JUNIOR HIGH SCHOOL Subject PAS SECOND SEMESTER
Grade Academic Year 2021/2022
Day, date
Time : Bahasa Daerah
:
:
: 45 menit
Petunjuk Pengerjaan
1. Bacalah petunjuk pengerjaan soal dengan teliti dan cermat.
2. Kerjakan soal berikut pada lembar jawaban yang sudah dibagikan untuk masing-masing siswa.
3. Waktu mengerjakan 45 menit.
4. Selamat mengerjakan!
A. Pilihan Ganda (40 butir soal = 50 poin)
Pilihen wangsulan ing ngisor iki song paling bener!
Gatekna teks wacan ing ngisor iki! (1-5)
Ana ing sekolahanku saben wayah esuk nalika arep mlebu sekolah ana pembiasaan senyum,
sapa lan salam. Gandheng iki lagi pandemi mula pembiasaan senyum, sapa lan salam
ditindakake kanthi netepi protokol kesehatan. Para siswa unggah-ungguhe ya tetep senyum
diwujudake kanthi mesem, ngaturake salam minangka wujud sapaan lan salam kang biasane
kanthi ngaras astane bapak ibu guru diganti karo nangkepake tangan neng dada karo manthuk.
1. Ukara sing nerangake gagasan pokok paragraf ….
A. Ana ing sekolahanku saben wayah esuk ana pembiasaan senyum, sapa lan salam.
B. Gandheng iki lagi pandemi mula ditindakake pembiasaan senyum, sapa lan salam.
C. sapa lan salam ditindakake kanthi netepi protokol Kesehatan.
D. Nalika arep mlebu sekolah ana pembiasaan senyum.
2. Piye carane para siswa ngaturake salam marang gurune?
A. Diwujudake kanthi mesem.
B. Diwujudake kanthi ngaras astane bapak ibu guru.
C. Diwujudake kanthi ngucapake sugeng enjing.
D. Diwujudake kanthi nangkepake tangan neng dada karo manthuk.
3. Sapa sing nindakake pembiasaan senyum, sapa lan salam?
A. siswa anyar C. para siswa
B. siswa lan guru D. siswa lan bapak ibune
4. Minangka apa salam kang biasane kanthi ngaras astane bapak ibu guru diganti karo nangkepake
tangan neng dada karo manthuk?
A. Gandheng iki lagi pandemi.
B. Minangka wujudake unggah-ungguh siswa marang gurune.
C. Minangka netepi aturan pemerintah
D. Wujudake sekolah sehat
1
5. Asta tegese …. C. tangan
A. Jeneng D. salam
B. Pipi
Gatekna pacelathon iki!
Ana sangarepe kaca lemari, Wulan tansah umak-umik. Kadhang kala sirahe melu gela-gelo.
Tangane loro melu obah. Kaya wong kang nuduhake. Bu Desi pirsa polahe Wulan, among
mesem.
Bu Desi : Wulan, daksawang kawit mau, kowe kok katon umak-umik ing kaca lemari, lagi ngapa?
Kok ya nganggo mic barang.
Wulan : Bu, kula menika nembe latihan sesorah, awit minggu ngajeng ing sekolah menika
dipunadani lomba sesorah. Lan kula kepengin sanget tumut lomba menika.
Bu Desi :Wah yen ngono bener kowe Lan, yen kowe kepengin melu lomba, kowe kudu sregep
latihan supaya anggonmu sesorah bisa becik
Wulan : Inggih, Bu nanging kula menika taksih radi kangelan anggenipun badhe milih-milih
tembung ingkang sae tur nggih leres, Bu.
6. Adhedhasar pacelathon mau, anggone matur Wulan marang Bu Desi migunakake basa...
A. Ngoko lugu C. Krama lugu
B. Ngoko alus D. Krama alus
Gatekna pacelathon iki !
Wektu wus nuduhake jam 09.15. Wancine bocah-bocah padha ngaso. Pating bleber bocah-
bocah padha playon. Nanging ana uga kang padha tumuju ing warung. Saweneh ana sing mung
ngobrol ana ngisor uwit. Kabeh katon gayeng. Widada Ian kanca-kancane gegancangan tumuju
perpustakaan.
Widada : "Sugeng enjing Bu Yani."
