LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 1
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 2 Identitas Sekolah Nama penyusun : Desi Indriyanti, S.Pd. Jenjang : SMK Kelas : XI Alokasi waktu : 6 X 45 JP (Tiga Pertemuan) Capaian Pembelajaran Elemen Membaca Peserta didik mampu menganalisis, menginterpretasikan, mengaplikasikan informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan dari berbagai teks dalam bentuk aural, visual dan atau audiovisual untuk menemukan makna tersurat dan tersirat dari tembang macapat Durma, Sinom serat Piwulang HB I pupuh 2, layang, artikel, penanggalan Jawa, Cerkak, wacana beraksara Jawa dan kreasi karya sastra beraksara Jawa. Elemen Menulis Peserta didik mampu menulis berbagai teks berupa layang, Cerkak, Makna Filosofi Kraton Ngayogyakarta, Artikel, wacana beraksara Jawa dan kreasi karya sastra beraksara Jawa yang berisi ajaran moral secara logis, kritis, dan kreatif dengan memperhatikan kaidah kebahasaan dan kaidah penulisan aksara Jawa sebagai karya aktualisasi diri di berbagai media. Capaian Pembelajaran Setelah melalui proses pembelajaran, peserta didik dapat menganalisis berbagai jenis layang dengan baik. (C4, HOTS) Setelah melaui proses pembelajaran, peserta didik dapat menyimpulkan struktur berbagai jenis layang dengan baik. (C5, HOTS) Peserta didik dapat membuat layang iber-iber dengan benar. (P5, HOTS) Dimensi Pengetahuan Faktual : Contoh layang Jawi Konseptual : Pengertian layang Jawi, Jenis Layang Jawi, dan struktur layang Jawi Prosedural : Tata cara menganalisis berbagai jenis layang, tata cara menyimpulkan struktur berbagai jenis layang Jawi, dan tata cara menulis layang iber-iber, Metakognitif : Menganalisis berbagai jenis layang Jawi, menyimpulkan struktur berbagai jenis layang Jawi, menulis layang iber-iber.
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 3 Mangga para siswa dipungatosaken kanthi permati cuplikan gambar menika amrih paham ngengingi menapa menika serat utawi layang. Saking gambar ing nginggil, kinten-kinten pundi ingkang kalebet layang, lan pundi ingkang boten kalebet layang? Kenging menapa kok kalebet layang lan kenging menapa kok boten? A. Pangretosan Layang Jawi Layang utawi nawala inggih menika basa ingkang dipunaturaken mawi seratan utawi salah satunggaling piranti komunikasi ingkang awujud seratan. B. Wujuding Layang Jawi Wujud layang Jawi menika manéka warni antawisipun: 1. Layang Ulem (Undangan) Layang ulem inggih menika layang ingkang isinipun atur dhumateng tiyang sanès, amargi badhé kagungan hajat/kersa. Ingkang dipunkintuni uleman supados rawuh wonten ing wekdal saha papan ingkang sampun katemtokaken. Tuladha layang ulem inggih menika: FASE 1. ORIENTASI TERHADAP MASALAH Materi Faktual FASE 2. MENGORGANISASI PESERTA DIDIK Materi Konseptual
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 4 a) layang ulem dinas b) ambal warsa (ulang tahun) c) tasyakuran d) supitan e) layang ulem mantu, lsp. 2. Layang Kitir Layang kitir inggih menika layang ingkang isinipun cekak aos, menapa perlunipun kémawon. Tuladhanipun telegram, memo, lsp. 3. Layang Lelayu Layang lelayu inggih menika layang ingkang isinipun kabar sedanipun tiyang. 4. Layang Iber-iber Layang iber-iber inggih menika layang ingkang isinipun kabar pribadi, bab ingkang dipunandharaken saged menapa kémawon. B. Péranganipun Layang Jawi Layang Jawi ingkang jangekp nggadhahi pérangan utawi struktur antawisipun: 1. Satata Basa, (layang katujokaken) alamatipun layang saged kaserat ing pojok tengen utawi kiwa ing inggil. 2. Adangiyah, tembung pamuji rahayu upaminipun: a. Rinengga sagunging pakurmatan. b. Tansah winantu suka basuki. c. Katentreman lan karahayon d. Winantu ing bagya mulya. e. Sembah sungkem. 3. Purwaka, nelakaken pawarta kaslametanipun ingkang ngintun layang saha pangajeng-ajeng supados ingkang dipunkintun layang ugi slamet. 4. Surasa Basa, wosipun layang, kekajenganipun layang. 5. Wasana Basa, pungkasaning layang, tuladhanipun: Cukup seméné dhisik liya wektu disambung maneh. 6. Titi Mangsa, nelakaken wekdal panyeratanipun layang. Tuladha: Parakan, 21 Agustus 2008 7. Peprenahan, asalipun layang saking sinten, tuladha: a. Saking ingkang putra b. Bapakmu ing omah c. Adhimu saka paran, lsp 8. Tapak Asma / Tandha Asma, Tanda tangan ingkang ndamel layang. 9. Asma Terang, asma terang ingkang ndamel layang.
