SERAT TRIPAMA Bahan Ajar Oleh: Dewi Siti Fatimah, S.Pd. Anggitanipun KGPAA SRI MANGKUNEGARA IV BAHASA JAWA KELAS XI FASE F SEMESTER II
Serat Tripama Anggitanipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunagara IV KELAS XI FASE F SEMESTER I Tujuan Pembelajaran [email protected] Capaian Pembelajaran Kontak Informasi Dewi Siti Fatimah, S.Pd. Guru Bahasa Jawa Bahan Ajar Jenjang Pendidikan Melalui membaca teks Serat m Tripama peserta didik mampu tem enyajikan titi laras dan cakepan P bang macapat Serat Tripama ada 1 dengan irama yang benar. Peserta didik mampu memahami dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dari teks sastra berupa serat piwulang untuk menentukan makna yang tersurat dan tersirat (Serat Tripama Pada 1 )
Kanjeng Gusti PangeranAdiatiArya (K.G.P.A.A.) Mangkunegara IV (1809 M – 1881 M) Serat Tripama minangka karya sastra awujud tembang Dhandhanggula kang cacahe ana 7 pada. Serat Tripama mijil ing jaman Mangkunegaran, dianggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adiati Arya (K.G.P.A.A.) Mangkunegara IV ing Surakarta. Tri tegese telu Pa tegese patuladhan Ma tegese utama Serat Tripama saking 3 tembang yaiku : 1. 2. 3. Serat Tripama ditulis watara taun 1860an kanthi ancas didadekna panutan lan sumber inspirasi kang dijupuk kanggo patuladhan ora mung kanggo prajurit, nanging uga kanggo pangarsa/ pemimpin, lan masyarakat supaya bisa ngleksanakake tugase dhewek-dhewek kanthi bener lan pener. SERAT TRIPAMA Bait/ pada 1 lan 2 nyritakake Patih Suwanda Bait/ pada 3 lan 4 nyritakake Kumbakarna Bait/ pada 5 lan 6 nyritakake Adipati Karna Bait/ pada 7 minangka dudutan utawa kesimpulan Serat Tripama (tiga suri tauladan) dumadi saka 7 pada tembang Dhandhanggula kang rinciane yaiku:
SERAT TRIPAMA Bambang Sumantri/ Patih Suwanda Bambang Sumantri sasampunipun dados patih kawastan “Patih Suwanda” inggih menika Patihipun Raja Harjunasasrabahu saking negara Maespati ing jaman Sri Rama, paraga salebetipun cariyos Ramayana. Patih Suwanda kawentar kekendelanipun, saged ngayahi sedaya jejibahan saking Prabu Harjunasasrabahu ingkang wusananipun gugur ing palaganperang lawan Dasamuka. Pada 1 Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa samya anuladha, kadya nguni caritane, andelira sang Prabu, Sasrabau ing Maespati, aran Patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung tri prakara, guna kaya purune kang den antepi, nuhoni trah utama. Makna Pada 1 Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto), kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu, Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda, lelabuhane (jasa), sing cacahe (yang terdiri dari) telu perkara, yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi/nindakke) trahing wong utama. Bambang Sumantri
Pada 2 Lire lalabuhan tri prakawis, guna bisa saneskareng karya, binudi dadi unggule, kaya sayektinipun, duk bantu prang Manggada nagri, amboyong putri domas, katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji, Suwanda mati ngrana. Makna Pada 2 Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : Guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul, Kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, Purun : kekendale wis nyata, nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, Patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan. Bambang Sumantri Dudutan pada 1 lan pada 2 Guna, Nuhoni trah utama ing bab iki yaiku netepi turunane wong utama, yaiku satriya kang nduweni sipat satriyane kang bisa ngrampungake perkara. unggul ing sekabehane. Kaya, Ing kene dicritakake yen ing perang Bambang Sumantri/ pATIH Suwanda kasil mboyong putri-putri Dhomas. Maksud ing kene ora mung nggawa mulih 800 putri Domas nanging uga rampasan perang. Purun, kekendelane Patih Suwanda. Nalikane Patih Suwanda perang nglawan Dasamuka (sawijining ratu kang duweni kasekten gaib ora ana tandhingane kajaba titisane Wisnu/Prabu Harjuna Sasrabahu). Patih Suwanda perang nganti tekan pungkasan lan seda ing Palagan. Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama. 1. 2. 3. Prabu Dasamuka Prabu Harjuna Sassrabahu