Bu Yani : "Sugeng enjing Wid, arep ngapa Wid? Mbalekake apa arep nyilih buku?"
Widada : ....
Bu Yani : "O...ya, yen ngono kana goleka buku sing kokkarepake yen wis ketemu gawanen
mengko dakcathete.”
7. Wangsulane Widada kang trep manut unggah-ungguh basa yaiku...
A. "Inggih Bu, menika badhe mangsulaken anggen kula mundhut ngampil kala wingi, Ian
mangke menawi kepareng badhe mundhut ngampil malih."
B. "Inggih Bu, menika badhe ngonduraken anggen kula nyuwun ngampil kala wingi, Ian
mangke menawi kepareng badhe nyuwun ngampil malih."
C. "Inggih Bu, menika badhe mangsulaken anggen kula nyuwun ngampil kala wingi, Ian
mangke menawi kepareng badhe nyuwun ngampil malih."
D. "Inggih Bu, niki badhe mangsulaken anggen kula nyuwun ngampil kala wingi, Ian
mangke menawi kepareng badhe nyuwun ngampil malih."
Gatekna Pacelathon iki!
Sore kuwi Adi didhawuhi ibune ngeterake surat ana daleme pak Cahyo. Bubar kuwi Adi langsung
bali maneh. Satekane ngomah Adi ditakoni karo ibune.
Ibu : “Le, wis bali? Pak Cahyo ana ndalem?
Adi : .........
8. Wangsulane Adi kang trep yaiku...
A. “Sampun bu, pak Cahyo kalau wau wonten ndalem. Seratipun sampun kula caosaken.”
B. “Sampun bu, pak Cahyo kala wau wonten nggriya. Seratipun sampun kula paringaken.”
C. “Mpun bu, pak Cahyo wonten nggriya. Suratipun mpun kula aturke.”
2
D. “Uwis bu, iki mau pak Cahyo langsung sing nampi surate.”
Gatekna teks wacan iki! (9-12)
Kanca Anyar
Indri mlebu sekolah sepisanan ing dina iki. Indri minangka siswa anyar kelas 7 ing SMP Bakti
Luhur. Satekane sekolahan, ana ing njero kelas Indri ketemu karo kanca-kanca, Indri banjur
ngajak kenalan kancane sing lungguh ana ngarepe.
“Eh mbak, jenengmu sapa? Aku Indri.” Indri takon ngajak tetepungan kancane, karo mesem.
“Jenengku Nisa.” Wangsulane kancane karo mesem uga.
“Mbiyen saka SD ngendi Nis?”
“Aku saka SD Suka Maju, lha kowe saka SD ngendi Indri?”
“Aku mbiyen saka SD Madusari.”
Ngono rembugane antarane Indri karo Nisa, bocah loro padha kenalan sadurunge pasinaon
kawiwitan.
9. Sapa siswa anyar kelas 7 ing SMP Bakti Luhur sing mlebu sekolah sepisanan ing dina iki?
A. Indri C. Nisa
B. Dina D. Bocah loro
10. Satekane sekolahan, apa sing ditindakake Indri?
A. Nemoni guru kelase. C. Ngajak kenalan kancane.
B. Nyritakake sekolahe SD mbiyen. D. Nyiapake buku miwiti pasinaon.
11. Tembung ‘tetepungan’ tegese …. C. rembugan
A. sepisanan D. wangsulan
B. kenalan
12. Unggah ungguh basa kang digunakake Indri lan Nisa nalika kenalan ….
A. ngoko kasar C. ngoko alus
B. krama lugu D. krama alus
Gatekna pratelan iki!
1) Tanggapan ora nyuda panemune wong liya
2) Tanggapan bisa nambahi cepet mangerteni perkara kang dirembug
3) Tanggapan diandharake nganggo basa kang trep lan ukara kang becik
4) Tanggapan diwahyakake kanthi tindak tanduk kang ora trep karo tata
13. Pratelan ing dhuwur kang kalebu bab kang digatekake nalika gawe tanggapan yaiku....
A. 1, 2, 3 C. 1, 3, 4
B. 1, 2, 4 D. 2, 3, 4
Gatekna pethikan teks cerita cekak iki!
Banyu udan kang netes saka gegodhongan saya akeh kaya luhe Mboke Indra kang ora bisa
kabendung mrebes mili dleweran neng pipine. Wengi saya peteng. Kahanan sepi nyenyet.