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 5 Adangiyah Nelakaké Unggah-ungguhing Layang. 1. Taklim (ingkang taklim), marang sadulur tuwa, utawi marang sapadha-padha ingkang perlu dipunajèni. 2. Salam taklim, marang sedherek enem, utawi marang sapepadhané. 3. Ingkang salam, marang sedherek enem ingkang perlu dipunajèni, amargi pangkatipun langkung inggil. 4. Ingkang pandonga, saking tiyang sepuh marang tiyang enem ingkang dipunajèni. 5. Ingkang Pandonga, saking tiyang sepuh marang putra wayahipun piyambak utawi ingkang karengkuh kados putranipun piyambak. 6. Ingkang sembah, saking tiyang alit marang para luhur, nadyan pangkatipun sami. 7. Ingkang sembah sungkem, saka tiyang enem marang sesepuh (simbah) utawa para luhur. 8. Ingkang sembah pangabekti, saking tiyang enem marang tiyan sepuhipun piyambak, umpaminipun: Bapak, Ibu, wong wadon marang kakungipun. 9. Ingkang pangabekti, marang tiyang sepuh ingkang dipunajèni (dibektèni), umpaminipun: marang ipénipun ingkang kaprenah sepuh. 10. Sembah sujud, saka kawula marang Gustiné (Ratu). Pamuji, umpaminipun: karengga sagunging kaurmatan, karengga sagunging pahargyan, kairing ing sagunging kaurmatan, pudyarja, lan sapiturutipun. C. TULADHA LAYANG 1. Tuladha Layang Iber-Iber (Layang Pribadi) Bapak saha Ibu Joko Surasa (1) Jln. Aip Mungkar Parakan Temanggung. Sembah sungkem, (2) Kanthi lumantaring layang punika, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah ginanjar wilujeng nir ing sambékala. Menggah panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi-mugi kawontenanipun Bapak saha Ibu ugi mekaten. Amin. (3) Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikala dinten Minggu kapengker. Arta punika sampun kula ginakaken kanggé prabéya sekolah. Tirahanipun kanggé nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhé tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang saé, amin. (4) Ing wusana cekap semanten rumiyin layang kula, sanès wekdal dipunsambet malih. Menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. (5) (6) Semarang, 26 Nopember 2008 (7) Saking ingkang putra (8) (9) Hadi Prawira
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 6 2. Tuladha Layang Ulem a. Tuladha Layang Dinas Mawi Basa Jawi Krama Alus Nomer : 421/387 Lamp. : 1 bendel Bab : Lomba Nyerat Dongeng Aksara Jawa Serat mugi katur wonten ngarsanipun Bp/Ibu Kepala Sekolah SMA/SMK/MA Sa-DIY Ing Yogyakarta Kanthi serat punika, atur uninga bilih ing titi wanci dinten Selasa Wage surya kaping 25 Oktober 2022, badhe wonten Lomba Nyerat Dongeng Aksara Jawa. Awit saking punika kasuwun kanthi sanget Bapak/Ibu Kepala Sekolah kersa ngintunaken siswa/siswinipun kangge ndherek lomba punika, kathahipun lare tiga siswa/siswi saben sekolah. Mekaten menggah wigatosing serat, awit saking pambiyantu saha kawigatosanipun Bapak./ Ibu Kepala Sekolah, kula aturaken agunging panuwun. Yogyakarta, 25 September 2022 Pangarsa ]
