kedadeyan ing prastawa ana ing isining crita. Upamane wektu surup, wektu esuk, telung dina kepungkur, limang tahun sateruse lan sapanunggalane. 3) Swasana yaiku gambarake swasana ing isine crita, upamane swasana sedhih, swasana seneng, swasan ati, lan liya-liyane. d. Alur Alur bisa diarani gambaran lumakuning crita utawa dalan crita. Lumakune crita kuwi lumrahe kaperang dadi 3 bagian yaiku kaya mangkene. 1) Orientasi yaiku penganggit/panulis wiwit ngenalake paraga crita lan kapan dumadine crita/prastawa utawa kedadeyan mau. 2) Komplikasi yaiku paraga utama ing crita/kedadeyan mau oleh prakara, alangan, godha utawane konflik. 3) Resolusi yaiku prakara kang diadhepi dening paraga utama crita kasebut wiwit diudhari, lan ana paraga kang paring pambiyantu kanggo ngrampungi prakara banjur prakarane rampung kanthi seneng (happy ending) utawane kanthi sedhih (sad ending). Alur kaperang dadi telu, yaiku kaya mangkene. 1) Alur maju yaiku isining crita kang diandharake miturut urutan ing kedadeyan. 2) Alur mundur yaiku isining crita kang diandharake kedadeyan kang lagi dilakoni, banjur mundur marang crita/kedadeyan wektu kepungkur. 3) Alur campuran yaiku gabungan antarane alur maju lan alur mundur. e. Piweling/amanat Piweling/amanat mujudake pesen sing disingidake dening pangripta sajrone crita kanthi pangajap supaya sapa bae sing maca crita kasebut bisa ndudut kekarepane pangripta. Wong kang padha maca crita digawe penasaran luwih dhisik satemah ora mung cukup maca sapunggel nanging kudu maca nganti jangkep/ rampung supaya bisa mangerteni piwelinge panganggit ing isi ning crita. f. Lelewaning basa/gaya bahasa Lelewaning basa utawa gaya bahasa sajroning crita duweni guna munfangat kanggo ngripta lan ngraketake kahanan lan swasana antarane paraga siji lan sijine. Lelewaning basa uga bisa kanggo menehi tandha yen paragane crita duweni watak kang apik utawa ala, mulya apa rekasa bisa kagambarake saka tembungtembung kang dienggo ana sajroning crita. Wujude cetha tembung-tembunge kanggo bedakake paraga siji lan sijine. Upamane gambarake paraga bocah lan wong tuwa bisa gunakake tembung-tembung kang beda. g. Sudut pandang/point of view Sudut pandang yaiku pangripta mapanake/manggonake awake ing sajroning crita kasebut. Pangripta bisa dadi paraga utama, bisa dadi paraga tambahan, bisa uga dadi pihak katelu utawa pengamat kang sarwa bisa/serba tahu.


6 Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs Jlajah Tembung Ayo jingglengi tembung-tembung angel lan tegese ing wacan Bena Dieng! Tembung angel Tegese amrih supaya, kareben nuwuhake ndadekake, nyababake bena banjir wewengkon daerah, tlatah sakupenge sakitare katemahan kena, nandang jugrug longsor pamawase panemune ngandharake jlentrehake mahanani nyabababke mratelakake jelasake nggayuh nyandhak ngajap ngarepake gegayutan sesambungan ngawekani nguwali Nyimak Syafina Ajar Pasa Jam ing ruang tengah nuduhake tabuh 10.35 WIB nalika Bu Ega gupuh metu saka ngomah jalaran krungu tangise bocah cilik. Karo thingakthinguk dheweke goleki punjere swara. “Enek apa Fin kok nangis seru temen?” pitakone marang Syafina, putrine sing nembe umur patang taunan lagi nangis pojok plataran. Tangise bocah cilik kuwi ora kandheg malah tansaya seru kaya njaluk digatekake. Tangane nudingi kancakancane sing lagi padha dolanan. “Fina ditukari sapa? Wis.. cup..cup.. meneng, mundhak pasamu batal lo”, pangarih-arihe Bu Ega karo nuntun putrine mlebu ngomah. Tangise nembe mandheg bareng disetelake pilem kartun kasenengane. “Ibuk, Fina ajeng buka.. mpun bedhug!”, kandhane rada seru marang ibune nalika krungu adzan saka musala cedhak omahe. Pilem kartun sing durung rampung ditinggal klepat. “Lo.. Fina olehe pasa tekan jam 1 mengko. Wingi tekan jam 12, saiki jam 1 dene esuk tekan jam 2. Suk yen pasamu wis bisa tekan magrib mesthi diparingi hadiah. Coba saiki wis jam pira kae.., kurang sedhela ta?” Kanthi sareh Bu Ega ngarih-arih Syafina. “Fina rak mpun batal, wong wau mpun nangis. Ngendhikane Ibu nek nangis pas pasa marakake batal ta?”


Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 7 “Emoh! Pokoke Fina nyuwun maem sakniki!”, karo arep nangis Syafina ngeyel ndadekake ibune ora mentala banjur njupukake susu lan maem. Bareng wis wareg, bocah cilik sing wis disekolahake ing PAUD kuwi jentrak-jentrik maneh polahe. Tanpa pamit marang ibune dheweke wis dolan campur kanca-kancane. Dina-dina lumaku Syafina wis wiwit kulina pasa tekan ngarepake wayah Asar. “Ibuk ngampil pesone nggih kagem pasaran,” tembunge Syafina karo njupuk peso ing pawon sanadyan durung diidjini karo ibune. Bu Ega sing lagi ngentasi pemean nututi mlebu pawon karepe arep menggah putrine supaya ora dolanan pasaran nganggo peso. “Fin .. aja gawa peso sing landhep mengko ndak mbebayani,” aloke Bu Ega bareng weruh Syafina gawa peso landhep sing saben dinane kanggo racik-racik masak. Bocah kuwi wis kadung mlayu metu goleki kanca-kancane sing lagi dolanan pasaran debog lan godhong-godhongan. Durung rampung anggone nyetrika, Bu Ega dikagetake dening Hesti kang mlebu omah nuntun Syafina sing lagi nyekeli drijine karo nangis gero-gero. “Kena ngapa tanganmu? Kebeler?” pitakone Bu Ega methuki putrine sawise setrikane diglethakake. Syafina manthuk karo isih nangis mingseg-mingseg. “Mau Ibu wis ngelikake ta? Ayo gek meneng, kene ditambani”, Bu Ega nyandhak tangane Syafina banjur nyetiti drijine sing kebeler metu getihe. Tangise seru maneh nalika drijine diresiki nganggo banyu sadurunge digubed nganggo kasa. “Buk, Fina angsal buka ta?” pitakone sawise meneng anggone nangis. “Kena ngapa kok jaluk buka Fin? Mengko ya yen wis jam 3” wangsulane Bu Ega. “Emoh! Fina mpun batal pasane.” “Batal kena ngapa?” “Ngendikane simbah, nek metu getihe pas pasa marake batal. Fina wau metu getihe kathah, berarti pasane batal”. Bu Ega bingung olehe arep nerangake jalaran diterangana kaya ngapa putrine kuwi mesthi durung mudheng sing dikarepake bab batal pasa merga metu getihe. Kanthi maneka cara Bu Ega ngarih-arih Syafina supaya ora batalake anggone pasa. Nanging Syafina pijer kengkeng njaluk batalake pasa. Wasana Bu Ega kepeksa ngalah nuruti panjaluke putrine. Kepriye bae Syafina wis wiwit kasil anggone ajar pasa. Muga-muga ing umur limang taun sesuk dheweke wis bisa melu pasa tekan magrib. Mangkono dongane Bu Ega marang Syafina, putrine. Yan Ifzal, PS.no.19-11 Mei 2019 Dhiskusi Ayo padha dirembug unsur-unsur sing kacetha ing teks narasi fakta “Bena Dieng” lan teks narasi fiktip “Syafina Ajar Pasa” Teks narasi fakta “Bena Dieng” Teks narasi fiktip “Syafina Ajar Pasa” Sawise maca teks prastawa Bena Dieng, coba wangsulana pitakon iki: Apa undherane ilustrasi? Sapa bae sing kasebut ing prastawa? Ing ngendi papan dumadine prastawa? Kapan dumadine prastawa? Apa sababe dumadine prastawa? Kepriye larah-larahe dumadine prastawa? Sawise maca teks prastawa fiktip “Syafina Ajar Pasa”, coba wangsulana pitakon iki: Apa undherane crita? Sapa paragane? Kepriye watake paraga? Ing ngendi dumadine crita? Kapan dumadine crita? Apa piwelinge?


8 Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs Njingglengi Gambar ing ngisor iki ayo dijingglengi! Objek Andharane objek Apa prastawane? Kepriye kahanane? Apa prastawane? Kapan dumadine? Meringkas isi teks narasi tentang peristiwa atau kejadian dengan ragam krama. Capaian Pembelajaran Dalam bab ini, kalian akan diajak untuk meringkas teks narasi peristiwa yang terdapat dalam berbagai media cetak maupun elektronik. Kalian akan mempelajari unsur-unsur yang harus disebutkan dalam meringkas teks narasi peristiwa, mengamati, menulis dan berkreasi membuat karya berkaitan dengan narasi peristiwa. Tujuan Pembelajaran Nyimak Adhedhasar gambar ing kagiatan 6 saiki ayo para siswa praktik nulis teks narasi prastawa kanthi jangkep gatekake unsur 5W + 1H nganggo basa ngoko! Kreativitas Para siswa mesthine wis paham bab ngakses internet, coba saiki padha gladhen gawe vlog samenit bae!


Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 9 1. Temtokna sawijining prastawa sing bakal kokgawe vlog kanthi undheran bebas. Sing baku ora nerak saka tatakrama lan paugeran! 2. Andharna prastawa kuwi kanthi nyebutake apa prastawane, ing ngendi dumadine, kapan dumadine, sapa bae sing ana gayutane karo prastawa kuwi, apa panyebabe dumadine prastawa lan kepriye larah-larah dumadine prastawa. Andharan kuwi digawe paling suwe samenit. 3. Unggahna vlog-mu kuwi lumantar media sosialmu! Ngringkes Wacan 1 Asil Panen Gayuh Puluhan Ton, Desa Kwadungan dadi Punjere Asil Loncang Para kadang tani ing Desa Kwadungan, Kecamatan Kalikajar nindakake panen gedhen godhong loncang. Panen godhong loncang kuwi kapetung apik merga kasil gayuh puluhan ton saka lahan tetanen ing perenge Gunung Sumbing kasebut. Kagiatan panen gedhen kuwi diestreni dening Bupati Wonosobo Afif Nurhidayat bebarengan pejabat OPD lan unsur Muspika Kalikajar, Rabu (2/2/2022). Koordinator Balai Penyuluhan Pertanian (BPP) Among Tani Kalikajar, Bagus Setyo nyebutake, Desa Kwadungan Kecamatan Kalikajar dadi salah siji desa punjere asil godhong loncang super sing asil produksine ora mung sumebar ing Wonosobo lan sakupenge, langsung tekan pasar ibu Kota Jakarta. Satemah dadekake desa iki minangka pamasok godhong loncang nasional. “Malah saben sahektar lahan sing dipanen ing Desa Kwadungan rata-rata bisa gayuh asil 40 ton godhong loncang. Dene saben dinane lahan sing dipanen dening kadang tani ing tlatah kasebut bisa ngasilake luwih saka sahektar kanthi asil panen kurang luwih 50–60 ton,” pratelane Bagus. Ing Desa Kwadungan dhewe, miturut Bagus ana kurang luwih 300 hektar lahan tetanen godhong loncang sing siyaga dipanen saben dina. “Saben bubar panen, langsung ditanduri bibit maneh satemah anggone ngundhuh bisa lumaku kanthi lancar saben wayah”, mangkono pratelane. Sawetara kuwi, ing kalodhangan kasebut Bupati Afif Nurhidayat ngaturake rasa sukure gegayutan karo asil panen godhong loncang sing banget maremake. Piyambake ngajap supaya para kadang tani ora gampang marem karo asil sing wis digayuh saiki nanging kudu tansah mbudidaya nindakake inovasi amrih anggone panen samengkone sangsaya tambah apik. “Alhamdulillah panen dina iki maremake banget sawise dianakake pambinaan saka dinas pertanian. Dene asil kreativitas para kadang tani bisa ngasilake panen sing ngedab-edabi ngluwihi panen sadurunge. Muga-muga kahanan iki bisa gawe mongkok lan mulyane warga Kwadungan lan sakupenge, aamiin.” pungkase.


