NOFI AJI ASTUTI, S.Pd BAHASA JAWA SMA NEGERI 2 PEMALANG geguritan kelas x fasee
Capaian Pembelajaran Peserta didik dapat memahami dan mengevaluasi informasiberupa gagasan, pikiran,pandangan, arahan atau pesan dari teks sastra berupa geguritan untuk menemukan makna yang tersuratdan tersirat Tujuan Pembelajaran a.Peserta didik dapat menemukan tema teks geguritan dengan benar. (C4) b.Peserta didik dapat menafsirkan isiteks geguritan dengan benar. (C5) c. Peserta didik dapat menjelaskan amanat teks geguritan baik secara lisan dan tulisan dengan benar.
Fase 1 : Identifikasi Masalah ❖Materi Faktual Tuladha Geguritan Ing ngandhap menik, sumangga parasiswaningali video geguritan menika kanthi patitis! salajengipun siswa saged ngrantam pitakenan kangge mangretosi geguritan kasebut. Tuladha geguritansaged dipuntingali wonten ing ing link. https://www.youtube.com/watch?v=K6nZMEWUnJg
Fase 2: Mengorganisasikan Peserta Didik Materi Konseptual Peserta didik sumangga materi ing ngandhap menika dipunpirsani sesarengan kaliyan kelompokipun
Peta Konsep Pangertosan Geguritan Titikan geguritan Unsur-unsur geguritan Unsur Intrinsik geguritan Unsur Ekstrinsik geguritan Carane Nulis Geguritan Sing kudu digatekake nalika maca Geguritan
Geguritan menika iketaning basa ingkang awujud syair. Mila wonten ingkang masatani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asalipun saaking tembung gurita, tembunggurita owah -owahanipun saking tembung gerita. Tembung gerita lingganipun Gita, tegesipun tembang utawi syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, samenika mujudataken wohing kasusastran puisi ingkang warni-warni wujud dhapukanipun (Subalidinata, 1994 : 45) Geguritan yaiku puisi jawa anyar kang ora kaiket dening paugeran tertemtu. PANGERTOSAN GEGURITAN
T I T I K A N E G E G U R I T A N 1. Ora kawengku ing pathokan 2. Nggunakake tembung kang pinilih 3. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket 4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa 5. Isine mentes
UNS U R- UNS U R G E G U RIT A N Unsur Intrinsik 1. Tema/ Liding Cerita : gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit. 2. Pamiling tembung/diksi : pilihan tembung kang trep/mathuk kango geguritan. 3. Lelewaning basa/gaya bahasa : mbudidayane panganggit kanthi milih tembung-tembung kang dironce kanti endah saenggo ngasilake ukara kang ngandut lelewaning basa.
Tuladha Le lawaning Basa a. Personifikasi : ngumpamakake barang kaya tumindake manungsa tuladha : Serngenge iku ngguyu mesem marang sliramu. b. Metafora : mbandingake barang marang barang liyane kang sipate pada. tuladha : Sulastri kui kembang desa ing Telagareja. c. Repetisi : penganggit kepingin nuduhke maksude ing geguritan kanthi mbolan-mbaleni tembung. tuladha : Aku wis ngomong yen aku ora ngapusi, aku ora mblenjani.
4. Citraan/imajinasi : gambaran angenangen/imajinasi penganggit kang diwujudake kanti indra. 5. Latar : nggambarake papan, swasana, wektu kangge narik kawigaten. 6. Pesen/amanat : pesen, nasihat, utawa piwulang becik kang diwedharake penganggit lumantar geguritan.
1. Biografi : latar belakang/ riwayat uripe penulis 2. Nilai ing sajerone crita : kayata ekonomi, politik, sosial, adat-istiadat, budaya, lan sapanunggalane. 3. Kemasyarakatan : kahanan sosial nalika geguritan ditulis. unsur ekstrinsik
1. Nemtoake tema 2. Milih tembung kang becik 3. Cacahing gatra (baris) ringkes lan mantes 4. Migunakake tembung kang andhahan 5. Migunakake basa kang endah 6. Pamilihing aksara swara kang trep saengga wirama endah Carane Nulis Geguritan
1.Wicara/Kualitas Vokal yaiku ala becike aksara suwara/dhang-dhinge basa, pocapan/lafal (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Pamacane geguritan, pocapan kdu cetha, ora kena groyok, pelo utawa rangu-rangu, kejaba kuwi pamacane geguritan kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener, umpamine mbedakaken aksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Sing kudu digatekake nalika maca Geguritan:
2. Wirama/Tata cara/Etika maca Geguritan yaiku lagu/iramane, maca geguritan, bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine geguritan. Lamun maca geguritan kanthi dhasar karangan (tema) perjuangan pamacane gurit sing sora lan semangat, beda karo yen maca geguritan isi kesusahan, kasmaran pamacane ya kudu luwih alon lan sareh.