Walang-walang kang biasane muni padha meneng. Kaya-kaya melu rumangsa wegah arep
padha gojegan.
14. Adhedhasar pethikan teks cerita cekak ing ndhuwur, kahanan kang digambarake yaiku...
A. sedhih C. tegang
B. seneng D. bela sungkawa
3
Gatekna pethikan teks cerita cekak iki!
"Ndra ngendikane Bu Guru, ujian kari rong minggu. Yen kowe nganti ora sinau tenanan ya
ora bisa lulus." Mboke Indra ngelingake "Walah Mbok, sinau ya ra lulus, ora sinau ya ra
lulus, padha wae. Aku metu wae Mbok saka sekolah!" Indra ngadeg ngukuti kunci-kunci.
Kabeh diuncalake ing kothak. Swarane pating krompyang.
15. Adhedhasar pethikan teks cerita cekak ing ndhuwur, watake Indra kagambarake minangka
watak kang...
A. mbangun miturut marang wong tuwa
B. tresna asih marang wong tuwa
C. nuruti kesenangane dhewe
D. tekun lan sregep sekolah
Ing urip padinan, rasane sansaya angel ditemoni rasa urmate bocah enom mbungkukake awake
nalika liwat ing ngarepe wong tuwo. Durung maneh basa gaul-e cah enom saiki kang ora beda
karo bocah-bocah Solo kang ora bisa basa Jawa, kamangka lair lan gedhene ing lingkungan
kulawarga Jawa.
16. Miturut ukara bakune, sebutno jinise paragraf kasebut!
A. Deduktif C. Induktif
B. Campuran D. Naratif
Gatekna Teks wacan ing ngisor iki! (17-21)
Sekolah
Wayah esuk jam 06.00 Dewi wis rampung anggone tata-tata arep mangkat sekolah. Ora lali
Dewi uga wis siap nganggo masker. Dewi kalebu salah sijine siswa kelas 7 ing SMP Sinar
Bangsa. Dina iki Dewi katon semangat lan sumringah, amarga iki dina sepisanan Dewi bakal
ketemu bapak ibu guru lan kanca-kanca ing pembelajarana tatap muka sawise 1,5 tahun iki
amung bisa nindakake pembelajaranan jarak jauh, apa maneh iki kalebu sepisanan Dewi bakal
ketemu bapak ibu lan kanca-kancane anyar ing SMP. Sadurunge mangkat sekolah ora lali Dewi
sarapan luwih dhisik, amarga ngendikane bapak ibu guru sadurunge nindakake pembelajaran
atap muka para siswa kudu wis mangan lan ngombe sing cukup. Bubar sarapan Dewi ora lali
pamitan marang bapak lan ibu.
“Bapak, Ibu, kula nyuwun pamit badhe budhal sekolah rumiyin.” Dewi pamitan karo salim lan
ngaras astane bapak lan ibune. “Ya ndhuk, sekolah sing temen, aja lali tetep njaga protokol
kesehatan!” Ngendikane bapak nuturi Dewi.
“Iya ndhuk, ati-ati ya.” ibu uga ngendikani.
“Nggih pak,bu.” Dewi mangsuli banjur mangkat mlaku menyang sekolah. Dewi mangkat
sekolah amung mlaku, omahe Dewi kepetung ora adoh saka sekolahan udakara amung 500
meter.
17. Adhedhasar wacan ing ndhuwur, ukara sing nerangake katrangan wektu ….
A. Wayah esuk jam 06.00 Dewi wis rampung anggone tata-tata arep mangkat sekolah.
B. Dewi kalebu salah sijine siswa kelas 7 ing SMP Sinar Bangsa.
C. Dewi bakal ketemu bapak ibu guru lan kanca-kanca ing pembelajarana tatap muka sawise 1,5
tahun iki amung bisa nindakake pembelajaranan jarak jauh.