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 7 Mawi Basa Bagongan Nomer : 421/387 Lamp. : 1 bendel Bab : Lomba Nyerat Dongeng Aksara Jawa Serat mugi katur wenten ngarsane Bp/Ibu Kepala Sekolah SMA/SMK/MA Sa-DIY Ing Yogyakarta Kanthi serat puniki, atur uninga bilih ing titi wanci dinten Selasa Wage surya kaping 25 Oktober 2022, badhe wenten Lomba Nyerat Dongeng Aksara Jawa. Awit saking puniki kasuwun kanthi sanget Bapak/Ibu Kepala Sekolah kersa ngintunake siswa/siswine kangge ndherek lomba puniki, kathahe lare tiga siswa/siswi saben sekolah. Mekaten menggah wigatose serat, awit saking pambiyantu saha kawigatosane Bapak./ Ibu Kepala Sekolah, manira aturake agunge panuwun. Yogyakarta, 25 September 2022 Pangarsa ]
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 8 b. Tuladha Layang Ulem Wisudhan Sleman, 21 Agustus 2011 Katur Panjenenganipun Bapak Drs. Subagyo Sastra W. Ing Bantul Assalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun, kanthi puja puji hastuti, sinartan sagunging pakurmatan, lumantar layang menika keparenga kula angrerantu rawuh panjenengan wonten ing: Dinten : Jum’at Legi Titimangsa : 01 September 2011 Wanci : Tabuh 09.00 WIB Papan : Gedung Grha Sabha Pramana Bulaksumur Adicara : Wisudha Pawiyatan Pranatacara tuwin Pamedhar Sabda Yayasan Kirti Sanggyaning warga Panitya miwah Pengurus Yayasan Kirti atur gunging panuwun awit saking kawigatosan saha rawuhipun panjenengan. Nuwun, Wassalamu’alaikum Wr.Wb. Pangarsa Yayasan Ki Pramana Sabda Gaotama
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 9 c. Tuladha Ulem Pawiwahan Tuladha 1 Nambut silaning akrami: Dra. NIKEN NASTITI KRT. Tedjaningrat Kaliyan Drs. MARYAN UTAMA Letkol Sumaryan Akad Nikah: Kemis Kliwon, 14 September 2011 Pukul 09.00 enjing, ing griya Jl. Madukismo 123 Ngayogyakarta Ngayogyakarta, 1 September 2011 Nuwun wiyosipun, Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wiwahan panggih/dhaupipun anak kula pengantèn kekalih, mbénjing ing: Dinten : Kemis Kliwon [malem Jumuah Legi] Tanggal : 14 Desember 2011 Pukul : 19.00 [pitu sonten] Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta Wasana awit keparengipun rawuh saha paring berkah pangèstu, kula ngaturaken agunging panuwun sanget. Nuwun. Salam taklim, KRT. Tedjaningrat Kekalih
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 10 Tuladha 2 Sleman, 1 Maret 2015 Kairing sagunging pakurmatan. Nuwun kanthi sih wilasaning Gusti ingkang Maha Mirah lan Agung saha netepi rèh darmaning asepuh, kula badhé ngémah-émahaken anak kula: Septi Runtiawati, SE Binti Teguh Permana Kaliyan Oki Priajitama, M.Pd Bin Rihardyan Prihadi Pramila kanthi andhap asoring budi, panjenengan sekalian kula aturi rawuh bénjing: Dinten : Rebo Legi, 14 Oktober 2015 Wanci : tabuh 13.00 WIB. Wonten ing : Gedhung Shinta Mandala Bhakti Wanitatama Jl. Solo Km 7 Saperlu paring donga pangèstu wilujeng dhumateng anak kula kekalih sumrambah samudayanipun. Wasana andadosaken raos bombonging manah kula menggah rawuh panjenengan sekaliyan lan ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Ndhèrèk ngajeng-ajeng 1. Pengantèn kekalih 2. Sedaya kulawarga Atur pangbekti kula Teguh Permana