Kumbakarna Kumbakarna menika rayinipun Prabu Dasamuka raja Ngalengkadiraja (Alengka), senajan awujud raseksa nanging boten sarujuk kalihan solah tingkahipun kangmasipun nyulik dewi Shinta. Nanging nalika Ngalengkadiraja diserang musuh (Sri Rama lan bala tentaranipun), Kumbakarna tetep ksatria ngorbanaken jiwa bela tanah air. Kumbakarna gugur bela negara,sanes mbela kangmasipun. Pada 3 Wonten malih tuladhan prayogi, satriya gung nagari Ngalengka, sang Kumbakarna namane, tur iku warna diyu, suprandene nggayuh utami, duk awit prang Ngalengka, dennya darbe atur, mring raka amrih raharja, Dasamuka tan keguh ing atur yekti, de mung mungsuh wanara. Makna Pada 3 Ana maneh tuladha kang becik, satriya agung ing negara Ngalengka, asmane Kumbakarna Sanadyan wujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman. nalika wiwit perang Ngalengka, dheweke nduwe atur, marang ingkang raka/adhi supaya Ngalengka tetep slamet, Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.) Kumbakarna Dasamuka
Pada 4 Kumbakarna kinen mangsah jurit, mring kang raka sira tan lenggana, nglungguhi kasatriyane, ing tekad datan purun, amung cipta labuh nagari, lan nolih yayah rena, myang leluhuripun, wus mukti aneng Ngalengka, mangke arsa rinusak ing bala kapi, punagi mati ngrana. Makna Pada 4 Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah marang dhawuhe kakang Dasamuka, jalaran nglungguhi (netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung kanggo mbela negara, lngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing paprangan. Kumbakarna/kang rayi Dasamuka Dudutan pada 3 lan pada 4 Sanadyan Kumbakarna iku raseksa, dheweke tetep kepengin nggayuh kaluhuran. Nalika perang, bola-bali menehi pitutur marang kangmase kanggo karaharjan Kraton Ngalengka, nanging Dasamuka ora nate ngrungokake ature, Kumbakarna milih minggir lan semedi kanthi tilem. Bareng para senapati Ngalengka padha gugur kabeh, Kumbakarna dipeksa ditangekake lan didhawuhi dening kangmase supaya perang. Senadyan watake satriya, Kumbakarna ora mbantah. Tekade mung mbelani negara lan kanggo para leluhure sing wis manggon ing negara Ngalengka lan saiki bakal dirusak dening kethek wadyabala. Luwih becik mati ing paprangan lan pungkasane Kumbakarna mati dadi pahlawan. Dasamuka kangmase Kumbarna
Adipati Karna/ Suryaputra Adipati Karna kalebet paraga ing cariyos Mahabharata. Karna boten mbela Pandawa ingkang sedherek tunggal ibu, ananging mbela Prabu Suyudana (Kurupati) raja Hastina minangka bales budi awit sang raja ngangkat derajadipun. Adipati Karna nalika lair kabucal ing lepen lajeng katemokaken lan kaangkat putra dening kusir Adirata, kadadosaken adipati dening PrabuSuyudana. Karana bab menika ing perang Bharatayuda Adipati Karna wonten ing pihak Kurawa kang sampun dimangertosi menawi Kurawa kalebu pihak ingkang angkara murka. SangSuryaputra gugur nalika perang tanding lawan Harjuna, rayinipun, tunggal ibu Pada 5 Yogya malih kinarya palupi, Suryaputra Narpati Ngawangga, lan Pandhawa tur kadange, len yayah tunggil ibu, suwita mring Sri Kurupati, aneng nagri Ngastina, kinarya gul-agul, manggala golonganing prang, Bratayuda ingadegken senapati, ngalaga ing Korawa. Makna Pada 5 Ana maneh sing kena digawe patuladhan, yaiku R. Suryaputra ratu Ngawangga, karo Pandhawa isih sadulur, seje bapa tunggal ibu, Suryaputra ngabdi marang Prabu Kurupati, ing negara Ngastina, didadekake dama-dama (diunggulke), manggalaning (panglima) perang, minangka senapati ing perang Bratayuda, ing pihak Korawa. Adipati Karna/ Suryaputra Prabu Suyudana