D. Omahe Dewi kepetung ora adoh saka sekolahan udakara amung 500 meter.
18. Adhedhasar wacan ing ndhuwur, ukara sing nerangake watak Dewi ….
A. Dewi kalebu salah sijine siswa kelas 7 ing SMP Sinar Bangsa.
B. Sadurunge mangkat sekolah ora lali Dewi sarapan luwih dhisik, amarga ngendikane bapak ibu
guru sadurunge nindakake pembelajaran atap muka para siswa kudu wis mangan lan ngombe
sing cukup. ora ngerti unggah-ungguh
4
C. Bubar sarapan Dewi ora lali pamitan marang bapak lan ibu.
D. Dewi mangkat sekolah amung mlaku.
19. Unggah-ungguh basa sing digunakake Dewi nalika pamitan marang bapak lan ibu….
A. ngoko kasar C. ngoko alus
B. krama lugu D. krama alus
20. Unggah-ungguh basa sing digunakake bapak ibu marang Dewi ….
A. ngoko kasar C. ngoko alus
B. krama lugu D. krama alus
21. Ukara langsung sing isine wujudake piwelinge bapak marang Dewi ….
A. “Bapak, Ibu, kula nyuwun pamit badhe budhal sekolah rumiyin.”
B. “Ya ndhuk, sekolah sing temen, aja lali tetep njaga protokol kesehatan!”
C. “Iya ndhuk, ati-ati ya.”
D. “Nggih pak,bu.”
Gatekna andharan iki!
1) Ngoko lugu : Wis aja sumelang, bapakmu iku wiwit biyen tekan saiki isih pinter sesorah
2) Ngoko alus : Iya kena wae kowe nyuwun digladhi bapakmu. Nanging luwih becik yen kowe
sinau lan nyoba luwih dhisik. Dadi yen mengko bapakmu kondur, mung kari mbenerake lan
nambah saperlune wae.
3) Krama lugu: Inggih, Bu nanging kula menika taksih radi kangelan anggenipun badhe milih-
milih tembung ingkang sae tur inggih leres, Bu.
4) Krama alus : Menawi mekaten, dhawah kaleresan Bu. Mangke kula badhe nyuwun
dipungladhi kalihan bapak.
22. Andharan ing ndhuwur kang bener yaiku ...
A. 1,2,3 C. 1,3,4
B. 1,2,4 D. 2,3,4
Gatekna andharan iki!
1) Kanggo guneman wong kang drajate padha nanging padha dene anggone ngajeni sanajan ora
kurmat banget
2) Kanggo guneman juragan marang reh-rehane
3) Kanggo wong tuwa marang anake
4) Kanggo guru marang muride
5) Kanggo guneman marang wong kang durung kulina lan kepengin ngurmati.
6) Kanggo sesorah utawa pidato kang sifate umum
23. Andharan ing ndhuwur kang kalebu pigunane basa ngoko lugu yaiku...
A. 1,2,3 C. 2,4,6
B. 2,3,4 D. 3,4,6
Gatekna wacan pawarta ing ngisor iki!
(Teks wacan kanggo nomer 24 lan 25)
Pasar tradhisional Prawirotaman kang mapan ing Jl. Paranngtritis No 103 Yogyakarta durung
suwe iki dikepyakake dening Walikota Yogyakarta Haryadi Suyuti. Pasar Prawirotaman kanthi
konsep pasar modhern, pasar iki uga ngetrapake protokol kesehatan Covid-19, alat cuci tangan,
hand sanitaizér lan uga sekat kang ‘transparan’.
Eskalator lan lift, dadi fasilitas pendhukung ing pasar Prawirotaman, semono uga transaksi
wis nggunakake transaksi digital. Kepyakan gedhung anyar pasar Prawirotaman uga disuguhi
‘vidio mapping’ kanthi tema ‘Prawirataman Gumregah’.
5
Pasar Prawirotaman uga diajab bisa dadi pertandha gumregahe ekonomi masarakat kutha
Yogyakarta. “Kanthi dibukak lan diwiwiti ‘operasional’ pasar Prawirotaman, diajab bisa dadi
‘Momentum Bangkit dari Keterpurukan’ mligine ing babagan ekonomi,” ngendikane Kepala
Dinas Perdagangan Kota Yoqya Yunianto Dwi Sutono sawise ‘soft lounching’. Haryadi Suyuti,
Walikota Yogyakarta uga nandhesake kanthi ngetrapake program transaksi digital, Pasar
Prawirotaman diajab bisa dadi `daya tarik’ kanggo kaum milenial. Kejaba iku sanajan statuse
Pasar tradisional, aspek modernisasi tetep diusung.
