The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by DESI Indriyanti, 2023-11-12 14:53:14

2. Materi Ajar Tembang Macapat

2. Materi Ajar Tembang Macapat

Keywords: Tembang Macapat

BAHAN AJAR TEMBANG MACAPAT KELAS XI DESI INDRIYANTI 1 Materi Ajar: A. Ngengingi Tembang Macapat 1. Pangretosan Tembang Macapat Kathah pamanggih kangge negesi tembung macapat menika. Sadjijo Paramadisasatra ing bukunipun Pengantar Apresiasi Seni Tembang kasil ngimpun pamanggih-pamanggih ingkang negesi tembung macapat. Salah satunggalipun pamanggih, negesi bilih tembang macapat menika saking tembung ‘maca’ lan ‘pat’. Aggenipun maos saben gatranipun kapunggel 4 wanda, 4 wanda. Salajengipun Zahra Haidar lumantar bukunipun Macapat Tembang Jawa Indah dan Kaya Makna ngandharaken bilih tembang macapat menika geguritan tradisional Jawa ingkang dipundamel kanthi paugeran tartamtu. 2. Tembang Macapat ing Kasusatran Jawi Ing kasusastran Jawi menika tembang dipunperang dados Tembang Ageng utawa Tembang Gedhe, Tembang Tengahan, Tembang Alit, saha Tembang Dolanan. Dene, tembang macapat menika kalebet ing Tembang Alit amargi paugeraning tembang macapat kalebet prasaja tinimbang Tembang Gedhe saha Tembang Tengahan. Tembang macapat menika ngewrat piwulang becik (nasihat) ingkang dupunandharaken kanthi wicaksana. Kathah ajaran luhur ingkang mampangat sanget tumrap tiyang kangge nglampahi pagesangan. Ing jaman rumiyin tembang macapat dipunginakaken kangge sarana paring wejangan dening tiyang sepuh dhateng putranipun supados mangretos maknanipun gesang. Lumantar macapat ajaran moral saking para luhur saged katampi kanthi gampil amargi dipunwucalaken kanthi cara ingkang ngremenaken, inggih kanthi tembung-tembung saha tembang ingkang endah. 3. Sejarah Tembang Macapat Wonten ing jaman ajaran Islam mlebet ing tanah Jawi, para Wali Sanga ngginakaken tembang macapat minangka sarana dakwah sadanguning ngrembakakaken agami Islam ing tanah Jawi.


BAHAN AJAR TEMBANG MACAPAT KELAS XI DESI INDRIYANTI 2 B. Paugeran Tembang Macapat Sukatmi Susantina (2009: 3) ngandharaken sekar macapatmenika gadhah paugeran tiga, inggih menika: Guru gatra inggih menika cacahing larik/gatra sabensatunggal pada (bait). Guru wilangan inggih menika cacahing wanda (sukukata) saben satunggal gatra. Guru lagu inggih menika dhawahing suwanten vokal ingpungkasaning gatra. C. Jinising Tembang Macapat Sekar macapat menika cacahipun wonten 11 ingkang nggambaraken lampahing gesang manungsa wiwit saking kandhutan Ibu dumugi pejah. 1. Maskumambang. Saking tembung “Mas”: dereng ningali kakung utawi estri, lan “Kumambang”: gesang ngambang ing kandhuran Nggambaraken jabang bayi ingkang taksih wonten ing kandhutan ibu, dereng ngretos jaler utawi estri. 2. Mijil. Tegesipun mijil menika miyos; lair. Ateges bayi sampun lair, cetha jaler utawi estri. 3. Kinanthi. Saking tembung kanthi utawi tuntun ingkang tegesipun dipuntuntun supados saged mlampah ngambah panguripan ing donya.


BAHAN AJAR TEMBANG MACAPAT KELAS XI DESI INDRIYANTI 3 4. Sinom. Ateges kanoman, kalodhangan paling wigatos kangge ngangsu kawruh sakathahkathahipun. 5. Asmaradana. Ateges rasa tresna, tresna marang liyaningkang sedaya wau sampun dados kodrat Illahi. 6. Gambuh. Saking tembung jumbuh/sarujuk ateges sampun sarujuk dipungathukaken antawisipun jaler saha estri ingkang sami-sami gadhah raos tresna, ing pangangkah supados saged gesang bebrayan. 7. Dhandhanggula. Gula tegesipun manis, bingah. Nggambaraken gesangipun tiyang saweg bingah, menapa ingkang dipungayuh kasembadan, kelakon gadhah sisihan/kulawarga,gadhah putra, gesang cekap kangge sakulawarga.