10 Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs Wacan 2 Wonosobo Saiki Duwe Marketplace, Mall Ekraf Arane WONOSOBOZONE.COM – Pamarentah Kabupaten Wonosobo lumantar Dinas Pariwisata lan Kabudayan (Disparbud) ngeculake sawijining marketplace kang diwenehi tenger Mall Ekonomi Kreatif (Mall Ekraf). Paresmene Mall Ekraf kasebut ditindakake dening Bupati Wonosobo Afif Nurhidayat bebarengan karo Wakil Bupati Muhammad Albar, Sekda Wonosobo lan Kepala Disparbud Provinsi Jawa Tengah, ing Gerbang Mandala Wisata, kompleks Terminal Mendolo, Setu (22/1/2022). Kepala Dinas Pariwisata lan Kabudayan Kabupaten Wonosobo, Agus Wibowo mratelakake yen ta wiwit 22 Januari 2022, Gerbang Mandala Wisata bakal didadekake mall ekonomi kreatif, lan dioperasionalake maneh kanggo lumakune transfer transportasi bus gedhe bus medium lan bis cilik sadurunge tumuju papan wisata ing kawasan Dieng apa dene menyang lokasi 5 Dieng anyar. “Sakabehane kuwi ditengeri Mall Ekonomi Kreatif, yaiku sawijining marketplace kanggo kabeh produk lokal duweke masarakat. Asil kreativitas sing wis kadaftar ana 89 mitra UMKM lan 104 pangrajin craft. Wis salumrahe gerbang wisata iki dikompliti pusat informasi, wisata belanja utawa oleh-oleh, tekan ruang seni. Samengkone bakal disedhiyani papan kanggo workshop tematik,” andharane Agus. Agus ngajap aktivitas bisnis lan kreatif ing Gerbang Mandala Wisata iki samengkone bisa ngrembaka lan lumaku kanthi lancar. Padha karo pratelane Agus, Bupati Wonosobo Afif Nurhidayat nyebutake Wonosobo minangka daerah jujugan wisata, wis salumrahe duweni fasilitas panyengkuyung pariwisata sing pantes lan representatif. “Potensi sektor pariwisata sing unik lan ndudud ati, bisa ndadekake para wisatawan ketagihan kepengin mara maneh. Sing kaya mangkono kuwi sithik mbaka sithik bisa ndadekake gumregahe pariwisata Wonosobo sing lesu ing mangsa pandemi wingi. Mesthi wae kuwi kabeh kudu ditindakake kanthi nggatekake lan ngecakake protokol kasarasan,” pungkase. Pambukane mall ekonomi kreatif uga diregengake dening pameran gerobak lan kostum pedagang mie ongklok, Gelar Karya Perupa Wonosobo, Pembukaan Sentra Tanaman Hias Wonosobo, workshop, gelar karya seni pertunjukan lan pameran seni. No Pokok Isi Wacan Wacan 1 Wacan 2 1 Apa sing dicritakake Desa Kwadungan dadi punjere godhong loncang. 2 Sapa sing dicritakake Masarakat Desa Kwadungan.


Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 11 3 Kapan dumadine Rebo, 02 pebruari 2022. 4 Ing ngendi dumadine Desa Kwadungan. 5 Geneya Saben sahektar lahan tetanen ngasilake godhong loncang 40 ton. 6 Kepriye Desa Kwadungan Kecamatan Kalikajar dadi salah siji desa punjere asil godhong loncang super sing asil produksine ora mung sumebar ing Wonosobo lan sakupenge, langsung tekan pasar ibu Kota Jakarta. Satemah ndadekake desa iki minangka pamasok godhong loncang Nasional. Ringkesan wacan 1 nganggo basa ngoko Masarakat (sapa) Desa Kwadungan (ing ngendi) dhek dina Rebo, 02 pebruari 2022 (kapan) kasil panen raya godhong loncang (apa). Asil panen sing ngedab-edabi (geneya) kuwi ora mung kanggo nyukupi kabutuhan Wonosobo lan sakupenge nanging sumebar tekan pasar ibu Kota Jakarta malah kepara dadi pamasok godhong loncang nasional. (kepriye) Ringkesan wacan1 nganggo basa krama Masarakat (sapa) Desa Kwadungan (ing ngendi) nalika dinten Rebo, 02 Februari 2022 (kapan) kasil panen raya godhong loncang (apa). Asil panen ingkang ngedab-edabi (geneya) punika boten namung kangge nyekapi kabetahan Wonosobo lan sakupengipun kemawon nanging dipunkirim dumugi peken ibu Kota Jakarta malah kapetang dados pamasok godhong loncang nasional. (kepriye) Ringkesan wacan 2 nganggo basa ngoko Ringkesan wacan 2 nganggo basa krama


12 Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs Njembarake Kawruh Sapala B. Ejaan lan Pocapan Pocapan/kedal/pengucapan ing basa Jawa beda karo pocapan ing basa liyane, ing basa Jawa pocapan/kedal/pengucapan kang ora trep bisa ngowahi teges ana ing tembung. Ing ngisor iki kaandharake pocapan/kedal/pengucapan swara ana ing basa Jawa. Gunggunge pocapan ing basa Jawa iku ana loro, yaiku pocapan aksara swara/ huruphidup lan pocapan aksara mati/huruf mati/konsonan (Marsono,1993: 16–79). Kasebut uga ngenani widyaswara yaiku kang ngrembug sawernaning kedaling swara, yaiku 1) swara kang mbedakake wujud lan teges (destingtif), 2) ngrembug bab lira liruning swara kang ora njalari owahing teges (alofon), lan 3) owahing swara/vokal (aksara swara) ing wandane/suku kata tembung/kata jalaran panambang. (Sri Satriya TWS, 2004:1–8). Kang kasebut swara iku wujud unining angin (hawa) sing metu saka paru-paru lan kang metu saka tutuk/lisan. Metuning swara bisa uga sarana gorokan, cethak, ilat, untu bisa uga lambe; malah ana uga sing ora mawa sarana apa-apa. (Imam Sutardjo, 2015: 50-54). Wujuding pocapan swara yaiku. 1. Pocapan Swara/a/ Pocapan swara /a/ yaiku kaya mangkene. a. Swara /a/ miring → yaiku aksara /a/ kang mapan ing ngarep, tengah utawa ana ing burining tembung panulisane /a/ anggone maca ajeg /a/. Tuladha: No. Ejaan Pocapan 1. anak anak 2. kamar kamar 3. candhak candhak 4. larahan larahan 5. mangan mangan b. Swara /a/ jejeg → yaiku aksara /a/ kang mapan ing ngarep, tengah utawa ana ing mburining tembung panulisane /a/ anggone maca saemper /ɔ/. Tuladha: No. Ejaan Pocapan 1. ana ɔnɔ 2. kana kɔnɔ 3. kaca kɔcɔ 4. bala bɔlɔ 5. tapa tɔpɔ 6. lara lɔrɔ 7. sapa sɔpɔ 8. cara cɔrɔ 9. andha ɔndhɔ


Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 13 2. Pocapan Swara /i/ Pocapan swara /i/ yaiku kaya mangkene. a. Swara /i/ miring → yaiku aksara /i/ panulisane /i/ anggone maca saemper /i/. Tuladha: No. Ejaan Pocapan 1. wis wis 2. ing ing 3. sing sing 4. piring piring 5. walik walik 6. bodin bodin 7. kalis kalis 8. cuwil cuwil 9. urip Urép 10 Pring Préng b. Swara /i/ jejeg → yaiku aksara /i/ panulisane /i/ anggone maca ajeg /i/. Tuladha: No. Ejaan Pocapan 1. iki iki 2. kali kali 3. dadi dadi 4. isi isi 5. wingi wingi 6. crita crita 7. wigati wigati 8. ilang ilang 9. alit alit 10. setiti setiti 3. Pocapan Swara /e/ Panulise swara /e/ nganggo aksara Jawa nggunakake tandha taling( […..). Aksara iki wujude ana loro yaiku a. Swara /e/ miring, dilambangake (ɛ) Tuladha: No. Ejaan Pocapan 1. elek ɛlɛk 2. menek mɛnɛk 3. becek bɛcɛk 4. kerek kɛrɛk 5. seleh sɛlɛh 6. pereng pɛrɛng 7. ceret cɛrɛt 8. penek pɛnɛk


14 Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 9. dhewek dhɛwɛk 10. repek rɛpɛk b. Swara /e/ jejeg → yaiku aksara /e/ panulisane /e/ anggone maca ajeg /e/. Tuladha: No. Ejaan Pocapan 1. kene kene 2. mrene mrene 3. dene dene 4. lele lele 5. tempe tempe 6. jare jare 7. bale bale 8. sate sate 9. suwe suwe 10. kiye kiye 4. Pocapan Swara /ə/ Aksara swara /ə/ ing basa Jawa asring kasebut pepet, aksara swara /ə/ menawa katulis nganggo aksara Jawa ( e ). Aksara swara iki bisa dumunung/mapan ana ngarep lan ana tengahing tembung. Tuladha: No. Ejaan Pocapan 1. merem mərəm 2. keleg kələg 3. kerep kərəp 4. seret sərət 5. klelep klələp 6. seseg səsəg 7. cecek cəcək 8. deleng dələng 9. pepet pəpət 10. sregep srəgəp 5. Pocapan Swara /u/ Wujude pocapan swara /u/ yaiku kaya mangkene. a. Swara /u/ miring → yaiku aksara /u/ panulisane /u/ anggone maca saemper /u/. Tuladha: No. Ejaan Pocapan 1. tulung tulung 2. warung warung 3. celuk celuk 4. wadhuk wadhuk 5. kalung kalung


Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 15 6. durung durung 7. gayung gayung 8. matun matun 9. tandur tandur 10. lawuh lawuh b. Swara /u/ jejeg → yaiku aksara /u/ panulisane /u/ anggone maca ajeg /u/. Tuladha: No. Ejaan Pocapan 1. turu turu 2. telu təlu 3 dudu dudu 4 buru buru 5 juru juru 6 ngelu ngəlu 7 wektu wəktu 8 tuku tuku 9 nutu nutu 10. wuwu wuwu 6. Pocapan Swara /o/ a. Aksara swara /o/ miring, ditulis kanthi ejaan /o/ dene pamacane /ɔ/. Tuladha: No Ejaan Pocapan 1 bolong bɔlɔng 2 kalong kalɔng 3 mlompong mlɔmpɔng 4 kosong kɔsɔng 5 corong cɔrɔng 6 kolor kɔlɔr 7 sewot sewɔt 8 ompong ɔmpɔng 9 dodol dɔdɔl 10. oyot ɔyɔt b. Aksara swara /o/ jejeg, ditulis nganggo ejaan /o/ dene pamacane ajeg /o/. Tuladha: No. Ejaan Pocapan 1. soto soto 2. coro coro 3. kebo kebo 4. loro loro 5. mlongo mlongo 6. photo photo