“Mula wiwit saiki kaum milenial aja ragu-ragu blanja ing Pasar tradhisional. Pasar
Prawirotaman iki dicawisake kanggo masyarakat kang kepengin pasar resik kanthi manajemen
modern tanpa ninggalake kearifan lokal,” ngendikane wali kota Yogyakarta, Haryadi Suyuti
kanthi tandhes. [Tatiek Poerwa/DL]
24. Ing ngisor kang ora nuduhake yen pasar Prawirotaman ngusung konsep pasar modheren yaiku...
A. nduweni fasilitas pendhukung eskalator lan lift.
B. Pasar Prawirataman ngetrapake program transaksi digital.
C. nalika ngepyakke pasar Prawirotaman disuguhi `vidio mapping’
D. Pasar Prawirataman ditujokake mligi kanggo narik kaum milenial.
25. Isi saka pawarta ing dhuwur yaiku... .
A. Pasar Prawirotaman, diajab bisa dadi „momentum bangkit dari keterpurukan‟ mligine ing
babagan ekonomi, sosial, lan budaya.
B. Program transaksi digital bisa narik kaum milenial nanging ngangelake marang wong liya
kang arep blanja ing pasar tradhisonal.
C. Dikepyake Pasar Prawirataman minangka pasar kanthi konsep modheren dening Walikota
Yogyakarta Haryadi Suyuti.
D. Kaum milenial kudu gelem blanja ing pasar tradhisional, pasar Prawirataman supaya ora
ninggalake kearifan lokal.
Gatekna Wacan ing ngisor iki! (kanggo mangsuli soal nomer 26 lan 27)
Polrestabes Semarang isih nyelidiki sebab saka kecelakaan maut neng dalan Sriwijaya, ngarep
TBRS, dina Rabu (6/1) nuli sing ngakibatake wong loro mati. Nganti wingi, polisi durung bisa
mriksa Hanif, korban slamet kecelakaan amarga isih nglakoni perawatan neng Rumah sakit.
“Dheweke nuturake, saka saksi-saksi, kacilakan sing njalari patine wong loro
kesebut sadurunge mung krungu suwara tabrakan sero. Dikira kendharaan loro saka arah beda
padha mlaku kanthi banter sadurunge tubrukan.
”Mbok menawa pengendhara saka arah wetan dalane mudhun lan banter, saka kulon uga
banter kuwi sing ora bisa diendhani,” tuture.
Salah siji wong mau kanca korban Damar Eko Prasetyo, Hanafi warga dalan Lobak RT06,
Tlogobayem, Tembalang isih dirawat ing RS Roemani lan kondisine kritis.
Hanafi ngalami tatu ing rai ngisor penere ing rahang. ”Dheweke isih dirawat neng RS Roemani,
Hanafi kuwi sing mbonceng korban Damar Eko Prasetya,” gamblange.
(PawartaBasaJawa.blogspot.com)
26. Miturut teks pawarta ing ndhuwur, apa kang nyebabake kacilakan maut ing dalan
Sriwijaya?
A. Polisi durung bisa mriksa Hanif, korban slamet kecelakaan amarga isih nglakoni perawatan.
B. Pengendhara saka arah wetan dalane mudhun lan banter, saka kulon uga banter.
C. Krungune suwara tabrakan sero kang diandharake dening para saksi prastawa.
D. Senggolan antarane pit montor loro kang padha-padha banter.
27. Sawise maca teks pawarta ing dhuwur, supaya kabeh padha slamet nalika nitih kendharaan ing
ndalan, prayogane...
A. kena banter lan ngebut yen kesusu, nanging tetep ngati-ati.
6
B. kudu ngati-ati, lan ora kena banter-banter nalika numpak pit/pit montor.
C. yen mbonceng oleh ora nganggo helm, senajan ing ndalan gedhe kang rame.
D. oleh boncengan luwih saka loro menawa ing dalan kampung, amarga ora ana polisi.
Gatekna wacan pawarta ing ngisor iki! (kanggo mangsuli soal no 28 lan 29)
Festival Satwa ing Kedhungbanteng Moyudan
Kanggo nepungake maneka warna jinis satwa lan carane ngupakara jinis-jinis satwa kasebut,
Kampung Satwa ing Padhukuhan Kedhung Banteng, Sumberagung, Moyudan, Sleman
tembayatan karo para komunitas satwa ing DIY lan Jawa Tengah suwene telung dina Jumuwah
tekan Minggu kapungkur ngadani Festival Atraksi Seni Kampung Satwa sasi kepungkur mapan
ing Kampung Satwa Kedhung Banteng kasebut.