BAHAN AJAR TEMBANG MACAPAT KELAS XI DESI INDRIYANTI 4 8. Durma. Saking tembung darma/weweh. Tiyang ingkangrumaos sampun kacukupan gesangipun, banjur tuwuhraos welas asih saha kekarepan weweh dhatengsasami. 9. Pangkur. Saking tembung mungkur, tegesipun sampun ngungkuraken bab kadonyan, nyingkiri hawa nepsu angkara murka. 10. Megatruh. Saking tembung megat ruh utawi pegat ruhipun/nyawanipun, awit sampun titi wancinipun katimbalan sowan dhateng Gusti. 11. Pocung. Manawi sampun dados layon/mayit banjur dipunbungkus mori putih/dipunpocong saderengipun kasarekaken.


BAHAN AJAR TEMBANG MACAPAT KELAS XI DESI INDRIYANTI 5 D. Jinis, Watak, saha Paugeran Tembang Macapat No Jinis Tembang Watak Guru Gatrå Guru Wilangan Guru Lagu 1 Maskumambang susah, prihatin 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a 2 Pocung sembrana, sakepenake 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a 3 Kinanthi seneng, tresna, lan asih 6 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i 4 Asmaradana sengsem, prihatin 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 i, a, e, a, a, u, a 5 Pangkur sereng, gandrung 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8 a, i, u, a, u, a, i 6 Durma sereng, nesu 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7 a, i, a, a, i, a, i 7 Mijil prihatin, gandrung 6 10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o, e, i, i, u 8 Gambuh nggenahnggenahake 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, o, u 9 Sinom grapyak, sumanak 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u, a, i, a 10 Megatruh susah, getun 5 12, 8, 8, 8, 8 u, i, u, i, o 11 Dhandhanggula resep, luwes 10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u, a, i, a E. Caranipun Nggancaraken/Memparafrasakan Tembang Macapat Parafrasa inggih menika ngewahi struktur puisi dados struktur prosa/ gancaran. Amargi teks tembang macapat menika ngginakaken basa ingkang endah, utawi kathah makna konotatifipun, pramila kedah dipunudhari rumiyin supados langkung gampil dipunmangertosi maknanipun. F. Caranipun Ndamel Cakepan Tembang Macapat Lampahipun ndamel cakepan sekar macapat Durma inggih menika: 1. Nemtokaken tema. 2. Mangretosi paugeranipun sekar macapat Durma. 3. Ndamel ukara jumbuh kaliyan paugeran guru gatra, guruwilangan, saha guru lagunipun. 4. Larik sepisan saha larik salajengipun kedah jumbuh. 5. Ukara ingkang kadamel ngewrat piwulang/makna. G. Caranipun Nembangaken Tembang Macapat Bab ingkang prelu dipungatosaken nalika praktek nyekaringgih menika: 1. Jangga dipuntarik kanthi jejeg, boten ndhingkluk.


BAHAN AJAR TEMBANG MACAPAT KELAS XI DESI INDRIYANTI 6 2. Swanten kedah los (las-lasan, cetha, prasaja anggenipun nyekar) 3. Menawi badhe miwiti nyekar, napas dhadha saha padharan prelu dipuntata. 4. Langkung sae lenggah sila tumpang/timpuh, boten jumeneng. Bab ingkang dipungatosaken nalika nembang macapat: Wirama: andhap inggiling anggenipun nyekar,saged dipunsebut intonasi. Wirasa: anggenipun nyekar kedah dipunraosaken kaananipun. Wiraga: obahing awak nalika nyekar. Wicara: sora/rindhikipun anggenipun nyekar. H. Istilah wonten ing Tembang Macapat Laras: swanten ingkang ajeg inggilipun, boten owah, kasebut ugi nada, sistem nada. Titi Laras: notasi nada ingkang kaserat miturut sistem nada laras lan pathetipun. Cakepan: tetembungan ingkang kaginakaken ing tembang (lirik). Pathet: ukuran andhap inggiling laras, minangka wates wilayah nada. Titi Laras Pelog: t y u 1 2 3 4 5 6 7 a1 a2 a3 Titi Laras Slendro: 1 2 3 5 6 a1 a2


BAHAN AJAR TEMBANG MACAPAT KELAS XI DESI INDRIYANTI 7 Kapustakan Slamet Nugraha, Abdul Afif Rosyidi. 2020. Wibawa Wiyata Basa Jawa. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta. Happy Suryanti, Kharisma Pratidina. 2023. Rinumpaka: Rinacik Ukara Pangandikan Kaweca. Yogyakarta: Tim Modul MGMP Bahasa Jawa SMK Kab. Sleman. Haidar, Zahra. 2018. Macapat Tembang Jawa, Indah, dan Kaya Makna. Jakarta Timur: Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa.


Click to View FlipBook Version