Identitas Nama penyusun : Desi Indriyanti, S.Pd. Jenjang : SMK Kelas/Fase : X / E Capaian Pembelajaran Elemen Membaca Peserta didik mampu mengevaluasi, menginterpretasi informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan dari berbagai teks dalam bentuk visual untuk menemukan makna tersurat dan tersirat dari tembang macapat Asmaradana. Elemen Berbicara Peserta didik mampu menggunakan bahasa Jawa sesuai kaidah kebahasaan dan unggahungguh untuk menyampaikan informasi secara lisan berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan dari tembang macapat Asmaradana. Tujuan Pembelajaran Setelah melalui proses pembelajaran, peserta didik dapat menganalisis paugeran tembang macapat Asmaradana dengan tepat. (C4, HOTS) Setelah melalui proses pembelajaran, peserta didik dapat melagukan tembang macapat Asmaradana dengan baik. (P5, HOTS) Dimensi Pengetahuan Faktual : Contoh tembang macapat (video) Konseptual : Pengertian tembang macapat, jenis tembang macapat, paugeran tembang macapat, dan teks tembang macapat. Prosedural : Cara memparafrasekan cakepan tembang macapat,cara menyimpukan piwulang moral dalam teks tembang macapat dan cara melagukan tembang macapat. Metakognitif : Menganalisis paugeran tembang macapat Asmaradana, memparafrasekan teks tembang macapat Asmaradana, menyimpulkan piwulang moral dalam teks tembang macapat Asamaradana, dan melagukan tembang macapat Asmaradana. 2
Mangga para siswa dipungatosaken saha mirengaken kanthi estu video menika amrih paham ngengingi menapa tembang macapat menika. https://youtu.be/qRUsQyd0lag?si=dhBpJ -j-SeLkBuoP https://youtu.be/j7EfXMgfFPA?si=YPLgNtr70 LYa4Rab Sasampunipun mirsani video, kinten-kinten menapa bedanipun tembang Jawa ingkang irahirahanipun ”Nemu” kaliyan tembang macapat Asamaradana ing video kasebut? A. Pangretosan Tembang Macapat Kathah pamanggih kangge negesi tembang macapat menika. Sadjijo Paramadisasatra ing bukunipun Pengantar Apresiasi Seni Tembang kasil ngimpun pamanggih-pamanggih ingkang negesi tembang macapat. Salah satunggalipun pamanggih, negesi bilih macapat menika saking tembung ‘maca’ lan ‘pat’. Aggenipun maos saben gatranipun kapunggel 4 wanda, 4 wanda. Materi Konseptual Materi Faktual FASE 1. ORIENTASI TERHADAP MASALAH FASE 2. MENGORGANISASI PESERTA DIDIK 3
Salajengipun Zahra Haidar lumantar bukunipun Macapat Tembang Jawa Indah dan Kaya Makna ngandharaken bilih tembang macapat menika karya sastra Jawi ingkang wujudipun geguritan ingkang kalebet warisan budaya bangsa. Wondene miturut Padmosoektja, tembang macapat utawi tembang macapat inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran tartamtu ingkang gumathok ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken ngangge kagunan swanten. Saking mapinten-pinten pamanggih saged dipunpendhet dudutan bilih tembang macapat menika geguritan ingkang karipta mawi paugeran tartamtu ingkang gumathok ingkang pamaosipun kanthi dipuntembangaken. B. Tembang Macapat ing Kasusatran Jawi Ing kasusastran Jawi menika tembang dipunperang dados Tembang Ageng utawa Tembang Gedhe, Tembang Tengahan, Tembang Alit, saha Tembang Dolanan. Dene, tembang macapat menika kalebet ing Tembang Alit amargi paugeraning tembang macapat kalebet prasaja tinimbang Tembang Gedhe saha Tembang Tengahan. Tembang macapat menika ngewrat piwulang becik (nasihat) ingkang dupunandharaken kanthi wicaksana. Kathah piwulang luhur ingkang mampangat sanget tumrap tiyang kangge nglampahi pagesangan. Ing jaman rumiyin tembang macapat dipunginakaken minangka sarana paring wejangan dening tiyang sepuh dhateng putranipun supados mangretos maknanipun gesang. Lumantar macapat, piwulang moral saking para luhur saged katampi kanthi gampil amargi dipunwucalaken kanthi cara ingkang ngremenaken, inggih kanthi tembung-tembung saha tembang ingkang endah. C. Paugeran lan Watak Tembang Macapat Sukatmi Susantina (2009: 3) ngandharaken tembang macapat menika gadhah paugeran tiga, inggih menika: Guru gatra inggih menika cacahing larik/gatra sabensatunggal pada (bait). Guru wilangan inggih menika cacahing wanda (sukukata) saben satunggal gatra. Guru lagu inggih menika dhawahing suwanten vokal ingpungkasaning gatra. 4
Paugeran saha Watak tembang macapat: No Jinis Tembang Watak Guru Gatrå Guru Wilangan Guru Lagu 1 Maskumambang susah, prihatin 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a 2 Pocung sembrana, sakepenake 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a 3 Kinanthi seneng, tresna, lan asih 6 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i 4 Asmaradana sengsem, prihatin 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 i, a, e, a, a, u, a 5 Pangkur sereng, gandrung 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8 a, i, u, a, u, a, i 6 Durma sereng, nesu 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7 a, i, a, a, i, a, i 7 Mijil prihatin, gandrung 6 10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o, e, i, i, u 8 Gambuh nggenahnggenahake 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, o, u 9 Sinom grapyak, sumanak 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u, a, i, a 10 Megatruh susah, getun 5 12, 8, 8, 8, 8 u, i, u, i, o 11 Dhandhanggula resep, luwes 10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u, a, i, a D. Jinising Tembang Macapat lan Tuladha Tembangipun Tembang macapat menika cacahipun wonten 11 jinis ingkang nggambaraken lampahing gesang manungsa wiwit saking kandhutan Ibu dumugi pejah. 1. Maskumambang Maskumambang. Saking tembung “Mas” tegesipun dereng saged ningali kakung utawi estri, lan “Kumambang” tegesipun gesang ngambang ing kandhutan Nggambaraken jabang bayi ingkang taksih wonten ing kandhutan ibu, dereng ngretos jaler utawi estri. Tuladha tembangipun: Makna tembangipun: Dhuh anak mas sira wajib angurmati Marang yayah rena Aja pisan kumawani Anyenyamah gawe susah Tembang menika ngandharaken piweling dhateng lare supados ngajeni dhateng tiyang sepuhipun. Sampun ngantos lare menika kumawantun dhateng 5
tiyang sepuh amargi tumindak ingkang makaten bakal nyilakani tumrap dhiri piyambakipun. 2. Mijil Tegesipun mijil menika miyos; lair. Ateges bayi sampun lair, cetha jaler utawi estri. Tuladha tembangipun: Makna tembangipun: Poma kaki padha dipuneling Ing pitutur ingong Sira uga satriya arane Kudu anteng jatmika ing budi Ruruh sarta wasis Samubarangipun Tembang mijil kasebut nyariyosaken kadospundi prayoginipun dados manungsa ingkang luhur budi pekertinipun. Inggih menika kedah mangertos unggah-ungguh tata krama, tansah kapanggalih nalika matur, wasis, grapyak sumanak, saha andhap asor ing samudayanipun. 