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 11 Tuladha 3 SERAT ULEM Katur dhumateng Bapak/Ibu/Sedherek…… Lan saka sawenehe ayat tandha yekti kasampurnaning panguwasane Allah, yaiku Panjenengane wus nitahake tumrap sira kabèh pirang-pirang jodho saka jinisira supaya sira padha tentrem kalawan dhèwèké lan panjenengane paring rasa tresna lan rasa asih ing antaranira, sanyata kang mangkono iku temen dadi tandha yekti tumprap wong kang padha gelem mikir. (Ar-Ruum : 21) Nambut silalaning akrami Ruspitaningrum, S.Si Putri Bpk. Karsudi (Alm) & Ibu Badriyah, S.Pd dhaup kaliyan Achmad Syayuti, ST Putra Bpk. Achmad Sibly & Ibu Sumiaty Ijab Qobul: Dinten: Selasa, Surya kaping: 13 Desember 2022 Wanci Jam : 07.00 WIB Wonten ing: Masjid Darussalam Ds. Pugeran Maguwoharjo-Yogyakarta Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh Winantu sagunging pakurmatan. Nuwun kanthi hanyadhong Sih Rahmating Gusti Ingkang Maha Asih keparenga kula ngaturi rawuh panjenengan sekaliyan bénjing ing: Dinten: Selasa Surya kaping 13 Desember 2022 Wonten ing: Ds. Pugeran Maguwoharjo-Yogyakarta Saperlu paring tambahing donga pangèstu anggèn kula badhé ngijabaken anak kula, Wusana rawuh panjenangan sekaliyan badhé handayani saha mimbuhi bombonging manah kula, awit saking punika kula ngaturaken sanget agunging panuwun. Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh Atur Taklim Kula. Keluarga, Keluarga, Bpk. Karsudi (Alm) Bpk. Achmad Sibly Yogyakarta Medan Ningrum & Achmad
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 12 d. Tuladha Layang Ulem Supitan Katur dhumateng panjenenganipun Bapak/Ibu/Sedherek…… Supitan: 1. BAGUS WARSANA 2. BAGUS WARDAYA Gresipun: Jumuah Wage, 28 November 2011 Pukul 09.00 enjing ing Dokter Supit Padmasuri Jl. Krapyak Ngadiwinatan Ngayogyakarta, 1 November 2011 Nuwun wiyosipun, Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing syukuran supitipun anak kula jaler kekalih, mbenjing ing: Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi] Tanggal : 10 Desember 2009 Wanci : 09.00 enjing Papan : Gedung Serbaguna Kecamatan Mantrijeron Ngayogyakarta Wasana awit keparengipun rawuh saha berkah pangestu, kula matur sanget nuwun. Salam taklim, Sela Darmaji Kekalih
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 13 3. Layang Lelayu LELAYU Innalillahi wa Innaillaihi Roji’un Sampun tinimbalan sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr. Sardjito nalika dinten Setu Pon, 24 September 2022 tabuh 11.50 siyang, Bapak/embah sutresna: KI MANGKUSASMITA (Yuswa 80 taun) Layon badhe kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten Minggu Wage, 25 September 2022 tabuh 14.00 Ngayogyakarta, 24 September 2022 Ingkang nandang duhkita: *Nyi Mangkusasmita (garwa) *Brayat Mangkutana, SH. (putra) *Brayat Mangkurati, SPd. (putra) *Brayat Sumargana (raka) *Brayat Parengkuan (rayi)
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 14 4. Tuladha Layang Kitir Kanggo Adhiku Budiani Ing Bantul Nuwun Adhiku, aku njaluk tulung sesuk tanggal 30 Oktober 2022 aku dipethuk ing terminal Giwangan jam 04.00 WIB. Kangmasmu arep bali. Jakarta, 15 Oktober 2022 Kangmasmu, Budi Santoso
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 15 Tuladha Layang Ulem Ambal Warsa LAYANG AMBAL WARSA Sleman, 24 Januari 2024 Katur: Arumi Ing Pandak Assalamu’alaikum Wr. Wb. Kula angrerantu rawuh panjenengan kangge mengeti dinten ambal warsa kula ingkang kaping 17: Dinten, tanggal : Minggu, 28 Januari 2024 Titi wanci/tabuh : 19.00 WIB Papan : Griya kula Adicara : Ambal warsa kula kaping 17 Makaten layang sedhahan punika kawula aturaken, saderengipun kula aturaken agunging panuwun. Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Kanca panjenengan, Nafisah Sekar