3. Wirasa/Greged/ penjiwaan /Pemahaman tegese isi Geguritan, cocok/penere anggone negesi Geguritan. Wirasane nalika maca kudu kaetrepken karo isining geguritan umpamane : nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.
4. Wiraga/Ekspresi/mimik yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (ora kaku), prasaja lan ora katon lamun digawe-gawe.
Fase 3: Membimbing Penyelidikan ❖ Materi Prosedural Peserta didik sasampunipun jingglengi materi bab pangertosan, unsur- unsur pembangun geguritan, kepareng peserta didik menanganlisis wosing geguritan saha amanatipun sesarengan kaliyan kanca klompokipun. Ananging saderengiupun menganalisis wosing geguritan, peserta didik saged maos bab unsur- unsur geguritan rumiyin.
Unsur Intrinsik 1. Tema/ Liding Cerita : gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit. 2. Pamiling tembung/diksi : pilihan tembung kang trep/mathuk kango geguritan. 3. Lelewaning basa/gaya bahasa : mbudidayane panganggit kanthi milih tembungtembung kang dironce kanti endah saenggo ngasilake ukara kang ngandut lelewaning basa. 4. Citraan/imajinasi : gambaran angen-angen/imajinasi penganggit kang diwujudake kanti indra. 5. Latar : nggambarake papan, swasana, wektu kangge narik kawigaten. 6. Pesen/amanat : pesen, nasihat, utawa piwulang becik kang diwedharake penganggit lumantar geguritan.
Unsur Ekstrinsik 1. Biografi : latar belakang/ riwayat uripe penulis 2. Nilai ing sajerone crita : kayata ekonomi, politik, sosial, adat-istiadat, budaya, lan sapanunggalane. 3. Kemasyarakatan : kahanan sosial nalika geguritan ditulis.
Fase 4: Mengembangkan dan Menyajikan Karya ❖ Materi Metakognitif Pesera didik sasampunipun mangretosi unsur-unsur geguritan , sumangga peserta didik geguritan ngingandhap punika dipunpadosi wosing geguritan tema saha amantipun kanthi klompok! Langkah langkahipun mados wosing geguritan saha amanatipun ing geguritan 1.Maos kanthi tumemen teks geguritan. 2.Negesi tembungingkang awrat lumantarkamus bausatra. 3.Negesi pralambang ingkang wonten majasipun/lelewaning basa. 4.Nafsirke pralambang ingkang wonten ing geguritan Ngracik ukara ingkangjumbuh kalian wosing geguritan saha amanatipun. Sumber.
Urip Brayan Dening Maufur Dina saiki aku ning kèné dina sèsuk ndèan ning kana tapi kowen ora mèné-mèné kapan kowen pan mbalèkna? Lungané bareng-bareng kabèh nganggo kelambi ireng baliké ganing dèwèk-dèwèk lan kelambiné wis pada suwèk Pancèn ora énak dadi wong mlarat tapi uga aku ora pèngin sugih sebabé aku bisa urip nikmat sing penting langka sing nagih Wis gèn mèné gagiyan karo nggawa barangé sampèyan aja ngomong ora doyan sing penting wis poyan kanggo urip brayan.
Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah Peserta didik sasampunipun madosi wosing , tema , amanatipun geguritan ingkang dipunserat, pramila sumangga sami dipunanalisis saha dipun evaluasiproses anggenipun nggarapsedaya kalawau. ❖Bab menapa ingkang dipuntindakaken ing pamulangan 1.Anggenipun madosiunderan utawi tema kedahleres. 2.Anggenipun nyeratwosing geguritan kedah leres jumbuh kaliyan suraosinggeguritan. 3.Anggenipun nyeratamanat teks geguritankedah leres. 4.Anggenipun paringdudutan gayut kaliyanwosing geguritan saha amanat kedah leres. 5.Nalika presentasi saged paring panyaruwedhateng klompok sanes.
Dudutan & Relevansi 1. Geguritan menika iketaning basa ingkang awujud syair. Mila wonten ingkang mastani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asalipun saking tembung gurita , tembung gurita owah-owahan saking tembung gerita. Tembung gerita lingganipun Gita, tegesipun tembang utawa syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, sapunikai mujudaken wohing kasusastran puisi ingkang warni-warni wujuding dhapukanipun (Subalidinata, 1994 : 45) 2. Langkah langkahipun mados wosing geguritan saha amanatipun ing geguritan 1.Maos kanthi tumemen teks geguritan. 2.Negesi tembungingkang awrat lumantarkamus bausatra. 3.Negesi pralambang ingkang wonten lelewaning basa. 4.Nafsirke pralambang ingkang wonten ing geguritan 5.Ngracik ukara ingkang jumbuhkalian wosing geguritan saha pitutripun.
MATUR NUWUN