16 Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 7. ora ora 8. karo karo 9. rondha rondha 10. toya toya Dene kang kasebut pocapan aksara mati/konsonan iku swara kang tanpa uni utawa swara kang ora bakal ana unine mena wa durung kasambung karo aksara swara. Vokal konsonan ing basa Jawa gunggung cacahe ana 23, lan bisa kapantha dadi 10 jinis (Wedhawati,2001:41). Ing kene aksara mati/konsonan kang bakal diandharake yaiku aksara mati/konsonan (ṭ/tha) lan aksara (ḍ/dh). 1. Aksara Sigeg/Konsonan (ṭ/th) Aksara mati/konsonan (ṭ/th) menawa katulis nganggo aksara Jawa (q). Tuladha: Tukul (thukul) Paṭi (pathi) Ceṭak (cethak) Tuṭuk (thuthuk) Baṭuk (bathuk) Caṭut (cathut ) 2. Aksara Sigeg/Konsonan (ḍ/dh) Aksara mati/konsonan (ḍ/dh) menawa katulis nganggo aksara Jawa (d). Tuladha: Dalang (dhalang) Ceḍak (cedhak) Paḍa (padha) Deḍel (dhedhel) Dengkul (dhengkul) Dewe (dhewe) 3. Tembung Lingga Tembung Lingga yaiku tembung sing durung owah utawa isih ajeg. Durung ketambahan ater-ater/ awalan, seselan/sisipan utawa panambang/akhiran. Tuladhane: ton, bom, buang, sapu, tulis, tuntun, tani, tuku, jambak, jungkat lsp 4. Tembung Andhahan Panjlentrehe tembung andhahan yaiku kaya mangkene. a. Tembung andhahan yaiku tembung lingga kang wus katambahan ater-ater/awalan, seselan/sisipan utawa panambang/akhiran. Menawa tembung lingga wus owah bakal nuwuhake teges anyar. Salah sawijining wujud tembung andhahan diasilake saka ater-ater. Ater-ater ana telu wernane: 1) Ater-ater anuswara yaiku: an- , am- , ang- , lan any-. No. Ater-ater An- No. Ater-ater Am1. An- + tulis = nulis 1. Am- + buang = mbuang 2. An- + thuthuk = nuthuk 2. Am- + balang = mbalang No. Ater-ater Ang- No. Ater-ater Any1. Ang- + ungsi = ngungsi 1. Any- + sapu = nyapu 2. Ang- + karang = ngarang 2. Any- + colong = nyolong 2) Ater-ater tripurusa Ater-ater tripurusa seka tembung tri = kang tegese telu/3, lan tembung purusa = kang tegese nuduhake wong sing nglakoni pagawean kaya sing di sebutake ana tembung linggane. Wujude ater-ater tri purusa ki ana telu yaiku: a) Dak- / tak- = yaiku nuduhake wong kapisan kang nindakake pagawean kaya tembung linggane. ( Aku sing ….. )


Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 17 Tuladhane: No. Ater-ater Tripurusa Dak/Tak Tegese 1. Dak/tak + tulis = dak/tak tulis Aku sing nulis 2. Dak/tak + jukuk = dak/tak jukuk Aku sing njukuk 3. Dak/tak + bayar = dak/tak bayar Aku sing mbayar b) Kok-/kowe/dheke = yaiku nuduhake wong kapindho kang nindakake pagawean kaya tembung linggane. ( Dheke/kowe sing ….. ) Tuladhane: No. Ater-ater Tripurusa Kok/Kowe/Dheke Tegese 1. Kok + tulis = Koktulis Kowe/dheke sing nulis 2. Kok + jukuk = Kokjukuk Kowe/dheke sing njukuk 3. Kok + bayar = Kokbayar Kowe/dheke sing mbayar c) Di- yaiku nudhuhake wong katelu kang nindakake pagawean kaya tembung linggane. (Dheweke/Kae sing ….. ) Tuladhane: No. Ater-ater Tripurusa Di Tegese 1. Di + tulisi = Ditulisi Dheweke sing nulisi 2. Di + jukuki = Dijukuki Dheweke sing njukuki 3. Di + bayari = Dibayari Dheweke sing mbayari d) Ater-ater liyane a (a + lungguh = alungguh) ma (ma + lumpat = malumpat) ka (ka + gawa = kagawa) ke (ke + sandhung = kesandhung) sa (sa + gegem = sagegem) pa (pa + lilah = palilah) pi (pi + tutur = pitutur) pra (pra + kawis = prakawis) tar (tar + buka = tarbuka) kuma (kuma + wani = kumawani) kami (kami + tuwa = kamituwa) kapi (kapi + tunan = kapitunan) e) Seselan iki mapan ana satengahing tembung (sisipan). Tuladhane seselan yaiku: um (---um + guyu = gumuyu) in (---in + gawe = ginawe) el (---el + siwer = seliwer) er (---er + canthel = ceranthel lumrah dienggo cranthel) f) Panambang iki mapan ana mburi (akhiran). Wujude panambang iki akeh banget, yaiku:


18 Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs No. Panambang Tuladha 1. -i Kandha + -i = kandhani 2. -ake Jupuk + -ake = jupukake 3. -ne Teka +-ne = tekane 4. -e Omah + -e = omahe 5. -ane Jaluk + -ane = jalukane 6. -ke Kethok + -ke = kethokke 7. -a Dudut + -a = duduta 8. -na Gawa + -na = gawakna 9. -ana Weneh + ana = wenehana 10. -en Gatel + -en = gatelen 11. -ku Buku + -ku = bukuku 12. -mu Klambi + -mu = klambimu Ringkesan Wacan naratip prastawa yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan sing wis klakon. Umume dumadi saka perangan 5 W lan 1 H utawa apa, sapa, kapan, ing ngendi, geneya, lan kepriye. Kanggo mangerteni katrampilan bab wacan naratip prastawa/kedadeyan bisa kanthi cara siswa menehi tanggapan, nyebutake pitutur luhur ing wacan, ngringkes wacan, utawa nulis prastawa alam kang ana sakiwa tengene siswa. Pocapan/kedal/pengucapan ing basa Jawa beda karo pocapan ing basa liyane, ing basa Jawa pocapan/kedal/pengucapan kang ora trep bisa ngowahi teges ana ing tembung. Gunggunge pocapan ing basa Jawa iku ana loro, yaiku pocapan aksara swara/hurup hidup lan pocapan aksara mati/hurup mati/konsonan (Marsono,1993: 16–79). Kasebut uga ngenani widyaswara, yaiku kang ngrembug sawernaning kedaling swara, yaiku: 1) swara kang mbedakake wujud lan teges (destingtip), 2) ngrembug bab lira liruning swara kang ora njalari owahing teges (alofon), lan 3) owahing swara/vokal (aksara swara) ing wandane/ suku kata tembung/kata jalaran panambang. Proyek Penguatan Profil Pelajar Pancasila Gawea teks narasi kanthi tema prastawa alam kang ana ing sakiwa tengenmu! Garapen kanthi kreatip supaya bisa narik kawigaten wong kang maca! (Kreatif) Refleksi Sawise nyinaoni wulangan iki, opo kowe wis nguwasani materine? Wenehana tandha centhang (√) ing kolom ‘Ya’ utawa ‘ora’ kanthi jujur!


Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 19 No. Pranyatan Ya Ora 1. 2. 3. 4. 5. Latihan Penilaian Formatif A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener! 1. Gatekna teks ing ngisor iki! Tombo Kangen, Ana 7 Papan Panggonan Festival Balon Udara ing Wonosobo WONOSOBO, MAGELANGEKSPRES.COM – Kandheg sajrone rong taun, festival balon udara dianakake maneh kanggo nggrengsengake preinan riyaya taun 2022 ing Wonosobo. Saora-orane ana 7 panggonan kang sumebar ing kecamatankecamatan Wonosobo sing ngadani festival kasebut. Festival balon udara diawasi langsung dening forkopimda lan Airnav. Ewon masarakat Wonosobo sing nggunakake kalodhangan kasebut kanggo nonton festival taunan kuwi. Saking akehe masarakat sing padha nonton festival ing Desa Kembaran Kecamatan Kalikajar lan Desa Reco Kecamatan Kertek, ndadekake macete lalu lintas ing dalan provinsi. “Abur-aburan balon salawase iki wis dadi tradisi tumrape masarakat Wonosobo. Bab kuwi wis lumaku kanthi turun tumurun, mula prelu dilestarikake malah kudune diangkat dadi destinasi wisata, merga balon Wonosobo nduweni titikan kang unik,” ngendhikane Bupati Wonosobo Afif Nurhidayat. Miturut panjenengane, wiwit purwaning wulan Ramadan paling ora ana 7 komunitas pandhemen balon udara sing siyaga nganakake festival balon udara sajrone preinan riyaya. Pitung komunitas kuwi saka Kecamatan Kalikajar, Kecamatan Kertek, Kecamatan Wonosobo, Kecamatan Sapuran, dan Kecamatan Watumalang. “Pamarentah wis menehi idin kanggo anane festival balon udara, nanging ora nggo cul-culan. Festival kuwi mesthi bae kudu nut marang paugeran yaiku balon dikendhaleni abure kira-kira 150 meter dhuwure.” piterange. Kanggo nakyinake lumakune proses kanthi becik lan bener jumbuh karo regulasi sing disusun dening Pemkab lan Airnav, sajrone festival balon udara kuwi bakal diawasi langsung dening forkopimda, airnav, polisi, sarta TNI. Afif ngakoni yen ta langit sandhuwure Wonosobo durung resik tenan saka anane balon udara, kabukti isih kerep ditemokake balon sing diculke bebas tanpa kendhali, nanging gunggune wis kurang akeh dibandhingake taun-taun sadurunge.


20 Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs “Isih ana, sawangana, nanging gunggunge sethithik lan mesthi bae asale ora saka kagiatan festival. Iku saka masarakat sing durung paham marang sosialisasi bebayane abure balon udara kanthi bebas. Bab iki dadi bahan evaluasi prelune nyebarake kesadarane masarakat.” Sawetara kuwi, general Manager Airnav Indonesia Yogyakarta, Samsu Eriyanto ngalembana marang warga Wonosobo sing wis manut marang paugeran. “Kanthi ngeburake balon udara sing dikendhaleni, warga tetep bisa nguri-uri tradisi sing wis lumaku wiwit biyen uni ngiras pantes njaga keslametane montor mabur.” Kepala Dinas Pariwisata lan kabudayan, Agus Wibowo ngandhakake menawa festival balon udara sumringah maneh sawise ngliwati proses penyesuaian sing kepara suwe ngenani abur-aburan balon sing sekawit asipat bebas malih kudu dikendhaleni. “Saperangan gedhe masarakat bisa nampa owah-owahan anane balon udara sing kudu dikendhaleni. Mesthi bae sing kaya mangkono ndadekake seneng, tegese tradhisi tetep lumaku, dene keamanan lalu lintas udara uga kajaga.” pratelane. Miturut panjenengane, festival balon udara bakal dadi salah sijine destinasi unggulan ing Wonosobo kanthi ngrembakakake pola atraksi sing luwih kreatif. Saliyane kuwi, festival uga bakal dianakake ing acara-acara tinamtu, kaya dene pahargyan HUT Wonosobo. https://magelangekspres.com/wonosobo/tombo-kangen-ada-7-titik-festival-balon-udara-di-wonosobo/ Wektu dumadine prastawa yaiku .... a. HUT Wonosobo c. ngarepi syawalan b. preinan riyaya d. dina riyaya 2. Tlatah ing ngisor iki ora nganakake festival balon 2022 .... a. Kalikajar c. Wadaslintang b. Kertek d. Sepuran 3. Macete lalu lintas sajrone festival balon ing Kertek lan Kalikajar disebabke dening .... a. ora ana sing ngatur lalu lintas b. olehe parkir padha sageleme c. ora disedhiyani papan sing murwat d. sakehe masarakat sing padha nonton 4. Festival balon ing kabupaten Wonosobo patut didadekake destinasi wisata jalaran .... a. nduweni corak kang beda karo balon-balon ing tlatah liya b. tansah dianakake saben taun saben wulan Syawal. c. pandhemen abur-aburan balon saya taun saya akeh d. nambahi regeng swasana riyaya ing ngendi-ngendi 5. Supaya tradhisi abur-aburan balon ora ilang nanging ora mbebayani tumrape lalu lintas udara, prelu anane .... a. kesadharan masarakat lan aturan tata cara abur-aburan balon b. sosialisasi marang masarakat prelune abur-aburan balon c. abur-aburan balon mung oleh dianakake tlatah tinamtu d. sing oleh ngeburake balon mung wong-wong sing profesional


Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 21 6. Gatekna teks ing ngisor iki! Mudik Riyaya 2022 Mecahake Rekor, PT Jasa Marga Nyathet H-3 Volume Kendaraan 105.016 JAKARTA, MAGELANGEKSPRES.COM – Mudik riyaya 2022 kasil mecahake rekor sadawane sejarah mudik ing Indonesia. Adhedhasar data jasa PT Jasa Marga, rekor kasebut dumadi ing H-3 riyaya 2022. Volume kendharaan sing mudhik nggayuh 105.016 ing dina Jemuwah, 29 April 2022. Dhuwure angka kasebut ngalahake rekor mudik ing taun 2019 sing nyandhak 103an ewu. “Kendaraan kuwi ninggalake jabotabek tumuju arah wetan utawa Cirebon, Semarang, Solo, Surabaya lan sakupenge ing H-3 dina riyaya Idul fitri 1443 H,” kaya palapure FIN NTMC Polri dhek dina Minggu, 1 Mei 2022. Adhedhasar data Jasa Marga gunggunge kendaraan kuwi mundhak 165,5% saka lalu lintas normal sajrone Nopember 2021 sing nggayuh 39.554 kendaraan. Angka iki mecahke rekor sadurunge yaiku ing periode arus mudik dina riyaya Idul fitri 1441 H/2019. Nalika kuwi, Jasa Marga nyathet rekor paling dhuwur nglayani volume lalu lintas arus mudik, yaiku 103.077 gunggunge kendaraan ninggalake jabotabek tumuju arah wetan liwat dalan Tol Trans Jawa sing ngliwati GT Cikampek Utama. Corporate Communication and Community Development Group Head Jasa Marga Dwimawan Heru mratelakake pihake ngoperasekke gardu tol nganti ping pindhone saka kondisi lalu lintas normal. “Perusahaan maksimalke kapasitas gerbang tol kanggo nglayani mundhake volume lalu lintas ing GT Cikampek Utama. Sing ngoperasike kabeh ana 30 lajur transaksi lan katambahan patang mobile reader kanthi tandem,” ujare. Informasi tambahan, Polda Metro Jaya mrakirakake 13 juta warga bakal ninggalake DKI Jakarta kanggo mudik riyaya. H-2 riyaya taun 2022, pitung yuta warga Jakarta kacathet nindakake mudik. Jumlah kuwi ditaksir bakal mundhak terus ngarepi malem riyaya. Informasi kuwi dikonfirmasi langsung dening Kabid Humas Polda Metro Jaya, Pol Endra Zulpan. “Kurang luwih pitung yuta wong (ninggalake Jakarta),” ngendikane Zulpan kayadene direkam FIN saka PMJ dhek dina Minggu, 1 Mei 2022. https://magelangekspres.com/wonosobo/mudik-lebaran-2022-pecahkan-rekor-pt-jasa-marga-catat-h3-volume-kendaraan-105-016/# Ukara pokok ing paragrap 1 yaiku ... a. Mudik riyaya 2022 kasil mecahake rekor sadawane sejarah mudik ing Indonesia. b. Adhedhasar data jasa PT Jasa Marga, rekor kasebut dumadi ing H-3 riyaya 2022. c. Volume kendharaan sing mudhik nggayuh 105.016 ing dina Jemuwah, 29 April 2022. d. Dhuwure angka kasebut ngalahake rekor mudik ing taun 2019 sing nyandhak 103 ewu. 7. Jabotabek kuwi sebutan kanggo tlatah .... a. Bakarta, Banten, Tangerang, Bekasi b. Jakarta, Bandung, Tangerang, Bekasi c. Jakarta, Bogor, Tangerang, Bekasi d. Jakarta, Bogor, Tanjung Priok, Banten


22 Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 8. Gunggunge kendharaan sing mudik ing taun 2022 mundhak ... dibandhingke taun 2019. a. 2.016 c. 39.554 b. 1.939 d. 105.016 9. Kanggo ngawekani macete arus lalu lintas ing dalan tol, Jasa Marga nempuh upaya .... a. ngoprasekke gardu tol ping pindhone saka pangoprasine padinan b. nambah gerbang tol nganti 30 lajur transaksi c. lalu lintas dialihke dalan tol liyane d. layanan gerbang tol dibuka sajrone 24 jam saben dina 10. Yen H-2 riyaya 2022 kacathet 7 yuta warga Jakarta wis nindakake mudhik ateges isih ... yuta warga sing durung mudhik miturut prakiran polda Metro Jaya. a. 8 c. 6 b. 7 d. 5 11. Gatekna teks ing ngisor iki! Amrih Ora Musna, Sastra Khas Wonosobo Cacah Loro Bakal Dipentaske Maneh WONOSOBO, MAGELANGEKSPRES.COM – Balai Bahasa Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud) RI ngrevitalisasi sastra lisan cacah loro ing Wonosobo sing kapetung meh musna. Sastra kasebut yaiku tarian daeng lan wayang othok obrol. “Tarian daeng lan wayang othok obrol dadi salah sijine sastra lisan sing kahanane meh musna,” pratelane Deputi Pusat Pengembangan Bahasa dan Sastra Kemendikbud, Ferdinandus Moses nalika ditemoni ing sela-selane pamentasan tari daeng sing diparagakake dening bocah-bocah SDN 1 Selokromo, Sabtu (23/10). Miturut panjenengane, ing dinane iki ana cacah loro sastra lisan sing klebu kategori kaancam musna. Satemah sawise ditetepake dening unit Badan Bahasa Jateng, banjur dianakake pemetaan, penelitian lan kajian investigasi. Balai Bahasa nduweni kawigaten kanggo nindakake revitalisasi sastra cacah loro kasebut amrih bisa urip maneh. Yaiku kanthi cara nggoleki maneh generasi panerus sing gelem nerusake tradisi sastra lisan kaya mangkono. Pihake nggandheng Dinas Pariwisata dan Kebudayaan lan Dinas Pendidikan. Pemuda dan Olahraga ing Kabupaten Wonosobo kanggo melu nguri-uri sastra cacah loro kasebut satemah ing besuke bisa dirembakake ing maneka kagiatan festival lan mlebu sajrone kurikulum muatan lokal ing Wonosobo. “Tantangan kanggo nerusake tradisi iki lumayan abot, merga generasi milenial akeh sing ora plego.” ngendikane. Balai Bahasa uga nduweni panemu ana sawenehe panganggep menawa tradisi kaya mangkono kuwi dianggep kuno lan ketinggalan jaman. Mula saka kuwi, pihake nduweni pangajab menawa ing samengkone tradisi kuwi luwih kerep dikenalake menyang masarakat. Lumantar maneka event sing digelar dening Dinas Kebudayaan apa dene dilebokake sajrone kurikulum muatan lokal ing Dinas Pendidikan. Sawetara kuwi, Kepala Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kabupaten Wonosobo, Agus Wibowo nyebutke yen pancen tradisi sastra cacah loro kuwi prelu oleh kawigaten saka sakehing pihak. Anane Balai Bahasa saka Kemendikbud miturut panjenengane mujudake salah siji upaya kanggo nglestarekake tradisi kuwi. “Iki mujudake kaprihatinane awake dhewe kabeh. Merga sejatine tradisi sastra cacah loro iki ndadekake kabudayan ing Wonosobo sangsaya maneka warna.”


Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs 23 Luwih-luwih ing dinane iki akeh pelaku kabudayan sing wis yuswa. Mula saka kuwi kabeh nduweni kuwajiban kanggo nggegeki kasugihan kabudayan sing ana ing Wonosobo. “Para pelaku kabudayan racake wis ngancik yuswa 70 tahun. Dene sing siyaga ngganteni durung ana.” Diandharake menawa tari daeng mujudake tarian khas Wonosobo sing awujud tarian diiringi rebana cacah telu, kendhang siji, lan jidur siji. Tari iki nggambarake ngenani perjuwangan kamardikan, kaanan sosial, ekonomi lan kisah religius. https://magelangekspres.com/wonosobo/agar-tidak-punah-dua-sastra-khas-wonosobo-kembalidipentaskan/ Kanggo nindakake revitalisasi sastra khas Wonosobo amrih bisa urip maneh, Balai Bahasa nempuh cara .... a. nggoleki maneh generasi panerus sing gelem nerusake tradisi sastra khas Wonosobo b. saben taun nganakake festival sastra khas Wonosobo cacah loro sing meh musna c. ndadekake sastra khas Wonosobo minangka tontonan wajib ing saben acara d. nganakake sosialisasi ngenani sastra khas Wonosobo ing sekolah-sekolah 12. Sastra khas Wonosobo sing meh musna dadi kawigatene …. a. Balai Bahasa, Dinas Pariwisata dan Kebudayaan lan Dinas Pendidikan Pemuda dan Olah Raga Provinsi Jawa Tengah b. Balai Bahasa Jawa Tengah, Dinas Pariwisata dan Kebudayaan, lan Dinas Pendidikan Pemuda dan Olah Raga Kabupaten Wonosobo c. Balai Bahasa lan Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah sarta Dinas Pendidikan Pemuda dan Olah Raga Kabupaten Wonosobo d. Balai Bahasa lan Dinas Pendidikan Pemuda dan Olah Raga Provinsi Jawa Tengah sarta Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kabupaten Wonosobo 13. Babagan kang nyebabake tarian Daeng lan Wayang Othog Obrol meh musna ing Kabupaten Wonosobo yaiku …. a. pamarentah ora nggatekake kesenian-kesenian iku lan ora ngenalake marang masarakat b. kesenian-kesenian kuwi ora tau dilombakake lan ora tau dinggo tontonan c. bocah-bocah saiki ora nggatekake kesenian iku lan ora tau dikenalake menyang masarakat d. tarian daeng lan wayang othog obrol wis ora selaras karo kemajuane jaman 14. Kawicaksanan sing bisa ditrepke kanggo nguri-uri tradisi sastra lisan tarian daeng lan wayang othog obrol yaiku … a. kerep dikenalake marang bocah-bocah sekolah ing Kabupaten Wonosobo b. ndadekake sastra lisan kasebut minangka ikon utawa ciri khas kesenian wonosobo c. kerep dilombakake ing maneka acara supaya masarakat gampang tepung d. kerep ditontonake ing maneka event lan dilebokake sajrone kurikulum muatan lokal sekolah 15. Tari daeng mbutuhake piranti musik arupa …. a. rebana, kendhang, jidur b. kendhang, tipung, jidur c. kendhang, kenong, rebana d. jidur, kendhang, tipung


24 Bahasa Jawa Kelas VII Semester 1 untuk SMP/MTs B. Ayo mangsuli pitakon kanthi andharan kang jangkep! Gatekna teks ing ngisor iki! Dalan Rawan Bencana ing Wonosobo, Pemudik Wajib Waspada SuaraJawaTengah.id - Para pemudik sing ngliwati dalan ing Kabupaten Wonosobo wajib tansah waspada marang anane dalan-dalan sing rawan bencana alam. Kepala Pelaksana Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Kabupaten Wonosobo, Bambang Triyono mratelakake, ana saperangan papan panggonan sing rawan bencana kayata Kecamatan Wadaslintang, Kaliwiro, Kalibawang, Sukoharjo, Sapuran, lan Kepil. "Dakprayogakake kanggo masyarakat sing padha mudik amrih padha ngati-ati lan waspada gayutan karo udan sing isih kerep nggrujug lan dumadine lemah jugrug ing saperangan wewengkon Kabupaten Wonosobo," ngendhikane Bambang kaya sing diaturake marang ANTARA, Selasa (26/4/2022) sabubare apel mahargya dina Kesiapsiagaan Bencana (HKB) Taun 2022. "Kanggo pemudik uga dakwanti-wanti supaya sadurunge ninggalake omah padha nyetiti kaanan, kaya ta aja ninggalake kompor utawa genen sing isih murup, kran banyu sing isih mili lan sapiturute satemah ora mbebayani lan utamane kanggo ngendhani anane bebaya kobongan lan bebaya liyane merga tledhor” ujare. Miturut panjenengane, BPBD tansah siyaga sajrone 24 jam kanggo ngawekani dumadine bencana alam ing saindenge tlatah Kabupaten Wonosobo. Piyambake ngendikakake yen ta pihake nambah personel kanthi nggandheng unsur relawan sing tansah siyaga ing Markas induk BPBD kanggo ngantisipasi sakabehe bencana sing bokmenawa dumadi. "BPBD nambah personel saka unsur para relawan amrih siaga ing Markas Induk lan wanti-wanti supaya organisasi-organisasi utawa relawan sing sumebar ing saindenge wewengkon tansah siap lan siaga menawa ana bencana," andharane. 1. Apa alesane yen ta teks ing ndhuwur klebu teks narasi prastawa? Sebutna buktibuktine! Wangsulan: ................................................................................................................. 2. Kenangapa Kepala BPBD tansah mawanti-wanti marang pemudik sik liwat Kabupaten Wonosobo? Wangsulan: ................................................................................................................. 3. Apa sing ditindakake Kepala BPBD amrih masarakat padha ayem ora kuwatir marang anane bencana alam? Wangsulan: ................................................................................................................. 4. Tlatah ngendi bae ing Kabupaten Wonosobo sing kudu diwaspadani gayutan karo anane bencana alam? Wangsulan: ................................................................................................................. 5. Apa wanti-wantine Kepala BPBD marang wong-wong sing arep mudik sadurunge ninggalake omah? Wangsulan: .................................................................................................................


Click to View FlipBook Version