Miturut Sekretaris Kampung Satwa, Hanif Kurniawan, kegiyatan kasebut uga duwe tujuan
minangka papan kanggo menehi penyuluhan ing babagan maneka warna jinis satwa, carane
ngupakara kanthi becik, carane nyiptakake kandhang kang resik lan sehat sarta babagan liyane
kang ana gayute karo panguripan jinis-jinis kewan.
Kanthi cara kasebut kaangkah para pengunjung bisa tambah wawasan lan pengetahuan ing
babagan maneka warna jinis satwa satemah ing tembe buri bisa nyenengi lan bisa nyiptakake
lingkungan kang becik kanggo panguripan jinis-jinis satwa. Sebab maneka warna jinis satwa uga
butuh lingkungan kang bisa nyengkuyung kanggo panguripane.
Dene jinis satwa ana ing kegiyatan festival kasebut ing antarane yakuwi: jinis-jinis pitik, ula,
manuk, kelinci, musang, iwak lan liya-liyane. Ana ing acara kasebut uga diadanilomba lukis
kanggo TK lan SD kanthi tema: “Aku Mencintai Satwa”.
28. Adhedhasar wacanana teks pawarta ing dhuwur, pratelan kang bener yaiku... .
A. Lomba Lukis kanthi tema “Aku Mencintai Satwa” ditujokake kanggo siswa-siswi TK, SD, lan
SMP
B. Kegiyatan iki diadani kanggo menehi wawasan para pengunjung supaya bisa ngupakara
kanthi ora becik satwa
C. Hanif Kurniawan minangka Sesepuh Kampung Satwa ingkang ngandharaken tujuan kegiyatan
Festival Atraksi Seni Kampung Satwa.
D. Kampung Satwa ing Padhukuhan Kedhung banteng, Sumberagung, Moyudan, Sleman
tembayatan karo para komunitas satwa ing DIY lan Jawa Tengah ngadani Festival Atraksi Seni
Kampung Satwa.
Gatekna tabel ing ngisor iki!
No Ancas Festival Kampung Satwa
1 Papan kanggo menehi penyuluhan ing babagan maneka warna jinis satwa.
2 Papan kanggo menehi ngerti marang pamirsa bab cara dol tinuku jinis satwa
3 Papan kanggo menehi ngerti carane ngupakara jinis satwa kanthi becik
4 Nambahi wawasan lan pengetahuan ing babagan maneka warna jinis satwa
5 Ndadekake Kampung Satwa moncer ing saindhenging kutha Ngayogyakarta
6 Menehi wawasan carane nyiptakake kandhang kang resik lan sehat
29. Adhedhasar tabel ing ndhuwur, ancas dianakake Festival Kampung Satwa kang jumbuh karo
teks pawarta yaiku... .
A. 1,2,3 C. 1,3,5
B. 2,4,6 D. 3,4,6
Gatekna pacelathon iki!
Bapak : ”Arep menyang ngendi le, kok wis dandan?”
Rudi : ”Badhe Latihan ngeband Pak.”
7
Ibu : ”Kancane sapa wae le?”
Rudi : ”Kathah kok bu, Amin, Sapta, Reno sedaya kanca sekolah. ”
Bapak : ”Ya kana, ning mulihe ora mampir-mampir, apa perlune wae, saiki kudu waspada,
virus COVID-19 akeh neng ngendi-ngendi.”
Rudi : ”Inggih Pak, kula bidhal riyin nggih Pak Buk, nyuwun pangestu.”
Ibu : ”Ya, ngati-ati le, ora sore-sore le mulih, karo kancane sing akur.”
Rudi : ”Inggih Bu.”
30. Apa piwelinge bapak marang Rudi?
A. Supaya Rudi tansah ngati-ati ing dalan
B. Rudi ora dikeparengake mulih nganti sore
C. Karo kancane didhawuhi sing akur ora ara padha pasulayan
D. Supaya waspada marang COVID-19 kang akeh ing ngendi-endi
Ngendikane ibu, bapak arep tindak Surabaya sore iki.
