Pandhawa Lima Nofi Aji Astuti, S.Pd. SMA Negeri 2 Pemalang
Pandhawa iku satriya lima cacahe mula banjur diarani Pandhawa lima. nanging satemene tembung pandhawa iku kedadeyan saka pandhu lan awa. Pandhu awa iku tegese para putrane Pandhu, saka tembung Pandhu awa iku banjur dadi tembung Pandhawa. gandheng para putrane Pandhu iku ndilalah cache lima iya lumrah banjur diarani Pandhwa lima. saumpama para putrane pandhu iku cache ora lima, upamane telu utawa satus, iku uga tetep diarani pandhu awa lan dadi pandhawa . nanging ing cerita wayang wis pinathok yen putrane Pandhu cacahe lima lanang kabeh lan banjur kondhang kanthi sebutan Pandhawa Lima.
pandhawa lima yaiku Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa. puntadewa minangka putra pambayun, watak ambeg darma lan nrima ing pandum sarta adoh ing hawa kamurkan. Raden Werkudara gedhe dhuwur lan gagah prakosa kang nomor loro. raden Janaka kang kondhang baguse, prigel lan trampil manah minangka penengahe Pandhawa. Dene Nakula lan Sadewa mujudake satriya kembar kang duwe watak utama, ambeg darma, lan luhur bubudene. Wiwit cilik wis katon luhuring budi, seneng tetulung, welas asih marang sapadha wong kang nandhang kasangsaran.
Pandhawa sing mbarep arane Raden Puntadewa, peparap liyane yaiku Yudistira, Dharmasuta (Putra Darma), Ajathasatru (kang ora nduweni musuh), Barata (keturunan Mahabarata), Dwijakangka, Dharmakusuma, lan Gunatalikrama. Prabu Puntadewa iku satriyane alus, watake sabar, jujur, lan ora tau nesu. getihe putih, duwe jimat Kalimasada. puntadewa dadi ratu ing negara Amarta utawa Indraprasta. Garwane aran Dewi Drupadi, putrine prabu Drupada saka Nagara Pancala utawa Cempala. Prabu Puntadewa duweni putra kang arane Putra Pancawala. Prabu Puntadewa ora seneng perang jalaran seneng marang katentreman.
Raden werkudara iku putrane Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi kang nomer loro. Jenenge liya Werkudara, yaiku Bratasena, Bimasena, Sena, Bayusutha, lan Gundawastraatmaja. Kasatriyane Werkudara iku ana ing Jodhipati. gamane kuku pancanaka, Gada Rujak Polo, lan Lukitasari. Raden Werkudara iku nduweni watak jujur, seneng tetulung, lan bekti marang guru. nalika Bharatayudha, Werkudara kasil niwasake Prabu Duryudana. Garwane Werkudara asmane Dewi Arimbi. Werkudara duwe putra cacah telu, yaiku Raden Gathotkaca, Antareja, lan Antasena.
raden Janaka iku panengahe Pandhawa, jeneng liyane yaiku Arjuna, Dhananjaya, Kirti, lan Partha. Raden Janaka ksatriyane ana ing Madukara. Garwane Dewi Sumbadra. Arjuna utawa Janaka kondhang baguse. Watake luhur, seneng tetulung, basane alus. pusakane utawa gamane Keris Pulanggeni, Panah Pasopati, lan Panah Sarotama.
Raden Nakula lan Raden Sadewa iku satriya kembar, lair saka Ibu Dewi Madrim. Raden Nakula iku kang pinangka Pandhawa sing nomer papat, dene Raden Sadewa iku ragile Pandhawa. Raden Nakula kuwe jeneng liyane yaiku Pinten lan Tripala. Kasatriyane ing Bumi Retawu. Garwane asmane Dewi Soka. duweni putra loro, yaiku Dewi Pranati lan Bambang Pranusinta. raden Nakula nduweni watak bela kabecikan lan pinter ing babagan ilmu pengetahuan. raden sadewa duweni jeneng liya Tangsen lan Darmaranti. Garwane asmane Dewi Srengginiwati lan duweni putra Bambang Sidapaksa. Garwa liyane yaiku Dewi Pradapa, kang duweni putra Raden Subekti lan Dewakusuma. Raden Sadewa satriya ing Sawojajar.
Pandhawa lima iku muride Pandhita Durna. Nalika isih ngangsu kawruh Pandhawa wis ngatonake kepinteran lan keprigelane. sanajan pandhawa katon luwih prigel ketimbang Kurawa, ewasemana ora tau lan ora seneng pamer kadigdayan. Malah watake andhap asor, lembah manah, lan ngajeni marang sapepadhane.
Akeh lelakon sangsara kang dilakoni Pandhawa, kasengsran iku mau dituwuhake saka Kurawa kang kepingin nyirnakake Pandhawa. Wusanane kabeh kasengsaran iku bisa kasil kabengkas lan kuwat dilakoni. Beda banget karo Kurawa sing ora kuwat nglakoni.
Pranyata menawa dideleng ing antarane Pandhawa lan Kurawa iku isih kadang, nanging sanajan mangkana iku ora kena tiniru amarga pinangka sedulur iku becike rukun lan tansah asih sinisihan.
Happy Fall Y’ all!