3. Kinanthi Kinanthi, saking tembung “kanthi” utawi “tuntun” ingkang tegesipun dipuntuntun supados saged mlampah ngambah panguripan ing donya. Tuladha tembangipun: Makna tembangipun: Mangka kanthining tumuwuh Salami mung awas eling Eling lukitaning alam Dadi wiryaning dumadi Supadi nir ing sangsaya Yeku pangreksaning urip Minangka sanguning gesang, kita kedah tansah waspada saha enget kedah ngatos-atos anggenipun tumindak, enget dhateng pitedah ingkang sae supados tebih saking kasangsaran. Makaten menika cara anggenipun nglampahi pagesangan. 6
4. Sinom Sinom, ateges kanoman, kalodhangan paling wigatos kangge ngangsu kawruh sakathahkathahipun. Tuladha tembangipun: Makna tembangipun: Nuladha laku utama Tumraping wong tanah Jawi Wong agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senapati Kepati amarsudi Sudane hawa lan nepsu Pinesu tapa brata Tanapi ing siyang ratri Amemangun karyenak tyasing sasama Tuladha tumindak ingkang utami saking tiyang luhur wonten ing Mataram utawi tlatah Jawi inggih menika Panembahan Senapati. Laku utawi tumindak ingkang kedah dipuntuladhani inggih menika tansah sregep tekun, ngirangi hawa nepsu kanthi prihatos, salajengipun ugi dados tiyang ingkang saged maringi manpangat tumrap tiyang kathah amargi tansah makarya (berkarya, berbuat baik untuk sesama). 5. Asmaradana Asmaradana. ateges rasa tresna, tresna marang liyan (antawis tiyang jaler lan estri) ingkang sedaya wau sampun dados kodrat Illahi. Tuladha tembangipun: Makna tembangipun: Gegaraning wong akrami Dudu bandha dudu rupa Amung ati pawitané Luput pisan kena pisan Yen gampang luwih gampang Yen angèl angèl kalangkung Tan kena tinumbas arta Ingkang dados dhasaring tiyang krama kangge mbangun gesang bebrayan menika sanes bandha sanes ugi ayu bagusing rupa. Ananging, namung bagusing manah. Ingkang agami saha tumindakipun sae, budi pekertinipun luhur. 7
6. Gambuh Gambuh, saking tembung “jumbuh/sarujuk” ateges sampun sarujuk dipungathukaken antawisipun jaler saha estri ingkang sami-sami gadhah raos tresna, ing pangangkah supados saged gesang bebrayan. Tuladha tembangipun: Makna tembangipun: Aja nganti kabanjur Sabarang polah kang nora jujur Yen kebanjur sayekti kojur tan becik Becik ngupayaa iku, Pitutur ingkang sayektos Sampun ngantos kebacut tumindak ingkang boten jujur. Amargi manwi sampun kebacut tamtu bakal manggihaken cilaka saha samubarang ingkang awon. Prayoginipun tansah netepi pitedah saha piwulang ingkang becik. 7. Dhandhanggula Dhandhanggula. Gula tegesipun manis, bingah. Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang nembe bingah, menapa ingkang kaajap kasembadan, kelakon gadhah sisihan/kulawarga, gadhah putra, gesang cekap kangge sakulawarga. Tuladha tembangipun: Makna tembangipun: Nanging yen sira ngguguru kaki Amiliha manungsa kang nyata Ingkang becik martabate Sarta kang wruh ing kukum Kang ngibadah lan kang ngirangi Sukur oleh wong tapa Ingkang wus amungkul Tan mikir pawewehing liyan Iku pantes sira guronana kaki Sartane kawruhana Manawi pengen sinau dhateng guru. Kedah milih guru ingkang sejatos. Ingkang sae martabatipun, mangretos ukum saha agami, sokur-sokur ingkang boten ngajeng-ngajeng piwales utawi tulus. Ingkang makaten menika guru ingkang kedah dipuntuhoni. 8
