SERAT TRIPAMA Bahan Ajar Oleh: Dewi Siti Fatimah, S.Pd. Anggitanipun KGPAA SRI MANGKUNEGARA IV BAHASA JAWA KELAS XI FASE F SEMESTER II
Serat Tripama Anggitanipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunagara IV KELAS XI FASE F SEMESTER 2 ELEMEN MEMBACA Tujuan Pembelajaran [email protected] Capaian Pembelajaran Kontak Informasi Dewi Siti Fatimah, S.Pd. Guru Bahasa Jawa Bahan Ajar Jenjang Pendidikan T P r e ip se am rta a d d e i n d g ik mampu membaca teks Serat an benar. T P r e ip se am rta a d d e id n ik g mampu memahami isi teks Serat an benar. d M ih e u n n g a a k n a a n lis d is a dan mengartikan kata-kata yang Menentukan l m am Serat Tripama dengan benar. Serat Tripama akna tersirat dan tersurat dari . 1. 2. 3. 4. Peserta didik mampu memahami dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dari teks sastra berupa serat piwulang untuk menentukan makna yang tersurat dan tersirat (Serat Tripama)
Kanjeng Gusti PangeranAdiatiArya (K.G.P.A.A.) Mangkunegara IV (1809 M – 1881 M) Serat Tripama minangka karya sastra awujud tembang Dhandhanggula kang cacahe ana 7 pada. Serat Tripama mijil ing jaman Mangkunegaran, dianggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adiati Arya (K.G.P.A.A.) Mangkunegara IV ing Surakarta. Tri tegese telu Pa tegese patuladhan Ma tegese utama Serat Tripama saking 3 tembang yaiku : 1. 2. 3. Serat Tripama ditulis watara taun 1860an kanthi ancas didadekna panutan lan sumber inspirasi kang dijupuk kanggo patuladhan ora mung kanggo prajurit, nanging uga kanggo pangarsa/ pemimpin, lan masyarakat supaya bisa ngleksanakake tugase dhewek-dhewek kanthi bener lan pener. SERAT TRIPAMA Bait/ pada 1 lan 2 nyritakake Patih Suwanda Bait/ pada 3 lan 4 nyritakake Kumbakarna Bait/ pada 5 lan 6 nyritakake Adipati Karna Bait/ pada 7 minangka dudutan utawa kesimpulan Serat Tripama (tiga suri tauladan) dumadi saka 7 pada tembang Dhandhanggula kang rinciane yaiku:
Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa samya anuladha, kadya nguni caritane, andelira sang Prabu, Sasrabau ing Maespati, aran Patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung tri prakara, guna kaya purune kang den antepi, nuhoni trah utama. SERAT TRIPAMA Bambang Sumantri/ Patih Suwanda Pada 1 Bambang Sumantri
Pada 2 Lire lalabuhan tri prakawis, guna bisa saneskareng karya, binudi dadi unggule, kaya sayektinipun, duk bantu prang Manggada nagri, amboyong putri domas, katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji, Suwanda mati ngrana. Bambang Sumantri Prabu Dasamuka Prabu Harjuna Sassrabahu
Kumbakarna Pada 3 Wonten malih tuladhan prayogi, satriya gung nagari Ngalengka, sang Kumbakarna namane, tur iku warna diyu, suprandene nggayuh utami, duk awit prang Ngalengka, dennya darbe atur, mring raka amrih raharja, Dasamuka tan keguh ing atur yekti, de mung mungsuh wanara. Kumbakarna Dasamuka
Pada 4 Kumbakarna kinen mangsah jurit, mring kang raka sira tan lenggana, nglungguhi kasatriyane, ing tekad datan purun, amung cipta labuh nagari, lan nolih yayah rena, myang leluhuripun, wus mukti aneng Ngalengka, mangke arsa rinusak ing bala kapi, punagi mati ngrana. Kumbakarna/kang rayi Dasamuka Dasamuka kangmase Kumbarna
Adipati Karna/ Suryaputra Pada 5 Yogya malih kinarya palupi, Suryaputra Narpati Ngawangga, lan Pandhawa tur kadange, len yayah tunggil ibu, suwita mring Sri Kurupati, aneng nagri Ngastina, kinarya gul-agul, manggala golonganing prang, Bratayuda ingadegken senapati, ngalaga ing Korawa. Adipati Karna/ Suryaputra Prabu Suyudana
Minungsuhken kadange pribadi, aprang tandhing lan sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene sira pikantuk, marga dennya arsa males-sih, ira sang Duryudana, marmanta kalangkung, dennya ngetog kasudiran, aprang rame Karna mati jinemparing, sumbaga wirotama. Pada 6 Harjuna Suryaputra Dewi Kunthi Kusir Adirata Prabu Duryudana Batara Surya
Pada 7 Dudutan Serat Tripama Pada 7 Katri mangka sudarsaneng Jawi, pantes lamun sagung pra prawira, amirita sakadare, ing lalabuhanipun, aja kongsi mbuwang palupi, manawa tibeng nistha, ina esthinipun, sanadyan tekading buta, tan prabeda budi panduming dumadi, marsudi ing kotaman. Patih Suwanda Kumbakarna Adipati Karna
DAFTAR PUSTAKA http://www.untaianabjad.com/serat-tripama-tembangdandhanggula Diakses pada tanggal 04 November 2023 pukul 09:00 WIB https://www.untaianabjad.com/serat-tripama-tembangdandhanggula Diakses pada tanggal 04 November 2023 pukul 09:10 WIB https://tirto.id/isi-serat-tripama-pupuh-dhandhanggula-danterjemahannya-gPBv Diakses pada 04 November 2023 pukul 17:36 WIB http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/2008/11/serattripama.html Diakses pada 04 November 2023 pukul 17:38 WIB https://perpustakaanbalaibahasadiy.kemdikbud.go.id/index.php? p=show_detail&id=9966&keywords= diakses pada 04 November 2023 pukul 17:40 WIB Kamus Bausastra Online https://www.sastra.org/leksikon
MaturNuwun