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 16 Sasampunipun peserta didik mangretosi bab pangretosan, jinis, struktur, saha tuladhanipun layang Jawi, sumangga dipunsinau sesarengan kaliyan kelompok materi ing ngandhap menika. D. Caranipun Ndamel Analisis Mapinten-pinten Jinis Layang 1. Dipunwaos kanthi permati layang ingkang badhe dipun-analisis. 2. Sasampunipun dipunwaos, analisis saged dipunwiwiti saking nemtokaken menapa jinis layangipun rumiyin, tuladhanipun layang ulem, layang kitir, layang lelalyu, saha layang iber-iber. 3. Kalajengaken analisis bab kaidah basa utawi ngagem unggah-ungguh basa menapa layangipun kaserat, tuladhanipun basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus, basa rinengga, menapa basa bagongan. 4. Bab salajengipun inggih ngengingi struktur utawi perangan layang. Saben jinis layang wonten perangan-perangan layang ing beda, nanging ugi wonten perangan ingkang sami, tuladhanipun titi mangsa, satata basa, surasa basa, ugi asma terang (tiyang ingkang ngintun). 5. Pungkasan inggih menika analisis bab isi utawi maksud layang. Isi layang biasanipun ngandharaken informasi, pawarta, saged ugi panyuwunan. E. Caranipun Mendhet Dudutan Struktur Mapinten-pinten Jinis Layang Ing nginggil sampun kaandharaken caranipun ndamel analisis, panjenengan ugi sampun ndamel analisis mapinten-pinten jinis layang. Pramila, kantun mendhet dudutan saking asil analisis kasebut. Caranipun inggih kados ing ngandhap menika: 1. Gatosaken kanthi taliti asiling analisis, utaminipun bab struktur layang. 2. Salajengipun dipunserat menapa ingkang beda antawis struktur jinis layang ingkang satunggal tumrap sanesipun. 3. Dipunserat ugi menapa ingkang sami antawis struktur jinis layang ingkang satunggal tumrap sanesipun. 4. Pungkasan, dipunserat basa ingkang kaginakaken ing layang, kedah sami menapa gumantung jinis layangipun. FASE 3. MEMBIMBING PENYELIDIKAN Materi Prosedural
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 17 F. Caranipun Ndamel Layang Iber-Iber 1. Nemtokaken tema rumiyin. Tema ing ngriku maksudipun gayut kaliyan menapa isi serat saha dhateng sinten serat menika badhe katujokaken. 2. Manawi tema sampun katemtokaken, salajengipun ndamel reng-rengan perangan utawi struktur serat iber-iber kanthi jangkep saha leres. Wondene struktur serat iber-iber inggih menika: satata basa (serat katujokaken dhateng sinten), adangiyah (tembung pamuji rahayu), purwaka, surasa, wasana basa, titi mangsa, peprenahan, tapak asama, saha asma terang. 3. Pungkasan, inggih wiwit nyerat serat iber-iber kanthi nggatosaken unggah-ungguh basa. Tuladha: Ngoko kaginakaken manawi panjenengan nyerat serat kagem kanca ingkang akrab (supeket). Ngoko alus kaginakaken manawi nyerat serat kagem tiyang ingkang langkung enem utawi sapantaran nanging panjenengan aosi. Krama lugu kaginakaken manawi nyerat serat kagem kangmas/mbakyu. Krama alus kaginakaken manawi nyerat serat kagem Bapak/Ibu, Simbah, utawi tiyang sepuh ingkang luhur lan dipunaosi. Sasampunipun sinau/maos materi, gayut kaliyan ancasing pasinaon para siswa diskusi ngrembag