8. Durma Durma. saking tembung “darma/weweh”. Tiyang ingkang rumaos sampun kacukupan gesangipun, banjur tuwuh raos welas asih saha kekarepan weweh dhateng sasami. Tuladha tembangipun: Makna tembangipun: Dipunsami ambanting ing badanira Nyuda dhahar lan guling Darapon sudaa Nepsu kang ambra-ambra Lerema ing tyasireki Dadya sabarang Karyanira lestari Wonten perspektif Jawa, nepsu menika kaperang dados sakawan. Wondene salah satunggalipun inggih menika nepsu lauwamah. Nepsu lauwamah menika ngengingi kabetahan dhasar manungsa, inggih kalebet dhahar lan sare. Sadaya nepsu kedah sesuai porsi/samadya, manawi manungsa sampun gadhah nepsu lauwamah ingkang boten samadyanipun, mila prayogi nindakaken laku prihatos kanthi siyam, tafakur ngeningaken cipta. Dene tamtu kemawon tiyang ingkang kathah dhahar saha sare, menika katingal kesed. Rejeki boten bakal nyelaki, panjangka menapa malih, kadospundi anggenipun nggayuh manawi kesed. 9. Pangkur Pangkur, saking tembung “mungkur”, tegesipun sampun ngungkuraken bab kadonyan, nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Tuladha tembangipun: Makna tembangipun: Jinejer ing Wedhatama Mrih tan kemba kembenganing pambudi Mangka nadyan tuwa pikun Sampun dipunandharakan ing Serat Wedhatama bilih tiyang ingkang boten gadhah budi pekerti, sinaosa diwasa utawi sepuh 9
Yen tan mikani rasa Yekti sepi asepa lir sepah samun Samangsane pakumpulan Gonyak-ganyuk nglelingsemi nanging boten paham ngengingi raos. (Kiyat ing raos menika titikanipun tiyang Jawi). Tamtu tiyang menika jiwanipun namung kopong gesangipun kados ampas. Nalika wonten ing gesang padintenan katingal bodho saha nglingsemi. 10. Megatruh Megatruh, saking tembung “megat ruh” utawi pegat ruhipun/nyawanipun, awit sampun titi wancinipun katimbalan sowan dhateng Gusti. Tuladha tembangipun: Makna tembangipun: Kabeh iku mung manungsa kang pinujul Marga duwe lahir batin Jroning urip iku mau Isi ati klawan budi Iku pirantine uwong Sedaya menika saged dados manungsa ingkang utami, amargi manungsa sampun dipunparingi jiwa saha raga ingkang sampurna dening Gusti. Nalika manahipun dipunisi kanthi kasaenan, makaten menika dados piranti manungsa kagem nglampahi gesang ingkang becik. 11. Pocung Pocung. Manawi sampun dados layon/mayit banjur dipunbungkus mori putih/dipunpocong saderengipun kasarekaken. Tuladha tembangipun: Makna tembangipun: Ngelmu iku kalakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Setya budya pangekese dur angkara Ngelmi menika saged dipungayuh kanthi laku. Dipunwiiwti kanthi niyat ingkang kiyat, usaha ingkang estu, saha ingkang pungkasan inggih menika sucining manah, luhuring budi dados 10
kakiyatan kangge ngekes angkara murka (watak awon). E. Istilah wonten ing Tembang Macapat Laras: swanten ingkang ajeg inggilipun, boten owah, kasebut ugi nada, sistem nada. Titi Laras: notasi nada ingkang kaserat miturut sistem nada laras lan pathetipun. Cakepan: tetembungan ingkang kaginakaken ing tembang (lirik). Pathet: ukuran andhap inggiling laras, minangka wates wilayah nada. Titi Laras Pelog: t y u 1 2 3 4 5 6 7 a1 a2 a3 Titi Laras Slendro: 1 2 3 5 6 a1 a2 Sasampunipun siswa mangretos bab pangretosan, paugeran, watak, jinis, saha tuladha tembang macapat, sumangga dipunsinau sesarengan kaliyan kelompok materi ing ngandhap menika. F. Caranipun Nggancaraken utawi Ndamel Parafrase Teks Tembang Macapat Parafrasa inggih menika ngewahi struktur puisi/geguritan dados struktur prosa/gancaran. Amargi teks tembang macapat menika ngginakaken basa ingkang endah, utawi kathah makna konotatif-ipun, pramila kedah dipunudhari rumiyin supados langkung gampil dipunmangertosi maknanipun. Wondene caranipun inggih menika: 1. Kedah mangretos tegesipun tembung-tembung ingkang dipunginakaken wonten ing teks tembang macapat. Pramila tembung ingkang angel kedah dipunpanggihaken maknanipun. 