Pada 6 Minungsuhken kadange pribadi, aprang tandhing lan sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene sira pikantuk, marga dennya arsa males-sih, ira sang Duryudana, marmanta kalangkung, dennya ngetog kasudiran, aprang rame Karna mati jinemparing, sumbaga wirotama. Makna Pada 6 Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya), Prabu Karna seneng banget atine, jalaran Karna oleh, dalan kanggo males kabecikane, Prabu Duryudana, mulane banget, anggone ngatogake kasudiran/kekendelan, wusanane Karna gugur kena panah, kondhang minangka prajurit kang utama. Dudutan pada 5 lan pada 6 R Suryaputra iku Adipati ing Ngawangga, karo Pandhawa iku sedulur siji ibu lan sejen bapak (bapakne yaiku Batara Surya). Wiwit lair nganti diwasa, dheweke ora urip karo Pandhawa, nanging diemong dening kusir Adirata. Amarga kasektiane lan kasetyaanene, dening Prabu Duryudana kaparingan gelar kang dhuwur. Nalikane perang Bharatayuda, Karna dingendikani ibune supaya perang ing sisihe/ pihak Pandhawa. Nanging Karna ngeyel, sanajan Pandhawa isih sedulur lan bener, nanging minangka satriya kudu mbelani raja sing wis ngunggahake drajate. Ing perang tanding karo Harjuna, kang ing basa pedhalangan Jawa dadi lakon, “Karna Tanding” amarga oleh kalodhangan kanggo males kabecikane rajane. Dheweke perang kanthi temenan lan pungkasane seda ing palagan perang, kena panah saka R Harjuna (Dananjaya). Harjuna Suryaputra Dewi Kunthi Kusir Adirata Prabu Duryudana Batara Surya
Pada 7 Dudutan Serat Tripama Tuladha telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang tuladha, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, yaiku nggolek kautaman. Pada 7 Katri mangka sudarsaneng Jawi, pantes lamun sagung pra prawira, amirita sakadare, ing lalabuhanipun, aja kongsi mbuwang palupi, manawa tibeng nistha, ina esthinipun, sanadyan tekading buta, tan prabeda budi panduming dumadi, marsudi ing kotaman. Makna Pada 7 Patuladhan telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa, Becik (pantes) yen sakabehe para perwira, nuladha sakadare (sakuwasane), aja nganti mbuwang tuladha, jalaran yen tibaning apes, dadi ina, sanadyan tekade raseksa, ora beda kalawan titah liya, nggolek ing kautaman. Patih Suwanda Kumbakarna Adipati Karna
Tembang Dhandhanggula Dhandhanggula yaiku salah sijine metrum kang nduweni watak luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih nandhang tresna, mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa kemawon cocok. Dhandhanggula ugo nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula. Dhandhanggula iku salah sijine tembang macapat kang isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga nduwe isi kang legi kaya dene gula.Akeh pitutur kuna kang nganggo jenis iki. Ana uga kang nyoba othak-athik gathuk karo sawijining raja ing jaman Kadiri, Dhandhanggendhis. Seka othak-athik iki banjur kinira yen tembang iki digawe nalika jaman Kadhiri. Gendhis uga nduwe arti gula
Dhandanggula ngemu surasa kang becik, mula dhandanggula pantese kangge aweh pitutur kang becik. Watake luwes, seneng, lan gumbira. Pathokan tembung Dhandanggula a.Guru gatra : 10 b.Guru Lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a c.Guru Wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 Paugerane tembang Dhandhanggula
Tembang Macapat Dhandhanggula Laras Pelog Pathet Sanga
DAFTAR PUSTAKA http://www.untaianabjad.com/serat-tripama-tembangdandhanggula Diakses pada tanggal 04 November 2023 pukul 09:00 WIB https://www.untaianabjad.com/serat-tripama-tembangdandhanggula Diakses pada tanggal 04 November 2023 pukul 09:10 WIB https://tirto.id/isi-serat-tripama-pupuh-dhandhanggula-danterjemahannya-gPBv Diakses pada 04 November 2023 pukul 17:36 WIB http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/2008/11/serattripama.html Diakses pada 04 November 2023 pukul 17:38 WIB https://perpustakaanbalaibahasadiy.kemdikbud.go.id/index.php? p=show_detail&id=9966&keywords= diakses pada 04 November 2023 pukul 17:40 WIB Kamus Bausastra Online https://www.sastra.org/leksikon
MaturNuwun