bab ing ngandhap menika: a. Ndamel analisis mapinten-pinten layang Jawi, wondene analisis ingkang badhe katindakaken inggih menika ngengingi bab jinis layang, kaidah basa layang, struktur layang, saha isinipun layang. b. Ndamel dudutan ngengingi struktur layang Jawi. c. Nyerat layang iber-iber kanthi tema ingkang sampun dipuntemtokaken kalihan guru. Salajengipun, asiling diskusi menika dipunandharaken wontening sangajengipun kelompok sanes. Kelompok sanes ngandharaken panyaruwe, pamrayogi utawi pitakenan gayut kaliyan asiling diskusi ngginakaken basa ingkang santun. FASE 4. MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA Materi Metakognitif
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 18 Dudutan Layang menika salah satunggaling sarana komunikasi ingkang awujud seratan ingkang jinisipun maneka warni lan sipatipun wonten ingkang formal, semi formal, saha boten formal. Layang ingkang sipatipun formal kados layang ulem dinas, basa ingkang dipunginakaken inggih menika krama alus. Layang ulem dinas ugi kedah wonten kop seratipun. Wondene layang ingkang sipatipun semi formal kados layang ulem pawiwahan basa ingkang dipunginakaken biasanipun basa rinengga utawi basa Kawi. Manawi layang ingkang boten formal kados layang kitir saha layang iber-iber basanipun langkung maneka warni jumbuh kalihan unggah-ungguhing basa, amargi gumantung sinten ingkang dipunkintuni layang menika. Struktur layang ingkang jangkep wonten sangang perangan, inggih menika satata basa, adangiyah, purwaka, surasa basa, wasana basa, titi mangsa, peprenahan, tapak asma, saha asma terang. Ananging, perangan kasebut boten wajib wonten ing jinis layang tartamtu, kados ta layang kitir ingkang boten perlu ngginakaken purwaka saha wasana basa, namung cekak aos kemawon. Dene, mligi layang ulem dinas, kedah ngginakaken kop serat saha katrangan ngengingi nomer, bab, lampiran ugi kawuwuhan cap wonten ing tapak asmanipun. Relevansi Ing jaman samenika layang taksih dipunbetahaken, utaminipun ing kantor-kantor, kados instansi pemerinatah utawi perusahaan swasta. Sanadyan ta wujudipun sampun boten seratan tangan, nanging sampun digital amargi dipunlarasaken kaliyan ngrembakaning jaman ingkang samenika sampun sarwi digital. Sanesipun ugi wonten ing jasa percetakan undangan, menika taksih mbetahaken keterampilan nyerat layang. Pramila, nguwaosi skill nyerat layang menika salah satunggaling katrampilan ingkang sae ingkang kedah dipunsinau kanthi estu amargi sanesipun migunani tumrap pribadi, skill menika ugi migunani tumraping eksistensi basa Jawi. Tiyang ingkang nyerat layang, tamtu kemawon ugi sinau bab basa kanthi unggah-ungguh basa Jawi ingkang leres saha trep. Kanthi nyerat layang, kita saged nyukani aksi nyata kagem nguri-uri kabudayan Jawi, mliginipun bab basa. FASE 5. MENGANALISIS DAN MENGEVALUASI
LAYANG JAWI BAHAN AJAR Desi Indriyanti, Mahasiswa PPG Prajab 2023 Gel.1 19 KAPUSTAKAN Slamet Nugraha, Abdul Afif Rosyidi. 2020. Wibawa Wiyata Basa Jawa. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta. Happy Suryanti, Kharisma Pratidina. 2023. Rinumpaka: Rinacik Ukara Pangandikan Kaweca. Yogyakarta: Tim Modul MGMP Bahasa Jawa SMK Kab. Sleman. https://haloedukasi.com/layang#2_Layang_Kitir