2. Manawi sadaya tembung sampun kapanggihaken maknanipun, kalajengaken negesi ukara saben gatra. Materi Prosedural FASE 3. MEMBIMBING PENYELIDIKAN 11
3. Salajengipun inggih njumbuhaken antawisipun gatra sapisan dumugi pungkasan. 4. Lajeng ndamel gancaran utawi cariyos ingkang trep kaliyan isinipun tembang. G. Caranipun Mendhet Dudutan Piwulang Moral wonten ing teks Tembang Macapat Ing nginggil sampun kaandharaken caranipun nggancaraken teks tembang macapat, pramila kantun mendhet dudutan piwulang moral saking asiling nggancaraken teks tembang macapat kasebut. Caranipun inggih dipungatosaken kanthi satiti piwulang sae ingkang prayoginipun dipuntuladhani saha bab ingkang awon ingkang kedahipun dipunsingkiri supados kita sadaya saged sinau saking isinipun teks tembang macapat kasebut. H. Caranipun Nyekaraken Tembang Macapat Bab ingkang prelu dipungatosaken nalika nyekar inggih menika: 1. Jangga dipuntarik kanthi jejeg, boten ndhingkluk. 2. Swanten kedah los (las-lasan, cetha, prasaja anggenipun nyekar) 3. Menawi badhe miwiti nyekar, napas dhadha saha padharan prelu dipuntata. 4. Langkung sae lenggah sila tumpang/timpuh, boten jumeneng. Bab ingkang dipungatosaken nalika nyekar macapat: Wirama: andhap inggiling anggenipun nyekar, saged dipunsebut intonasi. Wirasa: anggenipun nyekar kedah dipunraosaken kaananipun. Wiraga: obahing awak nalika nyekar saha mimik/ekspresi nalika nyekar. Wicara: sora/rindhikipun anggenipun nyekar, cetha lan botenipun nyuwantenaken tembung nalika nyekar. 12
Tembang Macapat Asmaradana Laras Slendro Pathet Sanga Miring Paugeran Tembang Macapat Asmaradana: Cakepan Parafrase Aja turu sore kaki Ana dewa nganglang jagad Nyangking bokor kencanane Isine dongan tetulak Sandhang kalawan pangan Yaiku bageyanipun Wong melek sabar narima Wejangan tiyang sepuh dhumateng piyantun nem bilih nalika wekdal sonten menika sampun ngantos dipunginakaken kagem sare. Bab makaten amargi nalika sonten, wonten dewa (malaikat) ingkang saweg mubeng ing jagad saperlu maringi kanugrahan arupi keslametan saha rejeki. Wondene kekalihipun menika namung katujokaken kagem piyantun ingkang sregep ngupaya saha tansah sabar, saha narima. 1 2 3 5 5 5 5 5 A - ja tu – ru so – re ka - ki 5 a1 a2 a2g a3 a1 a1 5 6g 5 A - na de - wa ngang - lang ja - gad 3 2 1 5 3 2g 3 1 2 Nyang-king bo – kor ken - ca - na - ne 5 5 5g 6 1 2 3 3g 2 3g 5 I – si - ne do -nga te - tu - lak 2 2 2 2 2 2h 3 2h 1 San-dhang ka - la -wan pa - ngan Ts 1 2 2 2 2 3h 5 3g 2 Ya-i -ku ba-ge-yan - i - pun 1 1 1 1 2 3 3 2g 1 Wong me-lek sa-bar na-ri - ma Materi Metakognitif FASE 4. MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA 13
