The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by dewisitifatimah37, 2023-10-04 05:15:56

MATERI PEMBELAJARAN UNGGAH-UNGGUH BASA KELAS X FASE E DEWI SITI FATIMAH

MATERI UNGGAH-UNGGUH BASA

Keywords: UNGGAH-UN

PIWULANG BASA JAWA KELAS X FASE E SEMESTER 1


Unggah-ungguh Basa Jawa Unggah-ungguh Basa Jawa KELAS X, FASE E, SEMESTER 1


Tujuan Pembelajaran Setelah membaca komik digital tentang unggah-ungguh basa yang ditampilkan oleh guru, peserta didik mampu menganalisis kalimat dengan menggunakan ragam basa tingkat ngoko dan krama dengan tepat dan mandiri serta bernalar kritis. Melalui membaca komik digital oleh guru, peserta didik secara berdiskusi dan bergotong royong dengan anggota kelompok mampu menentukan penggunaan ragam basa tingkat ngoko dan krama dengan tepat. 1. 2.


Tujuan Pembelajaran Peserta didik mampu menjelaskan penggunaan unggah- ungguh basa Jawa (misalnya: salim, penggunaan kata-kata krama, berpamitan, dan berbicara dengan orang tua dan guru). Peserta didik mampu menjelaskan penggunaan kata krama dan praktiknya berdasarkan unggah-ungguh (misalnya: ngapurancang dan membungkuk saat lewat di depan orang tua). Peserta didik mampu menerapkan unggah-ungguh dalam kehidupan sehari-hari. 1. 2. 3.


Unggah- ungguh Basa Jawa Patrap sopan santun , tata susila, tata krama, kaliyan etika nalikane wicara migunakake basa Jawa. Unggah-ungguh


Ancasipun Unggahungguh basa Kangge ngurmati mitra tutur kaliyan nyingkiri kesalahpahaman.


Undha Usuk Basa tataraning utawa tingkatane basa jawa miturut panggenane. Duweni fungsi kanggo ngurmati marang wong kang diajak wawan rembug (guneman) tataraning utawa tingkatane basa jawa miturut panggenane. Duweni fungsi kanggo ngurmati marang wong kang diajak wawan rembug (guneman)


3. Krama Lugu 1. Ngoko Lugu 2. Ngoko Alus 4. Krama Alus


basa kang ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajakpacaturan, wuwuhane tetep ngoko, sipate rumaket utawa akrab. Ngoko Lugu


Dienggo dening sapadha-padha kang wis kulina. Dienggo ndhuwuran marang andhahan. Dienggo wong kang wis tuwa marang sing enom, kayata: wong tuwa marang anake, guru marang muride, eyang marang putune, lan sapanunggalane. Panganggone Ngoko Lugu


Tuladhanipun ngoko lugu Kowe ditukokake jajan pasar. Kowe gelem turu kene, Mbak? Kowe sesuk apa sida lunga?


Ngoko Alus basa ngoko sing kecampuran tembungtembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, krama ingghil khusus kanggo wong liya, wuwuhan tetep wuwuhan ngoko, tembung kowe dadi panjenengan.


Sedulur enom marang sedulur tuwa. Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur. Ibu marang bapak sing wis kulina nganggo basa ngoko. Panganggone Ngoko Alus


Pengeling ing Ngoko Alus Sing dikramakake ing basa ngoko alus yaiku: 1. Tembung sesulih purusa II (kata ganti orang ke-2) lan tembung kriya. 2. Tembung kriya sing dikramakake, ater-ater (awalan) lan panambang (akhiran) tetep ngoko.


Tuladhanipun Ngoko Alus Panjenengan dipundhutake jajan pasar. Panjenengan kersa sare kene Mbak? Panjenengan sesuk apa sida tindak?


Krama Lugu basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran tembungtembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, tembung kowe dadi sampeyan, tembung aku dadi kula.


Marang wong sadrajad sing durung raket (durung akrab). Panganggone Krama Lugu


Sampeyan dipuntumbasaken jajan pasar. Tuladha Krama Lugu Sampeyan benjing menapa tamtu kesah? Sampeyan purun tilem mriki Mbak?


Krama Alus Basa krama sig tembung-tembunge alus lan kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan


Wong enom marang wong tuwa Anak marang bapak utawa ibune Ponakan marang pakdhe utawa budhene, lan sapanunggalane Marang wong sing luwih dhuwir drajade Murid marang gurune. Andhahan marang pimpinane. Abdi utawa rewang marang juragane, lan sapanunggalane. 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. Panganggone Krama Alus


Tuladha Krama Alus Panjenengan dipunpundhutaken jajan pasar. Panjenengan kersa sare mriki Mbak? Panjenengan benjing menapa tamtu tindak?


Tuladha ukara wonten undha usuk basa Ngoko Lugu : Kowe ditukokake jajan pasar. Ngoko Alus : Panjenengan dipundhutake jajan pasar. Krama Lugu : Sampeyan dipuntumbasaken jajan pasar. Krama Alus : Panjenengan dipunpundhutaken jajan pasar.


Matur kaliyan tiyang sanes saenipu ngginakaken unggah-ungguh kaliyan undha usuk ingkang trep. Dudutan


Click to View FlipBook Version