31. Ukara ing nnduwur kuwi kelebu ….
A. Krama lugu C. Krama alus
B. Ngoko lugu D. Ngoko alus
Gatekna pratelan ing ngisor iki!
1) Isine cekak, amung sakeplasan wae
2) caritane fiktif (karangan)
3) paragane mung sethithik
4) alur mung tunggal/ siji
5) isine ngemot pitutur, panyaruwe (kritik), piweling lan pasemon
6) basane edi peni lan nyenengake
32. Adhedhasar pratelan ing dhuwur kang kalebu titikane cerita cekak yaiku...
A. 1, 2, 3, 4, 5 C. 1, 2, 3, 5, 6
B. 1, 2, 4, 5, 6 D. 1, 3, 4, 5, 6
Gatekna pratelan ing ngisor iki!
1) Biografi
2) Tema
3) Setting
4) Agama
5) Amanat
33. Adhedhasar pratelan ing ndhuwur kang kalebu unsur instrinsik cerkak yaiku...
A. 1,2,3 C. 2,3,4
B. 1,2,4 D. 2,3,5
34. Jam wolu esuk. Jelajah rimba uwis diwiwiti. Para anggota pramuka padha mlaku urut kacang
nlusuri dalan tikus ing tengah ngalas. Ing saben pedhotan dalan kudu maspadakake ngendi kudu
menggok. Ana tandha jejak awujud guntingan kertas warna-warni ora.
Pethikan cerkak kasebut minangka...
A. Setting C. Ngoko lugu
B. Alur D. Ngoko alus
Pacelathon kanggo mangsuli pitakon nomer 35-36
Dina Minggu esuk Ratri lan Radit padha katon ibut tumandang gawe ing plataran omah. Bocah
loro iku didhawuhi reresik plataran supaya padhang semilak ora njembrung. Sinambi reresik
Ratri nembangke lagu “Kecik-kecik”.
Ratri : ”Kecik-kecik ditumpakna sepur
8
Sawo kecik ya dironce-ronce
Sapa pengin urip subur makmur
Ayo bebarengan, padha sregep nyambut gawe
Oing numpak andhong sakdhokare
Oing gotong royong ro kancane”
Radit : ”Kowe kuwi nembang apa ta mbak?”
Ratri : ”Lagu kecik-kecik. Durung tau krungu lagu iki pa?”
Radit : ”Woalah, biyen wis tau mireng ning sekolahan nalika pak Ahmadi mulangakemateri
parikan.”
Ratri : ”Iya, bener aku nembangake lagu iki supaya anggonmu nyambut gawe bisa luwih
semangat. Ayo enggal dirampungake supaya mengko bisa enggal leren.”
Radit : ”Siap komendan!”
35. Isi pacelathon ing dhuwur yaiku.... C. Reresik plataran omah
A. Pangudarasane Ratri lan Radit D. Sinau parikan
B. Tembang kecik-kecik
36. Miturut lirik lagu” Kecik-kecik”, wose saka ukara sampiran sawo kecik ya dironce-ronce yaiku....
A. Ayo bebarengan, padha sregep nyambut gawe
B. Oing numpak andhong sakdhokare
C. Oing gotong royong ro kancane
D. Sapa pengin urip subur Makmur
Pacelathon kanggo mangsuli soal no 37-38
Dina iki Yuli lagi mumet. Dheweke oleh tugas saka bu Ranti gawe parikan. Yuli banjur marani
mbakyune kang lagi leyeh-leyeh ana ing kamar.
Yanti : ”Ngapa, mlebu mlebu kok manyun.”
Yuli : ”Iki lho aku oleh tugas gawe parikan nanging aku isih bingung. Mbok aku diwenehi
inspirasi, Mbak.”
Yanti : ”Wis diterangke karo bu Ranti ta, kepiye carane gawe parikan.”
Yuli : ”Uwis ning aku isih bingung. Sekolah daring iki ndadekake aku ora mudheng karo
materi. Beda yen bisa ketemu langsung karo bu Ranti.”
Yanti : ”Kuwi amarga anggonmu sinau daring ora temenanan. Yen awakmu nyemak
temenanan materi kang diparingake bu Ranti mesti mudheng. Nah, saiki
permasalahanmu kuwi wae digawe parikan. Sing baku parikan iku kedadean saka
rong ukara utawa patang ukara kang migunakake purwakanthi swara.”