Paugeran tembang macapat Asmaradana: Guru gatra: 7 Guru wilangan saha guru lagu: 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a Piwulang moral ing salebeting cakepan tembang macapat Asmaradana: Ing salebeting cakepan tembang macapat Asmaradana menika ngewrat wewaler bilih wekdal sonten menika sampun ngantos dipunginakaken kagem sare. Amargi bab menika ingkang njalari manungsa tebih saking rejeki saha kawilujengan. Prayoginipun manungsa menika kathah ngibadah, ndedonga, dipunwiyaraken raos sokuripun saha kathah sabaripun. Dudutan Tembang macapat menika kalebet warisan budaya bangsa ingkang kedah dpunlestantunaken. Minangka warisan budaya asiling panggalih para luhur, tembang macapat ngewrat bab ingkang wigatos. Boten namung endah tembung-tembungipun saha wiramanipun nalika dipuntembangaken utawi gadhah nilai seni ingkang inggil, nanging ing salebetipun cakepan ngewrat piwulang kawicaksanan ingkang dipunbetahaken manungsa minangka pitedah nglampahi gesang bebrayan. Salah satunggaling tuladha inggih tembang macapat Asmaradana ingkang cakepanipun ngandikakaken “Aja turu sore kaki, ana dewa nganglang jagad, nyangking bokor kencanane, isine donga tetulak, sandhang kalawan pangan, yaiku bageyanipun, wong melek sabar narima”. Isinipun ngandharaken wejangan supados manungsa ngatos-atos, tumrap wewaler ingkang ngendikakaken bilih wekdal sonten menika sampun sare nalika sonten, amargi nebihaken manungsa saking rejeki saha kawilujengan. Piwulang makaten menika kalebet pitedah supados manungsa slamet anggenipun gesang wonten ing donya. Relevansi Ing jaman samenika piwulang ing salebeting tembang macapat taksih dipunbetahaken sanget. Mliginipun piwulang moral wonten ing tembang macapat Asmaradana menika jumbuh kaliyan kawontenan ing jaman samenika. Awit kathah para mudha ingkang kirang trep FASE 5. MENGANALISIS DAN MENGEVALUASI 14
tumindakipun. Ngrembakaning teknologi kados HP saha internet, ndadosaken lare ing jaman samenika kesed, ebah sekedhik mawon sampun ngresula sayah. Wekdalipun dipunginakaken kagem kathah sare, kalebet nalika sonten. Kesed menika boten namung nebihaken saking rejeki nanging ndadosaken tiyang menika bodho ugi. Wewaler ngengingi ampun sare nalika sonten menika ugi jumbuh kaliyan ajaran ing agami Islam. “Barangsiapa tidur setelah waktu ashar, lalu hilang akalnya, maka jangan pernah salahkan kecuali dirinya sendiri”. (HR. Ad-Dailami). Wonten ing salebeting tembang macapat Asmaradana ngendikakaken bilih sonten menika wekdalipun dewa (malaikat) menika maringaken kanugrahan arupi kawilujengan saha rejeki pramila ingkang sare sonten boten bakal dipunparingi, wondene ing ajaran Islam ngendikakaken bilih sare sonten ndadosaken ical akalipun utawi edan. Sinaosa ingkang dados lelandhesan kenging menapa dipunpenging sare nalika sonten menika beda, nanging kekalihipun ngendikakaken bilih sare nalika sonten menika awon amargi dados sebab rugining dhiri piyambak. 15
KAPUSTAKAN Slamet Nugraha, Abdul Afif Rosyidi. 2020. Wibawa Wiyata Basa Jawa. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta. Haidar, Zahra. 2018. Macapat Tembang Jawa, Indah, dan Kaya Makna. Jakarta Timur: Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa. (https://repositori.kemdikbud.go.id/10967/1/Macapat%20-Zahra_0.pdf ) Happy Suryanti, Kharisma Pratidina. 2023. Rinumpaka: Rinacik Ukara Pangandikan Kaweca. Yogyakarta: Tim Modul MGMP Bahasa Jawa SMK Kab. Sleman. http://digilib.isi.ac.id/4037/6/JURNAL.pdf https://www.masdayat.net/2021/09/terangna-carane-nggancarake-tembang.html https://unzah.ac.id/2022/12/02/larangan-tidur-dari-rasulullah-untuk-kesehatan/ 16