Yuli : ”Woiya bener mbak kandamu. Saiki aku wis oleh inspirasi.
Menyang sekolah ngeterake Rina, Atiku susah amarga corona
Ngeterake Rina diboncengake miring, Amarga corona sekolahe kudu daring.”
Yanti : ”Siiip, adhiku pancen pinter tenan.”
37. Isi pacelathon ing dhuwur yaiku.... C. mumet amarga tugas
A. jagongan karo mbakyune D. garap tugas
B. sekolah daring
38. Ukara purwaka saka parikan karangane Yuli ing dhuwur yaiku....
A. Menyang sekolah ngeterake Rina, Atiku susah amarga corona
B. Ngeterake Rina diboncengake miring, Amarga corona sekolahe kudu daring
C. Menyang sekolah ngeterake Rina, Ngeterake Rina diboncengake miring
D. Atiku susah amarga corona, Amarga corona sekolah kudu daring
9
Gatekna wacan iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 39-40!
Dadi seniman ora mung ngurusi babagan seni thok, ananging uga preduli buwangan. Lawu
Warta seniman Solo, seneng gawe wayang sing digawe saka uwuh, dluwang, godhong, lan liya-
liyane. Priya uga kang kerep disapa Rama Lawu iki wis gawe wayang saka uwuh wiwit taun 2005.
Rama Lawu rumangsa prihatin marang kahanan sing saya suwe saya bubrah.
39. Idhe pokok paragraf kasebut….
A. Seniman ora mung ngurusi babagan seni thok.
B. Rama Lawu rumangsa prihatin marang kahanan sing saya suwe saya bubrah
C. Lawu Warta seniman Solo, seneng gawe wayang
D. Rama Lawu iki wis gawe wayang saka uwuh wiwit taun 2005
40. Terangno sopo Lawu Warta kuwi!
A. Wong sing mung ngurusi seni thok.
B. Seniman sing gawe wayang kulit.
C. Seniman saka Gunung Lawu.
D. Warta seniman Solo, seneng gawe wayang sing digawe saka uwuh.
B. Uraian (5 butir soal = 50 poin)
Wangsulana pitakon ing ngisor isi!
Gatekna wacan iki! (1-3)
Tatakrama Jawa ora mung mawujud ing basa nanging uga ing solah tingkah lan tindak tanduk.
Antarane solah bawa tindak tanduk lan basa ora kena dipisahake. Wong kang migunakake basa
krama nalika guneman marang wong liya minangka nelakake rasa kurmat mesthi dikantheni
solah bawa lan tindak tanduk kang trep. Tuladhane mangkene, menawa matur marang kang
luwih tuwa nalika arep takon mesthi migunakake tembung nuwun sewu utawa nyuwun
pangapunten luwih dhisik. Bareng karo kedhaling gunem nuwun sewu utawa nyuwun
pangapunten mesthi sirah karo rada dhingkluk utawa awak rada mbungkuk tangan uga tumata
sopan katambah praupan utawa ulat sing nyenengake. Cak-cakan kaya mangkene iki wis nyawiji
antarane basa lan solah bawa. Dadi ora jamak lumrahe utawa ora umum yen wong guneman
migunakake basa minangka sarana ngurmati wong liya nanging solah bawane cengkah karo rasa
kurmat marang wong liya kasebut. Umpamane matur nuwun sewu utawa nyuwun pangapunten
nanging karo malang kerik utawa karo methentheng, utawa karo polatan kang pendirangan,
mesthi bab kaya mangkono mau mungguhe wong Jawa dianggep ora trep ora becik utawa ora
prayoga.
1. Terangno wujude tatakrama Jawa! (Nilai : 10)
2. Terangno marang sapa wong migunakake basa krama? (Nilai : 10)
3. Wenehana conto menawa ora umum yen wong guneman migunakake basa minangka sarana
ngurmati wong liya nanging solah bawane cengkah karo rasa kurmat marang wong liya kasebut!
(Nilai : 10)
4. Tulisen ide pokok wacan ing nduwur! (Nilai : 10)
5. Tulisen tembung kang padha tegese (sinonim)! (Nilai : 10)
a. solah tingkah = …
b. nuwun sewu = …
c. ora jamak = …
10